Jumat, 30 September 2016

TUGAS 1 CERKAK KELAS VIII SEM 1 2016



Wacanen cerkak  ing ngisor iki !




HAPENE GENJUR

Menyang sekolahan nggawa handphone utawa hape pancen lagi ngetrend. Nek gak nggawa hape jare kurang gaul ! Mula, bocah-bocah SMP Negeri panggonane Haryo, Genjur lan Bejo sekolah ya wis akeh sing nggawa hape menyang sekolahan. Kae delengen ! haryo ing wektu ngaso kuwi wis mencet-mencet keybad hapene dikancani Genjur lan Bejo sing ndeleng kanthi rasa iri. Sawetara kuwi, bocah-bocah liyane uga asyik berhape ria.
Haryo mesem kecut nalika mbukak es-em-es saka Pipit. Mau kirim es-em-es menyang Pipit. Tulisane: Pit, aku digarapke PR matematika ya! Yen kowe ana dhuwit kanggo tuku bakso, aku ya gelem nggarapke. Yen kowe ana panganan enak-enak, aku ya sumadia . Apamaneh suk yen kowe wis ana mobil hadhiyah saka bapakmu, aku ya tambah saya gelem nggarapake PR mu !
Wangsulane Pipit liwat es-em-es: Aku wedi, Har! Mengko dak didukani pak guru, wong yen nggarapake PRe  kancane  ora oleh lan bijine bakal disuda ning menawa ngajari carane  oleh. Harjo kukur-kukur sirahe. Amarga rumangsa ora bisa nggarap PR Matematika.
“Har aku nyilih sak-es-em-es-an wae, ya ?” Bejo kepencet pengin kirim es-em-es.
“Kowe arep es-em-es sapa ta Jo?” pitakone Haryo.
“Es-em-es R
Irit, Har! Oleh, kan ?” krungu wangsulane Bejo kuwi, Genjur ngguyu kepingkel-pingkel.
“Jo, Bejo! Wong Ririt ora duwe hape kok arep kokkirim es-em-es!” Guntur maido.
“Ya ben ta! Iri ta kowe merga aku arep disilihi hape karo Haryo?”
“sing arep nyilihi kowe sapa? Kana-kana ngaliha! Ngganggu wong lagi asyik wae!” haryo ngusir bocah loro kuwi kanthi kejem. Kepeksa Genjur lan Bejo ngalih banjur lungguh jejer nang teras kelase. Bocah loro kuwi mung bisa nyawang Haryo sing lagi es-em-es-an karo Pipit. Kamangka, Pipite dhewe lungguh ora adoh saka Haryo. Kira-kira patang meteran saka panggone Haryo lungguh, Edan ora ?
Genjur wis ngiler pengin duwe hape dhewe. Yen duwe hape rak penak! Isa es-em-es-an karo nawangsih, adhike wedok Haryo sing imut-imut kae. Ngono sing ana pikirane Genjur. Mula mulih sekolah kuwi Genjur langsung mogok mangan. Ing lawang kamare dicentheli kertas wis ditulisi: LAGI MOGOK MANGAN MERGA ORA DITUKOKKE HAPE!
Ibune genjur sing wis mulih saka dodolan bubur ing pasar ora nggape. Ibune malah banjur es-em-es bapake Genjur. Pa, Genjur mogok mangan njaluk hape! Pa, Let sedhela ana wangsulan saka bapake genjur. Togna ae, Ma! Mengko yen luwe rak nyosor dhewe!
Pancen Ibu lan Bapake Genjur wis padha-padha nyekel hape, sanajan ta hapene sing modhel lawas. Alasane bapak lan ibune genjur jare ben komunikasi antarane suami lan istri terjalin bisa terjalin harmonis. Sakliyane kuwi, bapake genjur sing pagaweyane makelaran kuwi pancen butuh sing jenenge hape kuwi. Amarga transaksi jual-beli luwih penak yen liwat hape.
Lha yen ibune Genjur sing mung bakul bubur kuwi kok nggawa hape kanggo apa?
“Ya, kanggo nyervis bojo ta! Yen sakwayah-wayah bojo mbutuhake rak bisa ngubungi liwat hape. Umpamane pengin dimasakne sop buntut, apa pengin ditukokake gethuk lindri, utawa liyane, rak bisa ndang taksiapke”! ngono alasane ibune genjur nalika ana sing takon, dodol bubur kok nggaya nggawa hape barang?
Nganti bengi kuwi Genjur durung metu saka kamar. Bapak lan ibune sing wis ngumpul ana omah wiwit khuwatir. Aja-aja genjur gek….keturon! Lha wong wiwit awan durung mangan. Yen lara rak mesakake. Apamaneh Genjur kuwi anak lanang ontang-anting. Yen lara angel tamban-tambanane. Obat saka dhokter ora mempan. Lagi waras yen wis diombeni banyu godhongan kulit duren. Lan, saiki durung usum duren. Yen nganti lara tenan rak angel nggolekna kulit duren.
“ Njur bocah! Metua nak! Kana mangana dhisik!” Bapake Genjur nyeluk karo nothog lawang.
“ Wegah yen ora ditukokake hape!
Aku ora arep metu saka kamar saklawase. Ben kamar iki dadi seksi kekejemane wong tuwaku!” wangsulane Genjur saka njero kamare karo mewek.
“Ya, wis! Suk yen wis ana rejeki taktukokne! Ning, kowe latihana dhisik carane nggunakake hape, ya! Wis saiki ndang metua!” Genjur metu saka kamar kanthi praupan seneng.
“Tenan ta, Pak! Aku latihane nganggo hapene bapak apa ibu?”
“latihanmu nganggo gambar hape wae, Njur! Mengko takguntingke gambar hape kanggo latihanmu!”
“Huh, Bapak! Ning, yen ana rejeki ditukokne tenan lho, Pak!”
“Iya, iya, Njur! Ning kowe mbok sing ketok modern ta! Mosok nyeluk kok bapak karo ibuk. Nyeluka papa karo mama ngono lho !”
Esuk kuwi Genjur wis siap mangkat sekolah. Klambi sragam putih abu-abu wis dienggo. Sarapan entek rong piring, lawuh sambel kecap ya wis. Wis siap tempur pokoke! Ning, nalika weruh hapene bapake, eh papane, sing lagi ngglethak ana meja ruang tamu, jangkahe kandheg. Tolah-toleh ngiwa nengen, ndhuwur ngisor! Wah, papa karo mamane ora ngerti. Gage wae hape disaut dilebokake tase terus nggeblas mangkat menyang sekolahan.
Tekan sekolahan ketemu Haryo lan Bejo sing lagi ngobrol karo Pipit lan Ririt. Kabeh bocah kuwi padha nggawa hape dhewe-dhewe. Haryo, Pipit, lan Ririt nyekel hape ing tangane. Mung bejo sing nggawa hapene nganggo cara dikalungna. Kathik hapene modhel hape modhel hape kanggo mbalang asu kae. Kae lho, hape weton lawas sing guedhe! Mulane lakune Bejo kok rada mbungkuk. E, jebul kabotan hape, ta? Hi hi hi.
“Aku ya wis duwe hape! Iki lho hapeku!” Genjur ngetokake hape saka tas banjur dipamerake.
“Hebat kowe, Njur! Hapemu kuwi hape apik. Mereke Nukiyo, ta!” Pipit ngelem nganti genjur krenggosan saking suenenge dilem cewek ayu. “Pira nomer hapemu, Njur?”
“Nomer…nomer…nomer hapeku?
Eh, pira, ya? Aku ora apal kok!” wangsulane Genjur grogi.
“ Wah piye ta? Duwe hape kok ora apal nomere? Jajal miscallen nomer hapeku!” aloke Haryo.
“Miscall? Apa miscall kuwi, Har?Hapeku disawatna menyang kowe ngono piye?” Genjur bingung karo plolang-plolong. Bejo ngguyu kekel.
“Miscall kuwi awakmu ngebela nomer hapene haryo. Yen hapene Haryo wis nyaut, hapemu kenselen!” Bejo njelasna kanthi ati bombong, kamangka, Bejo olehe sinau nggunakake hape ya lagi mau bengi. Iki wae njaluk diajari tanggane nganti  jam papat esuk. Nganti tanggane misuh-misuh. Lha, piye? Bejo diajari bola-bali ning kok ora nyandhak-nyandhak. Mulane nganti parak esuk.
Bel tandha mlebu wis muni. Bocah-bocah gage mlebu kelase dhewe. Pelajaran ing jam pertama kelase Haryo sakanca mau matematika. Gurune Pak Aljabarun sing kerenge kagila-gila.
“Tolong yang bawa hape, hapenya dimatikan semua! Disekolah khusus pelajaran saya kalian tidak boleh bawa hape. Hape dititipkan ke pak Satpam biar aman. Pak Aljabarun ngelingana.
“Eh, har? Piye carane mateni hape?” Genjur mbisiki Haryo sing lungguh ing bangku ngarepe. Haryo  mung gedheg. Semono uga Bejo nalika genjur takon kanthi bisik-bisik. Genjur dadi bingung. Wedi yen nalika pelajaran hapene muni. Bisa cilakak tenan!
“Ndang balia, sri! Ndang balia! Aku lara mikir kowe ana neng ngendi? Ndang balia, sri! Ndang balia! Tega temen kowe lunga ninggalake aku!” Swara ringtone hapene genjur muni tenan. Kathik banter sisan. Sakala kabeh mripat nyawang Genjur sing lagi bingung mateni hapene kanthi mijeti keybode ngawur. Sing kepijet malah tombol kanggo njawab panggilan. Mula banjur keprungu swarane papane genjur lagi muring-muring saka hape.
“Genjur! Balekna hapene papa! Nggawa kok gak omong-omong. Awas, yen ora cepet kokbaleke, sangumu sesasi takstop!”
“Piye carane mateni? Piye iki? Tulung! Tulung!” genjur mbingungi.
Bocah sakelas ngakak bareng-bareng. Malah Pak aljabarun ya ora bisa ngempet guyune. Oalah, Njur, Njur! Durung bisa nggunakake hape kok wis kesusu kae! Akhire Genjur diukum dening Pak aljabarun. Ukumane, dikongkon ngeterake hapene papane menyang omah. Ning, ora oleh mlaku biasa. Mlakune kudu engklek. Hi hi hi!.

 (Kapethik saking Panyebar Semangat No  37, tanggal 16 September 2006  kanthi ewah-ewahan )

A.    Kawruh tembung
Golekana tegese tembung-tembung ing ngisor iki !
1.      ngetrend                   :……………………………………………………………
2.      ngganggu                 :……………………………………………………………
3.      makelar                     :……………………………………………………………
4.      kejem                        :……………………………………………………………
5.      praupan                    :……………………………………………………………
6.      jangkah                     :……………………………………………………………
7.      kandheg                   :……………………………………………………………
8.      krenggosan               :……………………………………………………………
9.      bombong                  :……………………………………………………………
10.  ngelingana                :……………………………………………………………


B.     Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi patitis !
1.  Sebutna paraga lan watake  cerkak ing dhuwur kanthi dikantheni bukti kang nuduhake watak iku mau !
…………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………

2. Kepiye pamilihing tembung kang digunakake ana ing cerkak Hpne Genjur ing dhuwur ? andharna lan sebutna alasane kanthi bukti kang nyata saka cerkak !
…………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………

3.  Sebutna latar ; papan, wektu, kahanan cerkak kanthi judhul Hpne Genjur ing dhuwur kanthi dikantheni bukti ukara sing ana saka cerkak kasebut !
…………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………
4.  Andharna panemumu menawa ana siswa kaya Genjur  ?
…………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………
5.  Pesan utawa amanat apa sing ana saka cerkak Hpne Genjur kasebut ?
…………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………

Tidak ada komentar:

Posting Komentar