MATERI UNGGAH UNGGUH
KELAS VIII SEM I
1.
Meminta Perhatian
Yuli
Matur
Kaya adate, sawisse padha
ngrungokake katerangan Bapak Guru Sudarma, bocah-bocah padha nyatheti lan
nggarap gladhen. Dina iku lagi padha sinau Basa Jawa
Dumadakan Yuli kebelet nguyuh.
Sejatine wis sawetara krasa nanging diampet wae. Saiki wis ora bisa tahan
maneh. Mula banjur ngadeg klambi lan roke ditata. Mlaku alon menyang ngarep
kelas, nyedhaki Pak Guru Sudarmo. Yuli mandheg ngadeg jejeg tangan tumata
ngapurancang, ulat sumeh. Nuli matur marang bapak Darma, nuwun sewu, keparenga
nyuwun pamir dhateng wingking sekedhap. Yuli matur alon, lirih nanging cetha
karo awkake dibungkukake sethithik. Bapak Sudarmo manthuk lan ngendika, “Ya.”
Yuli mbungkuk sethithik
mundur, banjur minger lunga menyang pakiwan. Ora nganti rong menit Yuli wis
bali menyang kelas, mlaku alon lan patrape padha nalika nyuwun pamit mau. Yuli
matur, Sampun Bapak, matur nuwun. Bapak sudarmo manthiuk lan ngendika ngucapake
tembung padha-padha. Yuli banjur bali menyang palungguhan. Kasebut iku tata
kramane bocah sing ana jero kelas menawa kepeksa perlu metu. Nyuwun pamit luwih
dhisik marang bapak guru sawise diparingi idin lagi nindakake apa perlune. Yen
wis rampung perlune, nuuli matur minangka caor lapuran lan ora lali ngaturake matur nuwun. Kabeh kang ditindakake
murid mastri digatekake dening gurune, mula dadi murid iku kudu tansah kebak
ing unggah-ungguh lan tata krama.
2.
Memuji
Lomba
Sesorah
Ana sangarepe kaca lemari,
Ratri tansah umak-umik. Kadhang kala sirahe melu gela-gelo. Tangane loro melu
obah. Kaya wong kang nuduhake. Bu Wasita pirsa polahe Ratri, mesem.
Bu Wasito : Ratri, taksawang kawit mau, kowe
kok katon umak-umik ing kaca lemari, lagi ngapa? Kok ya nganggo mic barang.
Ratri : Bu, kula menika nembe latihan sesorah, awit
minggu ngajeng ing sekolah menika dipunwontenaken lomba sesorah. Lan kula
kepengin sanget tumut lomba menika.
Bu Wasita : Wah yen ngonno bener
kowe Ratri, yen kowe kepengin melu lomba kowe kudu sregep latihan supaya
anggonmu sesorah bisa becik
Ratri : Inggih, Bu nanging kula menika taksih radi
kangelan anggenipun badhe milih-milih tembung ingkang sae tur inggih leres, Bu.
Bu Wasita : Wis aja sumelang,
bapakmu iku wiwit biyen tekan aiki isih pinter sesorah
Ratri : menawi mekaten, dhawah kaleresan Bu. Mangke
kula badhe nyuwun dipun gladhi kalihan bapak.
Bu Wasita : Iya kena wae kowe
nyuwun digladhi bapakmu. Nanging luwih becik yen kowe sinau lan nyoba luwih
dhisik. Dadi yen mengko bapakmu kondur, mung kari mbenerake lan nambah aperlune
wae.
Ratri : kasinggihan Bu, ancas kula panci mekaten,
mugi-mugi kemawon bapak enggal kondur saking jakarta nggih, Bu.
Bu Wasito : iya ratri, aku lan kowe kudu
tansah ndedonga muga-muga bapakmu tansah pinaringan keslametan
Ratri : Inggih, Bu.
Piwulang budi pekerti:
1.
Yen kowe kepengin bisa kudu wani sinau lan latihan
2.
Ora kena umuk yen dialem dening wong liya malah kepara sregep anggone
latihan
3.
Kudu ngajeni asiling karya wong liya
4.
Ora kena nyacad apa kang wis ditindakake wong liya
3.
Meminta Ijin
Nyuwun idin
Pak Prabowo
lagi nerangake bocah-bocah babagan tata krama. Bocah-bocah padha nggatekake
kanthi premati. Wis sawetara Wigdati krasa kepengin nguyuh. Sawise ora tahan
maneh, Widati ngadeg banjur ngacungake tangan. Widati ngadeg banjur mlaku
alon-alon nyedhaki Pak Prabowo. Tangan ngapurancang, awak rada mbungkuk, matur
aon nanging cetha.
Widati : “Nuwun sewu, Pak. Kula nyuwun idin
badhe dhateng kolah.”
Pak Prabowo : “Ya kana (Sajroning Widati menyang kolah,
Pak Prabowo nerusake anggone ngendikan).
Pak Prabowo : “Ya kaya mangkono iku patrape menawa arep
nyuwun idin, nuduhake rasa urmat marang wong sing disuwuni idin. Mlaku,
lungguh, omong, iku kabeh kudu nganggo tata krama (ora let suwe Widati mlebu
maneh banjur matur marang Pak Prabowo.
Widati : “Sampun, Pak matur nuwun”
Pak Prabowo : “iya padha-padha (Pak Prabowo karo
manthuk-manthuk) (Widati alon-alon minger banjur lungguh ing papane. Pak
Prabowo nerusake pangandikane.)
Pak Prabowo : “Bocah-bocah, patrape Widati mau iku becik,
dadi sadurunge lan sawise nindakake perlune kudu matur, ora lali ngaturake
panuwun marang sing maringi idin. Bocah-bocah kudu kulina matur terus terang,
yen kepengin menyang kolah aja diampet mundhak lara wetenge.
Bocah-bocah
banjur mangerti yen patrape lan ature Widati iku becik, pantes diconto. Sebab
iku minangka tuladha tata kramane yan arep nyuwun idin.
Piwulang budi
pekerti:
1.
Bocah-bocah kudu kulina matur terus terang marang sapa wae
2.
Sadurunge lan yen wis rampung perlune kudu matur lan ngaturake panuwun
3.
Tata krama sing becik bisa gawe tentreming pikir sing nyawang lan sing
nglakoni
4.
Yen arep matur karo guru
migunakake basa krama sing becik lan patrap sing apik
5.
Nggatekake kabeh sing dingendikakake guru
Tidak ada komentar:
Posting Komentar