A. Mengamati
1.
Sapa sing wis paham marang Jurnalistik?
2.
Apa wae kang kalebu wujud karya jurnalistik ?
Jurnalistik
Jurnalistik utawa jurnalisme (saka tembung journal) ing
basa Indonesia kasebut "kewartawanan",
yaiku cathetan bab kadadean sadina-dina, uga bisa diarani surat kabar. Journal
yaiku saka istilah basa Latin diurnalis sing ateges wong kang
nyambut gawe jurnalistik. Jurnalistik yaiku ilmu bab nulis ing media massa.
Jurnalistik nunggal teges karo kewartawanan.
Media massa yaiku sarana kanggo nyebarake informasi marang masyarakat.
Ing Indonesia, istilah "jurnalistik" biyen
diarani "publistik". Aktivitas pokok
ing kewartawanan yaiku palaporan kadadean kanthi andharan sapa, apa, kapan, ana
ngendi, ngapa, lan kepiye (ing basa Inggris diarani 5W+1H) uga ngandharake
kawigaten lan akibat saka kadadean utawa kang lagi trend.
Kewartawanan nyakup pirang-pirang media kayata: koran, televisi, radio, majalah lan internet minangka
pendatang baru.
Wujuding karya Jurnalistik.
Miturut Palapah
lan Samsudin ing buku Dasar-dasar Jurnalistik, wohing jurnalistik kaperang dadi
loro, yaiku news lan views.
1.
News, yaiku pawarta
wujud tulisan nonfiksi adhedhasar kadadean nyata lan anyar (faktual lan aktual). News ngemot 5W + 1 H, what (apa kedadeane), where (ing ngendi kedadeane), when (kapan kedadeane), who (sapa sing ngalami kedadean), why (geneya bisa kedaden), lan how (kepriye anggone ngatasi kedadean).
News/pawarta kudu nyakup syarat ing ngisor
iki:
a.
Obyektif, apa anane, ora
pilih kasih
b.
Aktual, anyar
c.
Aneh, ora biasa dialami/ora normal
d.
Penting, ana pengaruhe kanggo penguripane wong akeh.
e. Cedhak, saya
cedhak karo kedadean dianggep saya penting kanggo masyarakat kono
News/pawarta
kaperang dadi loro, yaiku:
a.
Strainght News, yaiku pawarta
kang cekak nanging pantes lan bisa njawab pitakon 5W + 1 H. Pawarta kang
penting banget diarani stop press.
Menawa pawarta penting kasebut ditayangake ing TV utawa digiyarake ing radio
diarani breaking news , amarga
digiyarake ing sela-selane acara liya.
b.
Feature, yaiku laporan
jurnalistik kang katulis kanthi gaya sastra. Feature iku mirip kaya cerkak
nanging ceritane kedadean nyata /faktual.
Isi tulisan feature luwih nengenake kaendahan (human interest), yaiku kedadean nyata kang bisa nggugah emosi, simpati, kasenengan, malah bisa uga njalari rasa jengkel.
Jinis-jinis
Feature :
1). Feature
Profil/tokoh/biografi, yaiku kisah inspiratif
sawijining paraga.
2). Feature
Sejarah, ngandharake apa sing dumadi ing jaman biyen.
3). Feature
Petualangan, yaiku kedadean unik kang narik kawigaten salah sawijining paraga,
bisa dhewe uga bisa bebarengan.
4). Feature
Kiat,tuladhane isi cara-cara kasil ing bisnis
5). Feature
Kamanungsan, nyritakake kedadean kang ntrenyuhake lan bisa menehi inspirasi
marang wong liya.
6). Feature
Mode/tren, yaiku ngandharake kisah gaya urip kang tansah owah salaras karo
ajuning jaman.
Tuladha Feature Profil kang kapacak ing kalawarti Djaka Lodang no
23 tanggal 1 November 2015.
2. Views/pandangan, yaiku bahan
pawarta saka panemune panulis.Views
bisa awujud tajuk rencana, opini, artikel, surat pembaca, essay lan
liya-liyane.
Gatekna pawarta ing ngisor iki!
Kirab Budaya Merti Dhusun Godean Semarak
Kirab
budaya merti dhusun kang dieloni dening
pitung desa sa Kecamatan Godean
Sleman Minggu Sore kapungkur lumaku kanthi rancak lan sumarak. Pitung desa kang melu kegiatan merti dhusun kasebut
yakuwi Sidorejo, Sidoluhur, Sidoagung, Sidomulyo, Sidokarto, Sidomoyo, lan
Sidoarum. Minangka tuan rumah yakuwi Sidomulya.
Miturut
Sekcam Godean Drs. Arifin nerangake kegiyatan merti dhusun kanthi kegiatan
kirab budaya kasebut duseni tujuan kanggo ngenalake maneka warna potensi lan
budaya kang ana ing saben desa ing wilayah kecamatan Godean. Kejaba kuwi supaya
para generasi mudha bisa nglestarekake anane maneka warna kabudayan kang ana
ing DIY.
Kirab
budaya diwiwiti kanthi pasukan berkuda kang dipimpin langsung dening Sekcam
Godean Drs. Arifin. Terus dieloni bergada prajurit mataram, bergada andhong,
bergada asil bumi, drumband lan maneka warna kesenian lan tiruan lelembut.
Kirab kang oleh kawigaten saka masyarakat kasebut diwiwiti saka kantor
Kecamatan Godean( jalan Godean-Jogja) terus ngubengi sebagean wilayah Kecamatan
Godean lan finish ing Kantor Desa Sidomulyo. Rute kang ditempuh kurang luwih
adohe 7 km.
(Djaka Lodang No. 26 September 2015)
Kawruh ing
babagan Jurnalistik
a.
Koran/ariwarti :
lembaran-lembaran dluwang utawa kertas kang isine warta-warta lan kaperang dadi
kolom-kolom (8-9) kolom. Koran iku kababar saben dina. Tembung koran dijupuk
saka basa Walanda krant, asline saka
basa Perancis courant. Koran kababar
saben dina paling akeh ngemot berita lempang (straigh news) yaiku pawarta saka reporter utawa wartawan.
b.
Majalah/kalawarti :
layag kabar kang metune ora saben dina. Bisa mingguan, rong mingguan, wulanan,
lsp.
c.
Tajuk :
pemikiran redaksi marang kawicaksanan prastawa, utawa kadadean tartamtu.
d.
Opini :
pemikiran wong sing ahli ing babagan kang ditulis ing opini kuwi.
e.
Feature : laporan jurnalistik kang
katulis kanthi gaya sastra
f.
Pojok : tulisan kang dipapanake ing
pojok, sakaca karo tajuk.
g.
Karikatur :
kolom kang isine gambar sing kadhang uga ngemot crita-crita nyindir marang
kedadean kang lagi booming.
GLADHEN.
Para siswa saiki
ndhapuk kelompok. Saben kelompok 4 siswa, banjur nyoba gawe teks pawarta kanthi
dirembug bebarengan. Aja lali anggone gawe pawarta kanthi adhedhasar 5W + 1 H. (what, who, where, when, why, how/ apa,
sapa, ing ngendi,kapan, genea, lan kepriye
)
Kanggo
nggampangake anggone gawe pawarta, luwih dhisik gawe pokok-pokok pawarta sing
arep ditulis, kanthi ngisi cecek-cecek ing ngisor iki!
B.
Mengamati
1.
Sapa sing wis paham marang opini?
2.
Apa tegese opini?
3.
Apa perangan kang kudu ana ing opini?
a.
Gatekna tuladha Opini ing ngisor iki!
PASAR
ILANG KUMANDHANGE
Anane globalisasi wis akeh pangaribawane tumrap bangsa Indonesia, kang
uga ndadekake masalah tumrap kalanggengane kabudayan dhaerah. Bab iku wis nyata
pengaruhe tumrap kabudayan Jawa. Masyarakat Jawa saya suwe saya luntur tresnane
marang kabudayan Jawa. Kabudayan Jawa wis kadheseg karo kabudayan manca sing
kanthi gampang lumebu ing wewengkon Indonesia mligine Jawa.
Teknologi, komunikasi,lan transportasi jaman saiki ngrembaka kanthi
cepet,miturut pangandikane Roger Moore menawa teknologi iku saben 18 sasi ngalami
owah-owahan kang saya apik (canggih). Contone kayata handphone, komputer, lan
piranti elektronik liyane,
sedhela-sedhela metu merk utawa
modhel anyar tur sangsaya apik. Pangrembakaning teknologi informasi lan
komunikasi mau kang njalari owah gingsir kabudayan Jawa.
Miturut Simon Kimoni sosiolog saka Kenya, ngendikaake menawa saiki
bangsa-bangsa kudu banget anggone
ngopeni kabudayan dhaerah supaya ora kadheseg budaya manca. Ngugi Wa
Thiong’o uga winasis saka Kenya uga ngandharake menawa dunia barat mligine
Amerika Serikat kaya-kaya lagi nguntalake bom budaya tumrap bangsa-bangsa ing
saindhenging jagad. Dheweke lagi mbudidaya ngosak-asik budaya pribumi saengga
bangsa-bangsa kasebut bingung golek jatidhiri lan identitas negarane.
Bab iku wis kabukti ngenani budaya Jawa kang nyata wis kedheseg budaya
manca. Wong Jawa wis arang sing ngulinakake basa Jawa tumrap putra-putrane.
Ibu-ibu isin ngulinakake Basa Jawa marang putra-putrine, wiwit lair wis dijak
guneman nganggo basa Indonesia. Kamangka ngulinakake basa Jawa padha karo
ngulinakake ngajeni wong liya, amarga basa Jawa ngemot etika nengenake unggah-ungguh kang ora diduweni dening basa
liyane. Mula yen bocah ora duwe
tatakrama ya aja disalahke banget, amarga pancen ora dikulinakake dening wong
tuwane.
Ing pasamuwan akeh wong Jawa kang ora confident migunakake Basa Jawa, banjur ora wani guneman nganggo
basane dhewe (Jawa) kuatir salah. Paribasane pasar wis ilang kumandhange, kali
wis ilang kedhunge, wong Jawa ilang Jawane. Tuladha liyane kaya kasebut ing
ngisor iki :
Basa. Basa kang dienggo ing dokumen-dokumen
perbankan, hotel, papan-papan pituduh ing mall, bandara, papan wisata, lan
sapanunggalane kabeh nganggo basa manca (Inggris). Malah syarat kanggo ndhaftar
ngleboni pagawean uga kudu bisa basa Inggris aktif. Kabeh mau njalari
wong Jawa rumangsa ora kanggo anggone nyinau basa Jawa. Apa maneh wong tuwa wis
ora ngulinakake basa Jawa marang putrane. Yen ngono apa suwe-suwe basa Jawa
bakal mati ?. Kandhane mahasiswa Jepang kang sinau basa Jawa ing Jurusan Bahasa
Daerah ing salah sawijining pawiyatan luhur ing Ngayogyakarta, menawa dheweke
duwe ancas sawise lulus bakal ngedegake lembaga basa Jawa ing Jepang. Wah yen
ngono basa Jawa kuwi satemene dianggep adiluhung dening wong-wong Jepang. Malah
dheweke uga ngandhakake menawa meh saben kampung ing Jepang duwe perangkat
gamelan. Malah ing wewengkon Jawa dhewe ora saben desa duwe
perangkat gamelan, ora saben sekolahan duwe perangkat gamelan, duwea uga durung mesthi digunakake kanthi
becik.
Pangan. Bocah jaman saiki luwih kenal fried Chicken, Hotdog, Pizza, tinimbang gathot, thiwul, pelas,
buntil lan sapanunggalane kang asli saka Jawa. Kamangka satemene panganan manca
mau akeh ngandhut zat kang mbilaheni
menawa dipangan saben dina. Bocah ing
jaman saiki menawa ora kenal Fried Chicken, Hotdog, Pizza, lan
sapanunggalane dianggep ora gaul.
Angger wis bisa mangan nganggo panganan saka manca banjur rasane marem banget.
Ing babagan tatakrama uga mrihatinake, umpamane tatakramane mangan uga
saiki ora pati digatekake maneh, jaman biyen
wong mangan ora prayoga menawa sinambi ngadeg, mlaku-mlaku, omongan,lan
sapanunggalane. Nanging jaman saiki mangan karo ngadeg, mlaku-mlaku, lan karo
sinambi omongan wis dianggep lumrah, tuladhane ing gedhung-gedhung nalika acara
pahargyan manten, kabeh tamu anggone dhahar ngadeg, kamangka tamune saka
kalangan priyayi-priyayi lan para winasis, ustadz, kang luwih pana ing babagan tatakrama.
Sandhang. Para mudha saiki luwih seneng nyandhang sandangan merk saka manca sing durung mesthi
trep karo kabudayan Jawa. Angger ana
barang-barang branded diobralke ana
ngendi wae, adohe kaya ngapa bakal digoleki. Kamangka batik sandhangan gawean
Jawa asli ora kalah kualitase.
Ayo para mudha, wredha lan para sutresna, budaya Jawa kang adiluhung iki
aja nganti kesilep ajuning jaman, budaya Jawa kudu bisa tetep kuncara.
Pambudidaya lan kupiya iki kudu tetep digrengsengake supaya budaya Jawa bisa
urip ngrembaka, iya mung ing pundhak
kita samya.
b.
Gatekna katrangan ing ngisor iki!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar