Minggu, 03 Februari 2013

Tembang Macapat


Tembang cilik (macapat)
Jare tembang macapat iku pamecane papat-papat. Mangkono yen ditembangake angkok macapatan. Ana maneh sing nlusur tembung :macapat” asal saka “ma-cepat”. Alasane awit yen lelagon macapat lagune rikat-rikatan. Iku bener apa luput, gumantung sing ngarani. Dhapukan tembang macapat iku akeh miribe karo “kidung” jawa tengahan. Umpamane kidung pamijil padha karo tembang mijil macapat. Tembang macapat uga kaiket ing guru gatra, guru lagu lan guru wilangan.
Kang kalebu tembang macapat yaiku :
1)      Mijil : tegese metu, medal, miyos
Watake : gandrung-gandrung, prihatin, mituturi.
Gunane : kanggo medharake rasa susah, bukaning carita / mangayabagya.
2)      Kinanthi : tegese dikanthi, dituntun, digandheng
Watake : tresna asih, ngemu surasa ngarep-arep gandrung, seneng
Gunane : medar piwulang, seneng-seneng, nglipur ati, mangabagya
3)      Sinom : tegese saka tembung si + enom yaiku remaja.
Watake : prasaja, susah, grapyak, renyah, samanak.
Gunane : kanggo sesorah, medhar rasa susah (cengkok logondhang)
4)      Asmaradana : tegese saka tembung asmara + dana tegese weweh utawa paring katresnan.
Watake : sengsem, susah utawa prihatin, kasmaran
Gunane : medhar rasa asmara (pepasihan)
5)      Dhandhang gula : tegese pangajab manis utawa endah.
Watake : mrabu, luwesan, sarwa mathuk, resep
Gunane : kanggo sesorah, medhar rasa susah (cengkok tlutur), kanggo bawa gendhing (banjet, turulare), medar rasa sengsem, bebukaning crita
6)      Gambuh : tegese cocok, trep, ngerti
Watake : nanjih-nanjihake, nggenah-nggenahake, wani wanuh, kulina rumaket
Gunane : kanggo memulang / pitutur nada seneng
7)      Durma : tegese mundur (ngedhaleni hawa lan nafsu).
Watake : seneng, nesu muntab, galak, nantang.
Gunane : kanggo sesorah, perang-perangan, mendharake rasa nesu, muntab, tantang-tantangan, seorah seneng.
8)      Maskumambang : tegese uripe wis ngambang antarane kadonyan lan akherat.
Watake : susah, nalangsa, prihatin, kerenta-renta
Gunane : kanggo medharake rasa susah / prihatin
9)      Pangkur : tegese mangkur, ngungkuri kadonyan, condong marang akherat.
Watake : gandrung, sereng, kejem, nantang
Gunane : kanggo medhar pitutur, gandrung
10)  Megatruh : tegese saka tembung megat + ruh tegese mati.
Watake : susah, getun pungun-pungun, kendho
Gunane : kanggo medhar crita kang sakepenake
11)  Pocung : tegese dibuntel utawa dipocong.
Watake : duwe surasa sakepenake, sembrana-parikena
Gunane : kanggo sembranan, cangkriman cerita lucu, pitutur, lsp.

Guru gatra, guru wilangan lan guru lagu.
1)      Guru tegese paugeran, wewaton, pathokan sing dianut.
2)      Guru gatra yaiku wewaton gatra (larik) utawa cacahe larik saben sapadane (sabaite) tembang.
3)      Guru wilangan yaiku wewaton cacahing wanda (suku kata) ing saben siji-sijine gatrane (larike) tembang.
4)      Guru lagu yaiku wewaton dhong-dhinge swara ing wekasane siji-sijine gatrane (larike) tembang
5)      Pupuh tegese : kumpulan tembang sawarna.
6)      Pada :bait

Guru Gatra, Guru Wilangan Lan Guru Lagu Tembang :
1)      Kinanthi                : 8-u, 8-i, 8-a, 8-i, 8-a, 8-i
2)      Asmarandana        : 8-I, 8-a, 8-e (o), 8a, 7a, 8u, 8a
3)      Pangkur                 : 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 7i
4)      Durma                   : 12a, 8i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
5)      Pucung                  : 12u, 6a, 8i, 12a
6)      Maskumambang    : 12i, 6a, 8i, 12a
7)      Mijil                       : 10i, 6a(o), 10e, 10i, 6i, 6u
8)      Sinom                    : 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
9)      Dhandhanggula     : 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
10)  Gambuh                : 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
11)  Megatruh               : 12u, 8i, 8u, 8i, 8o
12)  Balabak                 : 12a, 3e, 12a, 3e, 12a, 3e
13)  Wilangrong           : 8i, 8o, 10a, 6i, 7a, 6a
14)  Juru demung         : 8a, 8u, 8u, 8a, 8u, 8a, 8u
15)  Girisa                     : 8a, 8a, 8a, 8a, 8a, 8a, 8a, 8°

Geguritan


  Geguritan
Geguritan iku karangan kang ora nganggo paugeran sing gumathok, sing baku mung awujud pada-pada. Luwih cetha geguritan bakal disinau ing wulangan kapindho.
Geguritan iku karangan kang kaiket dening pada lan baris. Tegese wujude geguritan larik-larik kang nyawiji dadi pada, pada ing puisi Indonesia diarani bait.
Ngarang geguritan ora angel, sing penting bisa nulis larik-larik dadi pada. Dene carane ngarang geguritan mangkane :
1.      Nemtokake topik geguritan. Topik bisa pengalaman, gagasan, lamunan, gegayuhan, katresnan, kewajiban, lly.
2.      Milih tembung-tembung sing kanggo nglairake  gagasan.
3.      Wiwit nulis geguritan kanthi larik baka larik. Larikane bebas, ora kaiket dawa cendhake, akeh sithike.
4.      Geguritan digawe kanthi ringkes lan mentes. Ora perlu dawa-dawa lan ngambra-ngambra. Mula pamilihing tembung sing premati.
5.      Nliti geguritan sing wis ditulis , didandani supaya luwih becik.

Ibu
Katresnanmu marang aku pindha tuking banyu kang mili
Ana sajroning ati lan panguripanku
Ana ing saben laku lan tumindakku
Ibu, kaya ngapa lelabuhan penjenengan marang aku
Tumeko aku dewasa tansah lumintu

Ibu, donga lan pamuji penjenengan tansah murangkabi
Aku rumangsa cilik ing pangarsamu
Ibu, donga pamuji kang akeh banget kagem slira panjenengan
Kang minangka tanda panarima
Kang minangka sungkem pangabekti
Marang ibu kang sejati

Tumetesing luhmu minangka panadhangku
Gemujeng panjenengan minangka gumbiraku
Oh … Ibu katresnanku kang sejati
Tresna kang nyata jroning kalbu iki
Mugi tansaha ginanjar kawilujengan lan panjang yuswa.

Pewayangan 2


A.    Asale crita wayang
Crita wayang iku asale saka India. Babone crita ana loro, yaiku buku Ramayana lan Mahabharata. Buku Ramayana nyritakake lelakone Prabu Rama lan Shinta. Buku Mahabharata nyritakake lelakone keturunan Bharata, yaiku perange antara pandhawa lan kurawa. Saka tanah India crita wayang mau digawa dening para pedagang sing menyang tanah Jawa. Sawise tekan tanah Jawa, crita mau banjur dikarang maneh dadi lakon kang maneka warna. Crita sing isih manut babon asline diarani crita pakem, tegese manut pakeme utawa babone. Dene crita sing ucul saka pakem diarani crita carangan. Crita Mahabarata lan Ramayana dikarang dening Mpu Sedhah lan Empu Panuluh nalika jaman Prabu Brawijaya, ing Kediri nalika taun 1079 caka / 157 masehi.

B.     Kawruh pawayangan
1.      Dhalang     :  wong sing nglakokake critane wayang.
2.      Sindhen     :  wong putri sing nembang ngiringi wayang (waranggana).
3.      Wiraswara :  wong lanang sing nembang ngiringi wayang.
4.      Niyaga       :  tukang nabuh gamelan.
5.      Cempala    :  kayu kanggo nggedhog kothak.
6.      Blencong   :  lampu kanggo madhangi kelir.
7.      Kelir          :  layar / geber kanggo nglakokake crita wayang.
8.      Suluk         :  tembange dhalang kanggo ganti adegan ing crita
9.      Janturan     : pocapane dhalang sing nggambarake sawijining bab kahanan, (kahananing negara, ratu, perang, alas, taman, kraton, lsp)

C.                Jinising wayang
1.      Wayang purwa / parwa : digawe saka kulit (sing apik kulit kebo) critane Ramayana lan Mahabarata.
2.      Wayang golek / thengul : digawe saka kayu (reca kayu) critane Amir Hamzah (wong Agung Jayangrana).
3.      Wayang klithik : digawe saka kayu (gepeng) meh paha karo wayang kulit, lelakone Damarwulan.
4.      Wayang wahyu : digawe saka kulit critane nyebarake agama Kristen.
5.      Wayang menak : digawe saka kulit critane nyiarake agama Islam.
6.      Wayang beber : wayang digambar ing mori, critane prabu Brawijaya Majapahit.
7.      Wayang kancil : wayang sing paragane kewan, critane dongeng kancil.
8.      Wayang wong : sing nindakake wong, critane Ramayana lan Mahabarata.
9.      Wayang jawa : wayang saka kulit utawa karton, critane Babad demak tumeka Mataram.
10.  Wayang perjuwangan : wayang saka kulit utawa karton, critane Babad Diponegara.
11.  Wayang dupara : yasane Danuatmaja, critane jaman Demak tumeka Mataram.
12.  Wayang madya : yasane KGPAA Mangkunegara IV, critane saka Prabu gendrayana tumeka praja jenggala.
13.  Wayang gedhong : mawa gedhong topeng, yasane Sunan Giri, critane saka ratung ing jenggala tumeka jaman pajajaran.
14.  Wayang potehi : kaya boneka saka negara cina, critane carita kepahlawanan cina.

D.                                                                                                                                  Wewatake Wayang
1)            Watake manut jinise :
2)            Satriya, watake alus, luhur budine, dhemen tetulung.
3)            Buta, watake kasar, dakwenang, gumedhe.
4)            Kethek, watake wik-wikan, rana-rene mung arep nguthil.
5)            Watake manut sunggingane :
6)            Kuning, ireng, putih : tandhane becik, suci.
7)            Abang tandhane kendel
8)            Biru tandhane jirih
9)            Watake manut wangune :
10)        Dhingkluk watake sabar lan waspada.
11)        Lancap watake brangasan, gampang nesu.
12)        Mendelik mrongos watake galak.

Cangkriman


Cangkriman
Cangkriman yaiku tetembungan utawa unen-unen kang kudu dibatang utawa dibadhe maksude.
Cangriman ana 3 werna yaiku:
1.      Cangkriman sing awujud tembung wancahan
Tuladha: Pak boletus, batangane tapak kebo ana lelene satus
2.      Cangkriman awujud pepindhan utawa irib-iriban
Tuladha: sega sakepel dirubung tinggi. Batangane salak
3.      Cangkriman ngemu urasa blenderan
Tuladha: Saiki ula-ula ora ana sing mandi. Batangane ula-ula sing dikarepake balung geger.
Tuladha liyane:
1.      Wong mbiyen nganti saiki ngerti maksude Jatining urip karo jatining pati.
èJatining urip kuwi neng alas, jatining pati kuwi neng omah.
2.      Nek siji raisa obah, nek lima isa obah.
èWong nguleg nganggo munthu
3.      Ban neng ngisor raisa mlaku, nanging nek neng nduwur isa mlaku.
èTheklek
4.      Ana kuthuk, di wenehke ing kandhang, saben dina dipakani lan dirawat. Basan 2 tahun kuthuke ilang? Neng ngendi? Ilang dadi pitik

Wangsalan


. WANGSALAN
Dhapukane uga migunakake purwakanthi guruswara utawa sajak. Nanging uga ana kang awujud ukara lumrah wae.
Wangsalan kang dhinapur ing rumpakan ana kang memper puisi kajaba awujud rumpakan kang kaiket ing paugeran, wangsalan ngemu surasa kaya dene cangkriman utawa badhean.
Kaiket unen-unen kang ngemu surasa badhekan / cangkriman / piningit
Tuladha :
-        Carang wreksa, wreksa kang rineka janma
-        Nora gampang, golek kawruh mrih kaloka
Keterangan
1)      Ing pungkasaning gatra ngemu purwakanthi guru swara
2)      Ukara kapisan ngemu cangkriman, nanging banjur dibadhe ing ukara kapindho. Pambedhene mung srana kasrempet utawa kajupuk wandhane.
Carang wreksa = pang, badheane nora gampang
Wreksa kang rineka janma = golek, badheane golekana
Wangsalan kena kabedakake 8 werna yaiku:
1.      Wangsalan lamba, yaiku wangsalan kang mung isi batangan siji.
Tuladha:
a.Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso. (roning mlinjo=so)
b. Pindang lulang kacek apa aku karo kowe (pindang lulang = krecek)
2.                                                                     2. Wangsalan Rangkep, yaiku wangsalan kang isi batangan luwih saka siji kedadean rong ukara. Ukara kapisan minangka wangsalan lan ukara kapindho minangka batangan.
Tuladha:
a.Sayuk karsa, wulung widho mangsa rowang
    Sayektine mung saking bodho kawula. (saiyeg; bodho)
b.Jenang sela, wader kalen sesonderan. (Apu, sepat)
Apuranta, yen wonten lepat kawula
3.      Wangsalan Memet, yaiku wangsalan kang anggone nggoleki batangane sarana ngonceki maksuding tetembungane nganti ambal pindho, lagi bisa kecekel (ketemu).
Tuladha:
Uler kambang, yen trima alon-alonan.
Oncek-oncekan kapisan: Uler kambang, maksude lintah
Oncek-oncekan kapindho: Wanda “tali” ing tembung “lintah”, dianggep wancahane tembung kang surasane “alon-alonan, yaiku tembung “satitahe”. Tembung “satitahe” ateges”ora ngaya”, mung tumindak sakepenake bae, kanthi alon-alonan.
4.Wangsalan padinan, yaiku wangsalan kang lumrah kanggo ing pacelathon sadina-dina.Wangsalan padinan iku ana sing nganggo nyebutake batangane, lan ana sing tanpa nyebutake batangane, marga wong-wong sing padha krungu(maca) dianggep wis ngerti maksude(batangane)
a. Sing nyebutake batangane :
Jarwa prapta, aja duka lho iki mung gegojegan. (teka)
a.    Sing ora nyebutake batangane:
We lha njanur gunung, mas Irianto kersa nonton.
c. Wong kae sajatine wis krungu kandhaku, nanging njangan gori. Gori iku mathuke digudheg. Njangan gori=nggudheg. Maksude wangsalan”njangan gori” yaiku”mbudheg”, api-api/ethok-ethok ora krungu.


5. Wangsalan Edi peni, yaiku wangsalan kang dirumpaka mawa basa kang endah. (lumrahe basa kawi).
Tuladha: Carang wreksa, wreksa kang rineka janma.
Nora gampang, golek kawruh mrih kaonang. (pang=golek)
6.Wangsalan mawa paugeran tertemtu:
a. 4 wanda + 8 wanda
gayung sumur, lamun kemba aja mundur. (gayung sumur=timba)
b.4 wanda  + 8 wanda  X2
sayuk karsa, wulung wido mangsa rowang.
Sayektine mung saiki bodho kawula. (saiyeg;bodho)
7.Wangsalan kang sinawung ing tembang yaiku sawijining wangsalan kang karumpaka sarana nganggo tembang.Cacahing wandane lan tibaning swarane ing wekasaning gatrane ora tartamtu, sebab kawengku ing guru wilangan lan guru laguning tembang. Guru wilangan lan guru laguning tembang kudu tansah menang, lire: ora kena owah, kudu tansah manut paugeraning tembang.
Tuladha:
Sinom
Edane wong keneng guna, ambathik sinambi nangis, malam wutah balabaran, geni mati muring-muring, prembehan mbrebes mili, gawangan sinendhal putung, ya talah ta si kakang, puluh-puluh awak mami, petis manis wis kudu dadi pocapan.
Petis manis = kecap
1.            Wangsalan ing lelagon gendhing, yaiku mujudake cakepan ing umpak-umpaking gendhing, gerong lan senggakan; kang digolongake dening pasindhen, niyaga utawa bocah-bocah kang padha manembrama.
Tuladha:
PANGKUR LAMBA (SLENDRO PATET 9)
PURWAKA(Buka, Bawa)

Kembang adas sumebar neng tengah alas
Tuwas tiwas anglabuhi wong ora waras
Alah bapak, balung jagung saguhku isih janggelan
Wiwit gerong sing baku
Lagu gendhing Pangkur lamba
Maweh gumbira wardaya
Tur mathuk kinarya aba
Mlaku bareng ulah raga

Balung jagung = maksude janggel
Janggelan = durung tetep, isih kudu janji maneh, sendhe, bisa uga wurung/ora sida

Wangsalan tembang Pangkur Lks hal 43
Jirak pindha munggwing wana = yaiku kesambi , (sinambi kalaning nganggur)
Sayeng kaga = Yaiku kala
We rekta kang muroni (banyu abang sing marahi mabuk) = Yaiku anggur
Wastra tumrap mustaka (kacu sing kanggo sirah)= Yaiku Iket (pangikete wangsalan kang sekar pangkur)
Baon sabin ing nawala (nyambut gawe ing sawah) = karya (kinarya), ing nawala = layang, (langen pribadi
Tuladha liyane :
1.      Ari Sena, Sena gulung minangkara (Harjuna : Werkudara)
Ngestiharja luhur drajating praja
2.      Bibis tasik, tasik wanda winor tirto. (undur-undur : parem)
Maju mundur, tangeh marem kang sinedya
3.      Bimo putra, patraji ing lesanpura. (Gathotkaca = Setyaki)
Dadya kaca, Setya tuhu ing ubaya
4.      Cubung wulung, wulung wido mangsa rowang (tlasih : alap-alap)
Asihana, alapen badan kawula
5.      Dikir Buda, Budamanis yen jinarwa (Puja : rebolegi)
Amemuja, mbeboleh margining mulyo

Paribasan,Bebasan, Saloka


1)      Paribasan
Yaiku unen-unen sing ajeg panganggone, mawa teges entar, nanging ora ngemu surasa pepindhan.
Tuladha :
a)      Keplok ora tombok : melu seneng-seneng nanging ora gelem cucul ragad.
b)      Njajah desa milang kori : njajah nganti tekan pangonan ngendi-endi.
c)      Welas temaham lalis : welas marang wong pamburine gawe cilaka.
d)     Pasugatane mbayu mili : suguhane lumintu tanpa pedhot, terus wae.
e)      Njunjung ngebatake : ngalembana nanging ngandhut karep ngasorake utawa ngremehake.
f)       Kineban lawang tobat : wis ora oleh pangapura maneh.
g)      Giri lusi janma tan kena kinira : ora ken angina marang wong, jalaran cacing bae sing nggremet tekan pucuking gunung.
h)      Kulak warta adol prungu : tetakon lan ngandhakake warta sing wis dingerteni.

2)      Bebasan
Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan, nanging kang dipindhakake kaanane utawa sesipate wong utawa barang.
1.      Kebanjiran samodra madu : manggih kabegjan gedhe banget.
2.      Dadia godhong moh nyuwek, dadia banyu moh nyamuk : wis ora gelem sesrawungan maneh, awit saka seriking atine.
3.      Wasta bedhah kayu pokah : ketaton nganti putung balunge.
4.      Sedhakep ngawe-awe : wis mbuwang pakaremane ala, nanging ing batin isih kepengin nindakake maneh.
5.      Kuwuk ora weruh marang slirane : nacad wong liya, ora ngerti yen awake dhewe luwih ala tinimbang karo wong sing dicacad.
6.      Awak pendhek budhi ciblek : rupane ala, atine uga ala.
7.      Angon ulat ngumbar tangan : maspadakke ulate wong, yen kalimpe bakal dikutil barange.
8.      Nabok nyilih tangan : namakake panggawe ala sarana kongkonan.

3)      Saloka
Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan nanging kang dipindhakake wonge. Sing luwih digatekake wonge, dudu kaanane kaya dene bebasan lan biasane nganggo tembung tetuwuhan utawa kewan.
Tuladha :
a.       Pitik trondol dibubuti : wong mlarat dirog (dikuras) bendha donyane.
b.      Emprit abuntut bedhug : prakara cilik wusanane terus dadi prakara.
c.       Gagak nganggo elaring merak : wong asor caraning uripe kaya wong gedhe.
d.      Glathik sakurungan : wong akeh wis nunggal kekarepan.
e.       Lelancuring praja : wong sing dadi tetulungung wong sanegara.
f.       Pitik trondol diumbar ing padaringan : wong rekasa / mlarat dipercaya nyekel (simpen) dhuwit utawa ngreksa barang.
g.      Opor bebek mateng awake dhewek : song sing bisa madeg dhewe tanpa njaluk pitulungane wong liya.
h.      Cecak nguntal elo : wong duwe panjangka sing ora cocok karo kekuwatane.
i.        Bebek diwuruki nglangi : wong wis pinter diwuruki.

Kamis, 02 Agustus 2012

PARIKAN

Parikan
Yaiku unen-unen sing mawa paugeran/syarat telung werna yaiku:
1. Kedadean saka rong ukara nganggo purwakanthi guru swara
2. Saben ukara kedadean saka rong gatra
3. Ukara kapisan minangka purwaka, ukara kapindho minangka isine.

Tuladhane.
Wajik klethik, gula jawa.
Luwih becik, sing prasaja