Jumat, 08 Februari 2013

Pepindhan


PEPINDHAN
Yaiku unen-unen kang ngemu surasa nindhakkake utawa ngemperake. Lumarahe nggunakake tembung kaya, lir, pindha, kadi, kadya.
Tuladha :
1.      Tandange kaya sikatan nyamber walang
Tegese : trampil, cepet, trengginas. Tandange diemperake kaya manuk sikatan sing mabure nyamber walang
2.      Sumbare kaya bisa mutung wesi gligen
Wesi gligen iku wesi sing a lot lan atos banget lan angel ditugel. Mulo yen sumbare kaya bisa mutung wesi gligen tegese wong kaya mau ampuh banget.
Tuladha liyane :
1.      Begjane kaya nemu cempaka sewakul
2.      Gagah prakosa kaya Raden Wekudara
3.      Baguse kaya Bathara Kamajaya tumurun
4.      Swarane kaya mbelah-mbelahna bumi
5.      Akehe pepati kaya babadan pacing
6.      Akehe pepati kaya sulung mlebu geni
7.      Ayune kaya Dewi Ratih
8.      Bungahe kaya ketiban daru
9.      Bebetane ngadhal melet
10.  Cethile kaya Cina craki
11.  Cahyane nglentrih kaya rembulan kerinan
12.  Dandanane kaya tutus / tutus kacang
13.  Dhuwur kaya othak-othak mega
14.  Dedege ngringin sungsang
15.  Dawane barisan kaya sela brakhiti
16.  Galake kaya macam manak
17.  Geger pepuyengan kaya gabah diinteri
18.  Gelunge minangkara (gelunge para pandhawa kajaba R. Puntadewa)
19.  Gendewane awangun kadhal meteng
20.  Gereng-gereng pindha singa antuk boyongan
21.  Ijo kumpul ijo kaya bethet sayutha
22.  Ireng kumpul ireng kaya gagak reraton
23.  Jogede kaya merak kesimpar
24.  Jogede mucang kanginan
25.  Lelajere kaya manuk branjangan

4 komentar: