Kamis, 31 Maret 2016

KISI-KISI UJIAN SEKOLAH SMP N 1 SLEMAN TAHUN 2016



KISI-KISI SOAL UJIAN SEKOLAH
                                  MATA PELAJARAN BAHASA JAWA KELAS IX                                 
TAHUN PELAJARAN 2015/2016


Jenis Sekolah      : SMP/MTs Kab. Sleman                                          Alokasi Waktu           : 90 Menit
Mata Pelajaran    : Bahasa Jawa                                                           Jumlah Soal               : 50
Kurikulum            : Kurikulum 2013                                                       Kelas/ Semester        : IX/ 2                         
NO
STANDAR KOMPETENSI
KOMPETENSI DASAR
MATERI
INDIKATOR
BENTUK SOAL
NO SOAL
1.







K1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya

K2. Menghargai dan menghayati perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, peduli (toleransi, gotong-royong), santun, percaya diri, dalam       berinteraksi secara efektif dengan lingkungan sosial dan alam dalam jangkauan pergaulan dan keberadaannya.
K3. Memahami pengetahuan (faktual, konseptual, dan prosedural) berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya terkait fenomena dan kejadian tampak mata

K4. Mencoba, mengolah, dan menyaji dalam ranah konkret (menggunakan, mengurai, merangkai, memodifikasi, dan membuat) dan ranah abstrak (menulis, membaca, menghitung, menggambar, dan mengarang) sesuai dengan yang dipelajari di sekolah dan sumber lain yang sama dalam sudut pandang/ teori
1.  Memahami  karya jurnalistik Jawa.








2.  Menanggapi cerita wayang




3.  Memahami tembang Macapat














4.  Memahami aksara Jawa










5.  Memahami pranatacara, sesorah
6.  Memahami Parikan

7. Memahami cangkriman



7. Memahami tatakrama berjalan






8.  Memahami tembang dolanan
9. Memahami geguritan


10. Memahami cerkak/cerita pendek


1.   Jurnalistik











2.   Cerita Wayang

1.     Menemukan yang termasuk what dalam wacana yang disajikan.
2.     Menemukan yang termasuk where dalam wacana yang disajikan.
3.     Menemukan yang termasuk who dalam wacana yang disajikan.
4.     Menentukan yang termasuk opini
5.     Menentukan yang termasuk fakta.
6.     Menentukan opini dalam kalimat yang disajikan
7.     Menentukan jenis opini
8.     Menentukan tema dalam wacana yang disajikan
9.     Menentukan arti kata sakadang dalam cerita wayang
10.  Menentukan asal negara Pandhudewanata
11.  Menentukan ibu dari Pandhawa
12.  Menentukan alur darah keturunan Resi Bisma dengan Pandawa
13.  Menentukan arti kata utusan dalam kalimat
14.  Menyebutkan urutan Pandawa dari yang tertua
15.  Menentukan perbuatan yang dilakukan oleh tokoh sesuai wacana
16.  Menentukan yang dilakukan oleh Mbah Pawira
17.  Menentukan bagaimana Mbah Pawira memelihara hewan ternaknya
18.  Menentukan keturunan mbah pawira dan keadaannya
19.  Menentukan pedoman hidup Mbah Pawira
20.  Menentukan budi pekerti wacana yang disajikan
21.  Menentukan bagaimana akhirnya apabila orang tidak memiliki tabungan
22.  Menentukan tembang yang dinyanyikan oleh tokoh dalam wacana
23.  Menentukan nama larik atau baris dalam tembang Macapat
24.  Menemukan guru lagu, guru wilangan tembang Maskumambang
25.  Menentukan kenapa orang harus berbakti kepada orang tua sesuai tembang yang disajikan
26.  Menentukan kata berbakti dan menghormati dalam wacana tembang yang disajikan
27.  Menentukan tulisan aksara Jawa ing donya tumekeng akhir
28.  Menentukan bacaan kalimat dari aksara Jawa ke latin dalam kalimat yang disajikan
29.  Membaca kalimat beraksara Jawa dalam kalimat yang disajikan
30.  Menentukan bacaan kalimat yang beraksara Jawa dalam kalimat yang disajikan
31.  Menentukan bacaan kalimat yang beraksara Jawa dalam kalimat yang disajikan
32.  Menentukan wacana kalimat beraksara Jawa kedalam aksara latin  yang mengandung aksara rekaan
33.  Mengalih aksarakan kalimat latin ke dalam aksara Jawa dalam kalimat yang disajikan
34.  Menentukan arti dari istilah MC
35.  Menentukan kalimat untuk membuka suatu acara dalam paragraf yang disajikan
36.  Menentukan parikan dalam percakapan yang disajikan
37.  Menentukan isi parikan dari parikan yang disajikan
38.  Menentukan jawaban dari cangkriman yang disajikan
39.  Menentukan jawaban cangkriman dalam tembang yang disajikan
40.  Menentukan tata krama berjalan saat akan mendahului orang tua
41.  Menentukan tatakrama berjalan saat berjalan didepan orang yang sedang duduk
42.  Menentukan peribahasa setiap tempat memiliki aturan/norma sendiri-sendiri

43.  Menentukan tata krama naik kendaraan umum
44.  Menentukan budi pekerti dari tembang dolanan gundhul-gundhul pacul

45.  Menentukan isi geguritan yang disajikan

46.  Menentukan paribasan orang bergotong royong dalam geguritan yang disajikan

47.  Menentukan istilah sesuai penjiwaan dalam membaca geguritan

48.  Menentukan watak dari tokoh dalam cerkak yang disajikan

49.  Menentukan latar  tempat dalam cerkak yang disajikan

50.  Menentukan latar waktu dalam cerkak yang disajikan
PG
1

2

3

4
5

6
7
8

9

10
11
12

13
14

15

16

17

18

19
20

21

22

23

24

25


26


27

28

29

30


31


32


33

34
35

36

37

38

39

40

41


42

43

44

45


46

47


48


49

50

Minggu, 27 Maret 2016

CONTOH SOAL USEK 2015 DARI MGMP



A.     Pilihen wangsulan kang paling bener kanthi ngirengake tanda  (O) ing lembar jawab kang sumadya!
Wacan kanggo pitakon no 1-5
GOTONG ROYONG
Dina  minggu wayahe gagat rahina
warga saiyeg saeka kapti
reresik desa
nggayuh   karaharjaning  warga
bersih lingkungan kanthi legawa

Gotong royong maju bareng
nyingkirake lingkungan lan pepeteng
supaya tangsah seneng lan regeng
asile  endah kadeleng

Kanggo kasarasaning warga
gotong royong becik  dijaga
amrih  desa tetep tumata
masyarakat urip makmur lan  reja

1.         Geguritan kanthi irah-irahan Gotong Royong  menika nyariosaken ….
A.    Kabar  becik ing dina Minggu  esuk
B.     Gotong royong mumpung kathah tiyang
C.     Kahanan  nalika gotong royong ngresiki dhusun
D.    Nalika gagat rahína para warga ngrembung gotong royong

2.      Sesanti ingkang maknanipun treb kaliyan   tiyang  nindakaken  gotong royong  inggih menika….
A.    Nilar tata krama
B.     Sepi ing pamrih
C.     Rame ing pamrih
D.    Sepi ing gawe
3.         Menapa isinipun geguritan pada kaping 3?
A.      Tujuan/ancas gotong royong
B.      Tegese tembung gotong royong
C.      Asile wong nindakake gotong royong
D.     Masyarakat ora bakal makmur tanpa gotong royong

4.           Wahyu nalika maca geguritan nganti nangis.  Eluhe dleweran kagawa sedih isine geguritan.
        Mengkono  kuwi tegese Windy bisa ngecakake ….
A.     wirama
B.      wiraga
C.      wicara
D.     wirasa
5.            Apa tegese unen-unen  warga saiyeg saeka kapti ing geguritan kasebut?

A.    Warga padha gotong royong dhewe-dhewe
B.     Warga nyambut gawe ing papan kang beda-beda
C.     Nyambut  gawe bebarengan  kanthi ancas kang padha.
D.    Nyambut gawe ing wayah esuk kanthi papan kang wis ditemtokake


6.            Ing ngandhap menika pundi parikan ingkang  isinipun pitaken?
A.    Ana wader sewune lima awake bunder kurang olah raga.
B.     Iwak cucut kesampluk baya kok mbesengut  kena apa?
C.     Grameh gurih campur  lele dumeh sugih njur gumedhe.
D.    Urang wungkuk  cemplung kali timbang ngantuk ayo nyanyi.

7.            Tuku kupat janure tuwa,
Menawi  lepat nyuwun pangapura.
           Miturut isine parikan mau nelakake....
A.    pitutur
B.     pitakon
C.     pangolok-olok
D.    ngrumangsani  kleru

8.         Yen nyambut gawe turu,nanging yen ora nyambut gawe malah ngadeg. Batangane cangkriman mau yaiku ….
A.    satpam bank
B.     palang sepur
C.     polisi tidur
D.    kreteg

9.      Ing ngandhap menika pundi ingkang kalebet cangkriman plesetan ?
A.    burnas kopen
B.     na cah kucau boting
C.     kepriye carane nglebokake gajah ning jero lemari
D.    rang sinyu muk situ

Wacan kanggo pitakon nomer 10
Bapak pocung,dudu watu dudu gunung ,
Dawa kaya ula,
Mencoke ing semen garing
Sapa nyekel bakale entuk bebaya

10.  Wangsulane  cangkriman ing tembang mau yaiku ….
A.    korek jres
B.     montor mabur
C.     kabel listrik
D.    lampu listrik
     Wacan  kanggo soal no 11-13
Kaya padatan, esuk-esuk bocah telu mangkat sekolah bebarengan. Kang digunem sadalan-dalan warna-warna; kalebu ulangan kang bakal diparingake Ibu Guru Retnoningrum mengko jam kaping sapisan. Yakuwi ulangan Basa Jawa.
Rumangsa akeh kang durung ngerti, sinambi mlaku Harjito maca buku, sinau Basa Jawa. Karo sadhela-sadhela takon marang Junaidi lan Partana. Harjito goreh atine. Jebul akeh bab kang pancen durung dingerteni. Mula, bola-bali takon marang kancane.

11.        Intisari wacan paragraph 1 ing dhuwur yaiku ….
A.       Harjito  sakanca mangkat sekolah
B.        Harjito arep mangkat sekolah
C.        Harjito mlaku sinambi sinau
D.       Harjito arep ulangan  BasaJawa

12.        Ing ngisor iki solah bawane Harjito sing ora prayoga yaiku ….
A.       Harjito  durung sinau basa Jawa
B.        mlaku bareng-bareng karo kancane
C.        Harjito mlaku sinambi maca buku
D.       Harjito bola-bali takon marang kancane

13.              Kaya padatan, esuk-esuk bocah telu mangkat sekolah bebarengan.
 Tembung padatan tegesipun ….
A.       biyen
B.        kulina
C.        wingi-wingi
D.       adat saben

14.              Pakdhe, nuwun sewu  ndherek langkung ngggih”. Iku ature lan tatakramane menawa ….
A.       liwat ing ngarepe wong tuwa sing lagi lenggahan
B.        mlaku ing dalan arep nglancangi
C.        arep pamit mulih
D.       arep sowan simbah

15.              Ing ngandhap menika boten prayogi dipuntindakaken  tiyang mlampah ing margi.
A.    mlampah boten dipunseret sandhal utawi sepatunipun
B.     mlampah kaliyan gojegan, dhahar, lan  ngunjuk
C.      mlampah  boten kaliyan menga-mengo
D.    mlampah ing sisih kiwa

16.           Saben papan, wektu, wong padha nindakake tatakrama. Mung wae kudu eling saben panggonan siji lan sijine, ora padha cak-cakane. Kabeh mau trep karo unen-unen….
A.      Desa mawa cara negara mawa tata,
B.      Sepi ing pamrih rame ing gawe
C.      Jer basuki mawa bea
D.     Becik ketitik ala ketara

17.        Menawi  wonten ing bis, sacelak panjenengan lenggah wonten ibu-ibu ingkang nggendhong putranipun kaliyan ngadeg . Prayoginipun   ….
A.    Ethok -ethok  boten ngertos
B.     Papan palenggahan dipuncaosaken ibu-ibu
C.     Matur kaliyan kernetipun supados madosaken lenggahan
D.    Tetep lenggah amargi taksih tebih anggenipun badhe mandhap



18.      Jenenge wayang ing sisih tengen iki  yaiku….
A.   Semar
B.    Gareng
C.    Petruk
D.   Bagong

19.         Gambar paraga wayang iki jenenge....
A.      Anoman
B.       Abiyasa
C.       Arjuna
D.      Durna

20.              ?saikiaumu/ku  ;15; taun\,
Yen ditulis latin unine….
A.    Saiki  umurku 15 tahun
B.     Saiki  umurku 14 tahun
C.     Saiki  umurku 13 tahun
D.    Saiki  umurku 12 tahun



Wacan kanggo nomer  21 24

.....................................................................................................................................................
Pitung  dina maneh karya wisata ing Jakarta, ananging Fahri durung diwenehi dhuwit karo simboke. “Mbok, kapan simbok arep menehi dhuwit aku?” kancaku wis padha bayar kabeh lho mbok”  celathune Fahri marang simboke.  “Mengko ya le, simbok durung oleh dhuwit seka Bu Rini. Anggonku  buruh ngumbahi ing perumahan durung genep sesasi.” Wangsulane  simboke.
Dina candhake nalika ngaso, Fahri ora metu saka kelas. Kang ana ing pikirane mung mikir kepriye carane cepet entuk dhuwit kanggo bayar karya wisata. Ananging pikiran kuwi ilang bablas nalika Aldi kanca akrabe nabok pundake. ngaget-ngageti wae kowe, Di” karo mecucu Fahri celathu. “Lho sorry ya Ri, salahe kowe ngalamun, ora apik esuk-esuk kok wis ngalamun mengko kerasukan lho, hehehe....” semaure Aldi. Aldi banjur mlayu amarga ndelok rupane Fahri kang wus abang mbranang, pratandha yen lagi nesu.

21.  Tema kang trep karo pethikan cerkak ing ndhuwur yaiku ....
A.     wong kekurangan
B.     wong kang sugih
C.     wong sugih anak
D.     wong sugih sedulur
22.  Watake Fahri  manut pethikan cerkak ing dhuwur yaiku ....
A.     trima dadi wong kekurangan
B.     seneng  marang wong kekurangan
C.     sabar senajan uripe kekurangan, nanging yen disembranani nesu
D.     ngrasaake  ora kepenak dadi wong kekurangan, mula banjur mbudidaya ngewangi simboke golek dhuwit

23.  Latar papan ing pethikan mau yaiku ....
A.     ana ing omahe Fahri
B.     ana ing omahe Aldi
C.     ana ing omahe Fahri lan ing kelas
D.     ana ing kelas

24.  Latar wektu kang digambarake ing pethikan cerkak mau yaiku ....
A.     bengi
B.     esuk
C.     awan
D.     sore

Wacan kanggo soal nomer 25 -  26

      Palang dalan wis ditutup, tandha menawa arep ana sepur liwat swara tuut-tiit. tuut-tiit..,wis muni wiwit mau, ewadene isih ana warga kang nyoba mbukak palang dalan mau kang kudune durung dibukak. Kaya adat saben ana wae warga kang alasane gelak kesusu, gelak telat anggone kerja utawa mlebu sekolah. Sejatine warga kasebut bisa dikawekani kanthi mangkat luwih mruput. Ora antara suwe swara gumrudug, pres...,grobyag... muni bebarengan karo pating jlerit tandha ana kedadeyan kang ora dinyana-nyana. Mangkono mau kang ana ing dhusun Tegalyasa Banyuraden Gamping.

25.              Latar utawa setting kang digunakake ing pethikan cerkak mau yaiku...
A.    ing dhusun Somadaran Banyuraden Gamping
B.     ing dhusun Pasekan Ambarketawang Gamping
C.     ing dhusun Tegalyasa Banyuraden Gamping
D.    ing dhusun Kalimanjung Ambarketawang Gamping

26.  Swasana ing pethikan cerkak ing ndhuwur yaiku...
A.    seneng
B.     wedi
C.     tintrim
D.    gumyak

Wacan kanggo nomer 27 - 29
         Nanging jane mono ora kaya sing dikarepake pak Mawardi. Siswa kang aran Indras iku   pancen kenes, kendel, ya kendel ing pelajaran ya kendel karo cowok, ning ya sumbut , wong dheweke ki ya pinter. Nanging ya kuwi yen wis kumat malah kepara nyelelek. Contone nyelelek ya kaya mau kae. Dheweke seneng nirokake gayane guru-gurune. Ning ya lagi pisan iki konangan.

27.  Pethikan cerkak ing ndhuwur migunakake sudut pandang.....
A.    wong kapisan
B.     wong katelu
C.     wong kapisan lan katelu
D.    wong kapindho

28.  Saking pethikan cerkak ing nginggil saged dipunmangertosi bilih siswa ingkang sae inggih menika siswa ingkang...
A.    kenes, kendel ing pelajaran ugi kendel kaliyan sinten kemawon.
B.     kenes, kendel ing pelajaran ugi kaliyan cowok sanajan boten sumbut.
C.     kenes, kendel bab menapa kemawon lan pinter.
D.    boten kenes, kendel ing pelajaran lan pinter.

29.  Piwucal ingkang saged dipun pendhet saking pethikan cerkak ing nginggil inggih menika...
A.    Dados siswa kedah pinter nanging boten kenging celelekan.
B.     Dados siswa kenging celelekan nanging kedah sumbut.
C.     Dados siswa kedah pinter nanging kenging celelekan.
D.    Dados siswa kenging nirokaken gayanipun guru.


Wacan kanggo nomer 30 -  32

dadi anak kudu bisa,
ngetrapke budi pakerti,
mring wong tuwa kudu bisa,
matur becik lan ngaosi,
mring Gusti Mahasuci,
taberi ngibadah tuhu,
lawan sapadha-padha,
andhap asor merak ati,
mangkono anak kang laku kautaman.


30.  Pada ing dhuwur kalebu tembang macapat ....
A.     Dhandhanggula
B.     Pangkur
C.     Kinanthi
D.     Sinom
31.  Isine tembang ing dhuwur yaiku ....
A.     becike wong tuwa marang anake
B.     pakarti kang kudu dilakoni dening anak
C.     pakarti kang kudu ditindakake wong tuwa
D.     laku kang becik tumrap sapadhane manungsa
32.  Tegese tuhu kang ana ing tembang ing dhuwur yaiku ....
A.     tenanan
B.     susah  
C.     beda
D.     males

Wacan kanggo nomer 33 - 34
...
Menyang sekolahan nggawa handpone utawa hape pancen lagi ngetrend. Nek gak nggawa hape jare kurang gaul. Mula bocah-bocah SMP Negeri panggonane Haryo, Genjur lan Bejo sekolah ya wis akeh sing nggawa hape menyang sekolahan. Kae delengen ! Harya ing wektu ngaso kuwi wis mencet-mencet keybad hapene dikancani Genjur lan beja sing ndeleng kanthi rasa iri. Sawetara kuwi bocah-bocah liyane uga asyik berhape ria.
...
33.  Andharan ing nginggil nedahaken bilih...
A.  Kemajuan teknologi ndadosaken para siswa katon gaul.
B.  Kemajuan teknologi ugi nambahi kapinteranipun siswa
C.  Hape minangka barang ingkang ndadosaken tiyang katon gaul
D.  Kemajuan teknologi ingkang sampun sumrambah wonten sekolahan.

34.  Miturut para siswa nggawa hape ing sekolah kanggo kabutuhan saliyane tugas ing sekolah apa becik ?
A.  Inggih amargi saged kangge ngisi wekdal ingkang kosong.
B.  Inggih, amargi saged kangge ndadosaken langkung gaul.
C.  Boten , amargi saged ngganggu anggenipun sinau.
D.  Boten, amargi mangke dipundukani bapak utawi ibu guru.

Wacan kanggo nomer 3536
...
“Kabeh pepinginan ana wragade. Menawa kepingin mukti kuwi butuh wragad, dadi bocah sing pinter butuh ragad, semono uga anggonmu sekolah.Apa maneh saiki sekolah diwajibake mandhiri golek ragad dhewe , ora gumantung ragad saka pamarentah. Gandheng sekolah uga menehi penget sepisan, penget kapindho lan penget kaping telu nganti ibumu kedharang-dharang teka ing sekolahan, ewasemono ibumu bisane mung semaya. Mula dina iki penget sing pungkasan , menawa sesuk-esuk kowe durung nglunasi SPP tunggakan telung sasi , Ika Wulandari wis dianggep nyuwun metu seka SMP Teladan kene, “ ngendikane pak Broto sora.

35.  Miturut pethikan cerkak  watakipun pak Broto minangka tiyang ingkang...
A.    Degsiya  marang tiyang ingkang kesrakat.
B.     Boten gadhah welas asih dhateng tiyang kesrakat.
C.     Galak nanging taksih nggadhahi raos welas asih.
D.    Boten saged dados pimpinan ingkang wicaksana.

36.  Wonten ing pethikan cerkak menika pengarang ngandharaken pesan moral ing ngandhap menika kejawi...
A.    Dados pemimpin kedah wicaksana lan menggalihaken tiyang-tiyang kesrakat.
B.     Dados pemimpin boten kenging sawiyah-wiyah dhateng tiyang kesrakat.
C.     Dados pemimpin kedah wicaksana lan nggadhahi raos welas asih.
D.    Pasinaon boten namung kangge tiyang-tiyang sugih kemawon.

Wacan kanggo nomer 37-38
Bareng wis metu wong sing nggereng-nggereng sambat awake lara. Aku sajake kenal karo pawongan iku, daktamat-tamatake, aku kaya wis tau ketemu bapak iki, dheweke...Pak Broto ! bener pak Broto, kepala sekolah SMP Teladan sing ngetokake aku gawe tatu atiku. Nanging aku kudu nulung pak Broto, ora peduli wis tau natoni atiku, medhot cita-citaku. Aku kudu nulung pak Broto.

37.  Piwucal ingkang saged dipunpendhet saking pethikan cerkak menika...
A.    Nulungi tiyang boten kenging pilih-pilih  .
B.     Tiyang ingkang sampun nglarani ati boten perlu diputulungi.
C.     Nulungi tiyang kedah pilih-pilih dhateng tiyang ingkang nulungi awakipun piyambak kemawon.
D.    Nulungi tiyang ingkang mbetahaken pitulungan sanajan sampun natoni atinipun awakipun piyambak.
38.  Pethikan cerkak ing nginggil kalebet  perangan cerkak ingkang wonten ing alur...
A.    ngrampungake crita.
B.     anti klimaks
C.     padudon
D.    klimak

39.  Tujuane sesorah/pidhato iku kaperang dadi papat, kejaba ...
A.    kanggo panglipur
B.     kanggo tukar kawruh
C.     kanggo menehi kawruh
D.    kanggo menehi pengaruh
40.  Ukara ing ngisor iki kang migunakake basa rinengga yaiku ...
A.    Kawilujengan mugi tansah kajiwa kasarira panjenengan sedaya.
B.     Mugi panjenengan tansah kaparingan kawilujengan.
C.     Panjenengan sedaya mugi tansah manggih wilujeng.
D.    Panjenengan sedaya mugi tansah manggih raharja.
41. Bapak/Ibu ingkang tansah winantu ing suka basuki.
Winantu tegese ….
A.    ditambahi
B.     diparingi
C.     dililani
D.    diijini
42. Kepareng bapak kepala dhukuh magas tumpeng ingkang sampun sumadya.
magas tegese…
A.      nyendhok
B.       njupuk
C.       nugel
D.      gawe
43.  Ukara ing ngisor iki kang isi pakurmatan yaiku ...
A.    Bapak Kepala Dhukuh ingkang tuhu dahat kinurmatan.
B.     Kurmat dhateng tiyang sanes menika tindak ingkang langkung sae.
C.     Wonten wekdal menika mangga kula dherekaken ngaturaken muji syukur.
D.    Mangga kepareng sagung para rawuh paring pakurmatan ingkang pungkasan.
44.  Ukara ing ngisor iki kang trep  unggah-unguhe yaiku ...
A.    Dhumateng Bapak Dhukuh wekdal kula aturaken.
B.     Dhumateng Bapak Dhukuh wekdal kula paringaken.
C.     Dhumateng Bapak Dhukuh wekdal kula sumangga kersa.
D.    Dhumateng Bapak Dhukuh wekdal kula sumanggakaken.
45. Para pinisepuh, sesepuh ingkang tuhu pantes kinabekten.
Para alim, para kyai ingkang tansah nyandhing kitabing Illahi ingkang tuhu kinurmatan.
Sagung para pambela sungkawa ingkang tuhu minulya ning budi.
Andharan iku mau kalebu ….
A.        ukara pakurmatan
B.        pambuka
C.        pangajab
D.        panutup

46. Acara salajengipun inggih menika pangandikan panglipur saking para pambela sung-
kawa. Wonten wekdal menika badhe kasaliran dening Bapak Budi Utama. Wekdal saha pa-
pan kula aturaken sumangga.

Isinipun andharan ing nginggil inggih menika ....
A.    pranatacara ndhawuhi Bapak Budi Utama ngendika
B.     pranatacara menehi panglipur marang Bapak Budi Utama
C.     pranatacara  njupuk papan lan wektu saka Bapak Budi Utama
D.    pranatacara nyaoske papan lan wektu marang Bapak Budi Utama

47.   Para rawuh ingkang minulya, purwa, madya, dumugi wasana pepanggihan menika lumampah kanthi lancar boten wonten alangan setunggal menapa. Kula ingkang kajibah ndherekaken lampahing acara menika, kathah pinanggih kalepatan nyuwun agunging pangaksama.
Nuwun.
Andharan ing dhuwur kalebu perangan ....
A.    pambuka
B.     wosing gati
C.     pangajab
D.    panutup
48.   Para takziah ingkang kinurmatan, caos uninga bilih Bapak Pralaya kaparingan yuswa kirang langkung 78 tahun.
Uninga ing ukara iku tegese ....
A.    ngelingake
B.     wis tau
C.     ngerti
D.    penget

49.  Caos uninga bilih upacara pangrukti laya almarhum Bapak Pralaya sampun badhe
kawiwitan.
Andhegan kang paling trep kanggo ukara mau yaiku ....
A.      Caos - uninga bilih - upacara pangrukti - laya almarhum - Bapak Pralaya sampun
       badhe kawiwitan.
B.       Caos uninga - bilih upacara pangrukti laya - almarhum Bapak Pralaya - sampun
       badhe kawiwitan.
C.       Caos uninga bilih upacara - pangrukti laya almarhum - Bapak Pralaya sampun
       badhe - kawiwitan.
D.      Caos uninga - bilih upacara pangrukti laya almarhum - Bapak Pralaya sampun
                                 badhe kawiwitan.

50.   (1) isi /wigatosing atur (2) wusana (panutup), (3) pangajeng-ajeng (4) purwakaning atur, (5) salam pambuka. Urut-urutane sesorah  kang bener yaiku ...
A.    5-4-3-2-1
B.     4-3-2-1-5
C.     5-4-1-3-2
D.    5-3-1-4-2