Senin, 21 Maret 2016

MATERI TEMBANG MACAPAT KELAS IX SEM 2



A.   Nyemak (mengamati)
Gatekna wacan ing ngisor iki !

PITUTURE MBAH PAWIRA


Dina Minggu wayah jam loro awan  panase sumelet. Mbah Pawira kondur saka sawah ngasta suket sak bongkok banjur diselehake ing kandhang sapine. Simpenan pakan anggone ngarit wingi awan dipakakake, dene suket asile ngarit dina iki disendhekake kanggo jagan pakan dina sesuk. Pamrihe supaya endhog cacing sing katut ana ing oyot suket bisa mati sahengga ora mbebayani tumrap sapine. Amarga mbah Pawira tliti lan gemati mula ora mokal menawa sapine sajodho katon lemu-lemu lan meh saben tahun bisa manak.
Wingi mbah Pawira nembe wae  adol pedhet payu rolas yuta. Dhuwite ditukokake kuningan kena kanggo jagan sawayah-wayah butuh ragad sing akeh. Mula senajan awake katon ireng, kuru, cilik, tur mbekisik nanging mbah Pawira badane sehat penggalihe ayem lan tentrem. Putrane telu wis padha mrenca. Ana sing dadi tentara, ana sing dadi guru lan ana sing dadi bidan.
Kasile putra-putrane mau ora uwal saka lelabuhane mbah Pawira sing tansah urip prasaja ora ngabur-abur bandha. Miturut pemanggihe mbah Pawira, wong urip iku kudu bisa ambeg adil paramarta. Menawa nembe karejeken ora banjur salin srengat mubra-mubru tanpa petung apa-apa dituku, tundhone ora duwe turahan. Menawa patrape urip kaya mengkono iku mesthi ing tembe mung rekasa akhire.
Metu saka kandhang mbah Pawira lenggah ing lincak karo kepet-kepet nganggo capile panjenengane rengeng-rengeng nembang macapat maskumambang mangkene, “Wong tan manut tuture wong tuwa ugi, pan nemu duraka, ing donya tumekeng akhir, tan wurung kasurang-surang.”
Anggone rengeng-rengeng mbah Pawira keprungu dening Harinta lan Wildan sing lagi padha nggarap tugas basa Jawa. Bocah loro pandeng-pandengan karo ngucap, “ Lo..., kok syaire kaya tembang maskumambang sing di paringake dening Bu Asti. Ning kok lagune ora padha? Ayo diparani mbok menawa awake dhewe bisa entuk pituduh.”
Bocah loro banjur mlaku mrepegi papane mbah Pawira sing lagi lenggahan ana ing lincake karo rengeng-rengeng.

Harinta 
:
“Kula nuwun Mbah, nyuwun pangapunten mbok bilih ndamel kejotipun Simbah.”
Mbah Pawira
:
“Ooo.., kene cah bagus, ana apa kok sajak wigati? Ora apa-apa aku ora kaget kok .”
Wildan
:
“Walah simbah niku, tiyang kula ireng lek kulite mbekisik kok di wastani bagus, ampun ngendika ngaten ta Mbah. Marahi isin kula.”
Mbah Pawira
:
“Oo menawa karo wong liya iku kudu ngajeni, senajan karo bocah cilik pisan ya kudu tetep ngajeni, iku lantarane kabul donga lan panuwun.”
Harinta
:
“Nanging rak inggih boten perlu ngendika cah bagus dhateng kula kekalih, cekap nyeluk le ngoten rak sampun cekap.”
Mbah Pawira
:
“Aku nyebut kowe sakloron mangkono iku uga mengku pangajab, supaya kowe tansah bagus sakabehane,ya tumindake, ya rejekine, ya kabegjane.”
Harinta
lan Wildan
:
“Ooo.., mekaten ta Mbah, wah menawi mekaten kula matur nuwun sanget, mugi-mugi puji donganipun simbah saestu saget dados kasunyatan”
Mbah Pawira
:
‘Ya-ya-ya. Banjur ana perlu apa kok kadingaren kowe padha dolan mrene?”
Wildan
:
“Mekaten lo Mbah, niki wau kula kalih Harinta nembe kemawon nggarap tugas Basa Jawi. Kula kekalih dipun dhawuhi supados njlentrehaken isinipun tembang maskumambang dening Bu Asti. Eee..., kok niki wau kula mireng panjenengan rengeng-rengeng. Syaire kados tembang ingkang dipun paringkaken bu guru, nanging lagunipun benten.”
Mbah Pawira
:
“Tak kandhani ya cah bagus, yen ing tembang macapat iku sing dikarepake syair, iku jenenge cakepan, dene yen ing basa Indonesia diarani lagu, iku menawa ing tembang Jawa diarani laras.”
Harinta
lan Wildan
:
“O.., mekaten ta Mbah, lah niki wau simbah anggenipun nembang mawi laras menapa kok benten kaliahan ingkang dipun paringaken bu Asti.”
Mbah Pawira
:
“Sing tak tembangake iki mau jenenge maskumambang layu. Mbok menawa sing diparingake ibu gurumu maskumambang liyane. Marga miturut larase tembang maskumambang iku werna-werna. Ana maskumambang buminata, ana maskumambang layu, maskumambang kembang tiba, maskumambang malatsih, maskumambang rencasih, maskumambang limaran, maskumambang dhadhapan, maskumambang natakusuman lan isih ana liyane simbah ora pati apal
Harinta
:
“Lah estunipun tembang macapat menika menapa kemawon  kok ngendikanipun bu Asti wonten sewelas?”
Mbah Pawira
:
“Lo apa nalika ana ing SD kowe durung tau dituturi bapak utawa ibu gurumu?”
Harinta

:
“Dereng Mbah, wong anggen kula sekolah SD rumiyin rak wonten Jakarta. Dene Wildan menika saking Bandung.
Mbah Pawira
:
“O ya. Yen mengkono dak wenehi cara kanggo ngeling-eling wernane tembang macapat. Yaiku kanthi ngetrapake laku uripe manungsa.”
Wildan
:
“Laku uripe manungsa, kados pundi menika Mbah?”
Mbah Pawira
:
“Laku uripe manungsa iku diwiwiti nalika bayi lahir digambarake mijil. Mangsa nalika isih bocah isih perlu di tuntun ing bab ala becik dening wong tuwane tembange kinanthi. Banjur nalika bocah wis ngancik dewasa wis bisa mbedakake ala lan becik dilambangake sinom, mengko yen wis wiwit duwe rasa seneng antarane wanita lan priya tembange asmaradana.
Wong sing ketaman asmara iku anane mung seneng rasane manis kaya manise gula, mula tembange sing pas dhandhanggula.
Anane rasa asmara iku ora cukup diumbar ngono wae, nanging kudu ana pitakonan marang tujuane urip. Pitakon iku dasanamane tambuh. Saka tambuh banjur tembange diarani gambuh.
Yen wis ngerti marang tujuane banjur sengkud yambut gawe dilambangake tembang durma. Asile nyambut gawe dicelengi kanggo tuku emas saengga tembange maskumambang.
Nanging yen duwe bandha akeh uga kudu eling marang akhirat,  ngungkurake kadonyan pralambang tembange pangkur sahengga menawa mati utawa megatruh, banjur dibuntel mori utawa pocung.
Harinta
:
“Wadhuh..., jebul tembang macapat punika mengku makna ingkang lebet nggih Mbah.”
Mbah Pawira
:
“ Lah iya nanging iku mau mung salah sijine cara kanggo ngeling-eling. Bok menawa ana panemu liya sing urutane ora padha, iku ora apa-apa. Sing penting bisa kanggo srana kanggo ngeling-eling wernane tembang macapat.
Wildan
:
“Lah kenging menapa kok tembang cacah sewelas wau dipun wastani tembang macapat?”
Mbah Pawira
:
“Ana saweneh panemu sing ngandharake jare tembang macapat iku amarga anggone maca sarana dipedhot papat-papat. Tegese anggone ngucapake saben patang wanda mandheg. Nanging ana uga kang nyaritakake yen tembang macapat iku uga diarani tembang cilik, amarga isih ana tembang tengahan lan tembang gedhe. Nah bab tembang gedhe lan tembang tengahan iku becike kok suwunake priksa marang gurumu wae. Iki simbah wis asat kringete. Aku dak adus mengko mundhak ngambon-amboni.
Harinta
lan Wildan
:
“Wah.., matur nuwun sanget Mbah kula sampun dipun paringi pitutur ingkang wigatos tur migunani. Inggih menawi simbah badhe siram kepareng kula kekalih nyuwun pamit.”
Mbah Pawira
:
“ Ya..,wis kana sing ngati-ati muga-muga kowe dadi bocah sing pinter lan migunani.”
Harinta
lan Wildan
:
“Nggih Mbah, sampun matur nuwun.”

  1. Pitakon
Wangsulana  pitakon ing ngisor iki !
1.     
Miturt wacan ing dhuwur kepiye kahanane dina Minggu wayah jam loro awan?

Wangsulan :
2.     
Apa sing ditindakake dening mbah Pawira?

Wangsulan :
3.     
Apa suket mau banjur dipakakake sapine, coba terangna nalare?

Wangsulan 
4.     
Apa sebabe sapine mbah Pawira katon lemu-lemu lan meh saben tahun bisa manak?

Wangsulan :
5.     
Mbah Pawira kagungan putra pira lan kepiye kahanane?

Wangsulan:  
6.     
Apa sing dadi paugeran uripe mbah Pawira?

Wangsulan :
7.     
Apa akibate yen wong urip ora bisa ngatur metune dhuwit?

Wangsulan :
8.     
Tembang apa sing direngeng-rengengake dening mbah Pawira ?

Wangsulan
9.     
Apa akibate menawa wong urip ora nggatekake pituture wong tuwa?

Wangsulan-surang 
10.  
Anggone rengeng-rengeng mbah Pawira iku kaprungu dening sapa?

Wangsulan
11.  
Apa sebabe bocah loro mau banjur marani papane mbah Pawira?

Wangsulan
12.  
Miturut mbah Pawira kepiye carane ngeling-eling wernane tembang macapat?

Wangsulan
13.  
Coba sebutna wernane tembang macapat urut kaya keterangane mbah Pawira!

Wangsulan
14.  
Coba goleka keterangan, apa bedane tembang macapat, tembang tengahan lan tembang gedhe!

Wangsulan
15.
Coba goleka conto lan larase tembang maskumambang ana ing internet!

Wangsulan 




Kawruh Bab Tembang Maskumambang
Tembang maskumambang iku salah sijine tembang macapat.  Diarani  tembang macapat amarga anggone maca saben patang wanda dipedhot .  Tembang maskumambang kaiket dening guru gatra (jumlah baris), guru wilangan (jumlah suku kata) lan guru lagu (persajakan).
Ciri-cirine tembang Maskumambang yaiku saben 1 pada (bait) kedadean saka 4 gatra  (baris) kang guru wilangan lan guru lagune kaya kasebut mangkene :
1.    Gatra sepisan 12 i
2.    Gatra kapindho 6 a
3.    Gatra katelu 8 i
4.    Gatra kapapat 8 a
            Keterangan
      Guru lagu yaiku tibaning swara ing pungkasane gatra (persajakan setiap akhir baris)
      Guru wilangan yaiku cacahe wanda (jumlah suku kata) ing saben gatra (setiap baris)
      Guru gatra yaiku cacahe gatra (baris) saben sapada (satu bait)
      Kumpulane gatra tembang diarani pada
      Kumpulane pada tembang sing padha jenenge diarani pupuh
Tuladha cakepan tembang Maskumambang 2 pada pethikan saka serat Wulangreh pupuh Maskumambang pada kaping 10 lan kaping 11 mawa owah-owahan sawetara.
  1. Pra/mi/la/ne/ ra/ma/ i/bu/ den/ bek/te/ni /  (8 i)
Ki/nar/ya/ lan/ta/ran/                                    (6 a)
A/na/ne/ ba/dan/ pu/ni/ki/                           (8 i)
Wi/ne/ruh/ken/ pa/dhang/ ha/wa/                         (8 a)
  1. u/rip/ i/ra/ pin/ter/ sa/mu/ba/rang/ ka/rdi/  (8 i)
Sa/king/ i/bu/ ba/pa/                                     (6 a)
Ing/ ba/tin/ sa/ka/ Hyang/ Wi/di/                 (8 i)
Mulane wajib bektia                                    (8 a)
 Pakubuwana IV

E.   Tegese tembung
No
Tembung ing tembang
Teges / Gancarane
1
Pramilane
Mulane, sebabe
2
Rama ibu
Bapak ibu, bapak simbok
3
Den bekteni
Dihormati, dibekteni
4
Kinarya
(dening Pangean )Dianggo
5
Lantaran
Sarana
6
Anane badan puniki
Lahire awake dhewe iki
7
Wineruhken padhang hawa
Bisa dadi weruh padhange hawa (donya)
8
Uripira
Uripmu
9
Pinter samubarang kardi
Pinter nyambut gawe / duwe kapinteran werna-werna
10
Saking ibu bapa
Jalaran digulawenthah dening ibu lan bapak
11
Ing batin saking Hyang Widi
Senajan hakekate saka Pangeran
12
Mulane wajib bektia
Mula kowe  wajib bekti marang bapak ibu


Keterangan
Tembang ing dhuwur asline kedadean saka 34 pada dene isine nyaritakake tumindak kang kudu dilakoni dening manungsa supaya bisa sampurna uripe, dene isi ringkese mangkene :
  1. Pada sepisan  tekan kapapat nyaritakake wong sing kudu dianut pituture,
  2. Pada kalima nyaritakake akibat utawa pituwase wong sing nglirwakake pitutur
  3. Pada kaping enem tekan kaping telulas nyaritakake perlu lan sebab-sebabe wong urip kudu ngajeni marang bapak ibu
  4. Pada kaping patbelas lan limallas nyaritakake perlune ngajeni marang sedulur tuwa
  5. Pada kaping nembelas tekan wolulas nyaritakake perlune bekti lan ngajeni marang guru
  6. Pada kaping sangalas l nyaritakake perlune taat marang Gusti Allah
  7. Pada kaping rong puluh tekan telung puluh siji nyaritakake perlune bekti lan taat  marang pemerintah (ratu)
  8. Pada kaping telung puluh loro tekan telung puluh papat nyaritakake larangan mbèbèr wêwadi (rahasia) negara.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar