CERKAK
Ciri-ciri cerkak
Cerkak utawa crita cekak yaiku crita
kang wujud fisike cekak. Crita cekak bisa diwaca kurang luwih sepuluh menit
nganti setengah jam. Jumlah tembunge antarane 500-5.000 tembung. Amarga saka
iku, crita cekak asring dikandhakake minangka crita kang bisa diwaca sepisan
lungguh.
Ciri-ciri cerkak antarane:
- Alur critane luwih prasaja.
- Paraga kang dikatonake ora akeh.
- Latar kang dikandhakake amung sedela lan migunakake wektu kang winates.
- Tema lan nilai-nilai panguripan kang dicritakake uga amung prasaja.
( Kapethik saka
mana Januari 2005: kaca 12 mawa besutan)
Cakrik cerpen antarane:
1. Tema
Tema yaiku inti utawa ide pokok crita. Tema minangka
pathokan pengarang kang dhisik dhewe anggone nyritakake critane.
2. Alur
Alur yaiku pola kanggo ngrembakake crita kang mujudake
hubungan sebab-akibat. Alur kaperang antarane :
- Pengenalan kahanan crita
- Nyritakake kahanan sawijining kedadean
- Anane konflik
- Pucuking konflik
- Ngrampungake konflik
3.
Latar
Latar/setting yaiku papan, wektu lan swasana kedadean
tumindake paraga utawa kedadean kang dialami paraga.
4.
Tokoh/paraga
Penokohan yaiku cara pengarang anggone nggambarake lan
ngrembakakake karakter paraga ana ing crita.
5.
Sudut Pandang
Sudut pandang (point of view) yaiku posisi pengarang
anggone nyritakake sawijining crita. Pengarang anggone nyritakake crita bisa
dileksanakake kanthi:
i.
Minangka wong kapisan utawa
ii.
Bisa minangka wong katelu kang
minangka wong kang nyetitekake crita.
6.
Amanat
Amanat minangka ajaran moral utawa peen kang bakal
dicritakake panulis marang para maos kanthi liwat karyane.
7.
Gaya bahasa
Gaya bahasa gunane kanggo nuwuhake swasana kang mligi sing bisa
ngatonake sawijining gegayutan lan sesambungan antarane para paraga. Basa lan gaya bahasa bisa uga
digunakake pengarang kanggo tandha pengarang niteni karakter paraga.
A. Carane Nulis Cerkak
NULIS CERKAK KANG PRASAJA
Cerkak yaiku crita
ngenani bab panguripan sawijining pawongan kang dicritakake kanthi ringkes.
Sing dicritakake yaiku amung sethithik saka panguripane. Lakuning crita utawa
plot antarane 1) tetepungan, 2) masalah (konflik), 3) klimaks, lan 4)
ngrampungake crita/penyelesaian.
Saka cerkak kang
narik kawigaten yaiku anggone ngrampungake masalahe, yaiku ngrampungake masalah
sing bisa gawe sengsem para pamaos. Cerkak kang bisa sengseme para maos yaiku
cerkak sing ngandhut kualitas kang dhuwur lan cerkak kang ngandhut kualitas
kang asor (picisan).
Perangan lakune nulis cerkak yaiku kanthi
:
1.
Nemtokake tema
-
Pilih tema kang narik
kawigatenmu
-
Tema kang wis dipilih kudu dimangerteni tenan
-
Temane arupa masalah bab
panguripanmu lan panguripane para maos/pembaca
2.
Nemtokake Tujuan
-
Tujuan kudu cetha
-
Tujuan kudu diprinci/spesifik
-
Sapa kang bakal maca/pembaca ?
Tuladha.
Menawa milih tema cacating awak iku ora
dadi pepalang kanggo nggayuh gegayuhan/cita-cita. Nuduhake marang para maos
menawa sukses anggone nggayuh gegayuhan
iku ora gumantung dening lengkaping fasilitas (kalebu lengkape perangan
awak), ananging sing nemtokake yaiku ketekunan.
3.
Nemtokake Topik
Saka tema lan tujuan kang wis ditetepake ing
dhuwur, mula bisa nemtokake topik kang jumbuh/salaras.
Tuladha.
Bambang sawijining wong cacat awake
kang sukses.
4.
Nemtokake cengkorongan crita
utawa lakuning crita
Menawa wis milih topik kaya ing dhuwur,
mula cengkorongan utawa lakuning crita kaya ing ngisor iki:
-
Bambang wong kang cacat awake.
-
Sikile pincang amarga kena
bencana lindhu kembrukan tembok.
-
Dheweke ora mindher marang sapa
wae menawa dheweke rumangsa bener.
-
Kanthi bantuan kursi roda,
dheweke kuliah ing fakultas kedokteran.
-
Dheweke bisa ngrampungake
anggone kuliah kanthi entuk biji nomer siji.
-
Dheweke dadi dhokter bedhah
kang pinercaya lan sukses.
5.
Ngisi kedadean-kedadean ana ing
saben cengkorongan utawa lakuning crita
Cengkorongan utawa
lakuning crita diperang dadi patang
kelompok, yaiku kelompok tetpungan, kelompok konflik/masalah, kelompok klimaks,
lan kelompok ngrampungake crita.
Kelompok pengenalan diisi kanthi
prastawa-prastawa/kedadean sing asifat
tetepungan karo para maos. Umpamane gegambaran postur Bambang, ana ing
ngendi papan dununge/omahe, kepiye kahanan keluwargane lan liya-liyane.
Kelompok konflik/ masalah diisi kanthi
prastawa-prastawa kang tegang kanggone para pamaos. Umpane kesusahane Bambang,
salah paham antarane Bambang lan kulawargane, kanca-kancane kang tansah meri,
iri marang ketabahane Bambang, lan sapiturute.
Kelompok klimaks diisi kanthi
prastawa-prastawa kang bener-bener gawe tegang sing kaya-kaya bakal ngajurake
tema. Umpamane, Bambang nemoni kacilakan nalika arep ujian akhir, kursi roda
Bambang dirusak dening kancane kang iri, Saben ana kampus/sekolah Bambang
tansah diece-marang kanca-kancane, kulawargane Bambang ngusir ngusir Bambang
saka omahe lsp.
Kelompok ngrampungake crita diisi kanthi
prastawa-prastawa sing minangka cara metu saka konflik klimaks dadi tema kang wis ditemtokake bisa
diwujudake. Umpamane, Bambang lulus kanthi Cumlaude,
kanca-kancane njaluk pangapura amarga rumangsa kleru/salah, keluwargane
getun amarga tumindake ora dadi pepalang Bambang lsp.
6.
Nguripake swasana ana ing saben
kedadean
Kanggo nguripake
prastawa iki bisa ditindakake kanthi cara menehi gambaran kang bisa ngrangsang
pancaindra. Nyusun dialog sing wajar antarane parga utama lan paraga tambahan,
menehi swasana crita kang bisa ndukung prastawa.
Umpamane :
-
Gegambaran awake Bambang kang
kuru lan klambi kang prasaja.
-
Omongan antarane Bambang lan
sedulure, antarane Bambang lan kanca-kancane, lsp
-
Swasana kang nrenyuhake nalika
kursi roda Bambang dirusak kancane, nalika ujian kang pungkasan bakal dibiji.
(Kapethik saka Paket Pelajaran Bahasa dan Sastra Indonesia kanggo SMA
kelas II, TIM A3, 1990 : 109 kanthi owah-owahan)
Cak-cakaning maca cerkak
Cak-cakane anggone maca cerkak bisa
werna loro, yaiku sing diapalake lan diwaca tunggal disebut monolog lan sing
diwaca kanthi tetep nyekel tulisan/teks diarani maca cerkak. Sadurunge maca
cerkak ing kene kudu bisa mbedakake maca
lan macakake. Maca yaiku sawijing pakaryan nyurasa sawijining tulisan kanggo
awake dhewe. Mula anggone maca bisa dibatin, bisa dremimil, grenengan lan
liya-liyane. Cekake amarga amung kanggo awake dhewe mula terus anggone maca
ngawur utawa sakarepe dhewe.
Dene menawa macakake yaiku pakaryan
nyurasa sawijining tulisan katujokake dhening wong liya. Pramila anggone maca
kudu runtut, las-lasan, cetha. Supaya para pamriksa, nggatekake, mula anggone
maca kudu apik lan kebak pangrasa utawa ekspresif. Maca sing becik ateges
nguripake maneh aksara-aksara sing katulis.
Nalika awake dhewe duwe ayahan
macakake, kudu bisa ngetokake kanthi kebaking pangrasa, ora amung njejer
tembung lan aksara wae. Ing pakaryan iki kudu bisa nemtokake:
-
cepet lan alon
-
sora lan lirih
-
ngaso (pause)
-
aksen (tekanan)
(Kapethik saka Pembinaan Ketrampilan
Bersastra Daerah, Yohanes Siyamto, S.Pd., 22Juni-26 Juni 2009; kaca 70 kanthi
owah-owahan)
Nulis Cerkak
Cara kanggo nulis cerkak saperangan
wis diandharake ana ing bab 1, ana ing bab 2 iki nulis cerkak luwih dhisik
mangerteni perangan alur/plot lan penokohan.
- Alur
a.
Alur miturut raket lan orane
yaiku:
-
Alur raket utawa alur ketat
Rumaketing prastawa kang ana ing crita utawa sawijining
karya sastra, sing menawa salah siji saka prastawa ana ing karya sastra iku mau
diilangake ngganggu wutuhing crita.
-
Alur renggang utawa alur
longgar
Rumaketing prastawa kang ora nyawiji ana ing sawijining
karya sastra, ngilangake salah siji saka prastawa kang ana ora bakal ngganggu
lakuning crita.
b.
Miturut cakrik/susunan alur
-
Alur maju utawa alur progresif
Lakuning crita kang tumapak saka crita wektu saiki terus
nggambarake wektu kang bakal teka utawa mbesok.
-
Alur mundur
Lakuning crita kang tumapak saka crita wektu biyen terus
nggambarake wektu saiki.
-
Alur gabungan
Nggunakake alur maju lan alur mundur ana ing sawijining
crita kanthi bebarengan.
c.
Miturut urutaning prastawa
-
Alur klimaks
Lakuning crita ana ing sawijining karya sastra sing
tumapak saya munggah/menanjak sifate.
-
Alur antiklimaks
Lakuning crita ana ing sawijining karya sastra sing
tumapak saya mudhun/menurun sifate.
-
Alur kronologis
Lakuning crita sing dironce miturut urutaning wektu.
Alur kronologis antarane:
1.
tahap tetepungan (wektu, papan,
paraga)
2.
tahap padudon
3.
klimaks (padudon saya
rame/muncak)
4.
anti klimaks (padudon saya
medhun)
5.
Ngrampungake crita
- Pandhapuking paraga utawa karakterisasi
Pandhapuking paraga yaiku pandhapuking watak tumrap para
paraga crita ana ing sawijining karya sastra.
Paraga crita kadadeyan saka :
a.
Paraga protagonis
Paraga ana ing karya sastra sing nyekel
pimpinan, ana ing drama utawa crita
rekaan tansah dadi paraga kang sentral.
b.
Paraga antagonis
Paraga ana ing karya sastra sing
minangka mungsuhe paraga utama.
c.
Paraga bunder
Paraga ana ing karya sastra sing
dibedakake watake, dadi bisa dibedakake saka paraga liyane. Paraga bunder bisa
ngagetake para pamaos amarga kadhang kala katon watak kang ora dinyana-nyana.
d. Paraga datar utawa pipih
Paraga ana ing karya sastra kang ora
dingrembakakake sacara maksimal, lan apa kang ditindakake utawa diomongake ora
gawe dadakan kang gawe kaget kanggone para maos.
e.
Paraga durjana
Paraga ana ing karya sastra sing duweni
watak ala, lan minangka paraga kang dadi underaning masalah utawa tukang
adu-adu ana ing drama utawa crita.
f.
Paraga statis
Paraga ana ing karya sastra sing sithik
banget utawa malah ora ana babar blas owah-owahan .
g. Paraga tambahan
Paraga ana ing karya sastra sing ora
ngucapake omongan apa-apa. Paraga iki ora nyekel peran, lan uga ora penting
minangka individu.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar