Jumat, 23 September 2016

TUGAS PAWARTA KELAS VIII TAHUN PELAJARAN 2016/2017 SEM 1



Sugeng siyang pamiyarsa
Kula Ariane Dewi dinten menika badhe maosaken pawarta ing Radio Simfoni Solo.

Evi 15 tahun salah satunggaling siswi SMPN Tangen, Sragen, Rebo (13/4) antawis jam 10.00 tiwas sesampunipun dhawah ing wewengkon air terjun Jumog Jati, Kecamatan Jenawi. Warga dusun Bogu, Kroderan, Grobogan punika dhawah ing air terjun ingkang inggilipun 20 meter sesampunipun kepleset ing watu-watu ingkang wonten nginggil air terjun, satemah piyambakipun nandang tatu awrat perangan sirah lan badanipun.
Manut katrangan ingkang dipun kempalaken saking kepolisisan, kacilakan wau kedadosan nalika lare wau kaliyan kancaipun cacah gangsal tamasya ing air terjun wau.
Sesampunipun ing papan wisata, Evi sesarengan kaliyan kancanipun sami lelenggahan ing pinggir kali urutipun air terjun. Wekdal badhe gantos papan sanesipun ingkang badhe dipun tingali, kanthi nyabrang kali sainggiling air terjun. Ananging Evi lan salah satunggalipun kanca wanita ingkang wekdal mlangah nyabrangi kali sukunipun kepleset. Evi lajeng dhawah dhateng kali ingkang banter ilinipun tur lunyu pisan. Badanipun Evi lajeng kanyut kaliyan air terjun lajeng dhawah ing cocoran air terjun ingkang lebetipun 20 meter, kebak watu-watu lan tiwas sanalika.

Wewengkon               : tlatah
Satemah                      : ing pungkasane
Kanyut                        : katut, keli
Cocoran                      : pojok

Gladhen:
1.      Gawea kelompok, kanthi anggota saben kelompok 4.
2.      Golekana saka teks pawarta ing dhuwur 5W+1H, yaiku Who What, When, Where, Why, lan How. Pangertene ing basa Jawa yaiku   sapa, apa, ing ngendi papane, genea, lan kepriye !.
3.       Tugas di tulis ing kertas ditumpuk ing meja bu guru.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar