Minggu, 08 Oktober 2017

MATERI CRITA PENGALAMAN KLS VII SEM 1 2017

1.   Crita Pengalaman
Crita pengalaman yaiku crita kedadean kang wis tau dideleng/ ditemoni utawa dilakoni dhewe ing saben dinane. Crita pengalaman bisa arupa crita kang sedih, seneng, lucu, nrenyuhake, utawa mrihatinake. Mirengake crita pengalaman ateges nyemak critane wong liya kang critane bisa sedih, seneng, lucu, nrenyuhake utawa mrihatinake. Pengalaman kang dicritakake marang wong liya bisa pengalaman pribadhine dhewe, uga bisa pengalaman kang duduweni wong liya. Sadhengah kadadean kang wis tau dilakoni iku menawa dicritakake bisa nambahi kawruh marang kang ngrungokake.
Ing sajroning crita ana kang kasebut paraga utawa tokoh. Paraga yaiku sapa kang nglakoni ing crita. Paraga iku ana sing diarani paraga baku lan uga paraga tambahan. Paraga baku (tokoh utama) dadi inti/ bakune paraga ing sawijining crita, dene paraga tambahan (figuran) minangka “pelengkap” ing crita kang ana sambunge (interaksi) karo paraga baku. Paraga bisa dimangerteni watak, panemu, wujud blegere, saka pacelatone (dialog) utawa andharan crita kang nerangake. Saka “penokohan” iku bisa dimangerteni sapa paraga kang nduweni watak apik (protagonis) lan sapa kang ala (antagonis), endi paraga kang bisa dituladha lan endi kang ora kena dituladha.
Crita bab pengalaman marang wong liya iku kudu duweni kaprigelan ing bab micara. Yen bisa crita kanthi apik, wong kang ngrungokake bisa katut ing swasana crita kasebut. Wong kang krungu bisa nangis, ngguyu, mesem, bungah utawa susah. Pengalaman kang dilakoni sepisanan utawa nembe wae kalakon mesthi nabet banget ing ati, apa maneh lelakon iku sedhih. Kaya-kaya ora ilang-ilang saka pikiran lan rasaning ati.
Nyritakake pengalaman sedhih marang wong liya bisa njalari panglipuring ati. Menawa duwe lelakon kang kalebu sedhih lan ngebot-eboti pikir, luwih becik enggal-enggal dicritakake (dicurhatake) marang sapa kang dianggep cedhak, kayata ibune, bapakne, kakang utawa mbakyu, kanca raket, utawa liyane, amrih nemu rampunge perkara utawa ndadekake ati lega. Kanthi mangkono bisa ngurang-urangi rasa sedhihe, apa maneh sawise diwenehi pitutur kang ngayem-ayemi. Jare kanthi “curhat” bakal ngurangi aboting masalah (perkara) kang nembe dirasakake.
Yen ana wong kang nyritakake pengalaman marang kowe rungokna sing tenan. Pengalaman mau bisa wae dadi tuladha sing becik kanggomu. Tumrap sing nglakoni bisa dijupuk “hikmahe”. Malah ana unen-unen “experience is the best teacher” kang tegese yen pengalaman iku kena dadi guru sing apik.

 Tuladha crita pengalaman nalika wisata
WISATA ING GEMBIRALOKA

            Kirang langkung jam sedasa enjing bis ingkang kula tumpaki sampun dumugi ing plataranipun Kebun Binatang Gembiraloka. Dados, saking kitha kula dumugi Ngayogyakarta kirang langkung naming lampahan satunggal jam.

            Sasampunipun Bapak Guru mundhut karcis, kula sakanca lajeng mlebet. Bapak Guru saha Ibu Guru boten kendhat-kendhat paring pemut, bilih kula sadaya boten kepareng ngganggu damel kewan-kewan ingkang dipun ingah wonten ing Kebun Binatang ngriku.

            Saking gapura ngajeng lampah kula nglangkungi kebon iangkang sakelangkung wiyar. Marganipun menggak-menggok lan minggah mandhap. Nanging sesawangan ing ngriku sakalangkung asri, ngresepaken pandalu. Kebon punika dipun tanemi wit-witan ageng-ageng, warna-warni. Ronipun ngrembuyung, njalari hawa ing papan ngriku idhum lan seger, nuwuhaken raos ayem lan tentrem.
            Sasampunipun nglangkungi kreteg alit, lampah kula dumugi ing sapinggiring blumbangan wiyar. Blumbang punika loyanipun kimplah-kimplah bening, ombakipun ageng. Amargi ing ngriku katha prau motor sami lelumban. Ing ngriku ugi katha sanget peksi mliwis sami lelangen. Menawi badhe ketrajang lampahing mau, peksi-peksi punika sami mabur sesarengan, kados dipun abani. Boten dangu lajeng ambyar malih sesarengan, pados papan ingkang kepara tebih saking dunungipun prau.
            Marem ningali sesawangan ing blumbang punika, kula sakanca nglajengaken lampah. Sapunika kula dumugi ing sacelakipun krangkeng lan kandhang-kandhang kewan. Ing ngriku katha sanget kewan iangkang dipun ingah. Kadosta: liman, sima, menjangan, kancil, kidang, bantheng, onta, sawer, lan kethek. Liman punika badanipun ageng-inggil, nanging lampahipun lendreg-lendreg kados tiyang aras-arasen. Kanca kula ingkang kaleres mbekta timung lajeng nguncalaken timunipun dhateng liman punika. Jebul liman ugi doyan timun. Kethek punika ulesipun warna-warni. Wonteng ingkang ulesipun klawu, wonten ingkang abrit semua soklat, lan wonten ingkang cemeng njanges. Kula lingak-linguk madosi kethek ingkang ulesipun pethak, nanging boten wonten. Batos kula, “Apa kethek putih kaya Anoman kae anane mung ana ing crita wayang, kok kene ora ana?” kula badhe matur dhateng Bapak Ibu Guru boten wanton, ajrih menawi dipun gujeng kanca-kanca.
            Kewan-kewan punika ketingalipun gesangipun seneng sanget. Nanging, panginten kula badhe langkung seneng menawi dipun luwari saking krangkengipun, dipun wangsulaken dhateng wana, gesang mardika kados wingi uni.
            Sareng sampun kemput anggen kula ningali sedaya isen-isenipun. Gembiraloka, kula sedaya, Bapak saha Ibu Guru, lajeng tata-tata badhe wangsul. Saderengipun nilar papan iangkagn sakalangkung nengsemaken punika, kula sedaya sami ngaso wonten ing sangandhapipun wit-wit ageng ing sacelakipun regol, sinambi ndhudah sangu, nedha lan ngombe.

Pertemuan Kedua:
Subtema : Menceritakan Pengalaman berwisata
WISATA ING GEMBIRALOKA

            Kirang langkung jam sedasa enjing bis ingkang kula tumpaki sampun dumugi ing plataranipun Kebun Binatang Gembiraloka. Dados, saking kitha kula dumugi Ngayogyakarta kirang langkung naming lampahan satunggal jam.
            Sasampunipun Bapak Guru mundhut karcis, kula sakanca lajeng mlebet. Bapak Guru saha Ibu Guru boten kendhat-kendhat paring pemut, bilih kula sadaya boten kepareng ngganggu damel kewan-kewan ingkang dipun ingah wonten ing Kebun Binatang ngriku.
            Saking gapura ngajeng lampah kula nglangkungi kebon iangkang sakelangkung wiyar. Marganipun menggak-menggok lan minggah mandhap. Nanging sesawangan ing ngriku sakalangkung asri, ngresepaken pandalu. Kebon punika dipun tanemi wit-witan ageng-ageng, warna-warni. Ronipun ngrembuyung, njalari hawa ing papan ngriku idhum lan seger, nuwuhaken raos ayem lan tentrem.
            Sasampunipun nglangkungi kreteg alit, lampah kula dumugi ing sapinggiring blumbangan wiyar. Blumbang punika loyanipun kimplah-kimplah bening, ombakipun ageng. Amargi ing ngriku katha prau motor sami lelumban. Ing ngriku ugi katha sanget peksi mliwis sami lelangen. Menawi badhe ketrajang lampahing mau, peksi-peksi punika sami mabur sesarengan, kados dipun abani. Boten dangu lajeng ambyar malih sesarengan, pados papan ingkang kepara tebih saking dunungipun prau.
            Marem ningali sesawangan ing blumbang punika, kula sakanca nglajengaken lampah. Sapunika kula dumugi ing sacelakipun krangkeng lan kandhang-kandhang kewan. Ing ngriku katha sanget kewan iangkang dipun ingah. Kadosta: liman, sima, menjangan, kancil, kidang, bantheng, onta, sawer, lan kethek. Liman punika badanipun ageng-inggil, nanging lampahipun lendreg-lendreg kados tiyang aras-arasen. Kanca kula ingkang kaleres mbekta timung lajeng nguncalaken timunipun dhateng liman punika. Jebul liman ugi doyan timun. Kethek punika ulesipun warna-warni. Wonteng ingkang ulesipun klawu, wonten ingkang abrit semua soklat, lan wonten ingkang cemeng njanges. Kula lingak-linguk madosi kethek ingkang ulesipun pethak, nanging boten wonten. Batos kula, “Apa kethek putih kaya Anoman kae anane mung ana ing crita wayang, kok kene ora ana?” kula badhe matur dhateng Bapak Ibu Guru boten wanton, ajrih menawi dipun gujeng kanca-kanca.
            Kewan-kewan punika ketingalipun gesangipun seneng sanget. Nanging, panginten kula badhe langkung seneng menawi dipun luwari saking krangkengipun, dipun wangsulaken dhateng wana, gesang mardika kados wingi uni.
            Sareng sampun kemput anggen kula ningali sedaya isen-isenipun. Gembiraloka, kula sedaya, Bapak saha Ibu Guru, lajeng tata-tata badhe wangsul. Saderengipun nilar papan ingkang sakalangkung nengsemaken punika, kula sedaya sami ngaso wonten ing sangandhapipun wit-wit ageng ing sacelakipun regol, sinambi ndhudah sangu, nedha lan ngombe.

Isi dan nilai-nilai didaktik dalam pengalaman berwisata yang diceritakan.

Saka crita pengalaman ing dhuwur bisa dijupuk piwulang yaiku :
1.    Tansah munjukaken rasa syukur dhumateng Gusti Alloh.
2.    Nuwuhaken rasa tresna asih marang pepadhaning titah.
3.    Nuwuhaken kekendelan kanggo micara
4.    Nuwuhaken kreativitas berbahasa Jawa.
5.    Nuwuhaken sikap disipli

Tehnik crita
Sing kudu digatekakenalika crita yaiku :
1.     Wicara/KualitasVokalyaikualabecikeaksarasuwara/dhang-dhingebasa, pocapan/lafal(a, å, i, o, è, é, ê, ta, tha, da, dha) Pamedhare pengalaman kanthipocapan kangcetha, orakenagroyok, peloutawarangu-rangu, kejabakuwipamngucapakeaksarakanthibener, umpamane mbedakakenaksara (a, å, i, o, è, é, ê, ta, tha, da, dha)
2.     Wirama/Tata cara/Etika nalika crita yaiku lagu/iramane, bisa minangka pandudut (daya tarik) kanggone sing ngrungokake. Banter alone wiramane becik kalarasake karo isine crita. Lamun anggone crita kanthi dhasar karangan (tema) crita kang nengsemake, anggone crita  sing sora lan semangat, beda karo yen crita bab kesusahan, anggone crita ya kudu luwih alon lan sareh.
3.     Wirasa/Greged/ penjiwaan /Pemahaman tegese isi crita, cocok/penere anggone negesi crita. Wirasane nalika crita kudu kaetrepke karo isining crita umpamane : nesu, gumbira, sedhih, sereng, wibawa, getun, lan sapanunggalane.

4.     Wiraga/Ekspresi/mimik yaiku cocok/jumbuhing solah bawa obahing badan, polatan, rasa. Obahing badan lan polatan (mimik) kudu luwes (ora kaku), prasaja lan ora katon lamun digawe-gawe.

MATERI UNGGAH-UNGGUH KLS VII SEM 1 2017

1.      tataran Bahasa Jawa
Pak Guru Riyanta Crita
Pinuju wulangan Basa Jawa. Sinambi mbaleni wulangan PKK, Bapak Guru Riyanta crita bab tata krama mangkene: Tembung tata lan krama iku amor misah utawa nunggal misah. Karepe tegese padha utawa meh padha. Dadi tata iku ya krama, krama iku ya tata. Tembung tata tegese cara, pranatan, adat, aturan. Tembung krama tegese cara, langkah, tindak, kelakuan, sopan-santun. Tata krama iku tumuju marang kabecikan, katentreman, karaharjan, kabagyan. Tata krama iku tinemu ing ngendi wae, biyen, saiki lan sesuk. Tata krama iku sambung rapete karo kasusilan. Kasusilan sambung rapete karo kapribaden. Mernawa awake dhewe dielokke wong ra duwe tata krama, bocah kok ora ngerti unggah-ungguh mesthi wae oara kepenak. Mula kudu duwe tata krama.

2.      memperkenalkan diri,
Tetepungan
Lumrahe yen ana wong lagi ketemu banjur padha tepungan utawa kenalan. Semono uga siswa kelas VII sing anyar, mesthi wae akeh sing padha durung tepung, kajaba para siswa sing sadurunge sa SD. Bisa uga malah wis tepung amarga padha asale, umpamane padha-padha sadesa.
Tumrap kang durung tepung, lumrahe para siswa banjur padha tepungan. Tetepungan iki penting banget amarga (1) bisa nambah kanca anyar, (2) nambah rumaket dadi kancane, (3) bisa diajak rembugan utawa sinau bareng, (4) bisa kanggo kerukunan, lan liyan-liyane.
Akeh cara lan wicara kanggo tetepungan iki. Ing ngisor iki ana conto tetepungan.
Hendarti   : “Eh, kowe rak siswa anyar ta. Jenengmu sapa ?”
Riyanti      : “Aku Riyanti. Kowe sapa lan kelas VII apa ?”
Hendarti   : “Aku Hendarti, aku ing kelas VII B.”
Riyanti      : “Lho, padha yen ngono. Kowe saka SD ngendi ?”
Hendarti   : “Aku saka SD Kanoman. Yen kowe?”
Riyanti      : “Aku saka MI Keputran.”
Hendarti   : “MI, apa kuwi MI?”
Riyanti      : “MI iku Madrasah Ibtida’iyah. Ya padha karo SD lah.”
Hendarti   : “ E... wis bel, ayo melu Upacara Pambukaan Masa Orientasi Siswa, yuk !”
Riyanti      : “Ayo !”

3.      menyapa,
SIMBAH RAWUH
Ibu dhawuh manawa dina iki simbah sekaliyan arep rawuh, mula Widada sa adhine diutus reresik omah. Dene ibu ngasta nyamikan semar mendem klangenane mbah kakung. Ora sawetara suwe keprungu swara dhokar  mandheg ing ngarep omah.
Widada                 : “Dhik … dhik kae simbah wis rawuh
Widati                   : “Pak, Bu… menika simbah sampun rawuh
                                    Kabeh padha metu saka ngomah mapagake simbah kakung putri. Widada miwiti salaman kanthi ngaras astane simbah kakung lan putri di susul adhi-adhine, karo matur “Sugeng rawuh mbah” banjur Widada nggawakake tase simbahe, kanthi rasa bungah
Bapak                        : Sugeng rawuh Pak, Bu”
Simbah Kakung     : “Iya rak ya padha slamet ta?
Ibu                             : Pangestunipun bapak saha ibu, sedaya ginanjar wilujeng”
Simbah Putri          :”Kae Wid, simbah ngasta manggis kesenenganmu, enggal dhudhahen oleh-olehe
Widada                     : “Wah matur nuwun  sanget mbah, dhik oleh-olehe simbah iki gawanen
Widaningsih           : “Simbah putri , mangke dalu kula nyuwun dipun dongengi malih nggih.”
Simbah Putri          :”Iya-iya mengko bengi simbah bakal ndongeng kanggo kowe kabeh’
Widati                       : “Nembang lagu dolanan ugi nggih mbah
Simbah Putri          : “Iya dongeng lan nembang lagu dolanan

Tetelune enggal nindakake dhawuhe ibune dene simbah sekaliyan isihnerusake wawan pangandikan karo bapaklan ibu ing ruang tamu

Piwulang budi pekerti
1.       Tamu iku kaya dene ratu mula kudu diajenilan dikurmati kanthi becik, ulat grapyak, sumanak apa maneh sanak sedulur lan sesepuh
2.       Ngangsua kawruh marang wong tuwa , sebab pituture bisa kanggo tuladha ing tembe mburi kanggo sanguning urip
3.       Ngajeni lan ngurmati wong tuwa iku kuwajiban

4.      berpamitan,
Garin Telat
     Jam 06.15 WIB Garin wis rampung  adus lan nganggo sragam sekolah kang wis disetlika mlithit. Garin banjur sarapan bareng karo bapak, ibu lan adhine sing jnenge Dika. Sawise rampung sarapan grin lan Dika njupuk tas banjur pamitan marang bapak ibu. Garin ngajak salaman bapake. Astane bapake diaras sinambi matur “ Pak, kula nyuwun pamit bidhal sekoalah, kula nyuwun pangestu !" Semono uga marang ibune. Adhine si Dika uga melu-melu kaya kakangne.
     Bocah loro banjur cengkrak pite dhewe-dhewe. Ing tengahing dalan Garin krasa menawa lakune pit gliyar-gliyer. Garin banjur ngendheg lakune pit lan mudhun. Tangane menyet ban pit. Pranyata ban pite nggembos. Dika melu mandheg lan nyeraki kakangne. “ ana apa, Mas ?” pitakone Dika.
“ Bane nggembos ! Wis kana kowe mangkata dhisik, aku takgolek silihan kompa !” wangsulane Garin.
“Trus pite kepriye, Mas ?” piakone Dika. Garin mangsuli sinambi nuntun pit. “ Taktuntun alon-alon. Wiskana gek mangkat dhisik mundhak telat !”
Dika banjur nggenjot pite tumuju menyang sekolahe. Dika mlaku sinambi nuntun pit. Kira-kira 200 m Garin oleh silihan kompa.
            Jam 07.10 WIB  Garin tekan sekolah.Sawise nyelehke pit banjur mlayu tumuju menyang kelas VII A.
Garin ndhodhog lawang lan uluk salam. Garin weruh menawa bu Retna mangsuli salame lan manthuk mula Garin  mlebu nyeraki Bu Guru. Garin ngadeg jejeg tangane ngapurancang, awake rada mbungkuk “ Nyuwun pangapunten Bu kula telat jalaran ban sepedha kula wau nggembos. Menawi kepareng kula badhe ndherek wulangan !” ature Garin.
“ Ya wis kana enggal lungguh !” Ngendikane bu Retna.
“ Matur nuwun, Bu  !” ature garin. Garin banjur lungguh ing kursine.
Menawa sliramu arep lelungan kudu pamit marang wong tuwa. Arep mengkat menyang sekolah utawa arep dolan pokoke menyang ngendi wae kudu pamit, supaya wong tuwa ora bingung anggone nggoleki.
Sliramu telat mlebu kelas uga kudu nyuwun idin marang guru kang lagi ngasta ing kelas iku.Semono uga nalika wulangan sliramu arep metu menyang pakiwan uga kudu nyuwun idin marang guru.

Dene patrape awak nalika matur yaiku :
1.         Awake ngadeg jejeg.
2.         Polatan sumeh.
3’         Tangan ngapurancang.
4.         Nalika matur awake rada dibungkukake sethithik.
5.         Mtur migunake unggah-ungguh kang benar.


5.      meminta maaf,

Wong kang njaluk pangapura marang wong liya, iku minangka pratandha yen dheweke  ngrumangani luput. Wong sing bisa ngrumangsani lupute iku wong sing luhur bebudene jalaran manungsa iku ora sampurna. Sawise ngrumangsani luput, banjur njaluk pangapura. Wong sing menehi pangapura iku luwih utama tinimbang wong kang njaluk pangapura jalaran aweh pangapura iku luwih abot tinimbang njaluk pangapura. Wong kang aweh pangapura wis ngrasakake lara ati jalaran saka pokale wong kang njaluk apangapura mau.
Njaluk pangapura ora mbedakake antarane enom, tuwa, pangkat, drajat, sugih, mlarat, bodho utawa pinter. Nanging sapa wae kang luput wajibe njaluk pangapura, sanajan wong sing dijaluki pangapura mau luwih enom, luwih mlarat, luwih asor, luwih bodho utawa liyane.
Tuladha ukrara njaluk pangapura :
1.    “Aku njaluk pangapuramarang kowe! Aku pancen luput!”
2.    “Ya wis , aku njaluk njaluk ngapura ya…!”
3.    “Apuranen luputku, aku ora bakal mbaleni maneh luputku!”
4.    “Manawi wonten lepatipun, kula nyuwun pangapunten!”
5.    “Mbok bilih kathah kalepatan atur kula, kula nyuwun pangapunten”
6.    “Kabeh luputku apuranen ya!”
7.    “Kupat janure tuwa, yen lepat njaluk pangapura!”
8.    “Kupat mawi santen, wonten lepat nyuwun pangapunten!”
9.    “Jenang sela, wader kalen sesondheran, apuranta yen wonten lepat kawula!”

2. Getun utawa keduwung

Wong kang getun / keduwung, iku amarga ngrumangsani yen sing wis ditindakake  iku kleru. Ana unen-unen ”getun tiba mburi”. Wong getun lumrahe  sawise kelakon. Apamaneh yen klerune iku ndadekake kapitunae wong liya. Mula saka iku sadurunge tumindak kudu dipikir  luwih dhisik ala lan becike, tuna lan bathine supaya ora nuwuhake getun burine.
Tuladhane wong getun:
1.    “Wah…. Getun aku!, Amarga saka tingkahku , akeh wong kang cilaka!”
2.    “Getun aku. Aku kleru. Sing gedhe pangapuramu ya.”
3.    “Saestu, kula boten badhe ngambali malih, saestu, kula nyuwun pangapunten.”
4.    “Getun aku, kenapa mau bengi aku ora sinau malah nonton tv!”

6.      mengucapkan terima kasih.



MATERI CANGKRIMAN KLS VII SEM 1 2017

Cangkriman yaiku tetembungan utawa unen-unen kang kudu dibatang utawa dibadhe maksude.
Cangriman ana 3 werna yaiku:
1.      Cangkriman sing awujud tembung wancahan
Tuladha: Pak boletus, batangane tapak kebo ana lelene satus
2.      Cangkriman awujud pepindhan utawa irib-iriban
Tuladha: sega sakepel dirubung tinggi. Batangane salak
3.      Cangkriman ngemu urasa blenderan
Tuladha: Saiki ula-ula ora ana sing mandi. Batangane ula-ula sing dikarepake balung geger.
Tuladha liyane:
1.      Wong mbiyen nganti saiki ngerti maksude Jatining urip karo jatining pati.
èJatining urip kuwi neng alas, jatining pati kuwi neng omah.
2.      Nek siji raisa obah, nek lima isa obah.
èWong nguleg nganggo munthu
3.      Ban neng ngisor raisa mlaku, nanging nek neng nduwur isa mlaku.
èTheklek
4.      Ana kuthuk, di wenehke ing kandhang, saben dina dipakani lan dirawat. Basan 2 tahun kuthuke ilang? Neng ngendi? Ilang dadi pitik









MATERI PARIKAN KLS VII SEM 1 2017

PARIKAN
Parikan yaiku unen-unen kang mawa paugeran / syarat telung werna yaiku :
1.      Kedadean saka rang ukara nganggo purwokanthi guru swara
2.      Saben ukara kedadean saka rong gatra
3.      Ukara kapisan minangka purwaka, ukara kapindho minangka isine.


Parikan (Basa Jawa)
Pantun (Bahasa Indonesia)
Wajik klethik, gula jawa.
Luwih becik, sing prasaja.
Dulu loyang, kini besi.
Dulu sayang, kini benci.
Manuk emprit, mencok pager.
Dadi murit, kudu pinter
Ujung bendul, dalam semak
Kerbau mandul, banyak lemak.

Tabel 1.6 Parikan


Rumus
Tuladha
(4 + 4) x 2
Wajik kelhik, gula jawa
Siswa becik, sing prasaja.
(4 + 8) x 2
Kembang aren, sumebar tepining kalen
Aja dahwen, yen kowe kepengin kajen
Klapa sawit, wite dhuwur wohe alit
Dadi murid, aja seneng keceh dhuwit
(8 + 8) X 2
Sega punar lawuh empal, segane penganten anyar
Dadi murid aja nakal, kudu ulah ati sabar
Ora ana turan sing gumathok, sing penting padha unining vokal
Gula jawa dirubung laler
Dadi siswa kudu pinter

(Sega punar = sega uduk / gurih warna kuning amarga kunir)

Tuladha katrangane rumus :
1.      Wedang bubuk = 4 (amarga 4 wanda / 4 suku kata)
2.      Tanpa gula = 4 (amarga 4 wanda / 4 suku kata)
3.      Wedang bubuk, tanpa gula = 4 + 4
4.      Wajik klethik, gula jawa
Murid becik, sing prasaja (4 + 4) x 2

Wenehana wangsulan!
  1. Suwe ora jamu, jamu godhong telo.
           Suwe ora ……………………., temu pisan gawe …………..

  1. Nyangking ember kiwa tengen.
           Lungguh ………………, tamba ……………………….
  1. Ngasah arit, nganti landhep.

Dadi ………………, kudu …………………..

MATERI KD. 3.2 PRANATACARA SEM 1 2017

A.        MENALAR
1.    Werdining pranatacara
Pranatacara yaiku paraga utawa kang tinanggenah natacara utawa acara. Pagaweane kang baku yaiku nglantarake lakuning acara utawa adicara ana ing pepanggihan, pasamuwan, utawa upacara kang uwis dirantam.
Kagawa saka owahing jaman, papan sarta kahanan ing upacara siji lan sijine, ayahane pranatacara kerep tambah rowa utawa akeh, umpamane kadhangkala ngaturake wara-wara, uga kerep kajaluk  supaya nyandra, mriksa kang lagi padha nyambut gawe utamane anggone nyambut gawe para panitia ing upacara iku mau. Mula saka ayahan utawa jejibahan kang ditindakake panata acara iku mau banjur diarani panatacara utawa pranatacara.
Minangka pranatacara kudu duwe pribadi kang bisa mrantasi gawe , mumpuni, pantes, luwes lan teges, yaiku duwe pribadi kang seger, sehat jiwa ragane kang dibuktekake saka tindak-tanduke kang bisa migunani tumrap sapadha-sapadha. Mula pranatacara iku kudu bisa pilih tandhing.
Pranatacara bisaa duweni kawruh, ketrampilan, lan duweni tindak kang migunani tumrap kabudayan kang nyakup basa kang komunikatif endah lan bener, kagunan rupa , kagunan beksa, kagunan swara kang antarane tembang, gendhing, karawitan, lan gamelan.
( Kapethik saka Tuntunan kagem para pranatacara tuwin pamedar sabda, Dr. Rama Sudi Yatmana Januari 2005: kaca 1-2 mawa besutan)

2.  Bab kang kudu digatekake pranatacara
a.  ulah swara
      Swara minangka babaring basa kudu disinau supaya kung, dekung, mendat mentul, kepenak dirungokake dening wong liya, mranani lan tumanem ing ati.
Gladhen ulah swara nyakup :
                             i.     Kedal
Supaya piranti sajeroning lan sacelaking lesan bisa mapan lan mardika ngetokake    swaraning basa lan basa Jawa iku kang dadi lajer ancering saka basa jawa Kuna/Sansekerta, mula anggone gladhen kedaling lesan kanthi ngeja abjad Jawa Kuna. Mula ayo para siswa gladhen maca abjad Jawa kuna iki bebarengan karo bapak utawa ibu gurumu.
Ka         kha       ga       gha      nga      ( ṅa )
Ca         cha       ja         jha      nya        ( na )
ṭa          ṭha       ḍa      ḍha      ṇa
Ta          tha       da       dha      na
Pa          pha      ba       bha      ma
Ya         ra         la        wa
Ca          ṣa         sa
Ha
                       ii.     Pocapan
Basa Jawa nduwe pocapan dhewe ing bab aksara swara  mligine ing tembung lingga lan tembung andhahan. Tuladha :
1.  Rasa, rasane
2.  Utama, utamane
3.  Rendeng, rendheng
4.  Beya, beyo
5.  Ketel, ketel
6.  Pethel, pethel lsp.
                iii.          Lagu / irama
Lagu / irama nyakup  sora lirih , cendhek dhuwur, sarta dawa cendhaking swara, uga mendhat mentul, rindhik rikat, lan lakuning swara. Basa Jawa lagune diarani dekung . Kudu bisa nglagokake basa Jawa kanthi lagu basa Jawa dudu basa liyane. Minangka pranatacara aja nganti migunakake basa nganti kesleyo, sasar-susur, serak, kemeng lsp ananging kudu tetep wijang / cetha , teteh, titis, tatas ing micara. Intine kudu trep ing kedal, ucapan lan lagu/retorika.
b.Ulah Raga
Pranatacara kudu bisa duwe raga kang seger lan sehat/saras supaya bisa makarya kanthi becik. Supaya bisa duwe awak kang sehat iku kang kudu ditindakake kanthi jaga raga, caraning jaga raga iku werna-werna antarane kanthi mangan panganan kang resik lan ngandhut gizi kang cukup, kanthi senam, jogging, mlaku cepet, mlayu lan olah raga liyane.
Mula saka iku supaya digladhi pribadi, solah bawa  tansah greget nyambut gawe bisa sarwa susila, prasaja, sembada. Tumraping pranatacara becik menawa bisa gladhen saptama.
Saptama yaiku :
1)         Magatra
                             Bleger wewujudan, rupa; adi ing awak, apik ing busana; trep, pantes, jangkep.
2)         Malaksana
                                Tindakake sapecak sajangkah tinata runtur; luwes mrabawa; manteb; ora ingah-ingih, ora wigah-wigih.
3)    Maswastha
                            Ngadeg jejeg, ora kendho, ora dhoyong, let antarane sikil kiwa tengen ora keciyuten      lan ora kekamban.
4)    Maraga
Ora rongeh, ora edheg, ora gumeter; anteb anteng, obahing awak, sirah, gulu lumrah madya; obah owahing pasemon nggambar jatining wigati; obahing tangan nambahi pratela cetha.
5)    Malaghawa
Trampil kepara trengginas. Ora remben ngleler, ora angas gas-gasan. Cag-ceg, lancer,  gancar, sembada ing pagaweyan.
6)    Matanggap
Tanggap sakabehing swasana. Bisa mrabu
7)    Mawwat
Anteb, manteb. Tangguh tanggon prapteng ngendon. Ngrampungi pagawean purwa madya wusananing karya.

( Kapethik saka Tuntunan kagem para pranatacara tuwin pamedar sabda, Dr. Rama Sudi Yatmana Januari 2005: kaca 9 mawa besutan)
 Cak-cakaning pranatacara
Supaya anggone dadi pranatacara bisa apik, mula kudu nggatekake bab-bab ing ngisor iki:
1.       Pranatacara teka ana ing dhapukan/pembentukan panitia supaya mangerti lajer ancering pagaweyan/acara.
2.       Pranatacara teka ing pertemuan sateruse, supaya ngerti :
a.      Rantaman  umum pagaweyan
b.      Rantaman mligi/khusus pagaweyan
3.       Pranatacara ngerti kepara apal urut-urutaning acara
4.       Pranatacara ngerti peprincene acara, sapa kang tanggung jawab, , sapa kang nindakake, kepiye cak-cakane, ubarampene apa wae, wektu kang ditemtokake.
5.       Pranatacara bisa ngacarani sakabehing acara kanthi apal tanpa teks.
6.       Pranatacara bisa nyebut samubarang kanthi bener tur jangkep/lengkap.
7.       Pranatacara melu ngenut laksananing saben acara.
8.       Pranatacara tumanggap netepi panyuwun kang duwe gawe.
9.       Pranatacara tumanggap netepi tuntunane ketua panitia.
10.   Pranatacara saekapraya bebarengan nyambut gawe karo para kang nyambut gawe ing acara kasebut.
11.   Pranatacara gawe endahing prasada/arena acara.
12.   Pranatacara gawe tumataning ubarampening upacara.
13.   Pranatacara bisa gawe keprananing para tamu.
14.   Pranatacara njumbuhake metune pasugatan ngombe/unjukan, mangan/dhaharan, lan lelangen/kesenian, lan adicara liyane.
15.   Pranatacara bisaa murba swasana.
16.   Pranatacara luwih becik menawa ana pambiyantu anggone ngayahi kewajiban.
a.      monitoring  acara
b.      bisa menehi iguh bab tata laksananing acara
c.       bisa minangka paraga sarabutan

( Kapethik saka Tuntunan kagem para pranatacara tuwin pamedar sabda, Dr. Rama Sudi Yatmana Januari 2005: kaca 13 mawa besutan)
17.   Bab liyane sing kudu digatekake pranatacara.
a.       Solah bawa
Solah bawa kanggone pranatacara yaiku sikep (sikap) sing mantep, teteg, ngadeg jejeg, ngapurancang, anteng (ora kokean obah sing ora perlu ), ora dangak utawa ndhungkluk terus.
b.      Wiramanipun Swara.
Wirama/irama prayogane kepenak dimirengke, ora keseron mbrebegi lan ora lirih banget, cetha, ora groyok, mantep.
c.       Pranatacara kudu nindakake ayahan panitipriksa(ceking).
Ayahan panitipriksa (ceking)  tumrap salwiring ubarampe kang minangka kabutuhaning upacara ing adicara/acara.
d.      Pranatacara kudu bisa ngatur wektu.
Ngatur wetu ing kene pranatacara kudu bisa mbage wektu tuladhane; mangerteni upacara bisa diwiwiti apa durung.
e.      Pranatacara kudu mangerteni babagan gendhing gangsa (gamelan).
Pranatacara kudu mangerteni jinising gendhing lsp.
f.        Pranatacara mujudake “rai” ning sedulur kang duwe gawe.
Kasil/Sukses lan orane sawijining pasamuwan gumantung paraga MC/pranatacara sing ngayahi karya.
Pranatacara uga bisa disebut MC (Master of Ceremony) yaiku pawongan kang ayahane nglantarake cak-cakaning acara sing uwis karantam, mandhegani sarta mranata reh lakuning upacara pahargyan kanthi patitis, kaya jejering sawijining pangarsa utawa pemimpin (master).
Menawa awake dhewe iku minangka pranatacara mula kudu bisa nggatekake bab-bab ana ing ngisor iki :
1.    Urutane Pranatacara
Urutan pranatacara ing ngisor iki menawa ing adicara pasamuwan utawa pahargyan.
a.         Uluk salam/Salam Pambuka
Isine ngucapake salam marang para tamu minangka tandha sapa aruh lan pakurmatan. Kawiwitan tembung nuwun, kula nuwun, utawa salam liyane.
b.         Pamuji
Isine muji syukur lan panuwun marang Gusti kang Maha Agung supaya adicara kang ditindakake bisa lancar, ora ana alangan sawiji apa nganti sarampunge acara.
c.          Isi/Wigatining acara
Isine ngaturake  rantamaning adicara (susunan acara).
d.         Mbuka adicara/pasamuan/miwiti pasamuan.
Isine panyuwun donga  marang Gusti Kang Maha Kuwasa amarga adicara enggal kawiwitan lsp.
e.         Ngaturake tumapaking adicara saka  wiwitan nganti pungkasan.
Isine nglantarake kaleksanane acara siji mbaka siji  saka wiwitan nganti pungkasane acara.
f.          Panutup
Isine nyuwun pangapura menawa ana kaluputan lan kekurangane anggone nglantarake tumapaking adicara.

2.      Pranatacara ana ing acara kesripahan .
a.       Pranatacara bisaa ngetrepake swasana duhkita/susah, mula kudu bisa nengenake rasa, lagu lan solah bawa sing salaras karo swasana duhkita.
b.      Pranatacara kudu bisa gawe swasana khidmad utawa tidhem premanem lan tentrem, kang ngedohake swasana rame kepara malah padha geguyonan.
c.       Tembung-tembung utawa ukara kang digunakake  adoh saka pameksa sastra lan panyendhu.
d.      Pranatacara kudu bisa ngatur wektu aja nganti ngambra-ambra, ngandhar-andhar kang bisa ngurangi swasana khidmad kang pungkasane akeh sing nyaruwe.
e.      Pranatacara kudu mangerteni sapa wae sing bakal menehi atur pangandikan aja nganti akeh-akeh, kepara bisa diringkes. Tuladha urut-urutaning upacara ing kesripahan :
1)      Pambuka
2)      Pambagyaharja saka kulawarga
3)      Atur pambelasungkawa saha panglipur
4)      Atur pamitipun jenazah  lan Atur riwayat sngkat almarhum/almarhumah
5)      Donga
6)      Panutup

3.     Basanipun Pranatacara
Basa menika sarana saha wahananing panggraita (cipta, rasa, karsa). Basa ingkang prayogi inggih menika basa ingkang komunikatif. Basa ingkang komunikatif inggih menika basa ingkang gampil dipuntampi dening tiyang sanes. Basa ingkang rinengga, dakik, nanging boten saged dipuntampi dening tiyang sanes, boten saged dipunmangertosi tiyang sanes ateges basa menika boten komunikatif.
Basa ingkang sae menika ngengeti :
  1. Sinten ingkang gineman
  2. Sinten ingkang tumanggap wawan ginem
  3. Sinten utawi punapa ingkang dipunginem
  4. Kadospundi swasananipun (wekdal, papan, kawontenan)
  5. Adicara/acara  ingkang lumampah
Menawi wonten ing pranatacara basa dipunginakaken kedah trep ing swasana amargi wonten ing pranatacara wonten werni-werni swasana ingkang antawisipun ; wonten ing dhusun, wonten ing kitha, wonten ing pelayatan, pahargyan, parepatan, sarasehan, konferensi, seminar lsp. Pramila basanipun kedah trep kaliyan babagan kasebat, basanipun kedah trep pamilihing tembung, cetha dhapukaning ukara, runtut pangiketing basa, kalebet unggah-ungguh basa. Ejaan kedah leres ngugemi paramasastra.
( Kapethik saka Tuntunan kagem para pranatacara tuwin pamedar sabda, Dr. Rama Sudi Yatmana Januari 2005: kaca 12 mawa besutan)
Njupuk saka andharan ing dhuwur dadi basa sing digunakake pranatacara yaiku basa krama alus/inggil lan uga basa rinengga yaiku basa kang endah sing baku bener lan pener, bener manut tata basa, papan, keperluan  lan pener manut unggah-ungguh basa. Ana uga pranatacara sing migunakake Basa Jawa Kuna, iku mau oleh-oleh wae menawa bisa dimangerteni tegese dening wong liya kang ngrungokake, amarga eman lan muspra menawa basa iku ora bisa dimangerteni, tegese ora komunikatif. Basa sing digunakake saben dina iku luwih gampang dimangerteni lan basa kang wis umum digunakake. 
 PENGETAN 17 AGUSTUS


Assalamu’alaikum wr.wb.
Nuwun, Bapak Kepala Desa(1)..…….. ingkang pantes tinulad sinudarsana sesepuh pinisepuh dhusun ingkang kinurmatan, sedherek kadang mudha warga dhusun(2)……….ingkang minulya.
Puji syukur sumangga tansah katur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung. Awit saking (3)……………. Rahmat saha barokahipun kita tansah pinayungan karaharjan saha kawilujengan, katitik ing wekdal menika kita saged(4)………. Rawuh ing pahargyan 17 Agustus kanthi rahayu wilujeng kalis nir(5)…………..
Keparenga kula ingkang piniji minangka(6)…………………. Ngaturaken gunging panuwun, awit para warga sampun kersa rawuh ing pahargyan dinten menika. Sinartan keparenga kula ngaturaken rantamaning adicara wonten              ing wekdal menika : (7-16)
1.             ………………………
2.             ………………………
3.             ………………………
4.             ………………………
5.             ………………………
6.             ………………………
7.             ………………………
8.             ………………………
9.             …………….………..
10.            ………………………
Mekaten kalawau menggah rantamaning adicara wonten ing(17)………………..
Para rawuh ingkang kinurmatan, gegandhengan wekdal ingkang sampun dungkap siyang langkung prayogi menawi acara menika enggal kawiwitan. Tumapak ing acara sepisan inggih menika pambuka. Para rawuh sedaya, sumangga acara wonten wekdal menika dipunpurwakani ndedonga miturut agaminipun piyambak-piyambak. Ndedonga kula dherekaken, sumangga(18)………………………..
Mugi-mugi kanthi pamuji kalawau purwa, madya, dalah wusana acara menika saged kalampahan kanthi sae nir ing sambekala.
Adicara selajengipun inggih menika pambagyaharja(19)……………… ingkang badhe dipunsalirani dening bapak(20)………………………………………. Pramila wekdal saha papan kula aturaken.
…………………………………………………………………………………….
Mekaten kalawau pangandikan saking bapak(21)…………………………. ngaturaken sugeng rawuh wonten ngarsa panjenengan sami. Adicara selajengipun inggih menika atur sapala saking ketua panitia. Pramila dhumateng bapak(22)………………… wekdal saha papan kula sumanggakaken.
…………………………………………………………………………………….
Mekaten kalawau (23) ………………….saking bapak(24)…………………. minangka pangarsa panawung kridha/ketua panitia. Pancen saestu leres bilih wonten wekdal menika kita sedaya kempal wonten (25)………………… saperlu badhe mengeti dinten kamardikan bangsa kula panjenengan sami inggih menika bangsa Indonesia. Bangsa kita sakmenika sampun merdika pramila mangga kula panjenengan sami isi kanthi bab-bab ingkang mupangati kangge (26)……………………………………….. supados langkung sae saha langkung raharja malih. Saking pangarsa panawung kridha kala wau sampun dipun andharaken bilih wekdal kepengker sampun dipunwontenaken patembaya/lomba kangge ngisi pengetan dinten kamardikan ingkang antawisipun (27)…………………………… macapat, maos geguritan saha naes-sanesipun ingkang nambahi regeng pengetan dinten kamardikan wonten wekdal menika.
Para rawuh ingkang kinurmatan adicara selajengipun inggih menika sigeg ingkang sepisan. Pramila dhumateng para kadang ingkang tinanggenah nglantaraken dhaharan wekdal saha papan kula aturaken. Dhumateng para rawuh ingkang kunurmatan menawi wonten ngarsa panjenengan sampun samekta dhaharan saha unjukan sumangga lajeng dipundhahar saha dipununjuk kemawon  kanthi mardikaning manah. Sinambi mriksani pasugatan beksa gambyong saking putra dhusun(28)………………………… pramila dhumateng para putra ingkang badhe caos pasugatan beksa gambyong wekdal saha papan kula sumanggakaken. Para rawuh ingkang minulya pasugatan beksa gambyong menika dipunaturaken dening (29)……..………………., (30)……………………………….., (31) …………………………………..…….., kaliyan (32)……………………………….
Para rawuh sedaya mekaten kalawau pasugatan beksa ingkang saestu ngresepaken wonten ing manah.
Acara selajengipun inggih menika tanggap wacana saking bapak kepala Desa.(33)……….......................... Dhumateng Bapak (34)…………………., wekdal saha papan kula aturaken sumangga.
…………………………………………………………………………………….
Sampun terwaca pangandikanipun bapak(35)…………………. Jumbuh kaliyan kalenggahanipun. Saestu leres ingkang dipunaturaken kalawau bilih satunggaling bangsa ingkang luhur menika bangsa ingkang saged ngaosi dhumateng para pahlawan ingkang sampun ngrebat negara saking para penjajah.
Para rawuh sedaya ingkang minulya , mekaten kala wau tanggap wacana saking bapak kepala desa. Mugi-mugi saged migunani tumrap kita sedaya. Tumapak acara selajengipun inggih menika (36)……………………….. …
Tumapak acara selajengipun inggih menika tanggap sabda saking bapak(37)…………………. Dhumateng bapak (38)………..…….., wekdal saha papan kula aturaken, sumangga.
……………………………………………………………………………………
Mekaten kalawau menggah pangandikan saking bapak camat.Adicara selajengipun inggih menika pasugatan macapat saking dhusun (39)………………………. Ingkang badhe dipunsalirani dening anak mas(40)…………………………….  badhe nyekaraken sekar Sinom.
Mekaten kalawau pasugatan sekar Sinom ingkang wosipun antawisipun ngunjukaken raos syukur dhumateng Gusti ingkang Maha agung ingkang sampun paring kanugrahan bangsa kita saged merdika.
Para rawuh sedaya adicara selajengipun inggih menika sigeg ingkang angka kalih. Sigeg ingkeng angka kalih menika kanthi ladi pribadi, pramila saking menika mangga pepanggihan wonten wekdal menika (41)………..………….. rumiyin supados ing samangke saged dhahar kembul kanthi sakeca saha merdika ing manah.
Para rawuh sedaya mekaten menggah babaring (42)……………………...kamardikan bangsa Indonesia wonten wekdal menika. Purwa dumugi wusananing adicara sampun (43)……………………. kanthi sae. Pramila sumangga adicara ing wekdal menika dipunpungkasi kanthi (44)………………………. sesarengan. Ndengonga kula (45)……………… sumangga.
Para rawuh ingkang minulya, kula minangka(46) ………………….. bok bilih wonten(47) ……………………… saha kiranging (48)………………………… anggen kula matur, (49)……………………… dhumateng Panjenengan sadaya. Jenang  sela (50)……………………….. sesonderan, apuranta menawi wonten lepat kawula. Nuwun.
Wassalammu’alaikum wr.wb.