Minggu, 27 Maret 2016

CONTOH SOAL USEK 2015



SOAL UJIAN AKHIR SEKOLAH
 Sekolah                : SMP N 1 Sleman
Mata Pelajaran    : Bahasa Jawa
Waktu                  : 90 Menit
Kelas                     : IX


Petunjuk Umum!
1.      Berdoalah terlebih dahulu
2.      Jumlah soal 50  bentuk pilihan ganda
3.      Bacalah soal dengan teliti laporkan pada pengawas bila ada kesalahan
4.      Tulis nomor ujian pada tempat yang tersedia.
5.      Kerjakan soal yang kau anggap mudah terlebih dahulu
6.      Kerjakan pada lembar jawab yang tersedia
7.      Kerjakan sendiri dengan percaya diri
8.      Bila sudah selesai teliti kembali sebelum dikumpulkan
9.      Selamat mengerjakan
Petunjuk Khusus !
Pilihen wangsulan kang paling bener kanthi ngirengake tanda  (O) ing lembar jawab kang sumadya!


1.Saderengipun kula nglajengaken acara ing enjing menika, keparenga  kula ngaturaken rantamaning adicara ingkang badhe kita lampahi. Ingkang kapisan inggih menika pambuka; kaping kalih atur Pambangyaharja saking pangarsa panawung kridha tanggap warsa; kaping tiga inggih menika atur pangandikan  saking kepala sekolah; pun lajengaken atur saking wakil siswa; acara kaping sekawan inggih menika mbagi bebungah kagem siswa pinunjul; ingkang nomer gangsal inggih menika donga; ingkang nomer enem panutup kalajengaken kesenian saking wakil kelas.Tetembungan menika dipunaturaken dening ...
a.pamedha sabda
b.pranata adicara
c.para pamiarsa
d.ingkang kagungan kersa

2. (1) atur pangandikan sabda tama, (2) panutup, (3) atur pambagya harja, (4) nindakaken acara sunnah nabi, (5) pambuka. Urut-urutane acara kang bener yaiku ...
a.5-4-3-2-1
b.4-3-2-1-5
c.5-3-1-4-2
d.5-3-4-1-2

3. Sugeng rawuh, ugi sugeng midhangetaken.
Ukara ing nduwur kasebut minangka aturing pamedhar sabda nalika ..
a.      panutup
b.      pambuka
c.       sumene
d.      pangajeng-ajeng

4.Para tamu undhangan ingkang kinurmatan, acara ing enjing menika saking purwa madya lan wusana kula  kinten sampun kaanggep cekap. Pramila saking menika kita sampun dumugi titi wancinipun ing pungkasaning acara. Sumangga acara ing enjing menika kita pungkasi sesarengan mawi waosan hamdalah.  Alhamdullilahirabil Alamin
Ing pungkasaning atur, kula minangka pranata adicara bok bilih wonten kalepatan anggen kula matur saha solah tingkah kula ingkang kirang mranani ing penggalih, kula namung saged nyuwun pangapunten sak ageng-agengipun.Unen-unen kasebut mratandhani menawa ....
 a. lekasing rampung acara
 b. arep miwiti acara
 c. ing tengah –tengah acara
 d. wis rampung acara
5. Acara kang ana ing wewengkon sekolah iki  lumrahe migunakake pamedhar sabda, kejaba ...
a.      kerja bakti sekolah
b.      pengetan dina Pendidikan
c.       pengetan dina kartini
d.      pengetan tanggap warsa sekolah

6. Mugi-mugi ingkang putra dados putra ingkang sholeh... Ukara kasebut diandharake pamedar sabda nalika acara ...
a.sumene
b.panutup
c.pambuka
d.pangajeng-ajeng

7.Pranata adicara ugi saged kasebat MC. Dene ingkang dipunwastani MC menika cekakan saking tembung ...
a.Master of creative
b.Master of ceremony
c.Magister of creative 
d.Magister of ceremony

8.Gunane basa ragam resmi nalika digunakake dening pamedhar sabda yaiku...
a.      kanggo ngakali wong kang ngrongokake
b.      kanggo pamer marang kang ngrungokake
c.       kanggo pakurmatan marang wong kang ngrongokake
d.      kanggo ngilangi rasa dheg-dhegan nalika medhar sabda


9.Nalika sesorah ana kang diarani migunake teknik serta merta yaiku ...
a.maca sesorah kanthi apalan
b.maca sesorah kanthi dadakan
c.maca sesorah kanthi nggawa teks
  d. maca sesorah kanthi swara kang banter

10.Tuladha kanggo miwiti acara kaya kasebut ing ngisor iki, kejaba ...
a.     Assalamualaikum Wr.Wb
b.     Sugeng siyang. Mangga kita buka …
c.     Para tamu kakung miwah putrid, ing wasana, kula….
d.     Nuwun dhumateng pranata adicara awit paringipun wekdal. Para rawuh sekaliyan,

11.Nalika pranata adicara ngendika, dheweke migunakake  mikrofon. Carane nggawa mikrofon kang bener yaiku ...
a. mikrofon digawa tangan kiwa tengen
b. mikrofon digawa ing tangan kiwa, tangan tengen nyekeli dada
c. mikrofon digawa tangan tengen, , tangan kiwa nyekeli kabel saperlune
d. mikrofon digawa nganggo tangan kiwa kabele gigubetake neng tangan tengen

12.Pak Lurah rawuh ing sarasehan kampung nalika acarane wis kawiwitan, mula minangka ngormati rawuhe   Pak Lurah pranata adicara banjur matur...
a. Nyuwun pangapunten Pak Lurah acaranipun sampun kula wiwiti.
b. Nyuwun pangapunten Pak Lurah acaranipun sampun kula wiwiti amargi sampun dalu.
c. Nyuwun pangapunten Pak Lurah acaranipun sampun kula wiwiti amargi tamu sanes sampun kesel. 
d. Nyuwun pangapunten Pak Lurah acaranipun sampun kula wiwiti amargi sampun selak wonten acara sanesipun. 






13.Assalamualaikum Wr.Wb
Ingkang kinurmatan bapak kepala sekolah,bapak wakil kepala sekolah,bapak ibu guru,staf ugi karyawan sekolah saha kanca-kanca SMPN Sembada ingkang lenggah wonten ing panggenan menika kanthi leganing manah saha raos bingah. Ingkang sapisan sumangga kita ngaturaken puji syukur kagem Gusti Allah ingkang maha kuwaos, ingkang sampun maringi  kita sedaya awujud kasarasan sahengga kita saged kempal manunggal ing SMP ingkang kita tresnani menika wonten ing salebetipun acara  tanggap warsa sekolah ingkang kaping 27.
Unen-unen kasebut diucapake dening pamedhar sabda nalika :
 a. pambuka acara
 b. arep sumene acara
 c. ing tengah –tengah acara
 d. wis rampung acara
14.Cengkorongan pawartos dipundamel supados sae lan runtut,  anggenipun ngaturaken pawartos boten kliwatan. Anggenipun ndamel cengkorongana pawartos kedah nggatosaken underaning prekawis/topikipun rumiyin. Bab  topik kasebat ingkang dipunangkat upaminipun etika berlalu lintas wonten ing mergi. Awit saking menika, cengkorongan pawartos kedah boten angsal nyimpang saking perkawis kasebat. Ing ngandhap menika tuladhanipun cengkorongan pawartos ingkang saged dipunngrembakakaken supados saged dados pawartos ingkang sae lan runtut.
a. Tingkah lakunipun para mudha ingkang  asring ngebut.
b. Mangertosi sinten ingkang liwat ing margi
c. Gunggungipun kendharaan kaliyan wiyaring margi
d .Gunggungipun tiyang ingkang liwat wonten margi
15. Miturut pendapatku, kabar njebluging gunung merapi kudu ditanggapi kanti sikap kang siaga lan waspada, aja nganti lena. Ukara pendapat kasebut bisa luwih alus maneh dikandhakake nganggo basa krama kang bener yaiku ...
a.      Miturut panemu kula, kabar njebluging redi merapi kudu ditanggapi kanthi sikap ingkang siaga lan waspada, aja nganti lena.
b.      Miturut pendapatku, kabar njebluging gunung merapi kedah ditanggapi kanthi sikap ingkang siaga lan waspada, aja nganti lena.
c.       Miturut panemuku, kabar njebluging gunung merapi kudu ditanggapi kanthi sikap ingkang siaga lan waspada, sampun ngantos lena.
d.      Miturut panemu kula, kabar njebluging redi merapi kedah dipuntanggapi kanthi sikap ingkang siaga ugi waspada, sampun ngantos lena.

Wacan kanggo no 16
Amplop dhines iku age-age dibukak. Wis ora sranta olehe pengin weruh piye isine. Pancen wis suwe olehe ngenteni. Suwe, yen dietung saka olehe melu testing sing pungkasan. Lan dadi suwe banget, olehe ngenteni iku, yen ngetunge wiwit sepisanan dheweke dhaptar lan melu testing. Wis ping pitu. Tegese, wis pitung taun. Wis ping pitu Tulus ditulak, yen sing keri dhewe iki mengko asile padha karo sadurunge.
16.     Tema pethikan  cerkak ing nginggil inggih menika...
a.  Mbukak amplop dines
b.  Mbukak amplop amarga pengin mangerteni asil testing.
c.  Mbukak amplop kang isine durung dimangerteni.
d.  Wis ping pitu anggone mbukak amplop.
Wacan kanggo no 17 - 19
Wis wolung taun mlaku iki statuse Tulus ora owah-owah. Pangah ge-te-te wae(1). Ge-te-te, alias guru tidak tetap(2). Ge-te-te ing es-em-a Nanggungan. Iku ateges status liyane, olehe isih njaka, ora bakal enggal owah, jalaran jroning batin Tulus wis setengah prasetya yen ora bakal rabi-rabi sadurunge diangkat(3). Mangka, Astutik, pacangane, wis bola-bali ndheseg.(4)
17.     Latar wektu wonten pethikan cerkak menika dipuntedahaken nomer...
a.    1
b.    2
c.     3
d.    4
18.     Latar panggonan  wonten pethikan cerkak menika dipun tedahaken nomer...
a.    1
b.    2
c.    3
d.   4
19.     Pethikan cerkak ing nginggil migunakaken sudut pandang...
a.    Wong kapisan
b.    Wong kapindho
c.    Wong katelu
d.   Wong kapapat

Wacan kanggo no 20
Astutik sida kursus tenan. Tulus dhewe ya saya nyrempeng olehe usaha amrih ketampane. Nglumpukake dhuwit, nglumpukake pandonga saka wong tuwa, sanak kadang, lan wong-wong sing gedhe rasa preduline. Uga, golek sisik-melik ngendi ana sing bisa aweh trabasan amrih gelise ketampa. Keblithuk? Wos, wis ra ketung. Ning, Tulus ya ora kapok-kapok. Dianggep kalah main, senajan, saya suwe sajake kaya nututi gedebog keli!
20.     Tema wonten ing pethikan cerkak ing nginggil inggih menika...
a.         Tulus saya nyrempeng anggone usaha
b.        Tulus saya nyrempeng anggone usaha amarga Astutik
c.         Tulus saya nyrempeng anggone usaha supaya ora kalah karo Astutik
d.        Tulus saya nyrempeng anggone usaha amarga kepingin kaya Astutik
Wacan kanggo nomer 21-22
Swara adan subuh nggugah nggonku turu, senajan adhem hawane aku menyat   golek .Banyu wudhu tumuli sujud asok syukur marang Hyang Wikan kang isih marengake aku nglakoni darmaning umat. Ing  pungkasaning salam , durung tutug anggonku wirid lan wadul marang kang gawe urip, dumadakan keprungu swara gemrudug sing nggegirisi saka sisih lor, lan narik aku arep menyat , kahanan malih dadi peteng ndhedhet, aku mbengok nyeluk mbah Marijan karo mlayu tanpa genah sing daktuju.

21.     Paraga wonten pethikan cerkak ing nginggil nedahaken...
A.            Tiyang ingkang tansah nyaket lan nuhoni dhawuhipun Gusti .
B.            Tiyang ingkang tansah manembah dhateng Gusti sanajan wonten pepalang.
C.            Tiyang ingkang ingkang keweden amarga wonten bab ingkang nggegirisi.
D.            Tiyang ingkang tansah nyuwun pitulungan dhateng mbah marijan.

22.     Setting  ingkang dipun ginakaken dening pengarang wonten ing pethikan cerkak menika...
A.      Wayah subuh ing ereng-erenging gunung Merapi.
B.       Wayah sore ing dhusun Kinahreja .
C.       Wayah esuk ing ereng-erenging gunung Merapi
D.      Wayah subuh ing dhusun Kinahreja.

23.  Senajan adhem hawane aku menyat   golek banyu wudhu tumuli sujud asok   syukur marang Hyang Wikan kang isih marengake aku nglakoni darmaning umat.
   Wonten ing cerkak ukara ing ngingil kalebet wonten ing...
A.  Setting                                                 C. Gaya bahasa
B.  Alur                                                     D. Penokohan

Wacan kanggo no 24 -  26
Kaka prabu kadang kula
Parandarunaning galih
Njeng eyang ngantos tumedhak
Lir cucak denira peling
Teka datan ginalih
Kados pundi kaka prabu
Ing karsa jengandika
Eyang bagawan Sumali
Pramilanya ndhawuhaken pangandika

24.     Cacahing gatra wonten tembang ing nginggil inggih menika...
A.  6
B.  7
C. 8
D. 9

25.     Guru wilangan lan guru lagunipun tembang ing ndhuwur...
A.     8 a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12 a.
B.     8i, 8i, 8a, 8i, 8i, 7u, 7a, 8i, 12a.
C.    8a, 8i,8a, 8a, 8i, 7u, 7u, 8i, 12a.
D.    8a, 8i, 8i, 8i, 8a, 7u, 7u, 8i, 12a.
26.     Nitik cacahing gatra, guru wilangan lan guru lagunipun tembang ing nginggil kalebet tembang...
A.     Sinom
B.     Dhandhanggula
C.    Kinanthi
D.    Gambuh

Wacan kanggo 27 - 30
Ana kidung rumeksa ing wengi                                 
Teguh ayu luputa ing lara                               
Luput ing bilahi kabeh                                               
Jin setan datan purun                                     
Paneluhan tan ana wani                                             
Miwah panggawe ala                                     
Gunaning wong luput                                    
Geni atemahan tirta                                        
Maling arda tan ana ngarah mring kami                     
Tuju nduduk pan sirna           

27.  Cacahing gatra waosan ing nginggil inggih menika ...
A.      8
B.       9
C.       10
D.      11

28.    Cacahing wanda utawa suku kata  saha tibaning swara saking gatra kaping 9 inggih menika...
A.   12   i
B.   12   u
C.   13   i
D.   13   u
29.    Miturut cacahing gatra saha guru wilanganipun  waosan ing nginggil kalebet ...
A.       Geguritan
B.       Tembang  macapat
C.       Tembang campur sari
D.       Tembang dolanan
30.  Waosan ing nginggil isinipun bab...
A.       Panyuwun
B.        Pandonga
C.        Pitutur
D.       Piwucal
















Wacan kanggo pitakon no 31-32
Gugur gunung
Hooooeeeee
Kanca-kanca delengen ing bang wetan
Srengenge sumorot sumusup ing selaning mega
Sanajan adheming hawa isih ngruket saranduning badan
Kipatna aja digawe rasa
Kakang ayo tumandang
Adi ayo padha mersudi
Raharjaning praja lan urip iki
Ati kudu nyawiji,
tekad saiyeg saeka kapti,
Dimen lingkungan katon resik lan asri,
(Sembada VII/1)

31.  Geguritan  kanthi irah-irahan gugur gunung  menika nyariosaken ….
A.     Pangajak  gugur  gunung nalika wayah esuk
B.     Hawa adhem banget nalika mangsa ketiga
C.     Gotong royong mumpung akeh kanca
D.     Kabar  becik ing wayah esuk srengenge sumorot
32.  Adhi ayo padha mersudi,  tegesipun tembung mersudi ….
A.     golek banda
B.     golek kanca
C.     srawung kanca
D.     nyambut gawe, ngudi

33.  Kegiatan ing ngandhap menika pundi ingkang saged  dipunwastani  gotong royong ing sekolah ?
A.     Upacara bendera
B.     Kegiatan jumat bersih
C.     Latihan ekstra kurikuler
D.     Senam kesegaran jasmani
34.  Tembung ingkang nunggal teges kaliyan  gugur gunung  inggih menika….
A.         nyambut damel ing proyek
B.         nyambut damel ing gunung
C.         nyambut damel pados pangupa boga
D.         nyambut damel sesarengan tanpa upah





35.  Bangunan kang padha  ditandangi kanthi gotong royong dideleng kwalitase malah luwih… dibandhingake yen diborongake.
A.        apik,  bakoh, ngirit
B.        apik, boros, ringkih
C.        ala, boros, ringkih
D.        ala, bakoh, ngirit

36.  Gotong royong iku nyambut gawe bebarengan kanthi ora ngarep-arep bayaran. Kaya     
  ngono iku jumbuh karo unen-unen …
A.       Dahwen ati open
B.        Tutur,uwur,sembur
C.        Jer basuki mawa bea
D.       Sepi ing pamrih rame ing gawe

Wacan kanggo no 37
       Ayo..,
para kanca,kadang wredha lan taruna,
mumpung lagi gagat rahina,
Makarya bebarengan kanggo rejaning bebrayan,
37.  Isinipun geguritan ing nginggil inggih menika ….
A.       Ngajak gotong royong para kadang wredha lan taruna
B.        Ngajak supados remen wungu enjang
C.        Ngajak makarya para kanca
D.       Ngajak gesang bebrayan

38.  Supaya katon endah lan ngresepake maca geguritan iku kudu nggatekake wirama.
   Dene kang dikarepake wirama yaiku .…
A.      dawa cendhake tetembungan
B.      munggah mudhune swara
C.      gedhe cilike ukara
D.      rasa pangrasane pocapan
39.  Dalane rusak.
Ukara mau yen ditulis Jawa dadine…
A.   ?flnerusk\,
B.   ?fl[nrusk ¿,
C.   ?sd[nrusk\,
D.   ?fl[rusk\,







Kanggo soal nomer 10,
…………………………………………………………………………………………………
Putri     : ”Walah godhong murbei dipangan lawa, Jare arep menehi ora sida.”
Nisa     : ” permen-permen chiki  chiki, biyen-biyen saiki-saiki.”
Eka      :” We lah, ana jaran munggah prau, wong dolanan malah padu.”.
.....................................................................................................
40.  Pacelathon antarane Putri, Nisa lan Eka  iku migunakake ...
A.        parikan
B.        cangkriman
C.        paribasan
D.        bebasan
41.   Iwak sepat nglangi neng kali,
Menawi  lepat nyuwun pangaksami.
  Miturut isine parikan mau nelakake....
A.   pitutur
B.   pitakon
C.   pangolok-olok
D.   ngrumangsani  kleru

42.  Yen embokne siji anake loro, yen embokne loro anake siji, yen embokne telu ora duwe anak. Batangane cangkriman mau yaiku ….
A.   nanas
B.   sulak
C.   salak
D.   kuthuk

wacan kanggo soal 43-45
gundhul Pacul
gundhul-gundhul pacul cul gembelengan
nyunggi-nyunggi wakul kul gelelengan
wakul ngglimpang segane dadi sak latar
wakul ngglimpang segane dadi sak latar

43.  Tembung nyunggi ing tembang kasebut tegese ….
A.     nggawa barang kanthi dicangking
B.     nggawa barang diselehake sirah
C.     mikul barang ing pundhak
D.     nggendhong barang ing geger
44.  Tembang ing dhuwur kalebu ….
A.     tembang dolanan
B.     tembang macapat
C.     tembang campursari
D.     tembang kroncong
45.  Piwulang kang bisa dipethik saka tembang kasebut yaiku ….
A.    wong sing nggelengan nanging bisa nyunggi wakul kanthi slamet
B.    wong sing ora bisa anteng senajan nyunggi wakul
C.   wong sing gembelengan bakale nemu begja
D.   wong sing seneng sembrana bakale cilaka



46.  Ing ngandhap menika pundi ingkang kalebet cangkriman irib-iriban ?
A.    Burnas kopen.
B.     Na cah kucau boting.
C.     Pitik walik saba meja.
D.    Rang sinyu muk situ

Wacan kanggo pitakon nomer 47
Bapak pocung,duwe sirah tanpa gembung ,
Badan kinunjara,
Mati ing sajroning pethi
Metu pethi sirah numbuk metu cahya

47.  Wangsulane  cangkriman ing tembang mau yaiku ….
A.    Korek jres
B.     Montor mabur
C.     Kabel listrik
D.    Lampu listrik


Arjuna_w.png
 










48.   Jenenge wayang ing ndhuwur yaiku….
A.  Yudhistira
B.   Puntadewa
C.   Janaka
D.  Werkudara
49.  “Mbah, nuwun sewu  kula ngrumiyini nggih”. Iku ature lan tatakramane menawa ….
A.  liwat ing ngarepe wong tuwa sing lagi lenggahan
B.  mlaku ing dalan arep nglancangi
C.  arep pamit mulih
D.  arep sowan simbah
50.  Ing ngandhap menika tatakramanipun tiyang mlampah ing margi, kejawi….
A.      mlampah boten dipunseret sandhal utawi sepatunipun
B.       mlampah kaliyan dhahar  utawi  ngunjuk
C.        mlampah  boten kaliyan menga-mengo
D.      mlampah ing sisih kiwa





 ************************************* sugeng makarya************************************




Tidak ada komentar:

Posting Komentar