Senin, 05 Maret 2018

GEGURITAN


 Ron Garing
Pangripta: Budhi setyawan

Wengi sansaya atis
Nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan
Kang digawa dening angin

Prasasat tan kendhat
Anggonku kulak warta adol prungu
Ananging isih mamring

Aku wis pingin cecaketan
Obormu kang makantar-kantar
Madhangi jangkah lan jagatku

Ana ngendi papanmu
Lelana tapa brata
Tanpa pawarta tanpa swara

Aku kadya ron garing
Kumleyang kabur kanginan
Ing jagat peteng lelimengan

Krasa luwih abot
Anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep
Mlakuku ora mantep

Kagubet ribet lan ruwet
Adoh saka cahyamu
Pedhut ing sakindering pandulu

Panjenengan
Guruku, sihku, oborku
Kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati.


1.   Tembung-tembung wigati ing geguritan,”Ron Garing” kayata:
-ron                                     -mamring        -sukma
-atis                                                -lelena
-sesingidan                         -kadya
-tan kendhat                       -pandulu
-makantar-kantar               -pawarta
2.   Kejaba mangerteni tegese tembung-tembung wigati ing geguritan uga
Kudu mangerteni purwakanthi kang tinemu ing geguritan iku:
Purwakanthi yoiku runtuting swara, sastra utawa tembung peranganing tetembungan kang ngarep karo perangan buri.
Purwakanthi bisa diperang dadi 3 yaiku:
a. Purwakanthi guru swara:
    Runtuting tibaning swara perangan kang ngarep karo tibaning swara   
    perangan kang buri.
    Tuladha:
1. guru iku digugu lan ditiru.
    2. yitna yuwana lena kena
b. Purwakanthi guru sastra:
    Padhaning sastra (konsonan) perangan kang ngarep karo perangan kang buri.
   Tuladha:
    1.Kala kula kelas kalih kalung kula kolang-kaling.
    2.Wong cilik bayare sithik lungguh dingklik ongklak-angklik.
c. Purwakanthi basa/lumaksita
   Padhaning tembung/ basa perangan kang ngarep karo perangan kang buri.
   Tuladha:
1.Yen  dadi siswa, dadia siswa kang utama.
2. Kolik priyapriyagung anjani putra.

Tuladha purwakanthi ing geguritan:
    1.Prasasat tan kendhat (P. Sastra)
    2. Lelana tapa brata(P.swara)
    3. Tanpa pawarta tanpa swara(P.swara)
    4. Kumleyang kabur kanginan(P. Sastra)
    5.  Ing jagat peteng lelimengan(P. Sastra)

3.Tema ing geguritan iku yaiku: Kependidikan.(panggulawenthah)
4. Isi kang tinemu ing geguritan,”Ron Garing”  yaiku:
     Prihatine bocah sekolah nalika ngudi ngelmu dipindhaake kaya godhong   
     garing kabur kena angin, tansaya suwe  malah dadi bingung/pakewuh.
     Siswa iku  dadi ora bingung menawa oleh pepadhang/wewarah kang asale   
     saka gurune kang banget ditersnani.
5. Gaya Bahasa
    Yaiku liwat asil karyane panganggit uga kepengin ngandharake rasa pangrasane. Kanggo nggayuh pepenginan kasebut, panganggit mbudidaya kanthi milih tembung-tembung kang dironce saengga mujudake  ukara kang ngandhut basa utawa lumrah diarani gaya bahasa.Tuladha lelewaning basa utawa gaya bahasa yaiku:
a)     Personifikasi
Yaiku gaya bahasa personifikasi mujudake tumindake samubarang kadidene manungsa, bisa ngrasakake bungah utawa seneng, gumuyu, lumaku, gegojegan, lan sapanunggalane.
Tuladha
Awit aku mbok tinggalna
Langit datan peteng
Ora ana candra apa maneh kartika
Atiku kaya bawana sing lemahe nela-nela

b)     Metafota
Yaiku gaya bahasa metafora, minangka srana tumraping panganggit kanggo mbudidaya supaya para maos kanthi gamblang anggone mbayangake gegambaran kang kinandhut ing sajroning geguritan. Mbandingake sawijining barang marang barang liyane kang duweni sifat padha.
Tuladha
Jago kluruk sesautan
Melu tasbeh marang pangeran
Ndonya wis gagat rahina
Maringi kalodhangan janma ngupadi pangupajiwa

c)     Repetisi
Yaiku gaya bahasa repetisi digunakake digunakake dening panganggit nalika kepengin njelasake maksud ing sajroning geguritan, kanthi mbolan-mbaleni tembung.
Tuladha
Isih tansah tak bundheli pangandikamu ibu
Aja...aja...aja tenan ya ngger
Donya iki kebak paseman




Pertemuan kedua
Sub Tema: Membaca Geguritan
Teks Geguritan
KLUWUNG
 (Soewardi Baroto Martono)

Ora katon garising kikismu
Nadyan wilangane tinemu
Oncating citramu, ambabar banyu
Tuhu agung kersane Gusti
Riris....grimis endah dinulu
Agawe menebing lebu
Mahanani segering banyu

Ora geseh, eseme anuju prana
Tansah gawe brantaning driya
Ora kapiyarsa wuwuse wacana
Rinengga endahing solah bawa
Andelidir ponang kintaka
Binarung kidung asmara

Iba mulya raharja, rasaku
Datan ana kang ngreridu Rinonce kehing wanodya yu
Andum prasetya tuhu
Woh aren...asung pepling
Endahing citramu, boya sumandhing
Ora beda ngendikaning biyung
Sliramu...andha widhodari...ya kluwung

Sing kudu digatekakenalikamacaGeguritan:
3.       Wicara/KualitasVokalyaikualabecikeaksarasuwara/dhang-dhingebasa, pocapan/lafal(a, å, i, o, è, é, ê, ta, tha, da, dha) Pamacanegeguritan, pocapankducetha, orakenagroyok, peloutawarangu-rangu, kejabakuwipamacanegeguritan kudu bisangucapakeaksarakanthibener, umpaminembedakakenaksara (a, å, i, o, è, é, ê, ta, tha, da, dha)
4.       Wirama/Tata cara/Etika maca Geguritan yaiku lagu/iramane, maca geguritan, bisa minangka pandudut (daya tarik) kanggone sing ngrungokake. Banter alone wiramane becik kalarasake karo isine geguritan. Lamun maca geguritan kanthi dhasar karangan (tema) perjuangan pamacane gurit sing sora lan semangat, beda karo yen maca geguritan isi kesusahan, kasmaran pamacane ya kudu luwih alon lan sareh.
5.       Wirasa/Greged/ penjiwaan /Pemahaman tegese isi Geguritan, cocok/penere anggone negesi Geguritan. Wirasane nalika maca kudu kaetrepken karo isining geguritan umpamane : nesu, gumbira, sedhih, sereng, wibawa, getun, lan sapanunggalane.
6.       Wiraga/Ekspresi/mimik yaiku cocok/jumbuhing solah bawa obahing badan, polatan, rasa. Obahing badan lan polatan (mimik) kudu luwes (ora kaku), prasaja lan ora katon lamun digawe-gawe.



           1.    Materi Pembelajaran Pengayaan

Geguritan iku karangan kang ora nganggo paugeran sing gumathok, sing baku mung awujud pada-pada. Luwih cetha geguritan bakal disinau ing wulangan kapindho.
Geguritan iku karangan kang kaiket dening pada lan baris. Tegese wujude geguritan larik-larik kang nyawiji dadi pada, pada ing puisi Indonesia diarani bait.
Ngarang geguritan ora angel, sing penting bisa nulis larik-larik dadi pada. Dene carane ngarang geguritan mangkane :
1.       Nemtokake topik geguritan. Topik bisa pengalaman, gagasan, lamunan, gegayuhan, katresnan, kewajiban, lly.
2.       Milih tembung-tembung sing kanggo nglairake  gagasan.
3.       Wiwit nulis geguritan kanthi larik baka larik. Larikane bebas, ora kaiket dawa cendhake, akeh sithike.
4.       Geguritan digawe kanthi ringkes lan mentes. Ora perlu dawa-dawa lan ngambra-ngambra. Mula pamilihing tembung sing premati.
5.       Nliti geguritan sing wis ditulis , didandani supaya luwih becik.
6.       Tuladha nulis geguritan kaya ing ngisor iki.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar