Minggu, 08 Oktober 2017

MATERI KD 3.1 UNGGAH-UNGGUH KLS IX SEM 1 2017

KD 3.1 MATERI UNGGAH-UNGGUH KELAS IX SEM 1

Materi untuk menyatakan setuju/ tidak setuju, menanggapi jawaban tidak benar, memberi semangat, menyatakan harapan atau doa, menyatakan ikut berbahagia maupun berbela sungkawa dengan unsur kebahasaan yang benar dan sesuai konteks, serta sesuai dengan unggah-ungguh Jawa

Materi untuk menyatakan setuju/ tidak setuju, menanggapi jawaban tidak benar, memberi semangat, menyatakan harapan atau doa, menyatakan ikut berbahagia maupun berbela sungkawa dilingkungan  sekolah.

Materi Pembelajaran
Unggah-ungguh Wong Micara:
Akeh wong kang diurmati dening wong liya, kajen keringan amarga saka guneme utawa tetembungane trep lan gawe endahe sesrawungan. Mula saka iku, wong micara kudu nggatekake:
1.      Guneme sing becik lan saperlune wae,.
2.      Aja nyela gunemane wong liya, entenana nganti ukarane rampung,.
3.      Aja gampang nyacad lan maido marang panemune wong liya,
4.      Sanajan ora cocog karo panemumu, panemune wong liya becik tetep digatekake lan diurmati,
5.      Yen ora cocog karo panemumu, anggonmu nyela utawa ngandharake panemu prayogane njaluk ngapura luwih dhisik, upamane:
a.      “Nyuwun pangapunten, menawi pamanggih kula mekaten……..”
b.      “Nuwun sewu, yen panemuku kok mangkene……..”
Kanthi mangkono wong sing duwe panemu sadurunge ora banjur gela, wong kang srawunge becik bakal disenengi dening wong liya satemah rumaket anggone padha paseduluran.

1.      Materi nelakake rasa setuju/ora setuju ing lingkungan sekolah
Budiman       :       “Kanca-kanca, kowe kabeh wis krungu ngendikane Pak Martana mau        awan ta?”
Jumadi          :       Ya wis, apa bab sinau kelompok.”
Budiman       :       Bener, mumpung UN isih sawetara wektu, prayogane awake dhewe          gawe kelompok belajar.”
Basuki           :       “Wah, setuju banget kuwi, supaya enggal bisa sinau bebarengan.”
Ahmad          :       “Yen, mangkono Budiman wae sing mbage kelompok, wong ketua             kelas kok.”
(bebarengan):      “setuju!”
Rahayu         :       “Aku duwe panemu yen anggota kelompok kudu diwawas, ana sing           pinter, dadi bisa marai kanca-kancane lan cacahe kudu ganjil.
Purwaka       :       “Wah, sakjane aku setuju nanging yen omahe adoh-adoh kepriye?             Apa ora adhedhasar omahe sing cerak wae anggota kelompok kuwi?”
Ahmad          :       “Ngono ya becik, upamane ing kelompok kuwi ana soal sing ora bisa         dirampungake, bisa takon kelompok liyane. Rak ya ngono ta kanca-        kanca?
(bebarengan):      “akur…..”

2.      Nyaruwe wangsulan kang ora bener ing lingkungan sekolah
3.      Menehi semangat ing lingkungan sekolah
Tekaku telat
Kaya padatan, esuk kuwi kabeh wis arep nindakakae kewajibane dhewe. Bapak tindak kantor dene putra-putrane budhal sekolah. Bapak nitih sepedha montor. Dene putra-putrane mung numpak sepedha wae. Sawise nyuwun pangestu marang wong tuwane bocah-bocah mau padha budhal sekolah. Widada mboncengake Widaningsih, Widati nyepedha dhewe.
Widati      : “Mas, banku nggembos…..kepriye iki?”
Widada    : “Ya wis yen mangkono, Dhik Wid nganggo sepedhaku mboncengake Dhik Ning. Dene aku sing nambalake banmu, wis kana budhala dhisik.
Sarehne kudu nambalake ban sepedha, Widada tekane telat kahanan sekolahe wis sepi, Widada dikendel-kendelake matur marang Pak Suhardi guru Matematika sing wektu iku lagi ngasta.
Widada    : “Nuwun Pak….kepareng kula matur.
Pak Suhadi           : “ O, kowe Widada, kene mlebu, napase ditata banjur lagi matur. (Widada matur alon nanging cetha, tangan ngapurancang, sirah ndingkluk)
Widada    : Nyuwun pangapunten, kula telat awit kedah nambalaken ban rumiyin, kula nyuwun idin mlebet.
Pak suhadi           : O, ya. Alangan iku pancen ora bisa dinyana-nyana sanajan manungksa wis ngati-ati. Ora ana sing bisa nolak alangan.
Piwulang ing budi pekerti:
1.      Tansaha tumindak pangati-ati
2.      Ngalah karo sedulur iku tumindak utama
3.      Yen rumangsa salah enggala nyuwun pangapura
4.      Alanagan iku  inangka pacoban mula ora perlu digetuni.

2.      Nelakake pengarep-arep/donga ing lingkungan sekolah


DHISIPLIN
Dina Senen, upacara Bendera wis diwiwiti nanging Guntur keri. Dheweke bingung banget jalaran wedi yendidukani. Dumadakan Pak Biyanto Guru BK (Bimbingan Konseling) katon. Guntur ditimbali lan didhawuhi melu upacara saka kadohan. Anwar, Anis, Boni lan Wartana uga padha telat. Sawise upacara rampung bocah-bocah mau didhawuhi mlebu ing ruang BK.
Pak Biyanto              : “Bapak ora duka. Ayo padha lungguh sing jejeg! Mesem apa ngguyu” (Pak
Biyanto mbombong bocah-bocah).
Anis                             : “Kula sedaya lajeng didhawuhi menapa Pak ?
Pak Biyanto              : “Coba wedang putih ing gelas-gelas kaegawanen mrene. Padha ngelak ta?
      (Anis njupuk wedang putih, sagelas dicaosake Pak Biyanto, patang gelas
Dicawisakekanca-kanca.Bareng wis padha ngombe  raine katon
sumringah).
Pak Biyanto              : ”Kepriye, anggonmu padha arep matur Bapak?”
Anis                             : “Kula sedaya rumaos lepat, Pak! Mugi-mugi Bapak kersa maringi
pangapunten.Salajengipun kula sedaya badhe nindakaken dhawuh saha
netepi aturan upacarakanthi sadhar saha tanggel jawab dhateng pribadi.
Mboten badhe kasep malih”.
PakBiyanto               : “Bener! Dhisiplin kuwi kudu metu saka rasa tanggungjawab pribadi.
Tumindak dhisiplinamarga saka rasa wedi utawa amarga ana sing
ngawasi iku ora apik lan ora sehat. Sebab yen duwe rasa ora wedi utawa
ora ana sing ngawasi mesthi bakal tumindak   sakarepe dhewe sanajan
ngerti ana aturan. Tumindak dhisiplin kudu metu saka rasa
 tanggung jawab pribadi lan metu saka prentuling ati. Mula ana sing
                                       ngarani dhisiplin mental. Ha… ha…ha
(Pak Biyanto gumujeng karo nyalami bocah papat ganti-ganti).

Wartana                     : (Karo noleh marang Boni)” Bon aku tak ganti takon kowe! Bapak guru sing
disiplin Kuwi sapa?”
Boni                             :  “Nuwun sewu Pak, ya Pak Biyanto iki”
Anis                             : “Apa alasane?”
Guntur                       :  Alasane cetha, awake dhewe nerak aturan, ora didukani. Malah diparingi
wedang, mari ngelak, ora mnagkel, nanging … kapok ! (ha…ha… kabeh
padha ngguyu, singoramung Pak biyanto)
Pak Biyanto              : “Sembrana, wis kana padha mlebu kelas”! (Bocah-bocah nuju kelase
dhewe-dhewe karo keduwung nanging bungah)


Materi Pembelajaran

1.      Materi nelakake rasa setuju/ora setuju ing lingkungan kulawarga
2.      Nyaruwe wangsulan kang ora bener ing lingkungan kulawarga
3.      Menehi semangat ing lingkungan kulawarga
4.      Nelakake pengarep-arep/donga ing lingkungan kulawarga

Ukara pangarep-arep (pangajab)
Ing wulangan kepungkur, wis diandharake menawa ukara iku ujaran kang wis sampurna kang dadi sarana wedharing gagasaning manugsa. Tandha sampurnaning ujaran ditengeri tandha titik (.), pitakon (?), utawa pakon (!). Manut isine, ukara bisa dipilah dadi maneka warna wujude antarane yaiku ukara pangarep-arep utawa pangajab mujude kaya ukara panjaluk nanging alus. Ukara pangarep-arep lumrahe mawa tembung: Muga, muga-muga, mugi, mugi-mugi, lsp.
Tuladha:
1.      Muga-muga Gusti paring pitulungan marang aku lan kowe!
2.      Mugi-mugi sukmanipun tinampi ing ngarsaning Gusti Ingkang Maha Kuwasa!
3.      Pangarep-arepku, muga kakangmu enggal bali!
4.      Panjalukku, kowe bisaa momong lan urip rukun karo adhimu!
5.      Muga-muga kowe bisa sekolah ing ngayogyakarta, krasan lan bisa sinau kanthi becik!.








3.      Nelakake rasa seneng

RASA SENENG

Rasa Seneng
Jam setengah pitu Firda budhal sekolah. Ora lali nyuwun pamit Bapak lan Ibune. Nalika pamitan, astane bapak lan ibune diambung. Dina kuwi ora kaya adat sabene. Firda diparingi dhuwit bapake Rp. 10.000,- supaya dianggo tuku piranti nulis. Turahane kena dicelengi. Wah, Firda seneng banget. Tembunge, “ Matur nuwun Pak”astane bapake diambung maneh. Ulate seneng sumringah. Bapake dhawuh, ngendikane,” ya, padha-padha. Sinaua kang sregep, supaya pinter”.
            Satekane ing sekolahan Firda crita marang kancane. “Wah, marem aku, seneng aku. Dina iki aku diparingi dhuwit bapaku kanggo tuku piranti tulis”. 
            Manawa wong kanggonan rasa seneng, lumrahe banjur ngucapake ukara isi pangalemdikantheni polatan sumeh, nyenengake, kebak rasa kabagyan, lan bombong ing  ati.
Tuladha liyane
1.      Hore simbah rawuh!
2.      Aha ! aku diparengake plesir ing kraton!
3.      Wah begja aku,bijiku entuk 10!
4.      Marem aku, ngrungokake swaramu kang gandem!
5.      Seneng aku, wingi mubeng-mubeng ing Taman Sari

4.      Nelakake rasa belasungkawa
Nalika ana sedulur utawa kanca kena musibah sing nganti ndadekake seda, awake dhewe enggal-enggal ngirimake atur “ Ndherek belasungkawa lan melu sedhih awit saka musibah sing wis dialami. Atur kang kaya mangkono iku wis dadi pakulinan saben dina. Tembung ndherek bela sungkawa kanggo ngaturake rasa susah. Tembung kasebut kadhapuk saka bela sing tegese melu lan sungkawa tegese sedhih. Nalika awake dhewe ngucapake tetembungan utawa ukara “ndherek belasungkawa uga kudu dibarengi praupan sedhih iku kanggo nuduhake menawa awake dhewe pancen sedhih tenan saka lair lan batin. Tuladha tembung kanggo nelakake rasa belasungkawa yaiku:
1.    “aku dherek bela sungkawa ya awit sedane mbahmu”!
2.    Aku melu sedhih awit sedane bapakmu !

5.       Menehi semangat
Ana ing pasrawungan saben dina kadang kala kita asring mrangguli  kanca utawa sedulur nembe ora semangat anggone nglakoni urip, kadang kala malah ana sing nglokro amarga nembe wae nemoni masalah. Saka iku kabeh kita minangka kanca utawa sedulur bisaa menehi kawigaten tumrap kanca utawa sedulur kanthi menehi tetembungan utawa ukara-ukara kang bisa nggugah ati sedulur utawa kanca dadi semangat maneh. Tuladha ukarane :
Budi: Ton, sesuk arep ana lomba Olympiade lho.
Toni: “
ora semaur ming meneng wae karo nglentruk neng meja kelase.
Ratri: “Toni ki diajak omongan karo Budi kok ora semaur, ana apa ta Ton kok sajak ora semangat”.
Budi: Iya Toni ki, ana apa ta Ton Kok sajake lagi sedih ?
Toni: “Aku ki lagi susah je nyuwun sepedha anyar ki karo bapak durung ditumbaske”.
Ratri: “Ya mbok menawa bapakmu durung ana dhuwit., kudu sabar nek duwe pepenginan ki !.
Budi: “ wis rasah dipikir Ton sepedhamu sing lawas rak ya isih isa dinggo ta ?
Toni: Ya isih!
Ratri: Mula wis rasah susah sik semangat, kowe pinter je !
Budi: Iya bisa melu lomba olympiade.
Toni: Ya wis aku sesuk tak melu, bareng kowe ta Bud ?
Budi: Iya no cetha, sik semangat ya !

6.       Nanggapi jawaban kang ora bener


Tidak ada komentar:

Posting Komentar