Senin, 05 Maret 2018

WAYANG RAMAYANA


 
RAMA LAN SHINTA


Sawijining dina ing kerajaan Mantili yaiku kerajaan Ramane Dewi Shinta, asmane Prabu Janaka . Prabu Janaka nganakake sayembara sapa sing bisa manah paling apik bakal didadekake mantu. Salah sijine pasarta sayembara yaiku Prabu Rama lan Rahwana nanging Rahwana ora bisa ngangkat panah dene Rama bisa ngangkat panah kasebut. Satemah Rama bisa menangke sayembara lan Shinta dadi garwane . Rahwana ora seneng yen Shinta bisa dadi garwane Rama.
            Ing Alengka yaiku kerajaan Rahwana,Kumbakarna,Indrajid,Patih Prahasta. Sarpanaka menehi kabar marang Rahwana yen ana wong wadon ayu. Rahwana banjur ndang goleki wong wadon mau. Kasunyatan putri mau jenenge putri Kalamarica sing bisa ganti wujud apa wae,lan bisa salin wujud dadi buta cakil.
            Ing alas Dandaka Rama Shinta lan Laksamana isih ngembara, dicritakake Rahwana lan Kalamarica melu ing alas ngincer sarta  godhani Shinta. Kalamarica salin wujud dadi kidang mas sing godhani Shinta. Shinta seneng kidang mas kasebut banjur nyuwun marang garwane yaiku Rama kanggo nyekel kidang mas iku mau. Nanging kidang kasebut malah mlayu ing jero alas, lan Shinta njaluk Rama ngoyak kidang mau. Dene Laksmana tetep karo Shinta. Nanging Shinta nesu amarga Laksmana ora melu ngoyak kidang bareng Rama ing jero alas . Pungkasane Laksmana nuruti pepinginane Shinta supaya ngoyak Rama ing jero alas. Wedi karo keslametane Shinta Laksmana gawe bunderan kanggo shinta supaya shinta tetep slamet.
            Sawise Rahwana teka,Rahwana jajal nyedakki Shinta lan nyoba nembus bunderan. Nanging Rahwana ora mampu ngliwati bunderan mau. Akhire Rahwana salin wujud dadi Brahmana tuwa supaya bisa narik kawigaten Shinta. Dhewekke nyedakki Shinta lan njaluk sedekah,amarga rasa mesakke,akhire Shinta menehi sedekah Brahmana tuwa mau. Nalika Shinta lagi menehi sedekah,dhewekke digeret metu saka bunderan mau lan digawa mabur karo Rahwana.
            Ing Tengahing alas,Rama lan Laksmana terus ngoyak kidang mas. Lan nalika kidang mas kasebut dipanah wujudde malih dadi Cakil. Nalika Shinta digawa mabur karo Rahwana,teka manuk Jatayu sing nulungi Shinta. Kadadean perang antarane manuk Jatayu lan Rahwana. Nganti akhire manuk Jatayu kalah lan kelangan swiwi loro kabeh pungkasane Rahwana lunga nggawa Shinta. Sakwijining dina Rama lan Laksmana ketemu karo manuk Jatayu sing wis kejet-kejet. Jatayu nyritakake kedadean mau karo Rama,Jatayu akhire mati, ngerteni Shinta diculik Rahwana,Rama lan Laksmana semedi supaya entuk cara nylametake Shinta. Banjur Rama ketemu Anoman sing nulungi Rama nyelametke shinta, Rama dijak ing guwa Kiskenda yaiku omahe Anoman.
                   Ing guwa kuwi Anoman nduwe kanca yaiku Subali lan Sugriwa,wong loro kuwi padha- padha sekti. Subali lan Sugriwa iku putrane Resi Gotama lan Dewi Indradi. Nalika isih enom, wujude ksatria kang bagus rupane duwe asma Guwarsi lan Guwarsa.
Amarga rebutan Cupumanik Astagina lan kecebur ing sendhang Wisa, Guwarsi lan Guwarsa malih rupa dadi kethek abang lan ganti asma dadi Subali lan Sugriwa.
Subali lan Sugriwa banjur semedi, Subali pikantuk anugerah rupa Aji Pancasona.
Subali lan Sugriwa nate dadi dhuta dewa supaya bisa ngalahake Lembusora lan Mahesasura. Nalika Subali perang karo Lembusora lan Mahesasura ing guwa. Sugriwa nyangka yen Subali karo Lembusora lan Mahesasura mati.
Sugriwa menyang kahyangan lan carita menawa Subali, Lembusora lan Mahesasura mati. Banjur Batara Indra maringi Sugriwa anugrah Dewi Tara.
Nyatane Subali ora mati, Subali bisa dibujuk Kala Marica supaya ngrebut Keraton Guwa Kiskendha lan Dewi Tara saka Sugriwa. Subali banjur perang karo Sugriwa, Sugriwa kalah.
Sugriwa njaluk tulung marang Rama, supaya bisa ngrebut Keraton Guwa Kiskendha lan Dewi Tara saka Subali, balesane Sugriwa gelem dadi abdine Rama lan nulungi Rama goleki Shinta. Ringkese crita Subali mati kena panahe Rama. Sugriwa banjur nerusake niate kanggo nulungi Rama nylametake Shinta.
            Anoman wiwit nylametake Shinta. Anoman njaluk ali-aline Rama,sing arep dicaoske marang Shinta, kanggo bukti yen Anoman tenan-tenan utusane Rama sing arep nylametake Shinta.
            Ing taman Argasoka,ing kerajaan Ngalengka, Shinta dikancani karo Trijata keponakan saka Rahwana. Rahwana njajal mbujuk Shinta supaya gelem digarwa. Nanging Shinta ora gelem. Rahwana uga dielikake dening adhine Kumbakarna supaya Shinta dibalekake marang Rama ananging ora digugu mula Kumbakarna banjur bali ing kasatriyane, Rahwana uga dielikake dening adhine wuragil yaiku Gunawan Wibisana supaya Rahwana mbalekake Shinta marang Rama ananing ora digugu malah Gunawan Wibisana ditundhung lunga, nalika lunga iku Gunawan Wibisana ketemu Rama lan mbakal mbiyantu Rama ngrebut shinta. Nalika Shinta dhewekan, Anoman mlebu ing taman Argasoka kanggo nemoni Shinta lan nyaoske ali-aline Rama marang Shinta kanggo mbuktekake menawa Anoman iku mau tenan-tenan  utusane Rama kang bakal nylametake Shinta. Nanging Indrajid, anake Rahwana  ngerti tumindake Anoman, banjur mbudidaya nyekel Anoman lan bakal disowanake ing ngarepe Rahwana. Akhire Rahwana mutusake kangge ngobong Anoman. Ubarampe dicepakake kanggo ngobong Anoman. Wektu iku Kumbakarno,sedulure Rahwana aweh pitulungan marang Anoman sing bakal diobong Rahwana. Niyate Rahwana iku ora kasil amarga dialangi karo Kumbakarna.
            Nalika prajurite Rahwana ngobong Anoman, jebule Anoman ora mempan diobong nganggo geni. Malah justru Anoman ngrebut obor geni seka tangane Rahwana nganggo buntute lan geni kuwi bisa kanggo dolanan Anoman sakdurunge ngobong kerajaan Ngalengka. Prajurit Rama mbendung kali sing cedhak kerajaan Ngalengka,satemah prajurite Rahwana ora ias apa apa.
            Perang antarane Rahwana lan Rama kedadean. Kumbakarna mati dipanah Rama nalika ngewangi Rahwana ngalahke Rama. Indrajid mati sisan amarga melu ngewangi Rahwana. Akhire kedadean perang rame antarane Rahwana lan Rama. Rahwana mati dipanah karo Rama lan dening Anoman diblegi gunung.
            Sakwise menang ngalahke Rahwana, Rama ketemu meneh klawan Shinta. Nanging Rama ora percaya maneh karo kesuciane Shinta, sakwise diculik karo Rahwana nganti suwi.  Akhire Shinta milih pati obong kanggo mbuktekake kesuciane. Nalika Shinta ngobong awake dhewe pranyata geni ora mempan ngobong awake shinta iki mbuktekake yen shinta isih Suci. Pungkasane Rama nrima shinta meneh. Rama lan Shinta akhire urip tentrem.




A.  MENANYA
1.     Sawise padha nyemak crita wayang ing dhuwur banjur gawea pitakon kang ana gegayutane karo crita wayang  ing dhuwur iku mau  tuladhane:
a.      Apa tegese sayembara iku ?
b.     Sapa sik menangake sayembara ing kerajaan Mantili ?
2.     Apa wae kira-kira pitakonan mau coba tulisen !
No
Pitakonan
1
Sapa wae sing mbiyantu Rama Wijaya nylametake Shinta ?
2
Leksmana iku keprenah apane Rama ?
3
Sapa sing nyolong Shinta ?
4
Apa tegese tembung sayembara ?
5
Shinta iku putrane sapa ?
6
Saka kerajaan ngendi Shinta iku ?
7
Saka kerajaan ngendi Rama iku ?
8
Kethek putih sing biantu Rama iku jenenge sapa ?
9
Sapa sing salin rupa dadi Kidang Kencana ?
10
Sapa wae sedulure Dasamuka iku ?



Tidak ada komentar:

Posting Komentar