Selasa, 17 Mei 2016

CONTOH SOAL KELAS 8 2016



Wangsulana pitakenan wonten ngandhap menika kanthi milih jawaban ingkang paling leres  A, B, C  utawi D, kanthi bunderi ing lembar jawaban ingkang sampun sumadya!

Pacelathon 1
Wektune wulangan basa Jawa ing kelas wolu, keprungu swara lawang dithothok. Bu Sinta kang lagi ngasta ing kelas nuli noleh asale swara. Katon ing kono Deni karo Danang. Bocah loro iku nyuwun ijin arep menehi  wara-wara ing kelas wolu  A
Deni                     : “Nuwun sewu Bu, keparenga kula nyuwun idin badhe paring wara-wara dhateng kanca-kanca kelas wolu A.
Bu Sinta           : “Oh iya mas. Mangga”
                              “Bocah-bocah padha digatekake iki kancamu arep paring wara-wara”.
Deni                     : “Sugeng siyang kanca-kanca. Kepareng kula nyuwun kawigatosanipun sekedhap dhumateng sedaya pengurus    OSIS ing kelas wolu A bilih samangke sasampun pasinaon paripurna kasuwun kempal wonten ruang OSIS saperlu ngrembag  kegiyatan kangge mapag dinten kamardikan RI ingkang kaping 69. Makaten wara-wara saking kula awit kawigatosanipun kula  ngaturaken matur nuwun”     ( LKS Widyatamansari 8)

1.    Pacelathon1 ing dhuwur,  unggah-ungguh basa apa kang digunakake Bu Sinta minangka guru?
A.    basa ngoko lugu                                       
B.    basa ngoko alus                                       
C. basa krama lugu
D.   basa krama alus

2.    Bu Sinta kang lagi ngasta ing kelas nuli noleh asale swara.
Unggah ungguh basa kang digunakake yaiku basa…
A.   ngoko lugu                                               
B.   ngoko alus
C.   krama lugu                                   
D.   krama alus/inggil

3.    Basa ngoko lugu digunakake ….
A. bocah enom marang wong tuwa.
B. bocah enom karo kancane sing diomongake bocah enom.
C. bocah enom marang kancane sing diomongake wong tuwa.
D. wong tuwa marang wong enom sing diomongake dhuweni pangkat luwih dhuwur.

4.Ing ngisor iki ukara kang migunakake basa ngoko alus, yaiku….
A.     Tanto anggene sekolah namung mlampah, amargi griyane celak.
B.     Pakdhe Widura sampun sedasa taun ngasta wonten SMP.
C.     Wis seminggu iki simbah durung kondur saka Solo.
D.     Awake dhewe kudu tansah sinau sing sregep.


5.    Ing ngisor iki tuladhane basa krama lugu.
A.    Andri anggone nonton bal nganti wengi.
B.    Bu Guru sampun jumeneng woten ngajeng kelas.
C.   Antoni wiwit dinten Senin boten mlampah sekolah.
D.   Pakdhe Manta jam 06.00 wis tindak nggarap sawah.
 
6.    Menawa omong-omongan karo wong kang durung kenal, prayogane migunakake basa….
A.    ngoko lugu                                  
B.    ngoko alus
C.   krama lugu                                             
D. krama alus

7.    Pacelathon 1 ing dhuwur  tata krama utawa unggah –ungguh kanggo….
A.    pamuji
B.    pangalembana                                         
C.   nyuwun pangapunten      
D.   nyuwun kawigatosan       

8.    Tembung kang digunakake kanggo njaluk kawigaten kaya ing ngisor iki:
A.    nuwun sewu                                 
B.    matur nuwun
C.   nyuwun pangapunten                              
D.   Kepareng kula nyuwun kawigatosanipun sekedhap.

9.    Nalika Deni arep ngumumake ing kelas, swasanane rame. Kepriye Deni anggone njaluk kawigaten?
A.     “Kanca-kanca bisa meneng ora!”
B.    “Kanca-kanca rungokna pengumuman iki!”
C.   “Kanca-kanca njaluk kawigatenmu sedhela!”
D.    “Kanca-kanca aja rame dhisik ana pengumuman!”

10.  Kadospundi caranipun nyuwun kawigatosan nalika parepatan RT?
A.   “Kepareng nyela atur dhumateng bapak-bapak ingkang nembe wawan pangandikan.”
B.   “Kepareng nyela pangandikan dhateng para bapak-bapak sedaya.”
C.   “Kula suwun panjenengan sedaya mirengaken atur kula menika.”
D.   “Kula suwun bapak-bapak mendel rumiyin, kula badhe matur.”

 Pacelathon 2
Juri kang padha mbiji uga wis nindakake ayahane. Sawise ditliti kanthi premati, asile lomba banjur dibiwarakake. Susilawati oleh juwara siji. Dheweke katon bungah banget.
Bu Guru           : “Selamat ya Sus, kowe bisa oleh juwara siji ing lomba sesorah iki.”
Widati              : “Inggih matur nuwun sanget Bu. Sedaya wau inggih saking donga lan pangestunipun Ibu.”

11.  Susilawati oleh juara 1 lomba sesorah.  Kepriye patrapmu?
            A. meneng wae                                              
B. ngucapake selamat
C. ethok-ethok ora ngerti                               
D. ora usah ngucapake salam

12.  Sawise Susilawati oleh ucapan selamat saka bu guru, Kepriye patrape Susilawati  kang bener?
A.  tetep andhap asor, ora gumedhe.             
B.  gumedhe amarga wis oleh juara 1
C.  umuk marang kanca-kanca amarga wis juara 1  
D.  rumangsa marem mula terus sawiyah-wiyah

13.  Saben tanggal 20 para pegawe ing  kabupaten Bantul padha ngagem sandhangan jawa. Bapak lan ibu guru ing sekolahku uga mangagem  sandhangan jawa.  Kepriye anggonmu ngalembana marang  ibu gurumu, kang trep karo unggah-ungguhe?
A.   “Bu  Guru yen ngagem sandhangan Jawi ketingal wangun.”
B.    “Bu Guru yen nganggo sandhangan Jawa ketok wangun.”
C.   “Bu Guru menawi  manganggo ageman Jawa ketok luwes.”
D.   “Bu Guru menawi ngagem ageman Jawi ketingal luwes.”

14.  Kanggo mengeti dina Kartini, 21 April sekolahane Wulandari mengeti kanthi manganggo sandhangan jawa.  Widada kakange ngalem adhine. Kepriye Widada ngalem adhine?
A.    “Wah, adhiku wedok moblong-moblong.”
B.    “Dhik Wulan ayu banget , kaya Kartini tenan!”
C.   “Dhik Wulan ra wangun nyandhang kaya ngono!”
D.   “Dhik Wulan! Ayu banget, rupinipun kados Dewi Kartini saestu.”

15.  Bu Sulastri  ngasta kelas 8A, kowe dadi pengurus OSIS oleh tugas ngumumake wara-wara ana ing kelas kasebut. Kepriye aturmu?
              A.  “Nuwun sewu Bu, kula badhe ngumumaken.”
              B. “Nuwun sewu Bu, badhe ngumumaken teng kanca-kanca.”
              C. “Nuwun sewu Bu, kula ajeng ngumumaken teng kanca-kanca.”
              D. “Nuwun sewu Bu, menawi kepareng kula badhe nyukani pengumuman.”

16. Ratri ditimbali Pak Subagya guru BK nalika piwulangan Basa Jawa, kepriye ature Ratri menawa  arep idin ana ing ruang BK?
A.    “Nuwun sewu ,Bu! Kula nyuwun idin badhe sowan Pak Subagya!”
B.    “Nuwun sewu, Bu! Kula ajeng tenggene Pak Subagya.”
C.   “Nyuwun pangapunten Bu, Kula ajeng teng ruang BK.”
D.   “Nyuwun pangapunten, Bu. Kula badhe Pak Subagya.”

17. Kepriye aturmu menawa arep njaluk idin kanggo ndherekake ibu ing puskesmas?
A.     “Pak kula dhateng puskesmas nggih!”
B.     “Napa angsal Pak, nek kula sing ngeteraken Ibu?”
C.     “Pak, kula ajeng ngeteraken ibu kula teng puskesmas.”
D.     “Menapa kepareng Pak, menawi kula ndherekaken Ibu?”

18.  Aku arep… idin menyang puskesmas, nanging Bu Guru dereng….
              A. nyuwun, teka
              B. nyuwun, rawuh
         C.njaluk, rawuh   
              D. njaluk, teka

19.  Nyuwun pangapunten Bu, menawi … kula … idin dhateng pakiwan sakedhap.
A.    angsal, njaluk       
B.    oleh, nyuwun                                
C.   pikantuk, njaluk
D.   kepareng, nyuwun                                   

20.  Kadospundi  patrap badan nalika matur nyuwun idin?
A.    ngadeg jejeg, tangan ngapurancang, awak mendhak sethithik.
B.    ngadeg jejeg mripat ngulatake,  tangan ngapurancang.
C.   awak mbungkuk, tangan ngapurancang
D.   ngadeg jejeg, tangan ngapurancang

21.  Dina kartininan sekolah arep nggunakake klambi adat jawa. Kamangka Dita ora duwe klambi jawa. Dita arep matur Bapake supaya numbasake klambi jawa. Kepriye anggonmu matur marang bapakke kang bener?
A.     “Pak kula ditumbasake klambi jawa nggih?”
B.     “Nuwun sewu pak kula tumbaske ageman jawa nggih?”
C.     “Nuwun sewu Pak gandheng kula boten gadhah rasukan jawi kula dipuntumbasaken rasukan jawi.”
D.     “Nuwun sewu Pak gandheng kula boten gadhah ageman jawi kula dipundhutaken ageman jawi.”

22.  Kowe ana tugas saka sekolah supaya sinau kelompok. Kowe arep pamit karo ibumu. Kepriye anggonmu matur ?
A.     “Bu kula wonten tugas sinau kelompok kula pamit nggih.”
B.     “Bu kula ageng nggarap tugas wonten nggene kanca kula.”
C.     “Nuwun sewu Bu, kula pamit ajeng sinau kelompok kalih kanca.”
D.     “Nuwun sewu Bu, menawi kepareng kula nyuwun idin badhe pamit  sinau kelompok kalih kanca.”

23.  Menawa kowe nyilih kompa ing tanggamu,  kepriye anggonmu matur?
A.     “Pak, menapa kepareng kula nyuwun ngampil kompa?”
B.     “Pak, kula ajeng nyuwun ngampil kompa!”        
C.     “Pak, kula ngampil kompane nggih!”
D.     “Pak, kula bandhe nyilih kompa!”           

24.  Para wiranem ing RT 1 badhe ngawontenaken gladhi sesorah, mapanipun ing bale RT. Minangka ketua pemudha Sujatmika nyuwun idin dhateng Pak RT. Kadospundi aturipun Sujatmika?
A. “Pak, para wiranem ing RT 1 badhe ngawontenaken gladhi sesorah, menawi dipunparengaken Bapak, papanipun ing bale RT.”
  B. “Pak,  para wiranem ing RT 1  ajeng nganake latihan sesorah, nek nyilih bale Rt entuk ora?”
  C. ”Pak, menawi angsal kula ajeng nyilih bale RT ngge gladhen sesorah.”
  D. “Pak RT, menapa angsal menawi bale RTne dingge gladhen sesorah?”

25.  Menawa ana wong luput marang awake dhewe becike…
A.     males tumindak luput.
B.     emoh menehi pangapura
C.     menehi pangapura kanthi tulus.
D.     menehi pangapura karo grundelan.

26.   Solah bawa nalikane kowe njaluk pangapura marang kancamu dhewe, prayogane….
                      A. rai sumeh, ora cengengesan ngajak salaman
                      B. ulat sumeh ngulatake wong liya
                      C. rai peteng katon mbesengut
                      D. bola bali ngajak salaman

27.  Nalika dina riyaya, kowe sowan simbah nyuwun pangapura. Solah bawamu kang becik yaiku….
                     A. kowe lungguh ing kursi awak rada mbungkuk karo salaman.
                     B. kowe lungguh ing njobin, simbah ing kursi ora salaman.
                     C. kowe ngajak salaman karo ngguyu cengengesan.
                     D. kowe lungguh ing njobin simbah ing kursi.

28.   Nalika bihalalan kowe njaluk ngapura marang simbah, ukarane kang bener, yaiku….
              A.“Simbah kula dipunapunten nggih!”
              B. “Sowan kula menika nyuwun pangapunten.”
              C. “Nuwun sewu Mbah, kula nyuwun pangapunten sedaya kalepatan nggih!”
D. “Nuwun sewu Mbah, ngaturaken sembah bekti kula, sedaya kalepatan  nyuwun pangapunten.”

29.  Tetembungan kang kurang cocok kanggo njaluk pangapura marang kancamu dhewe, umpamane…
A.  “Apuranen ya luputku.”
B.  “Dipunapunten lepat kula nggih.”
C.  “Njaluk pangapura kabeh luputku.”
D.  “Aku njaluk tetesing  samodra pangaksama.”
             
30.   Rini rumangsa luput ora nggarap PR, mula ature kang becik mengkene….
              A. “Nyuwun agunging pangaksama Pak kula kesupen saestu.”
              B. “Nyuwun pangapunten Pak, kula kesupen saestu.”
              C. “Boten sah dipunpenggalih Pak, kula kesupen saestu.”
              D. “Boten napa-napa Pak, tiyang kula kesupen saestu.”


31.  Nalika mertamu kudu nggatekake tata krama. Ing ngisor iki  tata kramane wong mertamu.
A.    mertamu becike wektune mangan.
B.    mertamu nganggo sandhangan sakepenake dhewe
C.   yen disuguh panganan ora nyenengake oleh dicacat
D.   tamu nginep paling suwe telung dina lan kudu lapor RT.

32.  Wekdal ingkang sae nalika mertamu inggih menika….
A.    wayah awan
B.    wayah surup                                                        
C.   wayah ngaso
D.   wayah jam sewelas                                                         

33.  Nalika mertamu ngagem busana ingkang sae kangge….
A.    ngurmati ingkang kagungan dalem
B.    ngurmati ingkang mertamu
C.   ngurmati awake dhewe
D.   ngurmati kulawarga

34.  Palaporan sawijining kedadeyan nyata utawa kahanan wigati lan anyar kang kudu diwahyakake marang wong akeh kanthi cepet, iku diarani….
A.    sesorah                                                    
B.    wara-wara
C.   pawarta                                        
D.   pambiyawara

35.  Apa ancase nyemak pawarta?
A.     kanggo ngisi wektu
B.     kanggo golek hiburan
C.     kanggo golek informasi
D.     kanggo njembarake wawasan                

Gatekna tembung iki
1.    Factual/nyata
3.    fiktif
5.    wigati
2.    Actual/anyar
4.  imajinatif


36.  Tembung ing dhuwur kang kalebu  titikane pawarta, nomor ….
A. 1-2-3                                              
B. 1-2-5
C. 3-4-5                                  
D. 1-3-4



Gatekna tembung iki
1.    Actual
3.    Cekak aos      
5. gampang dipahami(lugas)
2.    Kedaluwarsa
4. Dladrah
6. puitis

37.  Tembung ing dhuwur kang kalebu  basa digunakake ing sawijining  pawarta, yaiku nomor…
A.    1-2-4                                                         
B.    1-3-5
C.   2-4-6                                                         
D.   2-3-5

38.  Pawarta kang jangkep ngemot wangsulan ….
A.    4 W + 1 H                                                 
B.    4 W + 2 H 
C.   5W + 1 H                                      
D.   5W + 2 H

39.  Nyemak pawarta bisa dimirengake saka media cetak lan media elektronik. Tuladha pawarta saka medhia cetak kaya….
A.    televise                                                     
B.    ariwarti
C.   internet                                                     
D.   radio

40.  Kang perlu digatekake nalika nyemak sawijining pawarta, kaya ing ngisor iki kejaba:        
A.  bisa mbedakake pawarta kang wigati lan ora
B.  nggatekake samubarang kang diwartakake         
C.  nulis kang diwartakake supaya ora lali
D.  nyemak satleraman wae

41.  Teks pawarta dumadi saka apa wae?
A.    irah-irahan, teras pawarta, isi pawarta, lan panutup
B.    irah-irahan, teras pawarta lan isi pawarta
C.   isi pawarta, andharan pawarta, panutup  
D.   irah-irahan, pambuka, isi 

  1. Tuladha irah-irahan pawarta ngisor iki endi kang bener?
A.     Presiden Ngresmekake Kreteg Suramadu
B.     Bayi Umur Patang Sasi Kecemplung ing Sendhang Tengah Sawah
C.     Begal Montor Numpak RX King Merjaya Korbane ing Dalan Parangtritis
D.     Presiden Ngadani Upacara Mengeti Dina Kamardikan RI ing Alun-alun Lor

43.  Lagu/iramaning maca pawarta bisa minangka pandudut(daya tarik) kanggone sing ngrungokake, kang diarani:
A.    wirasa                                           
B.     wiraga                 
C.   wicara                                          
D.   wirama

Pawarta 1
Jamasan Pusaka Kraton Ngayogyakarta
 …….
                        Dinten Rebo(28/11) siyang, puluhan abdi dalem Kraton Ngayogyakarta katingal saweg njamasi pusaka. Upacara jamasan pusaka ingkang ajeg dipunadani saben tahun punika, boten binuka kangge masyarakat. Salah satunggaling abdi dalem Kraton Ngayogyakarta, Aning Sunindyo, ngandharaken jamasan pusaka dipuntindakaken kalih dinten awit wonten 200 pusaka ingkang kedah dipunjamasi.
                        Nalika dipunpanggihi saparipurnanipun nampi rawuhipun Raja Putra Norwegia ing Kraton Ngayogyakarta, Sri Sultan Hamengku Buwana X, ngendikakaen “Pihak kraton badhe ngadani jamasan pusaka saben taunipun”. Wondene Ngarsa Dalem njamasi piyambak pusaka ingkang sampun sepuh, inggih punika tumbak kanjeng Kyai Ageng Pleret lan Baru Klinthing.(LKS Widyatamansari 8)

44.  Ukara inti  paragraf siji ing dhuwur yaiku:
A.    Upacara jamasan pusaka
B.    Abdi dalem Kraton Ngayogyakarta
C.   Jamasan pusaka dipuntindakaken kalih dinten
D.   Wonten 200 pusaka ingkang kedah dipunjamasi.

45.   Aning Sunindyo, ngandharaken jamasan pusaka dipuntindakaken kalih dinten. Tembung jamasan tegese….
A.    ngasah                                                     
B.    ngedusi
C.   nyepuh                                                     
D.   ngekum

46.  Budipakarti kang bisa dijupuk saka pawarta Jamasan Pusaka, kaya kasebut ing ngisor iki, kejaba:
A.     supaya sing tunggu pusaka ora nesu
B.     minangka daya tarik wisatawan
C.     nglestarekake budaya bangsa
D.     nguri-nguri warisan leluhur


Pawarta 2
Paneraking Wereng Ngrebda
            Paneraking wereng ing Kabupaten Klaten Jawa Tengah samangke tansaya ngrebda. Kawontenan mangsa ingkang boten gumathok kados samangke, njalari kadang tani kangelan ngendhaleni paneraking ama.
            Taneman pantun ing kecamatan Polamharjo lan Karangdowo ingkang umuripun saweg sewulan, ketingal angles jalaran katerak wereng. Kades Polamharjo Srimanto mratelakaken 80hektar taneman pantun ing wewengkonipun katerak wereng lan uler. Sinaosa sampun kupiya dipunsemprot, nanging panereking ama dereng mendha.
            Kadang tani ngajab warga tumut njagi lestarining kodhok minangka predator alam kangge ngendhaleni paneraking wereng. Wondene menawi dipunbarasta ngginakaken pestisida kedah dipuntindakaken sesarengan. (LKS widyatamansari 8)
47.  Sapa paraga ing pawarta dhuwur, ….
A.    Kadang tani                                                          
B.    Kades Polamharjo                                                           
C.   Warga dhusun Klaten
D.   Kadang tani lan Kades Polamharjo

48.  Menapa ingkang dados predator alam kanggo paneraking wereng?
A.    kodhok                                                                 
B.    tikus
C.   manuk
D.   ula                                                            

49.  Menapa ingkang njalari kangelan ngendhaleni paneraking ama?
A.    kawontenan mangsa ingkang boten gumathok
B.    kawontenan sabin ingkang wiyar-wiyar.
C.   kathahipun ama ingkang nyerang
D.   obat kangge nyerang boten cocok

50.  Budipakarti menapa ingkang saged dipunpendhet saking pawarta   “Paneraking Wereng Ngrebda”?
A.     Among tani kedah sabar lan guyup rukun sesarengan ngendhaleni ama.
B.     Among tani kedah pasrah  ngadhepi ama  kanthi boten wonten usaha.
C.     Among tani brasta ama kanthi  migunakake bahan bahaya.
D.     Among tani ngleremaken sawahipun supaya ora ana ama.                                          



Sugeng makarya

Tidak ada komentar:

Posting Komentar