Minggu, 08 Oktober 2017

MATERI KD 3.1 UNGGAH-UNGGUH KLS IX SEM 1 2017

UNGGAH-UNGGUH KANGGO NYATAKAKE SETUJU LAN ORA SETUJU/UNTUK MENYATAKAN SETUJU DAN TIDAK SETUJU
1 Bisa migunakake tembung setuju utawa ora setuju
2 Menawa wong liya ora setuju marang panemune awake dhewe ora kena nesu
3 Menawa ora setuju luwih dhisik ngomong/matur kanthi becik umpamane nganggo nuwun sewu.
4 Ora kena meksa panemune dhewe ditampa dening wong liya
5 Migunakake basa sing becik miturut unggah-ungguh basa
6 Migunakake tata krama sing becik miturut unggah-ungguh 
7 Migunakake tembung sarujuk lan ora sarujuk
8 Migunakake unggah-unggah basa supaya basane sopan
9 Migunakake basa sing ora gawe lara atine wong liya
10 Menawa nyatakake sarujuk utawa ora sarujuk becikke diwenehi alasane
UNGGAH-UNGGUH KANGGO NANGGAPI WANGSULAN KANG ORA BENER/UNTUK MENANGGAPI JAWABAN YANG TIDAK BENAR
1 Menawa ana wong liya ngomong sing ora bener tumrap awake dhewe aja ditanggapi kanthi nesu
2 Diterangake kahanan sabenere/sanyatane marang wong liya
3 Aja ngapusi marang wong liya marang kahanan sing ana
4 Bisa migunakake tembung nuwun sewu, ora ngono kuwi, ora wae, ora ya lsp.
5 Migunakake basa sing becik miturut unggah-ungguh basa
6 Migunakake tata krama sing becik miturut unggah-ungguh 
7 Aja gampang nesu utawa salah paham luwih becik diterangake kanthi sareh.
8 Aja migunakake tembung sing gawe seriking ati
9 Migunakake tembung aja nesu ya, aja duka, aja lara ati lsp.
UNGGAH-UNGGUHKANGGO NYATAKAKE PENGAREP-AREP LAN DONGA/ UNTUK MENYATAKAN HARAPAN DAN DOA
1 Bisa migunakake tembung muga-muga, tak dongakake, mugi-mugi, insyaallah lsp
2 Migunakake basa sing becik miturut unggah-ungguh basa
3 Migunakake tata krama sing becik miturut unggah-ungguh 
4 Dongakake marang wong liya sing becik sanajan awake dhewe ora seneng
5 Aja gampang meri marang prestasi utawa kahanane wong liya amarga Gusti Allah
wis paring kaluwihan lan kekurangan dhewe-dhewe saben manungsa singdiciptakake
6 Dongakake marang wong liya kanthi iklas ing ati kanthi mengkono awake dhewe uga
bakal didongakake dening wong liya amarga saka ngendi donga sing dikabulake
awake dhewe ora ngerti, purba lan wasesa dening Gusti Allah.
7 Menawa ana kanca sing wis kasil gegayuhane bisaa melu bungah lan dongakake
amarga donga kang becik uga bisa tumama marang awake dhewe.
8 Aja migunakake tembung sing gawe lara atine wong liya
9 Aja ngece marang pengarep-arep/harapane wong liya
10 Aja ngremehake marang siji-sijine manungsa amarga saben manungsa duwe kekuatan
lan kaluwihane dhewe.
UNGGAH-UNGGUH KANGGO NYATAKAKE BELA SUNGKAWA/ UNTUK MENYATAKAN BERBELA SUNGKAWA
1 Bisa migunakake tembung aku melu sedhih, melu belasungkawa ya, ndherek belasungkawa lsp.
2 Migunakake basa sing becik miturut unggah-ungguh basa
3 Migunakake tata krama sing becik miturut unggah-ungguh 
4 Ngucapake belasungkawa aja karo celelekan, nuduhake menawa melu sedhih
5 Ngucapake belasungkawa aja gawe lara atine wong liya
6 Bisa migunakake tembung sing gawe tentreme sing nandhang susah lan bisaa menehi panglipur
7 Aja ngece marang kulawargane sing susah sing wis ora ana, becike sakabahe tumindake
sing ora ana sing ala diikhlasake wae supaya gawe dalan padhang sowan
ing ngarsane Gusti Allah.
8 Dongakake marang keluwargane sing tilar donya supaya ditampa sakabehe amal kabecikane
dening Gusti Allah.
9 Bisaa ngenthengake panandhange sing lagi nandhang susah kanthi biantu sakuwate lan saikhlase.
10 Ora nambahi susah, ngrepoti lan abote sing nandhang susah
UNGGAH-UNGGUH KANGGO MENEHI SEMANGAT/UNTUK MEMBERI SEMANGAT
1 Bisa migunakake tembung ayo kowe bisa, sing semangat, kowe ki pinter, ayo semangat lsp.
2 Migunakake basa sing becik miturut unggah-ungguh basa
3 Migunakake tata krama sing becik miturut unggah-ungguh 
4 Aja migunakake tembung sing gawe lara ati
5 Bisaa ngyakinake marang wong liya menawa dheweke kudu semangat
6 Migunakake tembung sing gawe tentrem lan nggugah semangate wong liya sing lagi nglokro
UNGGAH-UNGGUH KANGGO NYATAKAKE MELU BUNGAH/UNTUK MENYATAKAN IKUT BERBAHAGIA
1 Migunakake basa sing becik miturut unggah-ungguh basa
2 Aja migunakake tembung sing gawe lara ati
3 Migunakake tata krama sing becik
4 Migunakake tembung "melu seneng/melu bungah", alhamduliliah lsp.
5 Bisaa ngajeni marang kabungahaning wong liya
6 Praupane bisa cocog karo kahanane nalika ngucapake melu bungah karo wong liya
7 Menehi ucapan kanthi ikhlas marang wong liya sing nembe nampa kabungahan
8 Aja rumangsa serik nalika wong liya nampa kabungahan amarga saben uwong duwe kabegjane dhewe-dhewe lan kabungahane dhewe

Tidak ada komentar:

Posting Komentar