KUNCI CRITA WAYANG
A.
Menanya
Sawise maca crita wayang ing dhuwur
banjur gawea pitakon adhedhasar crita kasebut!
Tuladhane :
1.
Apa judhul crita wayang ing dhuwur ! Bale sigala-gala (nilai 1)
2.
Crita wayang ing dhuwur kalebu crita
wayang Mahabarata apa Ramayana ? Mahabarata (nilai 1)
3.
Apa tegese tembung-tembung:
a. kanggo
samudana kanggo dedelikan/nyamar
b. kembul
dhahar bebarengan mangan bebarengan
c. nalisir
tumindak ora bener
d. dadi
reh-rehan dadi andhanahen/pegawai
e. penggalihe
sungkawa atine susah
4.
Sapa wae paraga ing crita wayang
kasebut ? (nilai
4)
a.
Kurawa (100 cacahe)
b.
Pandhawa (Puntadewa,
werkudara, arjuna, nakula, sadewa)
c.
Ibune pandhawa (Dewi Kunthi)
d.
Prabu Drestarastra
e.
Yamawidhura
f.
Resi Bisma
g.
Suyudana
h.
Patih Sengkuni
i.
Prabu Pandhu Dewanata
j.
Kanana
k.
Purocana
5.
Sapa wae pandawa lima iku ? (nilai 4)
Pandhawa (Puntadewa/yudhistira, werkudara/Bima, arjuna/janaka,
nakula, sadewa)
B.
Wangsulana pitakonan ing ngisor iki
!
1. Apa sing diarani bale sigala-gala
iku ? yaiku bale sing digawe saka pring petung kang
isine (ing jerone) diiseni dammar. Mula katelah kanthi sebutan bale
sigala-gala, Tegese bale kang isine/digawe saka gala
2. Sapa wae Kurawa iku ?
1. DURYUDANA
11. SUBAHU 21. SULOCANA
2. DURSASANA
12. DURPADARSANA 22. CITRA
3. DUSSAHA
13. DURMARSANA 23. UPACITRA
4. DUSALA
14. DURMUKA 24. CITRAKSA
5. JALASANDA
15. DUSKARNA 25. CARUCITRA
6. SAMA
16. KARNA 26. SARASANA
7. SAHA 17. WIWINGSATI 27. DURMADA
8. WINDA 18. WIKARNA 28. DURWIGAHA
9. ANUWINDA
19. SALA 29. WIWITSUH
10. DURDARSA
20. SATWA 30. WIKATANANA
3. Sapa wae Pandawa lima iku ?
Pandhawa
(Puntadewa, werkudara, arjuna, nakula, sadewa)
4. Nalika keprungu bakal diwisudane
Yudhistira, Duryudana banjur matur marang Prabu Drestarastra menawa ora gelem
dadi andhahane Pandawa. Pandawa banjur arep dikapakake dening Duryudana ?
Pandawa banjur arep
disirnakake/dipateni kanthi diapusi karo Duryudana dikepenakake digawekake
pesanggrahan/ omah mewah sing digawe saka gala (bahan kang gampang kobong) ing
tengah alas kanthi pangan sing enak-enak , sawise padha turu bale mau diobong
saengga pandawa sing ana ing njerone bale bisa mati.
5. Kepiye carane patih Sengkuni arep
nyirnakake Pandawa ?
Carane kanthi cara alus
kanthi gawe bale pesanggrahan ing dhusun Waranawata dhusun kang asri kang mapan
ana ing sangisoring gunung, cedhak alas. Bale mau digawe saka pring petung kang
ing sejerone diiseni dammar. Mula katelah kanthi sebutan bale sigala-gala,
tegese bale kang isine gala. Banjur Pandhawa dijaluk karo kurawa supaya padha
ngenggar-ngenggar penggalih lan bisa cedhak karo rakyate ing bale kanthi
sawetarawektu, banjur menawa Pandawa lena
pesanggrahan mau ing wayah wengi bakal diobong, kanthi mengkono pandawa
bisa mati.
6. Sapa kang kautus Duryudana ngobong
bale pesanggrahan ? Purocana
7. Kepriye carane Pandawa slamet saka
pasanggrahan sik diobong ?
Pamane Arya Yamawidura
utusan Kanana supaya para Pandawa kudu ngati-ngati amarga tanggal 14 wulan iki
Purocana diutus Duryadana supaya ngobong bale pesanggrahan. Kuwiditandakake
nalika Pandawa sakadang lan ibune lagi pada sare. Ananing Yamawidura dhawuh
Kanana supaya nggawe trowongan sinandhi minangka dalane Pandhawa sakadang ucul
sakapsanggrahan kuwi.
8. Kepiye kahanane Resi Wara Bisma
krungu menawa pesanggrahan kobong ?
Penggalihe sungkawa ora
bisa ngampet nganti netesake luh.
9. Apa wae tumindak sik ora pantes
diconto saka lakon wayang bale sigala-gala ?
a.
Aja
nganti blereng drajad nganti tumindak sing ora bener yaiku nyirnakake sedulure
dhewe.
b.
Tumindak
licik marang sapepadhane manungsa
10. Andharna budi pekerti sing bisa
dijupuk saka lakon wayang bale sigala-gala ?
A. Aja nganti blereng drajad
nganti tumindak sing ora bener yaiku nyirnakake sedulure dhewe.
C. Menanya
Sawise maca crita wayang ing dhuwur
banjur gawea pitakon adhedhasar crita kasebut!
Tuladhane :
1.
Apa judhul crita wayang ing dhuwur !
Raden trigantalpati ngundhuh wohing pakarti
2.
Sapa Raden Trigantalpati Iku ?
Raden Trigantalpati iku Patih Arya Sengkuni, pepatih ing Nagara
Astina kang nalika enome sesilih
Raden Trigantalpati utawa Raden Gendara, ya Harya Suman. Dheweke iku putrane
Prabu Kiswara ratu ing Gendaradesa
3.
Sapa sedulure Raden Trigantalpati ?
Dewi Gendari
4.
Apa tegese tembung-tembung:
a.
Kumalungkung = umuk/sombong
b.
Kawegigane= kapinterane/kaprigelane
c.
Diwisudha = dikukuhake/diresmekake
d.
Mbudidaya= ngusahakake
e.
Pengapesane= kekurangane/kelemahane
5.
Sapa wae paraga ing crita wayang kasebut
?
a.
Patih arya Sengkuni
b.
Dewi Gendari
c.
Prabu Kiswara
d.
Dewi Kunti
e.
Prabu Pandu Dewanata
f.
Prabu Destarastra
g.
Arya Gandamana
h.
Begawan Abiyasa
i.
Raden Werkudara
D.
Wangsulana pitakonan ing ngisor iki
!
1.
Sapa sing
diarani Raden Trigantalpati iku ?
Raden
Trigantalpati iku Patih Arya Sengkuni, pepatih ing Nagara Astina kang nalika
enome sesilih
Raden Trigantalpati utawa Raden Gendara, ya Harya Suman. Dheweke iku putrane
Prabu Kiswara ratu ing Gendaradesa
2.
Trigantalpati
iku putra ratu sing wiwit cilik anggone momong kepiye ? banjur duwe watak
kepiye ?
Trigantalpati dhasar
putraning ratu kang wiwit cilik kulina diugung sakabehe penjaluke mesthi
keturutan. Mula ora mokal yen dheweke duwe watak angkuh, umuk, kumalungkung,
sapa wani aku, murang tata susilo lan seneng ngremehake marang wong liya.
3.
Kena apa
rupane Arya Sengkuni sing maune bagus alus dadi ala ?
Ing wektu iku
Trigantalpati tuwuh krenteg kepengin bakal nglengserake kalunggahan Patih
Gandamana, mula banjur mbudidaya rewa-rewa ngatonake darma bektine marang ratu
kanthi sarana tegel mitenah Gandamana. Dheweke ngaturake palapuran kang ora
sakmesthine yaiku kuntul diaturake dhandhang, dhandhang diaturake kuntul.
Sawise nampa ature Trigantalpati, Prabu Pandu banjur ilang rasa
kapercayane marang Gandamana satemah Prabu Pandu duka marang Arya
Gandamana supaya linggar saka praja Astina. Ing kalodhangan iku kepatihan
komplang. Mula, Trigantalpati banjur kawisudha minangka Patih ing Negara Astina
nggenteni kalungguhane Gandamana. Mesthi wae Gandamana sengit ngigit-igit lan
serik atine marang Trigantalpati. Sakwise budhal pasewakan Trigantalpati ing
satengahing alun-alun dicegat dening Gandamana. Tanpa taha-taha Trigantalpati
banjur kalarak kaprawasa nganti pasuryane sing maune bagus alus dadi ala kaya
kacetha ing gambar Arya Sengkuni. Mripate Arya Sengkuni dadi peten kiyer, tutuk
dadi gusen mrenges njewewek, dhadha mlengkung, geger bungkuk, epek-epek
njrebebeh drijine kaya driji raseksa.
4.
Apa tegese
unen-unen aja dumeh, becik ketitik ala ketara, sapa culika bakal cilaka, sapa
temen bakal tinemu, sapa goroh bakal growah, sapa ora jujur bakal ajur,
ngundhuh wohing pakarti ?
a.
Aja
dumeh = aja umuk, aja duwe aji mumpung (mumpung kuwasa, mumpung sugih lsp).
b.
Becik
ketitik ala ketara = Becik lan ala bakal ketara ing tembe burine
c.
Sapa
culika bakal cilaka= sapa wae tumindak culika bakal nemoni kacilakan
d.
Sapa
temen bakal tinemu=Sapa wae sing tenanan/bersungguh-sungguh bakal nemokake sing
diupayakake/digoleki.
e.
Sapa
goroh bakal growah (gempil)= sapa seneng ngapusi bakal rugi gedhe (bisa nemoni
isin, tansah kelingan anggone ngapusi, didohi kanca-kanca lsp)
f.
Sapa
ora jujur bakal ajur=sing jujur bakal nemu kabecikan sing ora jujur ing tembe
bakal nemoni cilaka
g.
Ngundhuh
wohing pakarti= sakabehing tumindak kang ora bener bakal ngundhuh pakarti ala/ nemu
piwales saka Gusti Allah.
5.
Andharna
budi pekerti sing bisa dijupuk saka crita wayang Raden Trigantalpati ngundhuh
wohing pakarti ?
Mula saka iku, manungsa
kang darbe bebuden luhur mesthi mangerti werdine wasita adi kang kajiwa
kasalira sajroning uripe, kayata aja dumeh, becik ketitik ala ketara, sapa
culika bakal cilaka, sapa temen bakal tinemu, sapa goroh bakal growah, sapa ora
jujur bakal ajur, lsp. Mula sapa kang tumindak ala marang liyan, mesthi bakal ngundhuh wohing
pakarti ala.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar