Minggu, 18 September 2016

MATERI KELAS IX SEM 1 TH. 2016 KD. 3.3



PANGERTOSAN SESORAH
Sesorah utawi pidhato inggih menika matur wonten ing ngajengipun priyantun kathah ingkang nggadhahi ancas gumathok kaliyan swasananipun. Priyantun ingkang nglampahi  sesorah dipunsebat pamedhar sabda.
Rantamaning Pokok Sesorah
Ing salebeting sesorah kedah kamot prekawis ingkang kados punika, kanthi rantamaning kang sampun runtut. Rantaman pokokipun inggih menika:
1.      Salam pambuka  : Salam pambuka punika ngaturaken salam ingkang sepisan. Tuladhanipun ;
“Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh” kangge priyantun Islam. Salam pambuka gumantung kaliyan kawontenanipun priyantun ingkang midhangetaken.
2.      Purwaka/Pamuji : Purwaka menika matur nuwun dhateng para tamu undhangan, saha syukur dhumateng Allah SWT lan sapanunggilipun.
3.      Isi/wigatining sesorah : Isi inggih menika sedaya prekawis ingkang dipunwedharaken.
4.      Dudutan wacana (kesimpulan) : Dudutan wacana inggih menika inti saking isi           ingkang sampun dipunwedharaken.
5.      Pangajeng-ajeng/pengarep-arep : Pangajeng-ajeng inggih menika pitedah-pitedah saha pangajeng-ajeng ingkang dipunwedharaken.
6.      Wusana (panutup): Wusana inggih menika atur panuwun saha nyuwun pangapunten menawi wonten kekirangan saha kalepatan anggenipun nyaosi pangertosan.
Sing kudu digatekake nalika maca sesorah:
1.            Wicara/ Kualitas Vokal yaiku ala becike aksara suwara/ dhang-dhinge basa, pocapan/ lafal (a, å, i, o, è, é, ê, ta, tha, da, dha) Pamacane sesorah, pocapan kudu cetha, ora kena groyok, pelo utawa rangu-rangu, kejaba kuwi pamacane sesorah kudu bisa ngucapake aksara kanthi bener, umpaminipun mbedakaken aksara (a, å, i, o, è, é, ê, ta, tha, da, dha)
2.            Wirama/ Tata cara/ Etika maca sesorah yaiku lagu/iramane, maca sesorah, bisa minangka pandudut (daya tarik) kanggone sing ngrungokake. Banter alone wiramane becik kalarasake karo isine sesorah. Lamun maca sesorah kanthi dhasar karangan (tema) perjuangan pamacane sesorah sing sora lan semangat, beda karo yen maca sesorah isi kesusahan, kasmaran pamacane ya kudu luwih alon lan sareh.
3.            Wirasa/ Greged/ penjiwaan /Pemahaman tegese isi Sesorah, cocok/penere anggone negesi Sesorah. Wirasane nalika maca kudu kaetrepken karo isining sesorah umpamane: nesu, gumbira, sedhih, sereng, wibawa, getun, lan sapanunggalane.
4.            Wiraga/ Ekspresi/ mimik yaiku cocok/ jumbuhing solah bawa obahing badan, polatan, rasa. Obahing badan lan polatan (mimik) kudu luwes (ora kaku), prasaja lan ora katon lamun digawe-gawe.







CARA NULIS NASKAH SESORAH

Caranipun damel wicara sesorah.
1.     Nemtokaken prekawisipun (topik)
2.     Ngangen-angen isinipun
3.     Maos buku-buku kangge nyengkuyung isi sesorah
4.     Damel cengkorongan sesorah (kerangka pidato/pokok-pokok pidato)
5.     Mekaraken cengkorongan dados tulisan
6.     Nliti tulisan bokmenawi wonten kekirangan (kirang mentes, lepat, tulisan, kirang runtut, lsp.)

Conto cengkorongan sesorah paling ringkes:
1.     Pambuka
2.     Pamuji Syukur
3.     Isi (inti)
4.     Pengarep-arep
5.     Panutup

CARA MAOS SESORAH
Prelu dipunmangertosi bilih saking cara maosipun sesorah, saged kaperang dados sekawan, inggih menika:
a.        Teknik Naskah             : Inggih menika sesorah kanthi maos naskah ingkang sampun dipunserat saderengipun.
b.        Teknik Apalan             : Inggih menika sesorah kanthi ngapalaken naskah ingkang badhe dipunbetahaken
c.         Teknik Serta Merta      : Inggih menika sesorah ingkang tanpa rancangan saha cacawis menapa kemawon  utawi dadakan. sesorah menika limrahipun dipuntindakaken kaliyan priyantun ingkang sampun asring dados pamedhar sabda.
d.        TeknikEkstemporan     : Inggih menika sesorah kanthi ngasta catetan alit kagem ngemut-emut prekawis ingkang kedah dipunaturaken. Isinipun cengkorongan ingkang badhe dipunaturaken kemawon.

Kagem narik kawigatosan priyantun, wonten ing salebetipun medhar sabda kita kedah nggatosakeni prekawis kados ing ngandhap menika:
1.      Upami medhar sabda ingkang kita lampahi menika kagem priyantun ingkang langkung sepuh yuswanipun, kita kedah ngaturaken mawi basa ingkang sae ( krama alus) saha wirama ingkang radi alon, cetha lan mawi swanten ingkang boten bengak-bengok;
2.      Upami medhar sabda ingkang kita lampahi menika kagem ngajak priyantun ingkang midhangetaken dados semangat, kita nglampahi kanthi semangat;
3.      Upami medhar sabda wonten ing sangajengipun priyantun ingkang langkung inggil drajadipun (lurah, camat, bupati, lsp.) nindakaken kanthi ngginakaken basa ingkang resmi lan alus sampun ngantos grusa-grusu lan guyonan;
4.      Upami medhar sabda ingkang kita lampahi wonten ing swasana bingah, kita anggenipun nindakaken ugi kedah bingah, sampun ngantos mawi raos sedhih lan swanten ingkang ngambaraken kahanan sedhih.


Tuladha pokok-pokokipun sesorah ing maneka warni kawontenan.
a.         Cengkorongan sesorah layon/kematian :
1)        Salam pambuka;
2)        Ngunjukaken puji syukur dhumateng gusti ingkang Maha Kuwaos;
3)        Ngaturaken sugeng rawuh;
4)        Nyuwun pangapunten anggenipun caos papan palenggahan;
5)        Ngaturaken sugengipun almarhum kanthi cekak aos/singkat;
6)        Ngaturaken jejibahanipun/ketugasan almarhum nalika gesang dhumateng para tamu/riwayat hidup;
7)        Nyuwunaken pangapunten awit saking kalepatanipun almarhum;
8)        Nyuwunaken donga kagem almarhum;
9)        Nyuwun pangapunten awit aturipun piyambak;
10)    Salam panutup.





b.      Cengkorongan sesorah pahargyan temanten :
1)                     Salam pambuka;
2)                     Ngunjukaken puji syukur dhumateng gusti ingkang Maha Kuaos;
3)                     Ngaturi sugeng rawuh dhumateng para tamu;
4)                     Nyuwun pangapunten anggenipun caos papan kagem lenggah;
5)                     Ngaturaken matur nuwun dhumateng para rawuh;
6)                     Ngaturaken jejibahanipun ( tugas saben dintenipun)temanten kekalih;
7)                     Nyuwun donga pangestu kagem temanten kekalih;
8)                     Nyuwun pangapunten awit aturipun piyambak;
9)                     Salam panutup.

c.       Cengkorongan sesorah mitoni :
1)                     Salam pambuka;
2)                     Ngunjukaken puji syukur dhumateng gusti ingkang Maha Kuaos;
3)                     Ngaturi sugeng rawuh dhumateng para tamu;
4)                     Nyuwun pangapunten anggenipun caos papan kagem lenggah;
5)                     Ngaturaken matur nuwun dhumateng para rawuh;
6)                     Ngaturaken pangajeng-ajeng ingkang sae dhateng si calon jabang bayi ing salebetipun keluarga;
7)                      Nyuwun donga pangestu kagem si calon jabang bayi
8)                     Nyuwun pangapunten awit aturipun piyambak.
9)                     Salam panutup.

d.      Cengkorongan sesorah pengetan dinten riyaya (syawalan) :
1)                     Salam pambuka;
2)                     Ngunjukaken puji syukur dhumateng gusti ingkang Maha Kuaos
3)                     Ngaturi sugeng rawuh dhumateng para tamu;
4)                     Nyuwun ngapunten anggenipun caos papan kagem lenggah;
5)                     Ngaturaken matur nuwun dhumateng para rawuh;
6)                     Ngengetaken wigatosipun njagi pasedherekan antawisipun warga
7)                     Ikrar syawalan
8)                      Nyuwun pangapunten awit aturipun piyambak.
9)                     Salam panutup.

Tujuanipun sesorah menika saged karingkes dados sekawan, inggih menika :
  1. Kangge nyaosi pangertosan dhumateng priyantun sanes utawi priyantun ingkang midhangetaken.
  2. Kangge nyaosi wawasan utawi pemanggih.
  3. Kangge caos panglipur/hiburan/menghibur
  4. Kangge nyaosi pengaruh/pangajak dhumateng priyantun ingkang midhangetaken supados tumindak kados ingkang dipunsuwun dening pamedhar sabda.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar