Senin, 04 Februari 2013


SOAL UJIAN AKHIR SEKOLAH
 Sekolah                : SMP N 1 Sleman
Mata Pelajaran    : Bahasa Jawa
Waktu                  : 90 Menit
Kelas                     : IX


Petunjuk Umum!
1.      Berdoalah terlebih dahulu
2.      Jumlah soal 50  bentuk pilihan ganda
3.      Bacalah soal dengan teliti laporkan pada pengawas bila ada kesalahan
4.      Tulis nomor ujian pada tempat yang tersedia.
5.      Kerjakan soal yang kau anggap mudah terlebih dahulu
6.      Kerjakan pada lembar jawab yang tersedia
7.      Kerjakan sendiri dengan percaya diri
8.      Bila sudah selesai teliti kembali sebelum dikumpulkan
9.      Selamat mengerjakan
Petunjuk Khusus !
Pilihen wangsulan kang paling bener kanthi ngirengake tanda  (O) ing lembar jawab kang sumadya!

Wacan kanggo pitakon no 1-5
Gugur gunung
Hooooeeeee
Kanca-kanca delengen ing bang wetan
Srengenge sumorot sumusup ing selaning mega
Sanajan adheming hawa isih ngruket saranduning badan
Kipatna aja digawe rasa
Kakang ayo tumandang
Adi ayo padha mersudi
Raharjaning praja lan urip iki
Ati kudu nyawiji,
tekad saiyeg saeka kapti,
Dimen lingkungan katon resik lan asri,
(Sembada VII/1)
1.         Pada sepisan geguritan kanthi irah-irahan gugur gunung  menika nyariosaken ….
A.    Kabar  becik ing wanci esuk srengenge sumorot
B.     Hawa adhem banget nalika mangsa ketiga
C.     Ngajak gugur  gunung nalika wanci esuk
D.    Gotong royong mumpung kathah tiyang
2.      Perkawis ingkang kedah dipunugemi tiyang   gugur gunung  inggih menika….
A.    Nilar tata krama
B.     Sepi ing pamrih
C.     Rame ing pamrih
D.    Sepi ing gawe
3.         Maos geguritan kanthi nggatosaken minggah mudhunipun, sero lirihipun saha dhuwur cendhekipun swara menika tegesipun nggatosaken
A.      wirama
B.      wiraga
C.      wicara
D.     wiarasa

4.           Mengkono uga babagan wirasa aja dilalekake amarga wirasa iku ….
A.    kanggo mbedakake isine geguritan iku  sedhih, seneng, semangat apa nesu
B.     kanggo nambahi greget anggone maca geguritan
C.     kanggo ngetokake pinter lan orane sing maca
D.    kanggo mbedakake apik lan orane geguritan
5.            Apa sebabe geguritan diarani puisi bebas ?
A.    Anggone gawe ukarane bisa akeh banget.
B.     Temane bisa sasenenge milih sing gawe.
C.     Anggone gawe ora kaiket aturan.
D.    Ukarane cekak, sing gampang dingerteni.

6.            Ing ngandhap menika pundi parikan ingkang  isinipun pitaken ?
A.    Klemben-klemben roti-roti,biyen-biyen saiki-saiki.
B.     Tuku bakmi sewu lima, sing tak impi-impi jenenge sapa?
C.     Waru dhoyong ing pinggir kali, gotong royong aja nganti lali.
D.    Theklek kecemplung kalen timbang golek aluwung balen.

7.            Iwak sepat nglangi neng kali,
Menawi  lepat nyuwun pangaksami.
           Miturut isine parikan mau nelakake....
A.    pitutur
B.     pitakon
C.     pangolok-olok
D.    ngrumangsani  kleru

8.         Yen embokne siji anake loro, yen embokne loro anake siji, yen embokne telu ora duwe anak. Batangane cangkriman mau yaiku ….
A.    nanas
B.     salak
C.     sulak
D.    kuthuk

9.      Ing ngandhap menika pundi ingkang kalebet cangkriman irib-iriban ?
A.    Burnas kopen.
B.     Na cah kucau boting.
C.     Pitik walik saba meja.
D.    Rang sinyu muk situ

Wacan kanggo pitakon nomer 10
Bapak pocung,duwe sirah tanpa gembung ,
Badan kinunjara,
Mati ing sajroning pethi
Metu pethi sirah numbuk metu cahya

10.  Wangsulane  cangkriman ing tembang mau yaiku ….
A.    Korek jres
B.     Montor mabur
C.     Kabel listrik
D.    Lampu listrik
     Wacan  kanggo soal no 11-13
Kaya padatan, esuk-esuk bocah telu mangkat sekolah bebarengan. Kang digunem sadalan-dalan warna-warna; kalebu ulangan kang bakal diparingake Ibu Guru Retnoningrum mengko jam kaping sapisan. Yakuwi ulangan Basa Jawa.
Rumangsa akeh kang durung ngerti, sinambi mlaku Harjito maca buku, sinau Basa Jawa. Karo sadhela-sadhela takon marang Junaidi lan Partana. Harjito goreh atine. Jebul akeh bab kang pancen durung dingerteni. Mula, bola-bali takon marang kancane.

11.        Intisari wacan paragraph 1 ing dhuwur yaiku ….
A.       Harjito  sakanca mangkat sekolah
B.        Harjito arep mangkat sekolah
C.        Harjito mlaku sinambi sinau
D.       Harjito arep ulangan  BasaJawa

12.        Ing ngisor iki solah bawane Harjito sing ora prayoga yaiku ….
A.       Harjito  durung sinau basa Jawa
B.        mlaku bareng-bareng karo kancane
C.        Harjito mlaku sinambi maca buku
D.       Harjito bola-bali takon marang kancane

13.              Kaya padatan, esuk-esuk bocah telu mangkat sekolah bebarengan.
 Tembung padatan tegesipun ….
A.       biyen
B.        kulina
C.        wingi-wingi
D.       adat saben

14.              “Mbah, nuwun sewu  kula ngrumiyini nggih”. Iku ature lan tatakramane menawa ….
A.       liwat ing ngarepe wong tuwa sing lagi lenggahan
B.        mlaku ing dalan arep nglancangi
C.        arep pamit mulih
D.       arep sowan simbah

15.              Ing ngandhap menika tatakramanipun tiyang mlampah ing margi, kejawi….
A.    mlampah boten dipunseret sandhal utawi sepatunipun
B.     mlampah kaliyan dhahar  utawi  ngunjuk
C.      mlampah  boten kaliyan menga-mengo
D.    mlampah ing sisih kiwa

16.     Ing ngendi papan, wektu, wong padha nindakake tatakrama. Mung wae kudu eling papan siji lan sijine, ora padha cak-cakane. Kabeh mau trep karo unen-unen….
A.      Desa mawa cara negara mawa tata,
B.      Sepi ing pamrih rame ing gawe
C.      Jer basuki mawa bea
D.     Becik ketitik ala ketara

17.        Menawi  ing bis, sacedhak panjenengan lungguh wonten priyantun sepuh ingkang jumeneng. Prayoginipun   ….
A.    Ethok -ethok  boten ngertos
B.     Papan palenggahan dipuncaosaken priyantun sepuh
C.     Matur kaliyan kernetipun supados madosaken lenggahan
D.    Tetep lenggah amargi taksih tebih anggenipun badhe mandhap
Arjuna_w.png
 










18.      Jenenge wayang ing ndhuwur yaiku….
A.   Yudhistira
B.    Puntadewa
C.    Janaka
D.   Werkudara

19.         Satriya ing ndhuwur mapan ing kasatriyan…..
A.      Bumiretawu
B.       Sawojajar
C.       Pringgodani
D.      Madukara

20.              ?akuwisKels\:7:.
Yen ditulis latin unine….
A.    Aku wis kelas 7
B.     Aku kelase wis 7
C.     Aku kelas 7
D.    Aku wis kelas 7

Wacan kanggo nomer  21 - 24
“ Ha ... ya durung . Ngenteni kowe he.” Rada sengol Basuki muni.
Padatan tilik wong lara karo ora lali nyembahyangke iki, padatan sing dakanggep
becik dilakoni. Dadi ora mung tilik thok , ning dikantheni tujuan sing luhur yaiku
nyuwun marang Gusti supaya sing lara enggal waras lan nambahi dhadhag
keluargane  sing lagi lara.
“ Ya, wis. Ayo sembahyang bareng ,” kandhaku . sawise swasana wening sedhela
Aku lan kanca-kanca miwiti sembahyang.
Rampung sembahyang , Basuki banjur muni , “ Sing teka dhisik bali dhisik , sing
Teka keri bali keri.” Bubar muni ngono kanca-kanca dha pamitan lan aku ditinggal.
...
21.  Miturut pethikan ing ndhuwur paraga sapa sing ditinggal?
A.    Aku
B.     Kanca-kanca
C.     Wong lara
D.    Basuki

22.        Sinten paraga antagonis wonten ing pethikan cerkak menika ?
A.    Aku
B.     Kanca-kanca
C.     Wong lara
D.    Basuki

23.  Amanat utawi pesan moral menapa ingkang badhe dipunandharaken dening pengarang wonten ing pethikan cerkak menika?
A.    Menawi wonten tiyang ingkang sakit mesthinipun dipuntweni.
B.     Menawi wonten kanca ingkang sakit mesthinipun dipuntuweni.
C.     Menawi wonten ingkang sakit mesthinipun dipunsembahyangaken.
D.    Menawi wonten kanca ingkang sakit mesthinipun dipuntuweni lan dipundongakaken.

24.  Piwucal ingkang saged dipunpendhet saking pethikan cerkak ing ngingil kados ingkang kapacak ing ngandhap menika kajawi...
A.    Tiyang ingkang sakit mesthinipun dipuntuweni.
B.     Menawi tuwe tiyang sakit kedah ndongakaken.
C.     Tiyang ingkang sakit boten perlu disembahyangaken
D.    Pakulinan budaya tertib, ingkang rumiyin inggih rumiyin.

Wacan kanggo soal nomer 2526
        Langit peteng. Ereng-erenging gunung Merapi katon ireng. Watu-watu gedhe pating jenggunuk kaya ewon gajah kang lagi padha ndhekem. Angin kemrosak nyasaki alas-alas kang kebak wit-witan. Ora ana swaraning kewan kaya adat sabene. Mung angin  sing wani lumaku. Kaya-kaya rajaning wengi kang lagi ngulati jurang perenging merapi. Swasana tintrim, medeni banget.

25.  Latar utawa setting kang digunakake ing pethikan cerkak mau yaiku...
A.    ing juranging merapi.
B.     ing satengahing watu
C.     ing perenging gunung Merapi
D.    ing tengahing alas kang peteng

26.  Swasana ing pethikan cerkak ing ndhuwur yaiku...
A.    seneng
B.     sedhih
C.     medeni
D.    adhem.

Wacan kanggo nomer 27 - 29
         Nanging jane mono ora kaya sing dikarepake pak Mawardi. Kancaku Indras iku   pancen kenes, kendel, ya kendel ing pelajaran ya kendel karo cowok, ning ya sumbut , wong dheweke ki ya pinter. Nanging ya kuwi yen wis kumat malah kepara nyelelek. Contone nyelelek ya kaya mau kae. Dheweke seneng nirokake gayane guru-gurune.
Ning ya lagi pisan iki konangan.

27.  Pethikan cerkak ing ndhuwur migunakake sudut pandang.....
A.    wong kapisan
B.     wong katelu
C.     wong kapisan lan katelu
D.    wong kapindho

28.  Saking pethikan cerkak ing nginggil saged dipunmangertosi bilih siswa ingkang sae inggih menika siswa ingkang...
A.    kenes, kendel ing pelajaran ugi kendel kaliyan sinten kemawon.
B.     kenes, kendel ing pelajaran ugi kaliyan cowok sanajan boten sumbut.
C.     kenes, kendel bab menapa kemawon lan pinter.
D.    boten kenes, kendel ing pelajaran lan pinter.

29.  Piwucal ingkang saged dipun pendhet saking pethikan cerkak ing nginggil inggih menika...
A.    Dados siswa kedah pinter nanging boten kenging celelekan.
B.     Dados siswa kenging celelekan nanging kedah sumbut.
C.     Dados siswa kedah pinter nanging boten kenging celelekan.
D.    Dados siswa kenging nirokaken gayanipun guru.

Wacan kanggo nomer 3032
Aja mung maca kewala
Nenulise aja lali
Sanajan mung saukara
Yen kerep bakal njalari
Lair rasaning rasa
Wusanane dadi wutuh
Gumolong agegelengan
Maujud sastra kang edi
Kajuwara nenulis ing ngnedi papan
30.  Guru wilangan lan guru lagunipun tembang ing ndhuwur...
A.    8 a, 8i, 8a, 8i, 8i, 7u, 7a, 8i, 12 a.
B.     8i, 8i, 8a, 8i, 8i, 7u, 7a, 8i, 12a.
C.     8a, 8i,8a, 8a, 8i, 7u, 7u, 8i, 12a.
D.    8a, 8i, 8i, 8i, 8a, 7u, 7u, 8i, 12a.

31.  Nitik cacahing gatra, guru wilangan lan guru lagunipun tembang ing nginggil kalebet tembang...
A.    Sinom
B.     Dhandhanggula
C.     Kinanthi
D.    Gambuh



32.  Intisarinipun tembang ing nginggil inggih menika...
A.    Latihan maca
B.     Latihan nulis
C.     Latihan nembang
D.    Aja lali latihan.


Wacan kanggo nomer 33 - 34
...
Menyang sekolahan nggawa handpone utawa hape pancen lagi ngetrend. Nek gak nggawa hape jare kurang gaul. Mula bocah-bocah SMP Negeri panggonane Haryo, Genjur lan Bejo sekolah ya wis akeh sing nggawa hape menyang sekolahan. Kae delengen ! Harya ing wektu ngaso kuwi wis mencet-mencet keybad hapene dikancani Genjur lan beja sing ndeleng kanthi rasa iri. Sawetara kuwi bocah-bocah liyane uga asyik berhape ria.
...
33.  Andharan ing nginggil nedahaken bilih...
A.    Kemajuan teknologi ingkang sampun sumrambah wonten sekolahan.
B.     Kemajuan teknologi ugi nambahi kapinteranipun siswa
C.     Hape minangka barang ingkang ndadosaken tiyang katon gaul
D.    Kemajuan teknologi ndadosaken para siswa katon gaul.

34.  Miturut para siswa nggawa hape ing sekolah kanggo kabutuhan saliyane tugas ing sekolah apa becik ?
A.    Inggih amargi saged kangge ngisi wekdal ingkang kosong.
B.     Inggih, amargi saged kangge ndadosaken langkung gaul.
C.     Boten , amargi saged ngganggu anggenipun sinau.
D.    Boten, amargi mangke dipundukani bapak utawi ibu guru.

Wacan kanggo nomer 3536
...
“Kabeh pepinginan ana wragade. Menawa kepingin mukti kuwi butuh wragad, dadi bocah sing pinter butuh ragad, semono uga anggonmu sekolah.Apa maneh saiki sekolah diwajibake mandhiri golek ragad dhewe , ora gumantung ragad saka pamarentah. Gandheng sekolah uga menehi penget sepisan, penget kapindho lan penget kaping telu nganti ibumu kedharang-dharang teka ing sekolahan, ewasemono ibumu bisane mung semaya. Mula dina iki penget sing pungkasan , menawa sesuk-esuk kowe durung nglunasi SPP tunggakan telung sasi , Ika Wulandari wis dianggep nyuwun metu seka SMP Teladan kene, “ ngendikane pak Broto sora.

35.  Miturut pethikan cerkak  watakipun pak Broto minangka tiyang ingkang...
A.    Boten gadhah welas asih dhateng tiyang kesrakat.
B.     Galak nanging taksih nggadhahi raos welas asih.
C.     Degsiya  marang tiyang ingkang kesrakat.
D.    Boten saged dados pimpinan ingkang wicaksana.

36.  Wonten ing pethikan cerkak menika pengarang ngandharaken pesan moral ing ngandhap menika kejawi...
A.    Dados pemimpin kedah wicaksana lan menggalihaken tiyang-tiyang kesrakat.
B.     Dados pemimpin kedah wicaksana lan nggadhahi raos welas asih.
C.     Dados pemimpin boten kenging sawiyah-wiyah dhateng tiyang kesrakat.
D.    Pasinaon boten namung kangge tiyang-tiyang sugih kemawon.

Wacan kanggo nomer 37-38
Bareng wis metu wong sing nggereng-nggereng sambat awake lara. Aku sajake kenal karo pawongan iku, daktamat-tamatake, aku kaya wis tau ketemu bapak iki, dheweke...Pak Broto ! bener pak Broto, kepala sekolah SMP Teladan sing ngetokake aku gawe tatu atiku. Nanging aku kudu nulung pak Broto, ora peduli wis tau natoni atiku, medhot cita-citaku. Aku kudu nulung pak Broto.

37.  Piwucal ingkang saged dipunpendhet saking pethikan cerkak menika...
A.    Nulungi tiyang boten kenging pilih-pilih  .
B.     Nulungi tiyang kedah pilih-pilih dhateng tiyang ingkang nulungi awakipun piyambak kemawo.
C.     Tiyang ingkang sampun nglarani ati boten perlu diputulungi.
D.    Nulungi tiyang ingkang mbetahaken pitulungan sanajan sampun natoni atinipun awakipun piyambak.
38.  Pethikan cerkak ing nginggil kalebet  perangan cerkak ingkang wonten ing alur...
A.    klimak
B.     anti klimaks
C.     padudon
D.    ngrampungake crita.

39.  Tujuane sesorah/pidhato iku kaperang dadi papat, kejaba ...
A.    kanggo panglipur
B.     kanggo tukar kawruh
C.     kanggo menehi kawruh
D.    kanggo menehi pengaruhi

40.  Pawongan kang nindake sesorah diarani …
A.    panitiya
B.     medhar sabda
C.     pranata laksana
D.    pamedhar sabda
41.  Ing ngisor iki urutaning sesorah kang bener, yaiku ...
A.    isi, wigating wacana, salam pambuka, purwaka, pangajeng-ajeng, wusana
B.     wusana, isi, wigatining wacana, pangajeng-ajeng, salam pambuka, purwaka
C.     salam pembuka, isi, purwaka, pangajeng-ajeng, wigatining wacana, wusana
D.    salam pambuka, purwaka, isi, wigatining wacana, pangajeng-ajeng, wusana

42.  Apa kang dimaksud sesorah kang apik iku?
A.    sesorah kang bener isine
B.     sesorah kang bener basane
C.     sesorah kang bener basa lan isine
D.    sesorah kang manut karo buku terkenal

43.  Masyarakat kang  nduweni latar belakang pendidikan, kehidupan sosial lan ekonomi kang beda-beda diarani ...
A.    masyarakat kang homogen
B.     masyarakat kang homonim
C.     masyarakat kang heterogen
D.    masyarakat kang hamemayu

44.  Miturut aku, kabar kang kaemot ing koran iku ora mutu. Cara anggene menehi panemu kasebut kurang pener, amarga ...
A.    nganggo basa Jawa
B.     nganggo basa ngoko
C.     nganggo basa kang kasar 
D.    nganggo tembung aku

45.  Kepriye carane wenehi tanggapan kanthi apik lan bener kuwi?
A.    nganggo swara banter
B.     nganggo tuding-tuding
C.     nganggo basa kang alus
D.    nganggo cara kang ngotot

46.  Sugeng rawuh, sugeng pepanggiyan malih kaliyan kula sakanca. Mugi-mugi kawidadan  karahayon mugi tansah kajiwa kasarira panjenengan sedaya.
Ukara ing nduwur kasebut minangka aturing pamedhar sabda nalika ..
A.    panutup
B.     pambuka
C.     pangajeng-ajeng
D.    pambagya harja

47.   (1) atur pangandikan sabda tama, (2) panutup, (3) atur pambagya harja, (4) nindakaken acara sunnah nabi, (5) pambuka. Urut-urutane acara kang bener yaiku ...
A.    5-4-3-2-1
B.     4-3-2-1-5
C.     5-3-4-1-2
D.    5-3-1-4-2

48.  Nalika pranata cara micara, dheweke nganggo mikrofon. Anggone nggawa mikrofon kang bener yaiku ...
A.    mikrofon digawa tangan kiwa tengen
B.     mikrofon digawa ing tangan kiwa, tangan tengen nyekeli dada
C.     mikrofon digawa tangan kiwa, kabele gigubetake neng tangan tengen
D.    mikrofon digawa nganggo tangan tengen, tangan kiwa nyekeli kabel saperlune

49.  Kula minangka pranata adicara bok bilih wonten galap gangsuling atur saestu kula nyuwun agunging pangaksami. Tembung kang kacetak kandel tegese ...
A. kesalahan basa
B.  kesalahan wektu
C.  kesalahan dandanan
D. kesalahan panggonan

50.  Acara kaping kalih inggih menika atur Pambangyaharja saking pangarsa panawung kridha. Kang diarani pangarsa panawung krida yaiku ...
A.    ketua panitiya
B.     wong kang dikurmati
C.     wong kang gaweane nyusun acara
D.    wong kang gaweane ndandani pranata cara

4 komentar: