Jumat, 30 September 2016

MATERI CERKAK KELAS VIII SEM 1 2016



CERKAK

Ciri-ciri cerkak
Cerkak utawa crita cekak yaiku crita kang wujud fisike cekak. Crita cekak bisa diwaca kurang luwih sepuluh menit nganti setengah jam. Jumlah tembunge antarane 500-5.000 tembung. Amarga saka iku, crita cekak asring dikandhakake minangka crita kang bisa diwaca sepisan lungguh.
Ciri-ciri cerkak  antarane:
  1. Alur critane luwih prasaja.
  2. Paraga kang dikatonake ora akeh.
  3. Latar kang dikandhakake amung sedela lan migunakake wektu kang winates.
  4. Tema lan nilai-nilai panguripan kang dicritakake uga amung prasaja.

 ( Kapethik saka mana Januari 2005: kaca 12 mawa besutan)

Cakrik cerpen antarane:
1. Tema
Tema yaiku inti utawa ide pokok crita. Tema minangka pathokan pengarang kang dhisik dhewe anggone nyritakake critane.

2. Alur
Alur yaiku pola kanggo ngrembakake crita kang mujudake hubungan sebab-akibat. Alur kaperang antarane :
    1. Pengenalan kahanan crita
    2. Nyritakake kahanan sawijining kedadean
    3. Anane konflik
    4. Pucuking konflik
    5. Ngrampungake konflik
3.      Latar
Latar/setting yaiku papan, wektu lan swasana kedadean tumindake paraga utawa kedadean kang dialami paraga.
4.      Tokoh/paraga
Penokohan yaiku cara pengarang anggone nggambarake lan ngrembakakake karakter paraga ana ing crita.
5.      Sudut Pandang
Sudut pandang (point of view) yaiku posisi pengarang anggone nyritakake sawijining crita. Pengarang anggone nyritakake crita bisa dileksanakake kanthi:
                          i.      Minangka wong kapisan utawa
                        ii.      Bisa minangka wong katelu kang minangka wong kang nyetitekake crita.
6.      Amanat
Amanat minangka ajaran moral utawa peen kang bakal dicritakake panulis marang para maos kanthi liwat karyane.
7.      Gaya bahasa
Gaya bahasa gunane kanggo nuwuhake swasana kang mligi sing bisa ngatonake sawijining gegayutan lan sesambungan antarane para paraga. Basa lan gaya bahasa bisa uga digunakake pengarang kanggo tandha pengarang niteni karakter paraga.
A.    Carane Nulis Cerkak

NULIS CERKAK KANG PRASAJA

Cerkak yaiku crita ngenani bab panguripan sawijining pawongan kang dicritakake kanthi ringkes. Sing dicritakake yaiku amung sethithik saka panguripane. Lakuning crita utawa plot antarane 1) tetepungan, 2) masalah (konflik), 3) klimaks, lan 4) ngrampungake crita/penyelesaian.
Saka cerkak kang narik kawigaten yaiku anggone ngrampungake masalahe, yaiku ngrampungake masalah sing bisa gawe sengsem para pamaos. Cerkak kang bisa sengseme para maos yaiku cerkak sing ngandhut kualitas kang dhuwur lan cerkak kang ngandhut kualitas kang asor (picisan).
Perangan lakune nulis cerkak  yaiku kanthi  :
1.      Nemtokake tema
-          Pilih tema kang narik kawigatenmu
-          Tema kang wis dipilih kudu dimangerteni tenan
-          Temane arupa masalah bab panguripanmu lan panguripane para maos/pembaca
2.      Nemtokake Tujuan
-          Tujuan kudu cetha
-          Tujuan kudu diprinci/spesifik
-          Sapa kang bakal maca/pembaca ?
Tuladha.
Menawa milih tema cacating awak iku ora dadi pepalang kanggo nggayuh gegayuhan/cita-cita. Nuduhake marang para maos menawa sukses anggone nggayuh gegayuhan  iku ora gumantung dening lengkaping fasilitas (kalebu lengkape perangan awak), ananging sing nemtokake yaiku ketekunan.
3.      Nemtokake Topik
Saka tema lan tujuan kang wis ditetepake ing dhuwur, mula bisa nemtokake topik kang jumbuh/salaras.
Tuladha.
Bambang sawijining wong cacat awake kang sukses.

4.      Nemtokake cengkorongan crita utawa lakuning crita
Menawa wis milih topik kaya ing dhuwur, mula cengkorongan utawa lakuning crita kaya ing ngisor iki:
-          Bambang wong kang cacat awake.
-          Sikile pincang amarga kena bencana lindhu kembrukan tembok.
-          Dheweke ora mindher marang sapa wae menawa dheweke rumangsa bener.
-          Kanthi bantuan kursi roda, dheweke  kuliah ing fakultas kedokteran.
-          Dheweke bisa ngrampungake anggone kuliah kanthi entuk biji nomer siji.
-          Dheweke dadi dhokter bedhah kang pinercaya lan sukses.
5.      Ngisi kedadean-kedadean ana ing saben cengkorongan utawa lakuning crita
Cengkorongan utawa lakuning crita diperang  dadi patang kelompok, yaiku kelompok tetpungan, kelompok konflik/masalah, kelompok klimaks, lan kelompok ngrampungake crita.
Kelompok pengenalan diisi kanthi prastawa-prastawa/kedadean sing asifat  tetepungan karo para maos. Umpamane gegambaran postur Bambang, ana ing ngendi papan dununge/omahe, kepiye kahanan keluwargane lan liya-liyane.
Kelompok konflik/ masalah diisi kanthi prastawa-prastawa kang tegang kanggone para pamaos. Umpane kesusahane Bambang, salah paham antarane Bambang lan kulawargane, kanca-kancane kang tansah meri, iri marang ketabahane Bambang, lan sapiturute.
Kelompok klimaks diisi kanthi prastawa-prastawa kang bener-bener gawe tegang sing kaya-kaya bakal ngajurake tema. Umpamane, Bambang nemoni kacilakan nalika arep ujian akhir, kursi roda Bambang dirusak dening kancane kang iri, Saben ana kampus/sekolah Bambang tansah diece-marang kanca-kancane, kulawargane Bambang ngusir ngusir Bambang saka omahe lsp.
Kelompok ngrampungake crita diisi kanthi prastawa-prastawa sing minangka cara metu saka konflik klimaks dadi tema kang wis ditemtokake bisa diwujudake. Umpamane, Bambang lulus kanthi Cumlaude, kanca-kancane njaluk pangapura amarga rumangsa kleru/salah, keluwargane getun amarga tumindake ora dadi pepalang Bambang lsp.
6.      Nguripake swasana ana ing saben kedadean
Kanggo nguripake prastawa iki bisa ditindakake kanthi cara menehi gambaran kang bisa ngrangsang pancaindra. Nyusun dialog sing wajar antarane parga utama lan paraga tambahan, menehi swasana crita kang bisa ndukung prastawa.
Umpamane :
-          Gegambaran awake Bambang kang kuru lan klambi kang prasaja.
-          Omongan antarane Bambang lan sedulure, antarane Bambang lan kanca-kancane, lsp
-          Swasana kang nrenyuhake nalika kursi roda Bambang dirusak kancane, nalika ujian kang pungkasan bakal dibiji.
(Kapethik saka Paket Pelajaran Bahasa dan Sastra Indonesia kanggo SMA kelas II, TIM A3, 1990 : 109 kanthi owah-owahan)

Cak-cakaning maca cerkak
Cak-cakane anggone maca cerkak bisa werna loro, yaiku sing diapalake lan diwaca tunggal disebut monolog lan sing diwaca kanthi tetep nyekel tulisan/teks diarani maca cerkak. Sadurunge maca cerkak  ing kene kudu bisa mbedakake maca lan macakake. Maca yaiku sawijing pakaryan nyurasa sawijining tulisan kanggo awake dhewe. Mula anggone maca bisa dibatin, bisa dremimil, grenengan lan liya-liyane. Cekake amarga amung kanggo awake dhewe mula terus anggone maca ngawur utawa sakarepe dhewe.
Dene menawa macakake yaiku pakaryan nyurasa sawijining tulisan katujokake dhening wong liya. Pramila anggone maca kudu runtut, las-lasan, cetha. Supaya para pamriksa, nggatekake, mula anggone maca kudu apik lan kebak pangrasa utawa ekspresif. Maca sing becik ateges nguripake maneh aksara-aksara sing katulis.
Nalika awake dhewe duwe ayahan macakake, kudu bisa ngetokake kanthi kebaking pangrasa, ora amung njejer tembung lan aksara wae. Ing pakaryan iki kudu bisa nemtokake:
-          cepet lan alon
-          sora lan lirih
-          ngaso (pause)
-          aksen (tekanan)
(Kapethik saka Pembinaan Ketrampilan Bersastra Daerah, Yohanes Siyamto, S.Pd., 22Juni-26 Juni 2009; kaca 70 kanthi owah-owahan)

Nulis Cerkak
Cara kanggo nulis cerkak saperangan wis diandharake ana ing bab 1, ana ing bab 2 iki nulis cerkak luwih dhisik mangerteni perangan alur/plot lan penokohan.
  1. Alur
a.       Alur miturut raket lan orane yaiku:
-                                        Alur raket utawa alur ketat
Rumaketing prastawa kang ana ing crita utawa sawijining karya sastra, sing menawa salah siji saka prastawa ana ing karya sastra iku mau diilangake ngganggu wutuhing crita.
-                                        Alur renggang utawa alur longgar
Rumaketing prastawa kang ora nyawiji ana ing sawijining karya sastra, ngilangake salah siji saka prastawa kang ana ora bakal ngganggu lakuning crita.
b.      Miturut cakrik/susunan  alur
-                                        Alur maju utawa alur progresif
Lakuning crita kang tumapak saka crita wektu saiki terus nggambarake wektu kang bakal teka utawa mbesok.
-                                        Alur mundur
Lakuning crita kang tumapak saka crita wektu biyen terus nggambarake wektu saiki.
-                                        Alur gabungan
Nggunakake alur maju lan alur mundur ana ing sawijining crita kanthi bebarengan.
c.       Miturut urutaning prastawa
-                                        Alur klimaks
Lakuning crita ana ing sawijining karya sastra sing tumapak saya munggah/menanjak sifate.
-                                        Alur antiklimaks
Lakuning crita ana ing sawijining karya sastra sing tumapak saya mudhun/menurun sifate.
-                                        Alur kronologis
Lakuning crita sing dironce miturut urutaning wektu.
Alur kronologis antarane:

1.      tahap tetepungan (wektu, papan, paraga)
2.      tahap padudon
3.      klimaks (padudon saya rame/muncak)
4.      anti klimaks (padudon saya medhun)
5.      Ngrampungake crita

  1. Pandhapuking paraga utawa karakterisasi
Pandhapuking paraga yaiku pandhapuking watak tumrap para paraga crita ana ing sawijining karya sastra.
Paraga crita kadadeyan saka :
a.       Paraga protagonis
Paraga ana ing karya sastra sing nyekel pimpinan, ana ing drama utawa crita  rekaan tansah dadi paraga kang sentral.
b.      Paraga antagonis
Paraga ana ing karya sastra sing minangka mungsuhe paraga utama.
c.       Paraga bunder
Paraga ana ing karya sastra sing dibedakake watake, dadi bisa dibedakake saka paraga liyane. Paraga bunder bisa ngagetake para pamaos amarga kadhang kala katon watak kang ora dinyana-nyana.
d.      Paraga datar utawa pipih
Paraga ana ing karya sastra kang ora dingrembakakake sacara maksimal, lan apa kang ditindakake utawa diomongake ora gawe dadakan kang gawe kaget kanggone para maos.
e.       Paraga durjana
Paraga ana ing karya sastra sing duweni watak ala, lan minangka paraga kang dadi underaning masalah utawa tukang adu-adu ana ing drama utawa crita.
f.        Paraga statis
Paraga ana ing karya sastra sing sithik banget utawa malah ora ana babar blas owah-owahan .
g.      Paraga tambahan
Paraga ana ing karya sastra sing ora ngucapake omongan apa-apa. Paraga iki ora nyekel peran, lan uga ora penting minangka individu.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar