1. Crita
Pengalaman
Crita pengalaman yaiku crita kedadean kang wis tau
dideleng/ ditemoni utawa dilakoni dhewe ing saben dinane. Crita pengalaman bisa
arupa crita kang sedih, seneng, lucu, nrenyuhake, utawa mrihatinake. Mirengake
crita pengalaman ateges nyemak critane wong liya kang critane bisa sedih, seneng,
lucu, nrenyuhake utawa mrihatinake. Pengalaman kang dicritakake marang wong
liya bisa pengalaman pribadhine dhewe, uga bisa pengalaman kang duduweni wong
liya. Sadhengah kadadean kang wis tau dilakoni iku menawa dicritakake bisa
nambahi kawruh marang kang ngrungokake.
Ing sajroning crita ana kang kasebut paraga utawa
tokoh. Paraga yaiku sapa kang nglakoni ing crita. Paraga iku ana sing diarani
paraga baku lan uga paraga tambahan. Paraga baku (tokoh utama) dadi inti/
bakune paraga ing sawijining crita, dene paraga tambahan (figuran) minangka
“pelengkap” ing crita kang ana sambunge (interaksi) karo paraga baku . Paraga bisa
dimangerteni watak, panemu, wujud blegere, saka pacelatone (dialog) utawa
andharan crita kang nerangake. Saka “penokohan” iku bisa dimangerteni sapa
paraga kang nduweni watak apik (protagonis) lan sapa kang ala (antagonis), endi
paraga kang bisa dituladha lan endi kang ora kena dituladha.
Crita bab pengalaman marang wong liya iku kudu
duweni kaprigelan ing bab micara. Yen bisa crita kanthi apik, wong kang
ngrungokake bisa katut ing swasana crita kasebut. Wong kang krungu bisa nangis,
ngguyu, mesem, bungah utawa susah. Pengalaman kang dilakoni sepisanan utawa
nembe wae kalakon mesthi nabet banget ing ati, apa maneh lelakon iku sedhih. Kaya-kaya
ora ilang-ilang saka pikiran lan rasaning ati.
Nyritakake pengalaman sedhih marang wong liya bisa
njalari panglipuring ati. Menawa duwe lelakon kang kalebu sedhih lan
ngebot-eboti pikir, luwih becik enggal-enggal dicritakake (dicurhatake) marang sapa
kang dianggep cedhak, kayata ibune, bapakne, kakang utawa mbakyu, kanca raket,
utawa liyane, amrih nemu rampunge perkara utawa ndadekake ati lega. Kanthi
mangkono bisa ngurang-urangi rasa sedhihe, apa maneh sawise diwenehi pitutur
kang ngayem-ayemi. Jare kanthi “curhat” bakal ngurangi aboting masalah
(perkara) kang nembe dirasakake.
Yen ana wong kang nyritakake pengalaman marang kowe
rungokna sing tenan. Pengalaman mau bisa wae dadi tuladha sing becik kanggomu.
Tumrap sing nglakoni bisa dijupuk “hikmahe”. Malah ana unen-unen “experience is
the best teacher” kang tegese yen pengalaman iku kena dadi guru sing apik.
Tuladha crita pengalaman nalika wisata
WISATA ING GEMBIRALOKA
Kirang langkung jam sedasa enjing
bis ingkang kula tumpaki sampun dumugi ing plataranipun Kebun Binatang
Gembiraloka. Dados, saking kitha kula dumugi Ngayogyakarta kirang langkung
naming lampahan satunggal jam.
Sasampunipun Bapak Guru mundhut karcis, kula sakanca lajeng mlebet. Bapak Guru
saha Ibu Guru boten kendhat-kendhat paring pemut, bilih kula sadaya boten
kepareng ngganggu damel kewan-kewan ingkang dipun ingah wonten ing Kebun
Binatang ngriku.
Saking gapura ngajeng lampah kula nglangkungi kebon iangkang sakelangkung
wiyar. Marganipun menggak-menggok lan minggah mandhap. Nanging sesawangan ing
ngriku sakalangkung asri, ngresepaken pandalu. Kebon punika dipun tanemi
wit-witan ageng-ageng, warna-warni. Ronipun ngrembuyung, njalari hawa ing papan
ngriku idhum lan seger, nuwuhaken raos ayem lan tentrem.
Sasampunipun nglangkungi kreteg alit, lampah kula dumugi ing sapinggiring
blumbangan wiyar. Blumbang punika loyanipun kimplah-kimplah bening, ombakipun
ageng. Amargi ing ngriku katha prau motor sami lelumban. Ing ngriku ugi katha
sanget peksi mliwis sami lelangen. Menawi badhe ketrajang lampahing mau,
peksi-peksi punika sami mabur sesarengan, kados dipun abani. Boten dangu lajeng
ambyar malih sesarengan, pados papan ingkang kepara tebih saking dunungipun
prau.
Marem ningali sesawangan ing blumbang punika, kula sakanca nglajengaken lampah.
Sapunika kula dumugi ing sacelakipun krangkeng lan kandhang-kandhang kewan. Ing
ngriku katha sanget kewan iangkang dipun ingah. Kadosta: liman, sima,
menjangan, kancil, kidang, bantheng, onta, sawer, lan kethek. Liman punika
badanipun ageng-inggil, nanging lampahipun lendreg-lendreg kados tiyang
aras-arasen. Kanca kula ingkang kaleres mbekta timung lajeng nguncalaken
timunipun dhateng liman punika. Jebul liman ugi doyan timun. Kethek punika ulesipun
warna-warni. Wonteng ingkang ulesipun klawu, wonten ingkang abrit semua soklat,
lan wonten ingkang cemeng njanges. Kula lingak-linguk madosi kethek ingkang
ulesipun pethak, nanging boten wonten. Batos kula, “Apa kethek putih kaya
Anoman kae anane mung ana ing crita wayang, kok kene ora ana?” kula badhe matur
dhateng Bapak Ibu Guru boten wanton, ajrih menawi dipun gujeng kanca-kanca.
Kewan-kewan punika ketingalipun gesangipun seneng sanget. Nanging, panginten
kula badhe langkung seneng menawi dipun luwari saking krangkengipun, dipun
wangsulaken dhateng wana, gesang mardika kados wingi uni.
Sareng sampun kemput anggen kula ningali sedaya isen-isenipun. Gembiraloka,
kula sedaya, Bapak saha Ibu Guru, lajeng tata-tata badhe wangsul. Saderengipun
nilar papan iangkagn sakalangkung nengsemaken punika, kula sedaya sami ngaso
wonten ing sangandhapipun wit-wit ageng ing sacelakipun regol, sinambi ndhudah
sangu, nedha lan ngombe.
Pertemuan Kedua:
Subtema : Menceritakan Pengalaman berwisata
WISATA ING GEMBIRALOKA
Kirang langkung jam sedasa enjing
bis ingkang kula tumpaki sampun dumugi ing plataranipun Kebun Binatang
Gembiraloka. Dados, saking kitha kula dumugi Ngayogyakarta kirang langkung
naming lampahan satunggal jam.
Sasampunipun Bapak Guru mundhut karcis, kula sakanca lajeng mlebet. Bapak Guru
saha Ibu Guru boten kendhat-kendhat paring pemut, bilih kula sadaya boten
kepareng ngganggu damel kewan-kewan ingkang dipun ingah wonten ing Kebun
Binatang ngriku.
Saking gapura ngajeng lampah kula nglangkungi kebon iangkang sakelangkung
wiyar. Marganipun menggak-menggok lan minggah mandhap. Nanging sesawangan ing
ngriku sakalangkung asri, ngresepaken pandalu. Kebon punika dipun tanemi
wit-witan ageng-ageng, warna-warni. Ronipun ngrembuyung, njalari hawa ing papan
ngriku idhum lan seger, nuwuhaken raos ayem lan tentrem.
Sasampunipun nglangkungi kreteg alit, lampah kula dumugi ing sapinggiring
blumbangan wiyar. Blumbang punika loyanipun kimplah-kimplah bening, ombakipun
ageng. Amargi ing ngriku katha prau motor sami lelumban. Ing ngriku ugi katha
sanget peksi mliwis sami lelangen. Menawi badhe ketrajang lampahing mau,
peksi-peksi punika sami mabur sesarengan, kados dipun abani. Boten dangu lajeng
ambyar malih sesarengan, pados papan ingkang kepara tebih saking dunungipun
prau.
Marem ningali sesawangan ing blumbang punika, kula sakanca nglajengaken lampah.
Sapunika kula dumugi ing sacelakipun krangkeng lan kandhang-kandhang kewan. Ing
ngriku katha sanget kewan iangkang dipun ingah. Kadosta: liman, sima,
menjangan, kancil, kidang, bantheng, onta, sawer, lan kethek. Liman punika
badanipun ageng-inggil, nanging lampahipun lendreg-lendreg kados tiyang
aras-arasen. Kanca kula ingkang kaleres mbekta timung lajeng nguncalaken
timunipun dhateng liman punika. Jebul liman ugi doyan timun. Kethek punika
ulesipun warna-warni. Wonteng ingkang ulesipun klawu, wonten ingkang abrit
semua soklat, lan wonten ingkang cemeng njanges. Kula lingak-linguk madosi
kethek ingkang ulesipun pethak, nanging boten wonten. Batos kula, “Apa kethek
putih kaya Anoman kae anane mung ana ing crita wayang, kok kene ora ana?” kula
badhe matur dhateng Bapak Ibu Guru boten wanton, ajrih menawi dipun gujeng
kanca-kanca.
Kewan-kewan punika ketingalipun gesangipun seneng sanget. Nanging, panginten
kula badhe langkung seneng menawi dipun luwari saking krangkengipun, dipun
wangsulaken dhateng wana, gesang mardika kados wingi uni.
Sareng sampun kemput anggen kula ningali sedaya isen-isenipun. Gembiraloka,
kula sedaya, Bapak saha Ibu Guru, lajeng tata-tata badhe wangsul. Saderengipun
nilar papan ingkang sakalangkung nengsemaken punika, kula sedaya sami ngaso
wonten ing sangandhapipun wit-wit ageng ing sacelakipun regol, sinambi ndhudah
sangu, nedha lan ngombe.
Isi dan nilai-nilai didaktik dalam pengalaman
berwisata yang diceritakan.
|
Saka
crita pengalaman ing dhuwur bisa dijupuk piwulang yaiku :
1.
Tansah
munjukaken rasa syukur dhumateng Gusti Alloh.
2.
Nuwuhaken
rasa tresna asih marang pepadhaning titah.
3.
Nuwuhaken
kekendelan kanggo micara
4.
Nuwuhaken
kreativitas berbahasa Jawa.
5.
Nuwuhaken
sikap disipli
Tehnik crita
Sing kudu digatekakenalika crita yaiku :
1.
Wicara/KualitasVokalyaikualabecikeaksarasuwara/dhang-dhingebasa, pocapan/lafal(a,
å, i, o, è, é, ê, ta, tha, da, dha) Pamedhare pengalaman kanthipocapan kangcetha, orakenagroyok,
peloutawarangu-rangu, kejabakuwipamngucapakeaksarakanthibener, umpamane mbedakakenaksara (a, å,
i, o, è, é, ê, ta, tha, da, dha)
2.
Wirama/Tata cara/Etika nalika crita yaiku lagu/iramane, bisa minangka pandudut (daya tarik) kanggone sing ngrungokake.
Banter alone wiramane becik kalarasake karo isine crita. Lamun anggone crita
kanthi dhasar karangan (tema) crita
kang nengsemake, anggone crita sing sora
lan semangat, beda karo yen crita bab kesusahan, anggone crita ya kudu luwih
alon lan sareh.
3.
Wirasa/Greged/ penjiwaan /Pemahaman tegese isi crita, cocok/penere
anggone negesi crita. Wirasane nalika crita kudu kaetrepke karo isining crita
umpamane : nesu, gumbira, sedhih, sereng, wibawa, getun, lan sapanunggalane.
4.
Wiraga/Ekspresi/mimik yaiku cocok/jumbuhing
solah bawa obahing badan, polatan, rasa. Obahing badan lan polatan (mimik) kudu luwes (ora kaku), prasaja
lan ora katon lamun digawe-gawe.