Minggu, 27 Maret 2016

KUNCI WAYANG KELAS IX SEM 2



KUNCI CRITA WAYANG

A.    Menanya
Sawise maca crita wayang ing dhuwur banjur gawea pitakon adhedhasar crita kasebut!
Tuladhane :
1.      Apa judhul crita wayang ing dhuwur ! Bale sigala-gala (nilai 1)
2.      Crita wayang ing dhuwur kalebu crita wayang Mahabarata apa Ramayana ? Mahabarata (nilai 1)
3.      Apa tegese tembung-tembung:
a.      kanggo samudana kanggo dedelikan/nyamar
b.      kembul dhahar bebarengan mangan bebarengan
c.       nalisir tumindak ora bener
d.      dadi reh-rehan dadi andhanahen/pegawai
e.      penggalihe sungkawa atine susah
4.      Sapa wae paraga ing crita wayang kasebut ?  (nilai 4)
a.      Kurawa (100 cacahe)
b.      Pandhawa (Puntadewa, werkudara, arjuna, nakula, sadewa)
c.       Ibune pandhawa (Dewi Kunthi)
d.      Prabu Drestarastra
e.      Yamawidhura
f.        Resi Bisma
g.      Suyudana
h.      Patih Sengkuni
i.        Prabu Pandhu Dewanata
j.        Kanana
k.       Purocana
5.      Sapa wae pandawa lima iku ? (nilai 4)
Pandhawa (Puntadewa/yudhistira, werkudara/Bima, arjuna/janaka, nakula, sadewa)



B.     Wangsulana pitakonan ing ngisor iki !

1.      Apa sing diarani bale sigala-gala iku ? yaiku bale sing digawe saka pring petung kang isine (ing jerone) diiseni dammar. Mula katelah kanthi sebutan bale sigala-gala, Tegese bale kang isine/digawe saka gala
2.      Sapa wae Kurawa iku ?
1.      DURYUDANA           11. SUBAHU                      21. SULOCANA
2.      DURSASANA            12. DURPADARSANA      22. CITRA
3.      DUSSAHA                  13. DURMARSANA          23. UPACITRA
4.      DUSALA                     14. DURMUKA                  24. CITRAKSA
5.      JALASANDA             15. DUSKARNA                 25. CARUCITRA
6.      SAMA                         16. KARNA                         26. SARASANA
7.      SAHA                         17. WIWINGSATI               27. DURMADA
8.      WINDA                      18. WIKARNA                   28. DURWIGAHA
9.      ANUWINDA             19. SALA                            29. WIWITSUH
10.  DURDARSA             20. SATWA                         30. WIKATANANA
3.      Sapa wae Pandawa lima iku ?
Pandhawa (Puntadewa, werkudara, arjuna, nakula, sadewa)

4.      Nalika keprungu bakal diwisudane Yudhistira, Duryudana banjur matur marang Prabu Drestarastra menawa ora gelem dadi andhahane Pandawa. Pandawa banjur arep dikapakake dening Duryudana ?
Pandawa banjur arep disirnakake/dipateni kanthi diapusi karo Duryudana dikepenakake digawekake pesanggrahan/ omah mewah sing digawe saka gala (bahan kang gampang kobong) ing tengah alas kanthi pangan sing enak-enak , sawise padha turu bale mau diobong saengga pandawa sing ana ing njerone bale bisa mati.







5.      Kepiye carane patih Sengkuni arep nyirnakake Pandawa ?
Carane kanthi cara alus kanthi gawe bale pesanggrahan ing dhusun Waranawata dhusun kang asri kang mapan ana ing sangisoring gunung, cedhak alas. Bale mau digawe saka pring petung kang ing sejerone diiseni dammar. Mula katelah kanthi sebutan bale sigala-gala, tegese bale kang isine gala. Banjur Pandhawa dijaluk karo kurawa supaya padha ngenggar-ngenggar penggalih lan bisa cedhak karo rakyate ing bale kanthi sawetarawektu, banjur menawa Pandawa lena  pesanggrahan mau ing wayah wengi bakal diobong, kanthi mengkono pandawa bisa mati.

6.      Sapa kang kautus Duryudana ngobong bale pesanggrahan ? Purocana
7.      Kepriye carane Pandawa slamet saka pasanggrahan sik diobong ?
Pamane Arya Yamawidura utusan Kanana supaya para Pandawa kudu ngati-ngati amarga tanggal 14 wulan iki Purocana diutus Duryadana supaya ngobong bale pesanggrahan. Kuwiditandakake nalika Pandawa sakadang lan ibune lagi pada sare. Ananing Yamawidura dhawuh Kanana supaya nggawe trowongan sinandhi minangka dalane Pandhawa sakadang ucul sakapsanggrahan kuwi.

8.      Kepiye kahanane Resi Wara Bisma krungu menawa pesanggrahan kobong ?
Penggalihe sungkawa ora bisa ngampet nganti netesake luh.

9.      Apa wae tumindak sik ora pantes diconto saka lakon wayang bale sigala-gala ?
a.       Aja nganti blereng drajad nganti tumindak sing ora bener yaiku nyirnakake sedulure dhewe.
b.      Tumindak licik marang sapepadhane manungsa

10.  Andharna budi pekerti sing bisa dijupuk saka lakon wayang bale sigala-gala ?
A.    Aja nganti blereng drajad nganti tumindak sing ora bener yaiku nyirnakake sedulure dhewe.


C.  Menanya
Sawise maca crita wayang ing dhuwur banjur gawea pitakon adhedhasar crita kasebut!
Tuladhane :
1.      Apa judhul crita wayang ing dhuwur !
Raden trigantalpati ngundhuh wohing pakarti

2.      Sapa Raden Trigantalpati Iku ?
Raden Trigantalpati iku Patih Arya Sengkuni, pepatih ing Nagara Astina kang nalika enome sesilih Raden Trigantalpati utawa Raden Gendara, ya Harya Suman. Dheweke iku putrane Prabu Kiswara ratu ing Gendaradesa

3.      Sapa sedulure Raden Trigantalpati ?
Dewi Gendari
4.      Apa tegese tembung-tembung:
a.         Kumalungkung = umuk/sombong
b.         Kawegigane= kapinterane/kaprigelane
c.         Diwisudha = dikukuhake/diresmekake
d.         Mbudidaya= ngusahakake
e.         Pengapesane= kekurangane/kelemahane
5.      Sapa wae paraga ing crita wayang kasebut ?
a.      Patih arya Sengkuni
b.      Dewi Gendari
c.       Prabu Kiswara
d.      Dewi Kunti
e.      Prabu Pandu Dewanata
f.        Prabu Destarastra
g.      Arya Gandamana
h.      Begawan Abiyasa
i.        Raden Werkudara









D. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki !

1.         Sapa sing diarani Raden Trigantalpati iku ?
Raden Trigantalpati iku Patih Arya Sengkuni, pepatih ing Nagara Astina kang nalika enome sesilih Raden Trigantalpati utawa Raden Gendara, ya Harya Suman. Dheweke iku putrane Prabu Kiswara ratu ing Gendaradesa

2.         Trigantalpati iku putra ratu sing wiwit cilik anggone momong kepiye ? banjur duwe watak kepiye ?
Trigantalpati dhasar putraning ratu kang wiwit cilik kulina diugung sakabehe penjaluke mesthi keturutan. Mula ora mokal yen dheweke duwe watak angkuh, umuk, kumalungkung, sapa wani aku, murang tata susilo lan seneng ngremehake marang wong liya.

3.         Kena apa rupane Arya Sengkuni sing maune bagus alus dadi ala ?
Ing wektu iku Trigantalpati tuwuh krenteg kepengin bakal nglengserake kalunggahan Patih Gandamana, mula banjur mbudidaya rewa-rewa ngatonake darma bektine marang ratu kanthi sarana tegel mitenah Gandamana. Dheweke ngaturake palapuran kang ora sakmesthine yaiku kuntul diaturake dhandhang, dhandhang diaturake kuntul. Sawise nampa ature Trigantalpati, Prabu Pandu banjur ilang rasa kapercayane  marang Gandamana  satemah Prabu Pandu duka marang Arya Gandamana supaya linggar saka praja Astina. Ing kalodhangan iku kepatihan komplang. Mula, Trigantalpati banjur kawisudha minangka Patih ing Negara Astina nggenteni kalungguhane Gandamana. Mesthi wae Gandamana sengit ngigit-igit lan serik atine marang Trigantalpati. Sakwise budhal pasewakan Trigantalpati ing satengahing alun-alun dicegat dening Gandamana. Tanpa taha-taha Trigantalpati banjur kalarak kaprawasa nganti pasuryane sing maune bagus alus dadi ala kaya kacetha ing gambar Arya Sengkuni. Mripate Arya Sengkuni dadi peten kiyer, tutuk dadi gusen mrenges njewewek, dhadha mlengkung, geger bungkuk, epek-epek njrebebeh drijine kaya driji raseksa.

4.         Apa tegese unen-unen aja dumeh, becik ketitik ala ketara, sapa culika bakal cilaka, sapa temen bakal tinemu, sapa goroh bakal growah, sapa ora jujur bakal ajur, ngundhuh wohing pakarti ?
a.       Aja dumeh = aja umuk, aja duwe aji mumpung (mumpung kuwasa, mumpung sugih lsp).
b.      Becik ketitik ala ketara = Becik lan ala bakal ketara ing tembe burine
c.       Sapa culika bakal cilaka= sapa wae tumindak culika bakal nemoni kacilakan
d.      Sapa temen bakal tinemu=Sapa wae sing tenanan/bersungguh-sungguh bakal nemokake sing diupayakake/digoleki.
e.       Sapa goroh bakal growah (gempil)= sapa seneng ngapusi bakal rugi gedhe (bisa nemoni isin, tansah kelingan anggone ngapusi, didohi kanca-kanca lsp)
f.       Sapa ora jujur bakal ajur=sing jujur bakal nemu kabecikan sing ora jujur ing tembe bakal nemoni cilaka
g.      Ngundhuh wohing pakarti= sakabehing tumindak kang ora bener bakal ngundhuh pakarti ala/ nemu piwales saka Gusti Allah.

5.         Andharna budi pekerti sing bisa dijupuk saka crita wayang Raden Trigantalpati ngundhuh wohing pakarti ?

Mula saka iku, manungsa kang darbe bebuden luhur mesthi mangerti werdine wasita adi kang kajiwa kasalira sajroning uripe, kayata aja dumeh, becik ketitik ala ketara, sapa culika bakal cilaka, sapa temen bakal tinemu, sapa goroh bakal growah, sapa ora jujur bakal ajur, lsp. Mula sapa kang tumindak ala marang liyan, mesthi bakal ngundhuh wohing pakarti ala.






Tidak ada komentar:

Posting Komentar