Selasa, 23 Mei 2017

BAHAN UKK KELAS VIII 2017



TEMBANG PANGKUR
Mingkar-mingkuring ukara
(Membolak-balikkan kata) Sasmita /pralambang kang digawe ing tembung
Akarana karenan mardi siwi
(Karena hendak mendidik anak) Amarga bakal ndhidhik anak
Sinawung resmining kidung
(Tersirat dalam indahnya tembang) Kang diandharake ana ing endahing tembang
Sinuba sinukarta
(Dihias penuh warna ) kang direngga kanthi maneka warna
Mrih kretarta pakartining ilmu luhung
(Agar menjiwai hakekat ilmu luhur) supaya ngestokake ilmu luhur
Kang tumrap ing tanah Jawa
(Yang ada di tanah Jawa/nusantara) kang ana ing tanah jawa/nusantara
Agama ageming aji.
(Agama “pakaian” diri) agama minangka busananing awak kang paling penting
Mingkar-mingkuring= sasmita, pralambang
Ukara = kalimat
akarana= kanggo
Karenan= nyenengake
Mardi= ngusahakake
Siwi= anak
Sinawung= ana ing
Resmining= endahe
Kidung= tembang
Sinuba= direngga, dihias
Sinukarta= kanthi warna lan rerenggan/hiasan
Mrih= supaya
Ketarta= ngresepake
Pakartining= tumindak
Ngilmu luhung= ana ing ilmu kang becik
Kang= ana ing /yang
Tumrap= kanggo
Ing tanah Jawa= ing tanah Jawa
Agama= keyakinan agama
Ageming aji= busananing awak kang paling duwe aji/penting

Tidak ada komentar:

Posting Komentar