Jumat, 04 Maret 2016

MATERI UNGGAH-UNGGUH JAWA



UNGGAH – UNGGUH BASA

I.       Jinising Basa Miturut Uggah – Ungguh
  1. Ngoko
1.      Ngoko lugu
2.      Ngoko andhap (ngoko alus)
3.      Antya basa
4.      Basa antya
  1. Madya
1.      Madya ngoko
2.      Madya antara
3.      Madya krama
  1. Krama
1.      Kramantara           (krama lugu)
2.      Mudha krama        (krama alus)
3.      Wredha krama       (krama lugu)
4.      Krama inggil         (krama alus)
5.      Krama desa           (krama lugu)
  1. Basa Kedhaton
  2. Basa Kasar

Katerangan
A.    Ngoko
I.             Ngoko Lugu
a.       Sing nganggo :
1)      Menyang sapadha-padha kang wis kulina banget
2)      Menyang sing kaprenah enom utawa andahane
3)      Wong sing lagi nyunandika (mbatin)
4)      Bocah cilik sing lagi ajar guneman
b.      Wujude
1)      Kabeh tembung ngoko, tanpa tembung krama / krama inggil tumrap sing dijak guneman
2)      Yen perlu kena nggunakake  tembung krama inggil nanging mung tumrap sing digunem
c.       Tuladha
-        Bas, iki lho kowe dakwenehi bolpoin apik
-        Le, mangkatmu sekolah aja telat
-        Lo, Pardi, padha waras? Arep menyang ngendi kowe sajak ana bab sing wigati?
-        Mbak, menyanga pasar saiki aja lalu tuku lombok!
-        Mesakake Rini kuwi, Muga-muga enggalla waras.

II.          Ngoko Andhap (Ngoko Alus)
1.      Antya Basa
a)      Sing Nganggo
-        Menyang sapadha-padha sing isih pada dene ngajeni
-        Menyang kaprenah nom sing luwih dhuwur kalungguhane
b)      Wujude : Ngoko lan krama inggil
c)      Tuladha :
-        Sliramu apa sida tindak Semarang?
-        Sida, malah yen kepareng, aku nyuwun ngampil kagungane motor.
2.      Basa Antya
a)      Sing nganggo : padha karo antya basa
b)      Wujude : ngoko, krama lan krama inggil
c)      Tuladha :
-        Sliramu apa saestu tindak Semarang?
-        Saestu, Malah yen kepareng aku nyuwun ngampil kagungane motor

B.     Madya
I.             Madya Ngoko
1)      Sing nganggo
a)      Bakul-pada bakul sing durung ngerti unggah-ungguh
b)      Menyang sing luwih endek kalungguhane
2)      Wujude : Madya lan ngoko
3)      Tuladha :
-        Dika napa gelem tuku dagangan kula
-        Gelem mawon, janji regane murah

II.          Madya Antara
1)      Sing nganggo : padha karo madya ngoko
2)      Wujude : madya, ngoko, krama
3)      Tuladha :
a)      Sampeyan napa gelem tuku dagangan kula?
b)      Gelem mawon, janji regine murah
III.       Madya Krama
1)      Sing nganggo :
a)      Marang kakunge yen durung nganggo basa ngoko
b)      Bakul padha bakul
c)      Marang andhahane
2)      Wujude : Madya, ngoko, krama, krama inggil
3)      Tuladha :
-        Yah katen kok saweg kondur, napa kagungan lemburan

C.    Krama
I.             Kramantoro (krama lugu)
1)      Panganggone : Sapdha-padha sing dianggep luwih endhek kalungguhane utawa enom
2)      Wujude : krama kabeh
3)      Tuladha :
a)      Sampeyan punapa dhateng Semarang
b)      Saestu benjing - enjing
II.          Mudha Krama (Krama alus)
1)      Sing nganggo : Marang kaprenah tuwa, marang tepungan anyar,                                sapadha-padha sing padha olehe ngajeni
2)      Wujude : krama, krama inggil
3)      Tuladha :
a)      Panjenengane padha tindak pundhi?
b)      Badhe sowan Pak Guru perlu nyuwun ngampil buku
III.       Wredha Krama (Krama lugu)
1)      Panganggone : wong tuwa marang sing kaprenah enom
2)      Wujude : krama, panambange ngoko

3)      Tuladha :
a)      Anggene badhe mantuk kancane sinten?
b)      Beksane dibetakke sinten
IV.       Krama Inggil (krama alus)
1)      Panganggone : Abdi menyang bendarane sing dhuwur kalungguhane
2)      Wujude : krama, krama inggil
3)      Tuladha: Nandalem punopo saestu tindak dhateng Semarang. Menawi                   kepareng adalem nderek
V.          Krama Desa (krama lugu)
1)      Panganggone : Wong sing durung ngreti unggah-ungguh ing basa
2)      Wujude : krama, krama inggil tumrap awake dhewe, namaning panggenan dipun kramaaken. Krama dipun kramaaken.
3)      Tuladha : Napa panjenengan tindak dhateng Prambetan?
       Kula inggih badhe tindak nitik kepel?

D.    Basa Kedhaton / Bagongan
1.      Panganggone         : Abdi dalem pinuju ngayahi kewajiban ing jero kraton
2.      Wujude                 : Krama lan basa kraton
3.      Tuladha                 : ingkang sinuwun, sira kepara maju lsp.        

E.     Basa Kasar
1)      Panganggone         : wong pinju nesu
2)      Wujude                 : ngoko lan tembung kasar
3)      Tuladhane             : Nek wis melek minggata!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar