1) Paribasan
Yaiku unen-unen sing ajeg panganggone, mawa teges entar, nanging ora
ngemu surasa pepindhan.
Tuladha :
a)
Keplok ora tombok : melu seneng-seneng nanging ora
gelem cucul ragad.
b)
Njajah desa milang kori : njajah nganti tekan pangonan
ngendi-endi.
c)
Welas temaham lalis : welas marang wong pamburine gawe
cilaka.
d)
Pasugatane mbayu mili : suguhane lumintu tanpa pedhot,
terus wae.
e)
Njunjung ngebatake : ngalembana nanging ngandhut karep
ngasorake utawa ngremehake.
f)
Kineban lawang tobat : wis ora oleh pangapura maneh.
g)
Giri lusi janma tan kena kinira : ora ken angina marang
wong, jalaran cacing bae sing nggremet tekan pucuking gunung.
h)
Kulak warta adol prungu : tetakon lan ngandhakake warta
sing wis
dingerteni.
2) Bebasan
Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa
pepindhan, nanging kang dipindhakake kaanane utawa sesipate wong utawa barang.
1.
Kebanjiran samodra madu : manggih kabegjan gedhe
banget.
2.
Dadia godhong moh nyuwek, dadia banyu moh nyamuk : wis ora gelem
sesrawungan maneh, awit saka seriking atine.
3.
Wasta bedhah kayu pokah : ketaton nganti putung
balunge.
4.
Sedhakep ngawe-awe : wis mbuwang pakaremane ala, nanging ing
batin isih kepengin nindakake maneh.
5.
Kuwuk ora weruh marang slirane : nacad wong liya, ora
ngerti yen awake dhewe luwih ala tinimbang karo wong sing dicacad.
6.
Awak pendhek budhi ciblek : rupane ala, atine uga ala.
7.
Angon ulat ngumbar tangan : maspadakke ulate wong, yen
kalimpe bakal dikutil barange.
8.
Nabok nyilih tangan : namakake panggawe ala sarana
kongkonan.
3) Saloka
Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa
pepindhan nanging kang dipindhakake wonge. Sing luwih digatekake wonge, dudu
kaanane kaya dene bebasan lan biasane nganggo tembung tetuwuhan utawa kewan.
Tuladha :
a.
Pitik trondol dibubuti : wong mlarat dirog (dikuras)
bendha donyane.
b.
Emprit abuntut bedhug : prakara cilik wusanane terus
dadi prakara.
c.
Gagak nganggo elaring merak : wong asor caraning uripe
kaya wong gedhe.
d.
Glathik sakurungan : wong akeh wis nunggal kekarepan.
e.
Lelancuring praja : wong sing dadi tetulungung wong
sanegara.
f.
Pitik trondol diumbar ing padaringan : wong rekasa /
mlarat dipercaya nyekel (simpen) dhuwit utawa ngreksa barang.
g.
Opor bebek mateng awake dhewek : song sing bisa madeg
dhewe tanpa njaluk pitulungane wong liya.
h.
Cecak nguntal elo : wong duwe panjangka sing ora cocok
karo kekuwatane.
i.
Bebek diwuruki nglangi : wong wis pinter diwuruki.
sudah bu, makasih
BalasHapus