Kamis, 17 November 2011

WARA-WARA UJIAN PRAKTIK KELAS IX

 WARA-WARA





UJIAN PRAKTIK BAHASA JAWA

1. Ujian praktik Basa Jawa : sesorah/pidato basa Jawa
2. Materi : Pengetan dina pahlawan/ dina kamardikan/dina pendidikan
3. Waktu pidato : 5-7 menit
4. Pidato/sesorah apalan/mboten mbeta naskah

Kamis, 03 November 2011

Pewayangan

Sing kalebu Pandawa yaiku :
1. Puntadewa /Yudhistira
2. Werkudara /Bima
3. Janaka / Arjuna
4. Nakula
5. Sadewa




TEMBANG MACAPAT




GAMBUH
Laras Pelog Pathet nem

                                                                    Cakepan: Purwanti, S.Pd



2        3      5       5       5       3       5     6
Mu-  la     pa-   ra     sis-   wa       ku


6          5      3       2       2       3       5        5        3      5     6
Dha    e -   ling-   a      pi-    tu-    tu-    ring    gu        ru


2           1       6      1       2      2      2       2        2        3       1      6       5
Kang   su-   pa-       ya         se-    ti-     ti       lan    nga-   ti-     a-     ti


1              2        2          2        3       1       2         3
Mem-  peng    nga    ngu-    pa-    di     ngel-   mu


3        5       6       5      3      2       3      1       2
Tu    ju     an    mu    bi         sa        kla    kon

Rabu, 02 November 2011

wara-wara/pengumuman

Tugas kangge sedaya kelas (Kelas VII, VIII, IX)
1. Damel unen-unen Basa Jawa /kata-kata mutiara ingkang isinipun ngajak bab nglestarekake lingkungan saha  ngajak bab "perdamaian dunia" dipun kintun wonten e-mail bu guru (Purwanti, S.Pd) kanthi alamat siswandaru1@gmail.com

2. Para siswa ingkang sampun gadhah jejaring kaliyan kanca luar negeri saged dipun print (email utawi facebokipun) dipunkempalaken dhateng bu Purwanti, S.Pd utawi saged dipun kintun wonten e-mail bu guru siswandaru 1@gmail.com

NB: Ingkang ngempalaken badhe pikantuk tambahan biji Basa Jawi

Selasa, 01 November 2011

Tugas siswa kelas IX

Para siswa kelas IX kadhawuhan nggambar ! Gambare awujud crita gambar utawa komik kanthi sarat :
1. Gambar digambar ana kertas A3
2. Gambar diperang dadi 3-6 adegan
3. Gambar diwenehi werna arsir ireng
4. Gambar dipigura kanthi iuran kelompok
5. Gambar ditumpuk sadurunge Ulangan umum /tes standarisasi semester I

Kasusastran

Geguritan

Jumangkah

wektu terus lumaku
sajantraning lakuku
kaener ing sakabehing gegayuhanku
mbudi amrih rahayu
supaya tansah bisa gumuyu

ananging aku tansah eling
kudu tansah kinanthenan ati wening


pakaryan nunggu kridhaning dhiri
ngisi urip sing sejati
jati dhiri den ugemi
muga bisa netepi kewajiban utami

sangu donga pamuji saka Gusti
kanthi ora lali darmaning wibi
ngudi larasing kulawarga sayekti