Selasa, 01 November 2011

Kasusastran

Geguritan

Jumangkah

wektu terus lumaku
sajantraning lakuku
kaener ing sakabehing gegayuhanku
mbudi amrih rahayu
supaya tansah bisa gumuyu

ananging aku tansah eling
kudu tansah kinanthenan ati wening


pakaryan nunggu kridhaning dhiri
ngisi urip sing sejati
jati dhiri den ugemi
muga bisa netepi kewajiban utami

sangu donga pamuji saka Gusti
kanthi ora lali darmaning wibi
ngudi larasing kulawarga sayekti

Tidak ada komentar:

Posting Komentar