1. tataran
Bahasa Jawa
Pak Guru
Riyanta Crita
Pinuju
wulangan Basa Jawa. Sinambi mbaleni wulangan PKK, Bapak Guru Riyanta crita bab
tata krama mangkene: Tembung tata lan krama iku amor misah utawa nunggal misah.
Karepe tegese padha utawa meh padha. Dadi tata iku ya krama, krama iku ya tata.
Tembung tata tegese cara, pranatan, adat, aturan. Tembung krama tegese cara,
langkah, tindak, kelakuan, sopan-santun. Tata krama iku tumuju marang
kabecikan, katentreman, karaharjan, kabagyan. Tata krama iku tinemu ing ngendi
wae, biyen, saiki lan sesuk. Tata krama iku sambung rapete karo kasusilan.
Kasusilan sambung rapete karo kapribaden. Mernawa awake dhewe dielokke wong ra
duwe tata krama, bocah kok ora ngerti unggah-ungguh mesthi wae oara kepenak.
Mula kudu duwe tata krama.
2. memperkenalkan
diri,
Tetepungan
Lumrahe yen ana wong lagi ketemu
banjur padha tepungan utawa kenalan. Semono uga siswa kelas VII sing anyar,
mesthi wae akeh sing padha durung tepung, kajaba para siswa sing sadurunge sa
SD. Bisa uga malah wis tepung amarga padha asale, umpamane padha-padha sadesa.
Tumrap kang durung tepung, lumrahe
para siswa banjur padha tepungan. Tetepungan iki penting banget amarga (1) bisa
nambah kanca anyar, (2) nambah rumaket dadi kancane, (3) bisa diajak rembugan
utawa sinau bareng, (4) bisa kanggo kerukunan, lan liyan-liyane.
Akeh cara lan wicara kanggo
tetepungan iki. Ing ngisor iki ana conto tetepungan.
Hendarti : “Eh, kowe rak siswa anyar ta. Jenengmu sapa ?”
Riyanti : “Aku Riyanti. Kowe sapa lan kelas VII apa ?”
Hendarti : “Aku Hendarti, aku ing kelas VII B.”
Riyanti : “Lho, padha yen ngono. Kowe saka SD ngendi ?”
Hendarti : “Aku saka SD Kanoman. Yen kowe?”
Riyanti : “Aku saka MI Keputran.”
Hendarti : “MI, apa kuwi MI?”
Riyanti : “MI iku Madrasah Ibtida’iyah. Ya padha karo SD lah.”
Hendarti : “ E... wis bel, ayo melu Upacara
Pambukaan Masa Orientasi Siswa, yuk !”
Riyanti : “Ayo !”
3. menyapa,
SIMBAH RAWUH
Ibu dhawuh
manawa dina iki simbah sekaliyan arep rawuh, mula Widada sa adhine diutus
reresik omah. Dene ibu ngasta nyamikan semar mendem klangenane mbah kakung. Ora
sawetara suwe keprungu swara dhokar
mandheg ing ngarep omah.
Widada : “Dhik … dhik kae simbah wis
rawuh
Widati : “Pak, Bu… menika simbah
sampun rawuh
Kabeh
padha metu saka ngomah mapagake simbah kakung putri. Widada miwiti salaman
kanthi ngaras astane simbah kakung lan putri di susul adhi-adhine, karo matur
“Sugeng rawuh mbah” banjur Widada nggawakake tase simbahe, kanthi rasa bungah
Bapak :
Sugeng rawuh Pak, Bu”
Simbah Kakung : “Iya rak ya
padha slamet ta?
Ibu :
Pangestunipun bapak saha ibu, sedaya ginanjar wilujeng”
Simbah Putri :”Kae Wid,
simbah ngasta manggis kesenenganmu, enggal dhudhahen oleh-olehe
Widada : “Wah
matur nuwun sanget mbah, dhik oleh-olehe
simbah iki gawanen
Widaningsih : “Simbah
putri , mangke dalu kula nyuwun dipun dongengi malih nggih.”
Simbah Putri :”Iya-iya
mengko bengi simbah bakal ndongeng kanggo kowe kabeh’
Widati :
“Nembang lagu dolanan ugi nggih mbah
Simbah Putri : “Iya
dongeng lan nembang lagu dolanan
Tetelune enggal nindakake dhawuhe ibune dene simbah sekaliyan
isihnerusake wawan pangandikan karo bapaklan ibu ing ruang tamu
Piwulang budi pekerti
1. Tamu
iku kaya dene ratu mula kudu diajenilan dikurmati kanthi becik, ulat grapyak,
sumanak apa maneh sanak sedulur lan sesepuh
2. Ngangsua
kawruh marang wong tuwa , sebab pituture bisa kanggo tuladha ing tembe mburi
kanggo sanguning urip
3. Ngajeni
lan ngurmati wong tuwa iku kuwajiban
4. berpamitan,
Garin Telat
Jam 06.15 WIB Garin wis rampung adus lan nganggo sragam sekolah kang wis
disetlika mlithit. Garin banjur sarapan bareng karo bapak, ibu lan adhine sing
jnenge Dika. Sawise rampung sarapan grin lan Dika njupuk tas banjur pamitan
marang bapak ibu. Garin ngajak salaman bapake. Astane bapake diaras sinambi
matur “ Pak, kula nyuwun pamit bidhal sekoalah, kula nyuwun pangestu !"
Semono uga marang ibune. Adhine si Dika uga melu-melu kaya kakangne.
Bocah
loro banjur cengkrak pite dhewe-dhewe. Ing tengahing dalan Garin krasa menawa
lakune pit gliyar-gliyer. Garin banjur ngendheg lakune pit lan mudhun. Tangane
menyet ban pit. Pranyata ban pite nggembos. Dika melu mandheg lan nyeraki
kakangne. “ ana apa, Mas ?” pitakone Dika.
“ Bane nggembos ! Wis kana kowe mangkata dhisik,
aku takgolek silihan kompa !” wangsulane Garin.
“Trus pite kepriye, Mas ?” piakone Dika. Garin
mangsuli sinambi nuntun pit. “ Taktuntun alon-alon. Wiskana gek mangkat dhisik
mundhak telat !”
Dika banjur nggenjot pite tumuju menyang sekolahe.
Dika mlaku sinambi nuntun pit. Kira-kira 200 m Garin oleh silihan kompa.
Jam
07.10 WIB Garin tekan sekolah.Sawise
nyelehke pit banjur mlayu tumuju menyang kelas VII A.
Garin ndhodhog lawang lan uluk salam. Garin weruh
menawa bu Retna mangsuli salame lan manthuk mula Garin mlebu nyeraki Bu Guru. Garin ngadeg jejeg
tangane ngapurancang, awake rada mbungkuk “ Nyuwun pangapunten Bu kula telat
jalaran ban sepedha kula wau nggembos. Menawi kepareng kula badhe ndherek
wulangan !” ature Garin.
“ Ya wis kana enggal lungguh !” Ngendikane bu
Retna.
“ Matur nuwun, Bu
!” ature garin. Garin banjur lungguh ing kursine.
Menawa sliramu arep lelungan kudu pamit marang wong
tuwa. Arep mengkat menyang sekolah utawa arep dolan pokoke menyang ngendi wae
kudu pamit, supaya wong tuwa ora bingung anggone nggoleki.
Sliramu telat mlebu kelas uga kudu nyuwun idin marang guru kang lagi ngasta ing kelas iku.Semono uga nalika wulangan sliramu arep metu menyang pakiwan uga kudu nyuwun idin marang guru.
Sliramu telat mlebu kelas uga kudu nyuwun idin marang guru kang lagi ngasta ing kelas iku.Semono uga nalika wulangan sliramu arep metu menyang pakiwan uga kudu nyuwun idin marang guru.
Dene patrape awak nalika matur yaiku :
1. Awake
ngadeg jejeg.
2. Polatan
sumeh.
3’ Tangan
ngapurancang.
4. Nalika
matur awake rada dibungkukake sethithik.
5. Mtur
migunake unggah-ungguh kang benar.
5. meminta
maaf,
Wong
kang njaluk pangapura marang wong liya, iku minangka pratandha yen dheweke ngrumangani luput. Wong sing bisa ngrumangsani
lupute iku wong sing luhur bebudene jalaran manungsa iku ora sampurna. Sawise
ngrumangsani luput, banjur njaluk pangapura. Wong sing menehi pangapura iku
luwih utama tinimbang wong kang njaluk pangapura jalaran aweh pangapura iku
luwih abot tinimbang njaluk pangapura. Wong kang aweh pangapura wis ngrasakake
lara ati jalaran saka pokale wong kang njaluk apangapura mau.
Njaluk
pangapura ora mbedakake antarane enom, tuwa, pangkat, drajat, sugih, mlarat,
bodho utawa pinter. Nanging sapa wae kang luput wajibe njaluk pangapura,
sanajan wong sing dijaluki pangapura mau luwih enom, luwih mlarat, luwih asor,
luwih bodho utawa liyane.
Tuladha ukrara njaluk
pangapura :
1.
“Aku njaluk pangapuramarang kowe! Aku pancen luput!”
2.
“Ya wis , aku njaluk njaluk ngapura ya…!”
3.
“Apuranen luputku, aku ora bakal mbaleni maneh luputku!”
4.
“Manawi wonten lepatipun, kula nyuwun pangapunten!”
5.
“Mbok bilih kathah kalepatan atur kula, kula nyuwun
pangapunten”
6.
“Kabeh luputku apuranen ya!”
7.
“Kupat janure tuwa, yen lepat njaluk pangapura!”
8.
“Kupat mawi santen, wonten lepat nyuwun pangapunten!”
9.
“Jenang sela, wader kalen sesondheran, apuranta yen
wonten lepat kawula!”
2. Getun utawa keduwung
Wong kang getun / keduwung, iku amarga ngrumangsani yen
sing wis ditindakake iku kleru. Ana
unen-unen ”getun tiba mburi”. Wong getun lumrahe sawise kelakon. Apamaneh yen klerune iku
ndadekake kapitunae wong liya. Mula saka iku sadurunge tumindak kudu
dipikir luwih dhisik ala lan becike,
tuna lan bathine supaya ora nuwuhake getun burine.
Tuladhane
wong getun:
1.
“Wah….
Getun aku!, Amarga saka tingkahku , akeh wong kang cilaka!”
2.
“Getun aku. Aku kleru. Sing gedhe pangapuramu ya.”
3.
“Saestu, kula boten badhe ngambali malih, saestu, kula
nyuwun pangapunten.”
4.
“Getun aku, kenapa mau bengi aku ora sinau malah nonton
tv!”
6. mengucapkan
terima kasih.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar