| UNGGAH-UNGGUH UNTUK MENYATAKAN SETUJU DAN TIDAK SETUJU | ||||||||||||||
| 1 | Bisa migunakake tembung setuju utawa ora setuju | |||||||||||||
| 2 | Menawa wong liya ora setuju marang panemune awake dhewe ora kena nesu | |||||||||||||
| 3 | Menawa ora setuju luwih dhisik ngomong/matur kanthi becik umpamane nganggo nuwun sewu. | |||||||||||||
| 4 | Ora kena meksa panemune dhewe ditampa dening wong liya | |||||||||||||
| 5 | Migunakake basa sing becik miturut unggah-ungguh basa | |||||||||||||
| 6 | Migunakake tata krama sing becik miturut unggah-ungguh | |||||||||||||
| 7 | Migunakake tembung sarujuk lan ora sarujuk | |||||||||||||
| 8 | Migunakake unggah-unggah basa supaya basane sopan | |||||||||||||
| 9 | Migunakake basa sing ora gawe lara atine wong liya | |||||||||||||
| UNGGAH-UNGGUH UNTUK MENANGGAPI JAWABAN YANG TIDAK BENAR | ||||||||||||||
| 1 | Menawa ana wong liya ngomong sing ora bener tumrap awake dhewe aja ditanggapi kanthi nesu | |||||||||||||
| 2 | Diterangake kahanan sabenere/sanyatane marang wong liya | |||||||||||||
| 3 | Aja ngapusi marang wong liya marang kahanan sing ana | |||||||||||||
| 4 | Bisa migunakake tembung nuwun sewu, ora ngono kuwi, ora wae, ora ya lsp. | |||||||||||||
| 5 | Migunakake basa sing becik miturut unggah-ungguh basa | |||||||||||||
| 6 | Migunakake tata krama sing becik miturut unggah-ungguh | |||||||||||||
| 7 | Aja gampang nesu utawa salah paham luwih becik diterangake kanthi sareh. | |||||||||||||
| 8 | Aja migunakake tembung sing gawe seriking ati | |||||||||||||
| 9 | Migunakake tembung aja nesu ya, aja duka, aja lara ati lsp. | |||||||||||||
| UNGGAH-UNGGUH UNTUK MENYATAKAN HARAPAN DAN DOA | ||||||||||||||
| 1 | Bisa migunakake tembung muga-muga, tak dongakake, mugi-mugi, insyaallah lsp | |||||||||||||
| 2 | Migunakake basa sing becik miturut unggah-ungguh basa | |||||||||||||
| 3 | Migunakake tata krama sing becik miturut unggah-ungguh | |||||||||||||
| 4 | Dongakake marang wong liya sing becik sanajan awake dhewe ora seneng | |||||||||||||
| 5 | Aja gampang meri marang prestasi utawa kahanane wong liya amarga Gusti Allah | |||||||||||||
| wis paring kaluwihan lan kekurangan dhewe-dhewe saben manungsa singdiciptakake | ||||||||||||||
| 6 | Dongakake marang wong liya kanthi iklas ing ati kanthi mengkono awake dhewe uga | |||||||||||||
| bakal didongakake dening wong liya amarga saka ngendi donga sing dikabulake | ||||||||||||||
| awake dhewe ora ngerti, purba lan wasesa dening Gusti Allah. | ||||||||||||||
| 7 | Menawa ana kanca sing wis kasil gegayuhane bisaa melu bungah lan dongakake | |||||||||||||
| amarga donga kang becik uga bisa tumama marang awake dhewe. | ||||||||||||||
| 8 | Aja migunakake tembung sing gawe lara atine wong liya | |||||||||||||
| 9 | Aja ngece marang pengarep-arep/harapane wong liya | |||||||||||||
| 10 | Aja ngremehake marang siji-sijine manungsa amarga saben manungsa duwe kekuatan | |||||||||||||
| lan kaluwihane dhewe. | ||||||||||||||
| UNGGAH-UNGGUH UNTUK MENYATAKAN BERBELA SUNGKAWA | ||||||||||||||
| 1 | Bisa migunakake tembung aku melu sedhih, melu belasungkawa ya, ndherek belasungkawa lsp. | |||||||||||||
| 2 | Migunakake basa sing becik miturut unggah-ungguh basa | |||||||||||||
| 3 | Migunakake tata krama sing becik miturut unggah-ungguh | |||||||||||||
| 4 | Ngucapake belasungkawa aja karo celelekan, nuduhake menawa melu sedhih | |||||||||||||
| 5 | Ngucapake belasungkawa aja gawe lara atine wong liya | |||||||||||||
| 6 | Bisa migunakake tembung sing gawe tentreme sing nandhang susah lan bisaa menehi panglipur | |||||||||||||
| 7 | Aja ngece marang kulawargane sing susah sing wis ora ana, becike sakabahe tumindake | |||||||||||||
| sing ora ana sing ala diikhlasake wae supaya gawe dalan padhang sowan | ||||||||||||||
| ing ngarsane Gusti Allah. | ||||||||||||||
| 8 | Dongakake marang keluwargane sing tilar donya supaya ditampa sakabehe amal kabecikane | |||||||||||||
| dening Gusti Allah. | ||||||||||||||
| 9 | Bisaa ngenthengake panandhange sing lagi nandhang susah kanthi biantu sakuwate lan saikhlase. | |||||||||||||
| 10 | Ora nambahi susah, ngrepoti lan abote sing nandhang susah | |||||||||||||
| UNGGAH-UNGGUH UNTUK MEMBERI SEMANGAT | ||||||||||||||
| 1 | Bisa migunakake tembung ayo kowe bisa, sing semangat, kowe ki pinter, ayo semangat lsp. | |||||||||||||
| 2 | Migunakake basa sing becik miturut unggah-ungguh basa | |||||||||||||
| 3 | Migunakake tata krama sing becik miturut unggah-ungguh | |||||||||||||
| 4 | Aja migunakake tembung sing gawe lara ati | |||||||||||||
| 5 | Bisaa ngyakinake marang wong liya menawa dheweke kudu semangat | |||||||||||||
| 6 | Migunakake tembung sing gawe tentrem lan nggugah semangate wong liya sing lagi nglokro | |||||||||||||
Minggu, 04 September 2016
MATERI II KD.3.1 UNGGAH-UNGGUH KELAS IX 2016/2017
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar