Jumat, 15 April 2016

CANGKRIMAN



CANGKRIMAN
Yaiku unen-unen utawa tetembungan kang kudu dibatang utawa dibedhek maksude. Ana kang ngarani badhekan utawa batangan.
Kaperang dadi lima :
1. Awujud tembung wancahan
2. Awujud pepindhan/irib-iriban
3. Awujud plesedan utawa blenderan
4. Awujud sinawung ing tembang

5. Awujud tembung wantah
KETERANGAN
1.       Awujud tembung wancahan
Tuladha :
a. Pak boletos : tapak kebo lelene
    satus.
b. Segara mbledhes : sega pera,
    sambel pedhes.
C. Wiwawite lesmbadhonge : uwi
    dawa uwite, tales amba
    godhonge.
d. Pak bomba, pak lawa, pak piyut :
    tapak kebo amba, tapak ula dawa,
    tapak sapi ciyut.
2.       Awujud pepindhan
Tuladha :
a. Sega sakepel dirubung tinggi: salak
b. Pitik walik saba kebon : nanas
c. Gajah nguntal sangkrah : luweng
d. Sawah rong kedok galengane sithok :
    godhong gedhang.
e. Embokne dielus-elus anake diidak-
    idak : andha.
F. Ora dagang ora layar sandhangane
    murub mubyar : konang
3.       Awujud plesedan utawa blenderan
     Tuladha :
      a. Wong wudunen iku sugih pari : 
           Paringisan
       b. Aku wingi mara dayoh mung disuguh
           anggur : dianggurake (ora disuguh apa-
           apa)
       c. Cah gedhe kok guyu tuwa: nangis
       d. Wong adol pitik disrimpungi, adol
           kambil dikepruki : sing disrimpungi
           pitike, sing dikepruki kambile.
4.       Awujud sinawung ing tembang
      Tuladha :

bapak pocung dudu watu dudu gunung
sangkane ing sabrang
ngon-ingone Sang Bupati
yen lumampah si pocung lembehan grana
(batangane : gajah)

Bapak pocung dudu mega dudu mendhung
dawa kaya ula
ancik-ancik wesi kuning
Lunga teka si pucung ngumbar suwara
(batangane : sepur)
5.       AWUJUD TEMBUNG WANTAH
cangkriman kang ngemu surasa salugune utawa apa anane. Tuladhane:
a)    Dicokot buntute sing kelong endase= rokok.
b)   Dikethok saya dhuwur/jembar, disambung saya cendhak= kathok/sarung
c)    Kewan apa sing endase nang sikil, matane neng sikil, awake neng sikil= pitik kepidak

Tuladha liyane
Bapak pocung,dudu watu dudu gunung ,
Dawa kaya ula,
Mencoke ing semen garing
Sapa nyekel bakale entuk bebaya
 
Wangsulane  cangkriman ing tembang mau yaiku ….
Korek jres
Montor mabur
Kabel listrik
Lampu listrik

WANGSALAN



XIII. WANGSALAN
Dhapukane uga migunakake purwakanthi guruswara utawa sajak. Nanging uga ana kang awujud ukara lumrah wae.
Wangsalan kang dhinapur ing rumpakan ana kang memper puisi kajaba awujud rumpakan kang kaiket ing paugeran, wangsalan ngemu surasa kaya dene cangkriman utawa badhean.
Kaiket unen-unen kang ngemu surasa badhekan / cangkriman / piningit
Tuladha :
-        Carang wreksa, wreksa kang rineka janma
-        Nora gampang, golek kawruh mrih kaloka
Keterangan
1)      Ing pungkasaning gatra ngemu purwakanthi guru swara
2)      Ukara kapisan ngemu cangkriman, nanging banjur dibadhe ing ukara kapindho. Pambedhene mung srana kasrempet utawa kajupuk wandhane.
Carang wreksa = pang, badheane nora gampang
Wreksa kang rineka janma = golek, badheane golekana
Wangsalan kena kabedakake 8 werna yaiku:
1.      Wangsalan lamba, yaiku wangsalan kang mung isi batangan siji.
Tuladha:
a.Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso. (roning mlinjo=so)
b. Pindang lulang kacek apa aku karo kowe (pindang lulang = krecek)
2.                                                                     2. Wangsalan Rangkep, yaiku wangsalan kang isi batangan luwih saka siji kedadean rong ukara. Ukara kapisan minangka wangsalan lan ukara kapindho minangka batangan.
Tuladha:
a.Sayuk karsa, wulung widho mangsa rowang
    Sayektine mung saking bodho kawula. (saiyeg; bodho)
b.Jenang sela, wader kalen sesonderan. (Apu, sepat)
Apuranta, yen wonten lepat kawula
3.      Wangsalan Memet, yaiku wangsalan kang anggone nggoleki batangane sarana ngonceki maksuding tetembungane nganti ambal pindho, lagi bisa kecekel (ketemu).
Tuladha:
Uler kambang, yen trima alon-alonan.
Oncek-oncekan kapisan: Uler kambang, maksude lintah
Oncek-oncekan kapindho: Wanda “tali” ing tembung “lintah”, dianggep wancahane tembung kang surasane “alon-alonan, yaiku tembung “satitahe”. Tembung “satitahe” ateges”ora ngaya”, mung tumindak sakepenake bae, kanthi alon-alonan.
4.Wangsalan padinan, yaiku wangsalan kang lumrah kanggo ing pacelathon sadina-dina.Wangsalan padinan iku ana sing nganggo nyebutake batangane, lan ana sing tanpa nyebutake batangane, marga wong-wong sing padha krungu(maca) dianggep wis ngerti maksude(batangane)
a. Sing nyebutake batangane :
Jarwa prapta, aja duka lho iki mung gegojegan. (teka)
a.    Sing ora nyebutake batangane:
We lha njanur gunung, mas Irianto kersa nonton.
c. Wong kae sajatine wis krungu kandhaku, nanging njangan gori. Gori iku mathuke digudheg. Njangan gori=nggudheg. Maksude wangsalan”njangan gori” yaiku”mbudheg”, api-api/ethok-ethok ora krungu.
5. Wangsalan Edi peni, yaiku wangsalan kang dirumpaka mawa basa kang endah. (lumrahe basa kawi).
Tuladha: Carang wreksa, wreksa kang rineka janma.
Nora gampang, golek kawruh mrih kaonang. (pang=golek)
6.Wangsalan mawa paugeran tertemtu:
a. 4 wanda + 8 wanda
gayung sumur, lamun kemba aja mundur. (gayung sumur=timba)
b.4 wanda  + 8 wanda  X2
sayuk karsa, wulung wido mangsa rowang.
Sayektine mung saiki bodho kawula. (saiyeg;bodho)
7.Wangsalan kang sinawung ing tembang yaiku sawijining wangsalan kang karumpaka sarana nganggo tembang.Cacahing wandane lan tibaning swarane ing wekasaning gatrane ora tartamtu, sebab kawengku ing guru wilangan lan guru laguning tembang. Guru wilangan lan guru laguning tembang kudu tansah menang, lire: ora kena owah, kudu tansah manut paugeraning tembang.
Tuladha:
Sinom
Edane wong keneng guna, ambathik sinambi nangis, malam wutah balabaran, geni mati muring-muring, prembehan mbrebes mili, gawangan sinendhal putung, ya talah ta si kakang, puluh-puluh awak mami, petis manis wis kudu dadi pocapan.
Petis manis = kecap
1.            Wangsalan ing lelagon gendhing, yaiku mujudake cakepan ing umpak-umpaking gendhing, gerong lan senggakan; kang digolongake dening pasindhen, niyaga utawa bocah-bocah kang padha manembrama.
Tuladha:
PANGKUR LAMBA (SLENDRO PATET 9)
PURWAKA(Buka, Bawa)

Kembang adas sumebar neng tengah alas
Tuwas tiwas anglabuhi wong ora waras
Alah bapak, balung jagung saguhku isih janggelan
Wiwit gerong sing baku
Lagu gendhing Pangkur lamba
Maweh gumbira wardaya
Tur mathuk kinarya aba
Mlaku bareng ulah raga

Balung jagung = maksude janggel
Janggelan = durung tetep, isih kudu janji maneh, sendhe, bisa uga wurung/ora sida

PARIKAN



XI. PARIKAN
Parikan yaiku unen-unen kang mawa paugeran / syarat telung werna yaiku :
1.      Kedadean saka rang ukara nganggo purwokanthi guru swara
2.      Saben ukara kedadean saka rong gatra
3.      Ukara kapisan minangka purwaka, ukara kapindho minangka isine.


Parikan (Basa Jawa)
Pantun (Bahasa Indonesia)
Wajik klethik, gula jawa.
Luwih becik, sing prasaja.
Dulu loyang, kini besi.
Dulu sayang, kini benci.
Manuk emprit, mencok pager.
Dadi murit, kudu pinter
Ujung bendul, dalam semak
Kerbau mandul, banyak lemak.

Tabel 1.6 Parikan


Rumus
Tuladha
(4 + 4) x 2
Wajik kelhik, gula jawa
Siswa becik, sing prasaja.
(4 + 8) x 2
Kembang aren, sumebar tepining kalen
Aja dahwen, yen kowe kepengin kajen
Klapa sawit, wite dhuwur wohe alit
Dadi murid, aja seneng keceh dhuwit
(8 + 8) X 2
Sega punar lawuh empal, segane penganten anyar
Dadi murid aja nakal, kudu ulah ati sabar
Ora ana turan sing gumathok, sing penting padha unining vokal
Gula jawa dirubung laler
Dadi siswa kudu pinter

(Sega punar = sega uduk / gurih warna kuning amarga kunir)

Tuladha katrangane rumus :
1.      Wedang bubuk = 4 (amarga 4 wanda / 4 suku kata)
2.      Tanpa gula = 4 (amarga 4 wanda / 4 suku kata)
3.      Wedang bubuk, tanpa gula = 4 + 4
4.      Wajik klethik, gula jawa
Murid becik, sing prasaja (4 + 4) x 2

Wenehana wangsulan!
  1. Suwe ora jamu, jamu godhong telo.
           Suwe ora ……………………., temu pisan gawe …………..

  1. Nyangking ember kiwa tengen.
           Lungguh ………………, tamba ……………………….
  1. Ngasah arit, nganti landhep.
Dadi ………………, kudu …………………..

MATERI TEMBANG MACAPAT KELAS VIIISEM 2 2016



MATERI TEMBANG KELAS VIII SEM 2 2016
P A N G K U R     PL. P. NEM
3    5      5     5   .     5         5           3     3  .  0
Ji- rak   pin- dha    mung- gwing   wa- na,
3     5       5    5 6  .   1     1    1      1       2    3   2 . 1 . 0
sayeng  ka-   ga    we  rek-  ta   kang mu- ro- ni,
 5         6 1    1 .  1    1   1  .    1  2  3     1 . 2 . 0
nye- nyam- bi  ka- la- ning   ngang-    gur,
6        5     5       5    .    5     5     4 . 5 . 6 5. 0
was- tra  tum- rap     mus-ta-       ka,
5    5    5    6 .  1     1    1     1       1   2 1 2   3 .   3  . 0
pangi- ket- e wang-sa- lan kang  se-  kar  pang- kur,
6     1    1    1     1    1    1      1 . 0
ba-on   sa-bin   ing na- wa- la,
1   2      3 .   5     5       5     6 .  5  3    2 . 1. 0
ki-nar- ya   la- ngen  pri-      ba-        di.
Wangsalan tembang Pangkur
Jirak pindha munggwing wana = yaiku kesambi , (sinambi kalaning nganggur)
Sayeng kaga = Yaiku kala
We rekta kang muroni (banyu abang sing marahi mabuk) = Yaiku anggur
Wastra tumrap mustaka (kacu sing kanggo sirah)= Yaiku Iket (pangikete wangsalan kang sekar pangkur)
Baon sabin ing nawala (nyambut gawe ing sawah) = karya (kinarya), ing nawala = layang, (langen pribadi

Tembang cilik (macapat)
Jare tembang macapat iku pamecane papat-papat. Mangkono yen ditembangake angkok macapatan. Ana maneh sing nlusur tembung :macapat” asal saka “ma-cepat”. Alasane awit yen lelagon macapat lagune rikat-rikatan. Iku bener apa luput, gumantung sing ngarani. Dhapukan tembang macapat iku akeh miribe karo “kidung” jawa tengahan. Umpamane kidung pamijil padha karo tembang mijil macapat. Tembang macapat uga kaiket ing guru gatra, guru lagu lan guru wilangan.
Kang kalebu tembang macapat yaiku :
1)    Mijil : tegese metu, medal, miyos
Watake : gandrung-gandrung, prihatin, mituturi.
Gunane : kanggo medharake rasa susah, bukaning carita / mangayubagya.
2)    Kinanthi : tegese dikanthi, dituntun, digandheng
Watake : tresna asih, ngemu surasa ngarep-arep gandrung, seneng
Gunane : medar piwulang, seneng-seneng, nglipur ati, mangabagya
3)    Sinom : tegese saka tembung si + enom yaiku remaja.
Watake : prasaja, susah, grapyak, renyah, samanak.
Gunane : kanggo sesorah, medhar rasa susah (cengkok logondhang)
4)    Asmaradana : tegese saka tembung asmara + dana tegese weweh utawa paring katresnan.
Watake : sengsem, susah utawa prihatin, kasmaran
Gunane : medhar rasa asmara (pepasihan)
5)    Dhandhang gula : tegese pangajab manis utawa endah.
Watake : mrabu, luwesan, sarwa mathuk, resep
Gunane : kanggo sesorah, medhar rasa susah (cengkok tlutur), kanggo bawa gendhing (banjet, turulare), medar rasa sengsem, bebukaning crita
6)    Gambuh : tegese cocok, trep, ngerti
Watake : nanjih-nanjihake, nggenah-nggenahake, wani wanuh, kulina rumaket
Gunane : kanggo memulang / pitutur nada seneng
 7)    Durma : tegese mundur (ngendhaleni hawa lan nafsu).
Watake : seneng, nesu muntab, galak, nantang.
Gunane : kanggo sesorah, perang-perangan, medharake rasa nesu, muntab, tantang-tantangan, rasa seneng.
8)    Maskumambang : tegese uripe wis ngambang antarane kadonyan lan akherat.
Watake : susah, nalangsa, prihatin, kerenta-renta
Gunane : kanggo medharake rasa susah / prihatin
9)    Pangkur : tegese mangkur, ngungkuri kadonyan, condong marang akherat.
Watake : gandrung, sereng, kejem, nantang
Gunane : kanggo medhar pitutur, gandrung
10)     Megatruh : tegese saka tembung megat + ruh tegese mati.
Watake : susah, getun pungun-pungun, kendho
Gunane : kanggo medhar crita kang sakepenake
11)     Pocung : tegese dibuntel utawa dipocong.
Watake : duwe surasa sakepenake, sembrana-parikena
Gunane : kanggo sembranan, cangkriman cerita lucu, pitutur, lsp.

Guru gatra, guru wilangan lan guru lagu.
1)    Guru tegese paugeran, wewaton, pathokan sing dianut.
2)    Guru gatra yaiku wewaton gatra (larik) utawa cacahe larik saben sapadane (sabaite) tembang.
3)    Guru wilangan yaiku wewaton cacahing wanda (suku kata) ing saben siji-sijine gatrane (larike) tembang.
4)    Guru lagu yaiku wewaton dhong-dhinge/tibane swara ing wekasane siji-sijine gatrane (larike) tembang
5)    Pupuh tegese : kumpulan tembang sawarna.
6)    Pada :bait

Guru Gatra, Guru Wilangan Lan Guru Lagu Tembang :
1)        Kinanthi                      : 8-u, 8-i, 8-a, 8-i, 8-a, 8-i
2)        Asmarandana           : 8-I, 8-a, 8-e (o), 8a, 7a, 8u, 8a
3)        Pangkur                      : 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 7i
4)        Durma                         : 12a, 8i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
5)        Pocung                        : 12u, 6a, 8i, 12a
6)        Maskumambang     : 12i, 6a, 8i, 12a
7)        Mijil                              : 10i, 6a(o), 10e, 10i, 6i, 6u
8)        Sinom                          : 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
9)        Dhandhanggula       : 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
10)     Gambuh                     : 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
11)     Megatruh                  : 12u, 8i, 8u, 8i, 8o

1. Prekara-prekara wigati kang digatekake sadurunge nembang, kayata ing ngisor iki.
a.    Mangerti watak-wataking tembang
b.    Mangerti guru lagu lan guru wilangane
c.     Mangerteni tegesing tembung
d.    Mangerteni laguning tembang
e.    Mangerteni kekuatan swarane dhewe, supaya ora kedhuwuren utawa kelirihen
f.     Mangerteni wirama sepira wiramaning macapat, aja nganti kerikaten utawa kalonen
g.    Mangerteni wirama gendhing, kanggo mbarengi sekar gendhing (yen nganggo gendhing)
h.    Aja kakehan luk, wilet, sing bakal ngurangi boboting tembang macapat
i.      Titi laras macapat padatane sawanda satiti laras, akeh-akehe loro (rong) titi laras
j.      Lesan utawa pangocapan kudu cetha, aja sengol, dhoso, lan wijang
k.    Pedhotan lan pernapasan ora kena medhot tembung
l.      Kulina  marang laras lan titi laras
2. Prekara-prekara kang digatekake wektu nembang, kayata ing ngisor iki.
a.    Pedhotan, yaiku pamedhoting swara ing tengahing tembang ing saben larik.
b.    Andhegan, yaiku pamandhege swara kanggo ambegan ( Indonesia = jeda ).
c.     Intonasi, yaiku lagune ukara ing tembang, gegayutan karo dhuwur endheke nada.
d.    Laras, yaiku rasa thinthingane swara cendhak nganti swara dhuwur.
e.    Titi laras, yaiku angka minangka gantine laras (swara cendhak tekan swara dhuwur ).
f.     Irama, yaiku ukuran rindhik rikating penabuhing gamelan.