Senin, 21 Maret 2016

Materi Jurnalistik Kelas IX semester 2




A.     Mengamati
1.      Sapa sing wis paham marang Jurnalistik?
2.      Apa wae kang kalebu wujud karya jurnalistik ?

Jurnalistik
Jurnalistik utawa jurnalisme (saka tembung journal) ing basa Indonesia kasebut "kewartawanan", yaiku cathetan bab kadadean sadina-dina, uga bisa diarani surat kabar. Journal yaiku saka istilah basa Latin diurnalis sing ateges wong kang nyambut gawe jurnalistik. Jurnalistik yaiku ilmu bab nulis ing media massa. Jurnalistik nunggal teges karo kewartawanan. Media massa yaiku sarana kanggo nyebarake informasi marang masyarakat.
Ing Indonesia, istilah "jurnalistik" biyen diarani "publistik". Aktivitas pokok ing kewartawanan yaiku palaporan kadadean kanthi andharan sapa, apa, kapan, ana ngendi, ngapa, lan kepiye (ing basa Inggris diarani 5W+1H) uga ngandharake kawigaten lan akibat saka kadadean utawa kang lagi trend. Kewartawanan nyakup pirang-pirang media kayata: koran, televisi, radio, majalah lan internet minangka pendatang baru.

Wujuding karya Jurnalistik.
Miturut Palapah lan Samsudin ing buku Dasar-dasar Jurnalistik, wohing jurnalistik kaperang dadi loro, yaiku news lan views.
1.      News, yaiku pawarta wujud tulisan nonfiksi adhedhasar kadadean nyata lan anyar (faktual lan aktual). News ngemot 5W + 1 H, what (apa kedadeane), where (ing ngendi kedadeane), when (kapan kedadeane), who (sapa sing ngalami kedadean), why (geneya bisa kedaden), lan how (kepriye anggone ngatasi kedadean).
News/pawarta kudu nyakup syarat ing ngisor iki:
a.      Obyektif, apa anane, ora pilih kasih
b.      Aktual, anyar
c.       Aneh, ora biasa dialami/ora normal
d.      Penting, ana pengaruhe kanggo penguripane wong akeh.
e.      Cedhak, saya cedhak karo kedadean dianggep saya penting kanggo masyarakat kono
            News/pawarta kaperang dadi loro, yaiku:
a.      Strainght News, yaiku pawarta kang cekak nanging pantes lan bisa njawab pitakon 5W + 1 H. Pawarta kang penting banget diarani stop press. Menawa pawarta penting kasebut ditayangake ing TV utawa digiyarake ing radio diarani breaking news , amarga digiyarake ing sela-selane acara liya.
b.      Feature, yaiku laporan jurnalistik kang katulis kanthi gaya sastra. Feature iku mirip kaya cerkak nanging ceritane kedadean nyata /faktual. Isi tulisan feature luwih nengenake kaendahan (human interest), yaiku kedadean nyata kang bisa nggugah emosi, simpati, kasenengan, malah bisa uga njalari rasa jengkel.
Jinis-jinis Feature :
1). Feature Profil/tokoh/biografi, yaiku kisah inspiratif sawijining paraga.
2). Feature Sejarah, ngandharake apa sing dumadi ing jaman biyen.
3). Feature Petualangan, yaiku kedadean unik kang narik kawigaten salah sawijining paraga, bisa dhewe uga bisa bebarengan.
4). Feature Kiat,tuladhane isi cara-cara kasil ing bisnis
5). Feature Kamanungsan, nyritakake kedadean kang ntrenyuhake lan bisa menehi inspirasi marang wong liya.
6). Feature Mode/tren, yaiku ngandharake kisah gaya urip kang tansah owah salaras karo ajuning jaman.












Tuladha Feature Profil kang kapacak ing kalawarti Djaka Lodang no 23 tanggal 1 November 2015.
     
            2. Views/pandangan, yaiku bahan pawarta saka panemune panulis.Views bisa awujud tajuk rencana, opini, artikel, surat pembaca, essay lan liya-liyane.
Gatekna pawarta ing ngisor iki!
Kirab Budaya Merti Dhusun Godean Semarak
Kirab budaya merti dhusun kang dieloni dening  pitung desa  sa Kecamatan Godean Sleman Minggu Sore kapungkur lumaku kanthi rancak lan sumarak. Pitung  desa kang melu kegiatan merti dhusun kasebut yakuwi Sidorejo, Sidoluhur, Sidoagung, Sidomulyo, Sidokarto, Sidomoyo, lan Sidoarum. Minangka tuan rumah yakuwi Sidomulya.
Miturut Sekcam Godean Drs. Arifin nerangake kegiyatan merti dhusun kanthi kegiatan kirab budaya kasebut duseni tujuan kanggo ngenalake maneka warna potensi lan budaya kang ana ing saben desa ing wilayah kecamatan Godean. Kejaba kuwi supaya para generasi mudha bisa nglestarekake anane maneka warna kabudayan kang ana ing DIY.
Kirab budaya diwiwiti kanthi pasukan berkuda kang dipimpin langsung dening Sekcam Godean Drs. Arifin. Terus dieloni bergada prajurit mataram, bergada andhong, bergada asil bumi, drumband lan maneka warna kesenian lan tiruan lelembut. Kirab kang oleh kawigaten saka masyarakat kasebut diwiwiti saka kantor Kecamatan Godean( jalan Godean-Jogja) terus ngubengi sebagean wilayah Kecamatan Godean lan finish   ing Kantor Desa  Sidomulyo. Rute kang ditempuh kurang luwih adohe 7 km.
(Djaka Lodang No. 26 September 2015)
Kawruh ing babagan Jurnalistik
a.      Koran/ariwarti      : lembaran-lembaran dluwang utawa kertas kang isine warta-warta lan kaperang dadi kolom-kolom (8-9) kolom. Koran iku kababar saben dina. Tembung koran dijupuk saka basa Walanda krant, asline saka basa Perancis courant. Koran kababar saben dina paling akeh ngemot berita lempang (straigh news) yaiku pawarta saka reporter utawa wartawan.
b.      Majalah/kalawarti            : layag kabar kang metune ora saben dina. Bisa mingguan, rong mingguan, wulanan, lsp.
c.       Tajuk                     : pemikiran redaksi marang kawicaksanan prastawa, utawa kadadean tartamtu.
d.      Opini                     : pemikiran wong sing ahli ing babagan kang ditulis ing opini kuwi.
e.      Feature                  : laporan jurnalistik kang katulis kanthi gaya sastra 
f.         Pojok                    : tulisan kang dipapanake ing pojok, sakaca karo tajuk.
g.      Karikatur               : kolom kang isine gambar sing kadhang uga ngemot crita-crita nyindir marang kedadean kang lagi booming.

GLADHEN.
Para siswa saiki ndhapuk kelompok. Saben kelompok 4 siswa, banjur nyoba gawe teks pawarta kanthi dirembug bebarengan. Aja lali anggone gawe pawarta kanthi adhedhasar 5W + 1 H. (what, who, where, when, why, how/ apa, sapa, ing ngendi,kapan, genea, lan kepriye )
Kanggo nggampangake anggone gawe pawarta, luwih dhisik gawe pokok-pokok pawarta sing arep ditulis, kanthi ngisi cecek-cecek ing ngisor iki!










B.      Mengamati
1.      Sapa sing wis paham marang opini?
2.      Apa tegese opini?
3.      Apa perangan kang kudu ana ing opini?

a.        Gatekna tuladha Opini ing ngisor iki!
PASAR ILANG KUMANDHANGE

Anane globalisasi wis akeh pangaribawane tumrap bangsa Indonesia, kang uga ndadekake masalah tumrap kalanggengane kabudayan dhaerah. Bab iku wis nyata pengaruhe tumrap kabudayan Jawa. Masyarakat Jawa saya suwe saya luntur tresnane marang kabudayan Jawa. Kabudayan Jawa wis kadheseg karo kabudayan manca sing kanthi gampang lumebu ing wewengkon Indonesia mligine Jawa.
Teknologi, komunikasi,lan transportasi jaman saiki ngrembaka kanthi cepet,miturut pangandikane Roger Moore menawa teknologi iku saben 18 sasi ngalami owah-owahan kang saya apik (canggih). Contone kayata handphone, komputer, lan piranti elektronik  liyane, sedhela-sedhela metu merk utawa modhel anyar tur sangsaya apik. Pangrembakaning teknologi informasi lan komunikasi mau kang njalari owah gingsir kabudayan Jawa.
Miturut Simon Kimoni sosiolog saka Kenya, ngendikaake menawa saiki bangsa-bangsa kudu  banget anggone ngopeni kabudayan dhaerah supaya ora kadheseg budaya manca.  Ngugi Wa Thiong’o uga winasis saka Kenya uga ngandharake menawa dunia barat mligine Amerika Serikat kaya-kaya lagi nguntalake bom budaya tumrap bangsa-bangsa ing saindhenging jagad. Dheweke lagi mbudidaya ngosak-asik budaya pribumi saengga bangsa-bangsa kasebut bingung golek jatidhiri lan identitas negarane.
Bab iku wis kabukti ngenani budaya Jawa kang nyata wis kedheseg budaya manca. Wong Jawa wis arang sing ngulinakake basa Jawa tumrap putra-putrane. Ibu-ibu isin ngulinakake Basa Jawa marang putra-putrine, wiwit lair wis dijak guneman nganggo basa Indonesia. Kamangka ngulinakake basa Jawa padha karo ngulinakake ngajeni wong liya, amarga basa Jawa ngemot etika nengenake unggah-ungguh kang ora diduweni dening basa liyane.  Mula yen bocah ora duwe tatakrama ya aja disalahke banget, amarga pancen ora dikulinakake dening wong tuwane.
Ing pasamuwan akeh wong Jawa kang ora confident migunakake Basa Jawa, banjur ora wani guneman nganggo basane dhewe (Jawa) kuatir salah. Paribasane pasar wis ilang kumandhange, kali wis ilang kedhunge, wong Jawa ilang Jawane. Tuladha liyane kaya kasebut ing ngisor iki :
Basa. Basa kang dienggo ing dokumen-dokumen perbankan, hotel, papan-papan pituduh ing mall, bandara, papan wisata, lan sapanunggalane kabeh nganggo basa manca (Inggris). Malah syarat kanggo ndhaftar ngleboni pagawean uga kudu bisa basa Inggris aktif. Kabeh  mau njalari wong Jawa rumangsa ora kanggo anggone nyinau basa Jawa. Apa maneh wong tuwa wis ora ngulinakake basa Jawa marang putrane. Yen ngono apa suwe-suwe basa Jawa bakal mati ?. Kandhane mahasiswa Jepang kang sinau basa Jawa ing Jurusan Bahasa Daerah ing salah sawijining pawiyatan luhur ing Ngayogyakarta, menawa dheweke duwe ancas sawise lulus bakal ngedegake lembaga basa Jawa ing Jepang. Wah yen ngono basa Jawa kuwi satemene dianggep adiluhung dening wong-wong Jepang. Malah dheweke uga ngandhakake menawa meh saben kampung ing Jepang duwe perangkat gamelan.  Malah ing  wewengkon Jawa dhewe ora saben desa duwe perangkat gamelan, ora saben sekolahan duwe perangkat gamelan,  duwea uga durung mesthi digunakake kanthi becik.
Pangan. Bocah jaman saiki luwih kenal fried Chicken, Hotdog, Pizza, tinimbang gathot, thiwul, pelas, buntil lan sapanunggalane kang asli saka Jawa. Kamangka satemene panganan manca mau akeh ngandhut zat kang mbilaheni menawa  dipangan saben dina. Bocah ing jaman saiki menawa ora kenal Fried Chicken, Hotdog, Pizza, lan sapanunggalane dianggep ora gaul. Angger wis bisa mangan nganggo panganan saka manca banjur rasane marem banget.
Ing babagan tatakrama uga mrihatinake, umpamane tatakramane mangan uga saiki ora pati digatekake maneh, jaman biyen  wong mangan ora prayoga menawa sinambi ngadeg, mlaku-mlaku, omongan,lan sapanunggalane. Nanging jaman saiki mangan karo ngadeg, mlaku-mlaku, lan karo sinambi omongan wis dianggep lumrah, tuladhane ing gedhung-gedhung nalika acara pahargyan manten, kabeh tamu anggone dhahar ngadeg, kamangka tamune saka kalangan priyayi-priyayi lan para winasis, ustadz,  kang luwih pana ing babagan tatakrama.
Sandhang. Para mudha saiki luwih seneng nyandhang sandangan merk saka manca sing durung mesthi trep  karo kabudayan Jawa. Angger ana barang-barang branded diobralke ana ngendi wae, adohe kaya ngapa bakal digoleki. Kamangka batik sandhangan gawean Jawa asli ora kalah kualitase.
Ayo para mudha, wredha lan para sutresna, budaya Jawa kang adiluhung iki aja nganti kesilep ajuning jaman, budaya Jawa kudu bisa tetep kuncara. Pambudidaya lan kupiya iki kudu tetep digrengsengake supaya budaya Jawa bisa urip ngrembaka,  iya mung ing pundhak kita samya.



b.       Gatekna katrangan ing ngisor iki!







Rounded Rectangle: Jinis-jinis ukara fakta ana loro, yaiku
Fakta Umum yaiku ukara kang isine prakara bener kang tansah bener  ing sadawane urip
Tuladha : Srengenge njedhul  saka sisih wetan.
Fakta Khusus yaiku ukara kang isine prakara bener nanging mungkanggo  sawentara wektu
Tuladha : Budi sekolah ing SMP Negeri  Pandhanwangi


Rounded Rectangle: OPINI
Opini : gagasan, pemikiran, wawasan
Opini  yaiku pamikiran wong sing ahli ing bidhang kang ditulis ing opini.
Jinis ukara opini ana loro, yaiku :
Opini sawijining wong  yaiku gagasan kang diwedharake dening salah sijining wong
Tuladha : Mlaku dohe 10 km iku njalari kesel awake.
Opini umum yaiku ukara gagasan kang kabeh uwong nganggep bener.
Tuladha : Adus ing wayah wengi njalari lara Rhematik.
  Nulis opini ateges menehi wawasan, pemikiran marang wong liya

Perangan opini :
a. Judul
b. Alinea pambuka
c. Alinea isi
d. Alinea Panutup

Tuladha, penulis opini arep nulis bab ilange para mahasiswa kang munggah gunung Merapi.
Luwih dhisik nulis pointer-e kaya ing ngisor iki:
1. Alinea pambuka
• Fakta   akehe lapuran wong tuwa kang kelangan anake kang lagi munggah gunung
• para mahasiswa kancane mbenerake kahanan mau
2. Alinea isi 
• wis kerep kedadean kaya mangkono
• data penelitian saka lembaga ing babagan  aktivitas pendakian
• data saka masyarakat juru kunci Gunung Merapi
• kepriye  kedadeane, ing ngendi, sapa wae korbane, saka perguruan tinggi ngendi
• apa kang kudu ditindakake wong tua/lingkungan/perguruan tinggi lspl
• kang wis ditindakake pemerintah 
• kang durung ditindakake pemerintah
3. Alinea panutup (pangajak supaya waspada, netepi paugeran)
4. Panutup 
• saran-saran lan kesimpulan
 











































Tidak ada komentar:

Posting Komentar