Jumat, 30 September 2016

Tugas 2 kelas VIII SEM 1 2016



2.      Semaken crita ing ngisor iki !

NGGAYUH TENTREM
                                                                                 
Urip kok sansaya angel. Reregan sansaya ndedel. Kosokbaline pametune sawah sansaya susut. Sing wereng, sing banjir, sing udan salah mangsa, kok kaya-kaya ganti gumanti ngrampas rejekine wong tani cilik. Kanggo mangan wae paribasane Senen Kemis.
Esuk iki atiku lagi bruwet. Tanduranku bosok, kekum banyu udan. Beras ing senthong wis entek gusis. Jare jagongan ndhuwur lincak, ngadepi kedadeyan kaya ngene iki ana patang pilihan, yaiku ngurangi mangan, utang, ngendhat, utawa merjaya lisan. Ah embuh bener apa ora.
Aku isih lungguh ing teras. Dumadakan ana mobil alus tleser-tleser nuli mandheg ing pinggir rattan ngarep omahku. Aku nyawang kanthi terwaca. Ana priya sing gedhe dhuwur metu saka mobil jumangkah menyang omahku. “Kula nuwun, “ ngendikane priyayi kuwi uluk salam.
“Nggih mangga-mangga pinarak. Panjenengan sinten nggih ?” kandhaku nuli takon.
“Pangling karo aku ?” priyayi kuwi ganti takon. Pranyata priyayi kuwi kanca lawas. Sarpan, kancaku nunggal kelas Sd lan SMP. Lulus SMP aku trima nggarap sawah secuwil, dene Sarpan mboro menyang Jakarta.
Suwe ora ketemu, nanging aku bisa mbiji dheweke. Sanajan suwe ing Jakarta lan wus kasil, dak sawang Sarpan tetep Sarpan sing ndhisik. Tata karma lan tidak tanduke isih njawani banget. Sarpan tansah andhap asor lan alus bebudine. Busanane uga nganggo batik Jawa.
Omongan ngalor ngidul, pungkasane tekan bab kahanan urip. Karo sapa maneh aku ngudarasa. Ndilalahe Sarpan kok ya pangerten. Sarpan nyaguhi nulungi aku kanthi aweh pagaweyan.” Seminggu maneh kowe nyusul menyang Jakarta”, ujare Sarpan kanthi ngelungi dhuwit nem atus ewu.
Aku wus duwe tekad kenceng arep ngowahi urip. Wis bosen aku urip kaya ngene. Mula seminggu candhake aku pamitan marang anak lan bojoku. “Muga-muga ndang entuk dhuwit sing akeh ya Mak, “kandhane bojoku kanthi luh tumetes ing pipine.
…………………………………………………………………………
Karotengah jam candhake, mobil mandheg ing sangarepe omah mewah. Kabeh nuli medhun. Sarpan ngomandani ing ngarep kanthi uluk salam. “Permisi! Permisi!” ujare Sarpan sajak sereng. Ana pawongan mbukak lawang. Lan sabanjure Sarpan rembugan.
Aku ngetut mburi Sarpan. O pranyata bab utang sing dadi punjering perkara. Rembugan saya suwe saya panas. Aku kaget saknalika. Sarpan nyekel krah klambi pawongan kuwi sinambi ngincim. “Yen minggu ngarep ora ndang nyaur, dak ceklek gulumu !” pangincime Sarpan.
Dheg! Oh Sarpan kok kasar kaya mangkono. Sarpan sing dak kenal seneng ngajeni liyan lan kebak subasita, malik grembyang kayadene kewan wengis kang nyaplok mangsane. Kutha gedhe wis ngowahi adat lan atimu dadi peteng ndhedhet.
……………………………………………………………………………….
Ooo aku saiki ngerti saka ngendi bandha donyane Sarpan. Kabeh mau dituku srana tegel nggebuki lan merjaya liyan. “Apa ya aku kudu mlaku srana carane Sarpan kareben oleh dhuwit akeh ?” pitakonku marang ati cilikku ing tengah wengi.
Isih kelingan wasiyate swargi bapak ibuku. “dadiya wong Jawa sing temen, aja kelangan Jawane, dadi wong Jawa kuwi kudu kebak subasita ing pasrawungan, nduwe trapsila andhap asor, lan kebak rasa ing pangrasa”, ngendikane paring pitutur wicaksana.
Rong dina wis cukup anggonku melu Sarpan. Aku ora kuwat. Atiku kelara-lara. Bengi iki aku tata-tata klambi. Sesuk esuk aku arep mulih ndesa. Kanggo ndandani urip, aku duwe rancangan arep ngolah sawah kanthi luwih sengkut lan nrintis usaha ternak bebek.
Sarpan mempeng golek bandha, nanging Sarpan ora nengenake subasita, murang tata, nerak tatanan. Pungkasane mesthi nampa ganjaran. Mula dadi wong Jawa aja mung pinter nganggo busana Jawa, nanging ati lan tumindake kudu trep karo adat Jawa.


       ( Kapethik saking Harian Jogja Kaca 21, Kemis Pahing  14 April  2011                        mawa besutan )

A.    Tembung kang wigati saka cerkak ing dhuwur iki setitekna !
1.                              sansaya                                                                   
2.                              susut                           
3.                              salah mangsa                                      
4.                              senthong                                             
5.                              kadadeyan                              
6.                              dumadakan                            
7.                              andhap asor                            
8.                              alus bebudine                         
9.                              subasita                                  
10.                          ganjaran                      

B.     Tembung kang wigati saka cerkak ing dhuwur golekana tegese banjur gawenen ukara !
1.      candhake :…………………….……………………………….…………………
Ukara :……………………………….…………………………………………..                                   
2.      sereng:…………….…………..…………………………………………………  
Ukara :……………………………………………………………………………
3.      Jawani:……….…………………………………………….…………………….
Ukara :……………………………………………………………………………
4.      saknalika :………………………………………………………………………..
Ukara :…………………………………….………………………………………           
5.      andhap asor :………………..…………………………………..……………….. 
Ukara :……………………………………………………………………………
6.      alus bebudene :……………………………………………………………………
Ukara :……………………………………………………………………………
7.      subasita :…………………………………………………………………………
Ukara :…………………………………………………………………………... 
8.      murang tata :…………………………………………………………………….
Ukara :…………………………………………………………………………..  
9.      nerak tatanan :………………………………………….…………………………
Ukara :……………………………………………………………………………
10.        terwaca :……………….………………………………………………………...  
Ukara :……………………………………………………………………………





C.    Wangsulana cekak aos !
1.      Sebutna paraga cerkak ing dhuwur  ?
…………………………………………………………………………………….
……………………………………………………………………………………
2.      Sebutna latar; papan lan wektu kang ana ing cerkak kanthi judhul “nggayuh tentrem”  iku ?
……………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………
3.      Andharna kepiye kahanan sing digambarake ana ing cerkak kasebut ?
……………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………
4.      Miturut panemumu apa wae isi pokok saka cerkak ing dhuwur  ?
……………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………
5.      Budi pekerti apa wae kang ana saka cerkak ?, andharna alasanmu!
…………………………………………………………………………………….
……………………………………………………………………………………




WANGSULANA


Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi patitis !
1.      Sebutna paraga protagonis lan antagonis cerkak kanthi judhul nggayuh tentrem !
2.      Sebutna budi peketi sing bisa dijupuk saka cerkak kanthi judhul nggayuh tentrem !
3.      a. Tarmono pancen siswa sing kebak ing subasita. Tegese tembung subasita yaiku…
b. Aja nganti dadi siswa sing murang tata. Tegese tembung murang tata yaiku…
4.      Miturut panemumu kepiye menawa ana wong sing anggone golek rejeki kanthi cara sing ora bener ?
5.      Apa wasiyate swargi bapak lan ibune paraga utama ing cerkak kanthi judul nggayuh tentrem ?

***************************** sugeng makarya**********************


Tidak ada komentar:

Posting Komentar