Senin, 21 Maret 2016

MATERI WAYANG KELAS IX SEM 2



Materi wayang kelas IX semester II 2016
Gatekna crita wayang iki !
Bale Sigalagala
BALE SIGALA GALA 2.jpg
BALE SIGALA GAL.jpg       Bola-bali Kurawa nggawe cara utawa ngreka supaya Pandhawa bisa mati. Nanging Pandhawa tansah pinaringan slamet saka sakabehing paekane sedulur-sedulur nakndulure kuwi mau, awit saka  kanugrahaning Pangeran  Kang Maha Asih.
       Rumangsa kentekan cara anggone arep nyirnakake Pandhawa lan Ibune, ing sawijining dina Duryudana sowan marang ramane yaiku Prabu Drestarasta. Ature Duryudana, “Dhuh Kanjeng Rama, jejimat kula, pepundhen kula inggih sesembahan kula sakadang ing Ngarcapada. Pawartos ingkang kula pireng, kawula ing Astina badhe marak sowan wonten ngarsanipun Kanjeng Rama, monjuk atur prekawis wisudhanipun Adhimas Yudhistira jumeneng nata ing Astina, nggentosi kalenggahanipun Paman Prabu Pandhudewanata, jer samangke pun adhi kadang Pandhawa sampun ngancik diwasa. Menawi pawartos menika nyata, lajeng kados pundi kawontenan kula sakadang mangke. Boten sanes, kula lan kadang Kurawa sedaya badhe dados reh-rehanipun kadang Pandhawa. Pramila awit saking menika, menawi kepareng kadang Pandhawa badhe kula sirnakaken kemawon.”
        Krungu ature putrane mau (Duryudana), Prabu Drestarastra sakkal njegreg kaya tugu, sapandurat ora bisa paring pangandika. Sawise sareh sawetara Prabu Drestarstra lagi bisa paring wangsulan. Prabu Drestarastra ora sarujuk panyuwunane Duryudana sasedulur, awit panyuwunan kuwu nalisir saka watak utama lan nyimpang saka darmaning satriyatama.
          Duryudana sasedulur ora manut pituture ramane, Prabu Drestarastra. Nanging malah manut kandhane Patih Sengkuni. Sengkuni banjur matur carane kanggo nyirnakake Pandhawa kanthi cara alus. Sabanjure kanthi sesidheman Duryudana utusan salah sawijining abdi kang banget dipercaya, kadhawuhan nggawe bale pasanggarahan ana ing dhusun Waranawata, dhusun kang asri kang mapan ana ing sangisoring gunung, cedhak alas. Bale mau digawe saka pring petung kang ing sajerone diiseni dammar. Mula katelah kanthi sebutan bale sigala-gala, tegese bale kang isine gala.
Sawise bale kuwi dadi, kanthi ulat manis Duryudana dhawuh marang Yudhistira sedulure, kautus ameng-ameng ana ing padhesan saperlu golek undhaking kawruh minangka sangu kanggo jumeneng ratu ana ing Astinapura. Amrih bisa mangerteni watak wantune kawula cilik ing padhusunan Pandhawa sakadang lan Ibune kadhawuhan masanggrah ana ing bale pasanggrahan, ing sawetara wektu.
      





        Pandhawa ora nduwe rasa cubriya marang pangandikane sedulur tuwane. Bareng wis siyaga sakabehe, lan nyuwun pamit uwa Prabu Drestarastra, marang paman Arya Yamawidura, lan Eyang Resi Bisma, Pandhawa sakadang lan Ibu Dewi Kunthi budhal lelana brata. Kanggo samudana, Suyudana utusan abdine kang aran Purocana, kautus ndherekake lungane Pandhawa sakadang, uga kadhawuhan ngladeni dhahare.
       Ing sawijining dina, nalika Pandhawa sakadang lagi ngaso ana ing bale pasanggrahan, ana utusan saka paman Arya Yamawidura kang sowan, arane Kanana. Ature Kanana manawa kadang Pandhawa kudu ngati-ati, awit mbesuk ing malem tanggal 14 wulan iki Purocana kautus Duryudana ngobong bale pasangganggrahan. Kuwi ditindakake nalikane Pandhawa sakadang lan Ibune nedheng-nedhenge sare. Nanging Pandhawa dijaluk ora susah was sumelang lan kuwatir, awit Kanana bakal nggawekake trowongan sinandhi minangka dalane Pandhawa sakadang ucul saka pasanggrahan kuwi.
       Ing dina kang wis ditemtokake, Pandhawa ngajak kembul dhahar bebarengan karo Purocana. Nalika samana Purocana ilang kaprayitnane. Anggone mangan keladuk akeh, kepara nganggo inum-inuman ndem-ndeman. Purocana mendem tenan, banjur nglumpruk kaya raseksa mati. Ing wektu kuwi, Pandhawa banjur ngobong bale pasanggrahan. Nalika geni murub ngalad-alad, Bima minangka panenggaking Pandhawa, mbopong sedulur-sedulure lan ibune, kapondhong mlayu metu liwat trowongan sinandhi, wusana njedhul ana ing satengahing alas. Pandhawa slamet, luput saka bebeya awit paekane kangmase yaiku Duryudana.
       Kacarita ing negara Astina krungu pawarta ature kawula padhusunan bab bale pasanggrahan kang kobong ing wayah wengi. Prabu Drestarasta lan Resi Wara Bisma krungu pawarta mau penggalihe sungkawa, ora bisa ngampet nganti netesake eluh. Tumrape Arya Yama Widura mung gumujeng ing batin, awit dheweke mangerteni kabeh sejatine kedadeyan ing Waranawata. Dene Suyudana lan adhi-adhine padha bungah-bungah jejogedan awit rumangsa wis ilang klilipe.
A.      Menanya
Sawise maca crita wayang ing dhuwur banjur gawea pitakon adhedhasar crita kasebut!
Tuladhane :
1.      Apa judhul crita wayang ing dhuwur !
2.      Crita wayang ing dhuwur kalebu crita wayang Mahabarata apa Ramayana ?
3.      Apa tegese tembung-tembung:
a.      kanggo samudana
b.      kembul dhahar bebarengan
c.       nalisir
d.      dadi reh-rehan
e.      penggalihe sungkawa
4.      Sapa wae paraga ing crita wayang kasebut ?
5.      Sapa wae pandawa lima iku ?


B.     Wangsulana pitakonan ing ngisor iki !

1.      Apa sing diarani bale sigala-gala iku ?
2.      Sapa wae Kurawa iku ?
3.      Sapa wae Pandawa lima iku ?
4.      Nalika keprungu bakal diwisudane Yudhistira, Duryudana banjur matur marang Prabu Drestarastra menawa ora gelem dadi andhahane Pandawa. Pandawa banjur arep dikapakake dening Duryudana ?
5.      Kepiye carane patih Sengkuni arep nyirnakake Pandawa ?
6.      Sapa kang kautus Duryudana ngobong bale pesanggrahan ?
7.      Kepriye carane Pandawa slamet saka pasanggrahan sik diobong ?
8.      Kepiye kahanane Resi Wara Bisma krungu menawa pesanggrahan kobong ?
9.      Apa wae tumindak sik ora pantes diconto saka lakon wayang bale sigala-gala ?
10.  Andharna budi pekerti sing bisa dijupuk saka lakon wayang bale sigala-gala ?








Semaken crita wayang iki !

RADEN TRIGANTALPATI
NGUNDHUH WOHING PAKARTI

Patih Arya Sengkuni, pepatih ing Nagara Astina, nalika isih enome sesilih Raden Trigantalpati utawa Raden Gendara, ya Harya Suman. Dheweke iku putrane Prabu Kiswara ratu ing Gendaradesa. Raden Trigantalpati kalebu salah sawijine tokoh wayang kang bagus, branyak rai lanyak, mripat liyepan, irung walimiring, lan tutuk salitan Duwe sedulur tuwa kang aran Dewi Gendari ing tembe dadi garwane Prabu Destarastra, ratu ing Gajahoya. Trigantalpati dhasar putraning ratu kang wiwit cilik kulina diugung sakabehe penjaluke mesthi keturutan. Mula ora mokal yen dheweke duwe watak angkuh, umuk, kumalungkung, sapa wani aku, murang tata susilo lan seneng ngremehake marang wong liya.
Nalika krungu kabar manawa ing negara Mandura ana sayembara perang kanggo ngrebut Dewi Kunti. Raden Trigantalpati bebarengan karo sedulure kepengin melu sayembara iku. Nanging, tekane ing papan diadani sayembara, Trigantalpati rumangsa cuwa atine awit wis telat keri ing gawe, lan sing wis bisa kasil mupu sayembara yaiku Prabu Pandu ratu ing negara Astina. Kadereng saka pepenginane arep nggawa Dewi Kunti, mula Trigantalpati duwe niyat arep ngrebut karana peksa, saengga dadi perang mungsuh Pandu nanging kalah lan nungkul. Kanggo tandha bukti anggone nungkul, Trigantalpati masrahake kadange tuwa yaiku Dewi Gendari minangka putri boyongan ing pangangkah supaya dadi garwane Prabu Pandu lan dheweke uga melu ngabdi menyang negara Astina. Nanging, kasunyatane Dewi Gendari malah dadi garwane Prabu Destarastra sing duwe cacat wuta, mula Trigantalpati saya serik atine marang Prabu Pandu.
Sakwise sauntara suwe anggone ngabdi ing Astina, marga saka kawegigane anggone ulah gegaman, Trigantalpati banjur diwisudha dadi senapati perang, wektu iku sing dadi patihe yaiku Arya Gandamana nampa ayahan  supaya mbengkas reretu  saka Pringgondani. Dheweke ora bisa antuk gawe, nanging malah kapikut dening mungsuh. Ing wektu iku Trigantalpati banjur tuwuh krenteg kepengin bakal nglengserake kalunggahan Patih Gandamana, mula banjur mbudidaya rewa-rewa ngatonake darma bektine marang ratu kanthi sarana tegel mitenah Gandamana. Dheweke ngaturake palapuran kang ora sakmesthine yaiku kuntul diaturake dhandhang, dhandhang diaturake kuntul. Sawise nampa ature Trigantalpati, Prabu Pandu banjur ilang rasa kapercayane  marang Gandamana  satemah Prabu Pandu duka marang Arya Gandamana supaya linggar saka praja Astina. Ing kalodhangan iku kepatihan komplang. Mula, Trigantalpati banjur kawisudha minangka Patih ing Negara Astina nggenteni kalungguhane Gandamana. Mesthi wae Gandamana sengit ngigit-igit lan serik atine marang Trigantalpati. Sakwise budhal pasewakan Trigantalpati ing satengahing alun-alun dicegat dening Gandamana. Tanpa taha-taha Trigantalpati banjur kalarak kaprawasa nganti pasuryane sing maune bagus alus dadi ala kaya kacetha ing gambar Arya Sengkuni. Mripate Arya Sengkuni dadi peten kiyer, tutuk dadi gusen mrenges njewewek, dhadha mlengkung, geger bungkuk, epek-epek njrebebeh drijine kaya driji raseksa.
Kacarita ing sajroning Perang Baratayuda babak pungkasan (rubuhan), Arya Sengkuni madeg senapati ngatonake kasektene yaiku kulite ora tedhas gegaman sing landhep, awit sebadan kojur diwedhaki nganggo lenga tala sing nyata gedhe kasiyate. Nanging meksa isih ana sing kliwatan durung kawedhakan lenga tala mau yaiku ing perangan silit kodhok. Sadurunge maju ing palagan, Arya Sengkuni uga tumindak culika, yaiku nyolong kethu gambas, yaiku kopyahe Begawan Abiyasa ing Wukiratawu sing duwe daya kasekten yen dikebutake bisa njalari udan watu. Ing sajroning perang Baratayuda dheweke mungsuh Raden Werkudara. Sakwise bisa kacandhak lan dimangerteni manawa papan pengapesane Arya Sengkuni yaiku ing perangan Silit Kodhok bisa tumama kacoblos kuku Pancanaka satemah sirna marga layu.
Mangkono andharan pakeliran kasebut ing ngarep  kang aweh gegambaran marang uriping manungsa ing madyaning bebrayan agung. Mula saka iku, manungsa kang darbe bebuden luhur mesthi mangerti werdine wasita adi kang kajiwa kasalira sajroning uripe, kayata aja dumeh, becik ketitik ala ketara, sapa culika bakal cilaka, sapa temen bakal tinemu, sapa goroh bakal growah, sapa ora jujur bakal ajur, lsp. Mula sapa kang tumindak ala marang liyan, mesthi bakal ngundhuh wohing pakarti ala.
(Kapethik saka Kalawarti Sempulur No. 14 November 2005 kaca 22-23)


A.  Menanya
Sawise maca crita wayang ing dhuwur banjur gawea pitakon adhedhasar crita kasebut!
Tuladhane :
1.      Apa judhul crita wayang ing dhuwur !
2.      Sapa Raden Trigantalpati Iku ?
3.      Sapa sedulure Raden Trigantalpati ?
4.      Apa tegese tembung-tembung:
a.      kumalungkung
b.      kawegigane
c.       diwisudha
d.      mbudidaya
e.      pengapesane
5.      Sapa wae paraga ing crita wayang kasebut ?


B.  Wangsulana pitakonan ing ngisor iki !

1.      Sapa sing diarani Raden Trigantalpati iku ?
2.      Trigantalpati iku putra ratu sing wiwit cilik anggone momong kepiye ? banjur duwe watak kepiye ?
3.      Kena apa rupane Arya Sengkuni sing maune bagus alus dadi ala ?
4.      Apa tegese unen-unen aja dumeh, becik ketitik ala ketara, sapa culika bakal cilaka, sapa temen bakal tinemu, sapa goroh bakal growah, sapa ora jujur bakal ajur, ngundhuh wohing pakarti ?
5.      Andharna budi pekerti sing bisa dijupuk saka crita wayang Raden Trigantalpati ngundhuh wohing pakarti ?


Tidak ada komentar:

Posting Komentar