Rabu, 18 Mei 2016

4 w nalika maca geguritan lan sesorah



WICARA, WIRAMA, WIRASA, WIRAGA

Sing kudu digatekake nalika maca geguritan/ sesorah:
1.            Wicara/ Kualitas Vokal yaiku ala becike aksara suwara/ dhang-dhinge basa, pocapan/ lafal (a, å, i, o, è, é, ê, ta, tha, da, dha) Pamacane sesorah, pocapan kudu cetha, ora kena groyok, pelo utawa rangu-rangu, kejaba kuwi pamacane sesorah kudu bisa ngucapake aksara kanthi bener, umpaminipun mbedakaken aksara (a, å, i, o, è, é, ê, ta, tha, da, dha)
2.            Wirama/ Tata cara/ Etika maca sesorah yaiku lagu/iramane, maca sesorah, bisa minangka pandudut (daya tarik) kanggone sing ngrungokake. Banter alone wiramane becik kalarasake karo isine sesorah. Lamun maca sesorah kanthi dhasar karangan (tema) perjuangan pamacane sesorah sing sora lan semangat, beda karo yen maca sesorah isi kesusahan, kasmaran pamacane ya kudu luwih alon lan sareh.
3.            Wirasa/ Greged/ penjiwaan /Pemahaman tegese isi Sesorah, cocok/penere anggone negesi Sesorah. Wirasane nalika maca kudu kaetrepken karo isining sesorah umpamane: nesu, gumbira, sedhih, sereng, wibawa, getun, lan sapanunggalane.
4.            Wiraga/ Ekspresi/ mimik yaiku cocok/ jumbuhing solah bawa obahing badan, polatan, rasa. Obahing badan lan polatan (mimik) kudu luwes (ora kaku), prasaja lan ora katon lamun digawe-gawe.

Selasa, 17 Mei 2016

LAIRE BIMA


Nalika lair Bima wujud bayi
bungkus, kabeh gaman ora
tumama kanggo mbedah
bungkus iku mau. Gajah  

Sena
sing bisa mbedah bungkus
iku mau, ditamani gadhinge,
sawise metu banjur bayi
diidak-idak, dienggo bal-balan,
naning bayi mau ora mati malah
dadi gedhe lan sentosa awake
bayi mau banjur diwenehi
jeneng Bratasena. Werkudara ora


bisa basa

WAYANG BIMA




  • ASMA SANESIPUN: Bima, Sena, Bratasena, JagalAbilawa, Bayusiwi, Kusumadilaga
  • Kasatriyanipun : Jodhipati
  • Putranipun ; Gathutkaca, Antareja, Antasena
  • PusakanipunGadaRujakpolo, Kuku pancanaka.
  • Aji-ajinipun : Bandung Bandawasa, BayuBajra
  • Watakipun : bektidhatengtiyangsepuh, jujur, teguhingjanjilansetyadhateng Guru.