Minggu, 27 Maret 2016

KUNCI MATERI TEMBANG KELAS IX SEM 2 2016



KUNCI TEMBANG
Wangsulana  pitakon ing ngisor iki !
1.
Miturt wacan ing dhuwur kepiye kahanane dina Minggu wayah jam loro awan?

Wangsulan : Kahanan panase sumelet 
2.
Apa sing ditindakake dening mbah Pawira?

Wangsulan : kondur saka sawah ngasta suket sak bongkok banjur diselehake ing kandhang sapine
3.
Apa suket mau banjur dipakakake sapine, coba terangna nalare?

Wangsulan  Ora, sing dipakakake suket sing anggone ngarit wingi, amarga wis ora sumelang kena ndhog cacing
4.
Apa sebabe sapine mbah Pawira katon lemu-lemu lan meh saben tahun bisa manak?

Wangsulan : Amarga mbah Pawira tliti lan gemati anggone ngrumat sapine.
5.
Mbah Pawira kagungan putra pira lan kepiye kahanane?

Wangsulan:  Putrane telu wis padha mrenca. Ana sing dadi tentara, ana sing dadi guru lan ana sing dadi bidan
6.
Apa sing dadi paugeran uripe mbah Pawira?

Wangsulan : Wong urip iku kudu bisa ambeg adil paramarta
7.
Apa akibate yen wong urip ora bisa ngatur metune dhuwit?

Wangsulan : Ing tembe mung rekasa akhire.
8.
Tembang apa sing direngeng-rengengake dening mbah Pawira ?

Wangsulan Maskumambang
9.
Apa akibate menawa wong urip ora nggatekake pituture wong tuwa?

Wangsulan-surang  Bakal kesurang-surang uripe.
10.
Anggone rengeng-rengeng mbah Pawira iku kaprungu dening sapa?

Wangsulan Harinta lan Wildan sing lagi nggarap tugas basa Jawa
11.
Apa sebabe bocah loro mau banjur marani papane mbah Pawira?

Wangsulan Amarga cakepan sing diucapakake mbah Pawira padha karo sing diwulangake dening bu Asti
12.
Miturut mbah Pawira kepiye carane ngeling-eling wernane tembang macapat?

Wangsulan Dijumbuhake karo laku uripe manungsa
13
Coba sebutna wernane tembang macapat urut kaya keterangane mbah Pawira!

Wangsulan Mijil, Kinanthi, Sinom, Asmaradana, Dhandhanggula, Gambuh, Durma, Maskumambang, Pangkur, Megatruh, Pocung
14
Coba goleka keterangan, apa bedane tembang macapat, tembang tengahan lan tembang gedhe!

Wangsulan Tembang gedhe iku diarani kakawin, tembang tengahan diarani kidung, tembang cilik diarani tembang macapat
15.
Coba goleka conto lan larase tembang maskumambang ana ing internet!

Wangsulan  Maskumambang buminata, maskumambang layu, maskumambang kembang tiba, maskumambang malatsih, maskumambang rencasih, maskumambang limaran, maskumambang dhadhapan, maskumambang natakusuman lsp




Tidak ada komentar:

Posting Komentar