Selasa, 23 Mei 2017

BAHAN UKK KELAS VIII 2017



P A N G K U R     PL. P. NEM
3    5      5     5   .     5         5           3     3  .  0
Ji- rak   pin- dha    mung- gwing   wa- na,
3     5       5    5 6  .   1     1    1      1       2    3   2 . 1 . 0
sayeng  ka-   ga    we  rek-  ta   kang mu- ro- ni,
 5         6 1    1 .  1    1   1  .    1  2  3     1 . 2 . 0
nye- nyam- bi  ka- la- ning   ngang-    gur,
6        5     5       5    .    5     5     4 . 5 . 6 5. 0
was- tra  tum- rap     mus-ta-       ka,
5    5    5    6 .  1     1    1     1       1   2 1 2   3 .   3  . 0
pangi- ket- e wang-sa- lan kang  se-  kar  pang- kur,
6     1    1    1     1    1    1      1 . 0
ba-on   sa-bin   ing na- wa- la,
1   2      3 .   5     5       5     6 .  5  3    2 . 1. 0
ki-nar- ya   la- ngen  pri-      ba-        di.
Wangsalan tembang Pangkur
Jirak pindha munggwing wana = yaiku kesambi , (sinambi kalaning nganggur)
Sayeng kaga = Yaiku kala
We rekta kang muroni (banyu abang sing marahi mabuk) = Yaiku anggur
Wastra tumrap mustaka (kacu sing kanggo sirah)= Yaiku Iket (pangikete wangsalan kang sekar pangkur)
Baon sabin ing nawala (nyambut gawe ing sawah) = karya (kinarya), ing nawala = layang, (langen pribadi

BAHAN UKK KELAS VIII 2017



TEMBANG PANGKUR
Mingkar-mingkuring ukara
(Membolak-balikkan kata) Sasmita /pralambang kang digawe ing tembung
Akarana karenan mardi siwi
(Karena hendak mendidik anak) Amarga bakal ndhidhik anak
Sinawung resmining kidung
(Tersirat dalam indahnya tembang) Kang diandharake ana ing endahing tembang
Sinuba sinukarta
(Dihias penuh warna ) kang direngga kanthi maneka warna
Mrih kretarta pakartining ilmu luhung
(Agar menjiwai hakekat ilmu luhur) supaya ngestokake ilmu luhur
Kang tumrap ing tanah Jawa
(Yang ada di tanah Jawa/nusantara) kang ana ing tanah jawa/nusantara
Agama ageming aji.
(Agama “pakaian” diri) agama minangka busananing awak kang paling penting
Mingkar-mingkuring= sasmita, pralambang
Ukara = kalimat
akarana= kanggo
Karenan= nyenengake
Mardi= ngusahakake
Siwi= anak
Sinawung= ana ing
Resmining= endahe
Kidung= tembang
Sinuba= direngga, dihias
Sinukarta= kanthi warna lan rerenggan/hiasan
Mrih= supaya
Ketarta= ngresepake
Pakartining= tumindak
Ngilmu luhung= ana ing ilmu kang becik
Kang= ana ing /yang
Tumrap= kanggo
Ing tanah Jawa= ing tanah Jawa
Agama= keyakinan agama
Ageming aji= busananing awak kang paling duwe aji/penting

BAHAN UKK KELAS VIII 2017



WANGSALAN

Yaiku cangkriman kang batangane wis sumadia ing ukara sabanjure,
ananging batangan/jawaban iku mau perlu dipikir amarga ora dicethakake.
Tuladha:
-        Carang wreksa, wreksa kang rineka janma
-        Nora gampang, golek kawruh mrih kaloka

Wangsalan kena kabedakake 8 werna yaiku:
1.    Wangsalan lamba, yaiku wangsalan kang mung isi batangan siji.
Tuladha:
a.Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso. (roning mlinjo=so)
b. Pindang lulang kacek apa aku karo kowe (pindang lulang = krecek)

2. Wangsalan Rangkep, yaiku wangsalan kang isi batangan luwih saka siji kedadean rong ukara. Ukara kapisan minangka wangsalan lan ukara kapindho minangka batangan.
Tuladha:
a.Sayuk karsa, wulung widho mangsa rowang
    Sayektine mung saking bodho kawula. (saiyeg; bodho)
b.Jenang sela, wader kalen sesonderan. (Apu, sepat)
Apuranta, yen wonten lepat kawula
3.    Wangsalan Memet, yaiku wangsalan kang anggone nggoleki batangane sarana ngonceki maksuding tetembungane nganti ambal pindho, lagi bisa kecekel (ketemu).
Tuladha:
Uler kambang, yen trima alon-alonan.
Oncek-oncekan kapisan: Uler kambang, maksude lintah
Oncek-oncekan kapindho: Wanda “tali” ing tembung “lintah”, dianggep wancahane tembung kang surasane “alon-alonan, yaiku tembung “satitahe”. Tembung “satitahe” ateges”ora ngaya”, mung tumindak sakepenake bae, kanthi alon-alonan.

4. Wangsalan padinan, yaiku wangsalan kang lumrah kanggo ing pacelathon sadina-dina.Wangsalan padinan iku ana sing nganggo nyebutake batangane, lan ana sing tanpa nyebutake batangane, marga wong-wong sing padha krungu(maca) dianggep wis ngerti maksude(batangane)
a. Sing nyebutake batangane :
Jarwa prapta, aja duka lho iki mung gegojegan. (teka)
b.    Sing ora nyebutake batangane:
We lha njanur gunung, kadingaren mas Irianto kersa nonton. (aren)
 Wong kae sajatine wis krungu kandhaku, nanging njangan gori. Gori iku mathuke digudheg. Njangan gori=nggudheg. Maksude wangsalan”njangan gori” yaiku”mbudheg”, api-api/ethok-ethok ora krungu.
5. Wangsalan Edi peni, yaiku wangsalan kang dirumpaka mawa basa kang endah. (lumrahe basa kawi).
Tuladha: Carang wreksa, wreksa kang rineka janma.
Nora gampang, golek kawruh mrih kaonang. (pang=golek)
6.Wangsalan mawa paugeran tertemtu:
a. 4 wanda + 8 wanda
gayung sumur, lamun kemba aja mundur. (gayung sumur=timba)
b.4 wanda  + 8 wanda  X2
sayuk karsa, wulung wido mangsa rowang.
Sayektine mung saiki bodho kawula. (saiyeg;bodho)
7.Wangsalan kang sinawung ing tembang yaiku sawijining wangsalan kang karumpaka sarana nganggo tembang.Cacahing wandane lan tibaning swarane ing wekasaning gatrane ora tartamtu, sebab kawengku ing guru wilangan lan guru laguning tembang. Guru wilangan lan guru laguning tembang kudu tansah menang, lire: ora kena owah, kudu tansah manut paugeraning tembang.
Tuladha:
Sinom
Edane wong keneng guna, ambathik sinambi nangis, malam wutah balabaran, geni mati muring-muring, prembehan mbrebes mili, gawangan sinendhal putung, ya talah ta si kakang, puluh-puluh awak mami, petis manis wis kudu dadi pocapan.
Petis manis = kecap

BAHAN UKK KELAS VIII 2017



GEGURITAN

KATENTREMAN SEJATI
Pancen kudu mbudidaya
Urip kang sejati
Raana kendhate
Wayah awan apa bengi
Ayem tentrem diupadi
Nadyan abot dilakoni
Tindak becik kudu diudi
Ingsun tansah sumendhe marang Gusti

Nama pengarang/penulis kang dilekake ana ing tembung/ukara
Ing sajroning geguritan diarani “sandi asma”.

BAHAN UKK KELAS VIII 2017



MATERI UKK 2017 KELAS 8
1     GEGURITAN
2     PAWARTA ( TEGESE: FACEBOOK, WEBSITE,EMAIL, BLOG) KALIYAN  5 W + 1H
3     PURWAKANTHI
4     WANGSALAN
5     WAYANG
6     AKSARA JAWA 
       TEMBANG (PANGKUR LAN MASKUMAMBANG)