Senin, 05 Maret 2018

JURNALISTIK


JURNALISTIK
Wujuding karya Jurnalistik.
Miturut Palapah lan Samsudin ing buku Dasar-dasar Jurnalistik, wohing jurnalistik kaperang dadi loro, yaiku news lan views.
1.     News, yaiku pawarta wujud tulisan nonfiksi adhedhasar kadadean nyata lan anyar (faktual lan aktual). News ngemot 5W + 1 H, what (apa kedadeane), where (ing ngendi kedadeane), when (kapan kedadeane), who (sapa sing ngalami kedadean), why (geneya/kena apa bisa kedaden), lan how (kepriye anggone ngatasi kedadean).
News/pawarta kudu nyakup syarat ing ngisor iki:
a.     Obyektif, apa anane, ora pilih kasih
b.     Aktual, anyar
c.      Aneh, ora biasa dialami/ora normal
d.     Penting, ana pengaruhe kanggo penguripane wong akeh.
e.     Cedhak, saya cedhak karo kedadean dianggep saya penting kanggo masyarakat kono
            News/pawarta kaperang dadi loro, yaiku:
a.     Strainght News, yaiku pawarta kang cekak nanging pantes lan bisa njawab pitakon 5W + 1 H. Pawarta kang penting banget diarani stop press. Menawa pawarta penting kasebut ditayangake ing TV utawa di
b.     giyarake/disiarke  ing radio diarani breaking news , amarga digiyarake ing sela-selane acara liya.
c.      Feature, yaiku laporan jurnalistik kang katulis kanthi gaya sastra. Feature iku mirip kaya cerkak nanging ceritane kedadean nyata /faktual. Isi tulisan feature luwih nengenake kaendahan (human interest), yaiku kedadean nyata kang bisa nggugah emosi, simpati, kasenengan, malah bisa uga njalari rasa jengkel.
Jinis-jinis Feature :
1). Feature Profil/tokoh/biografi, yaiku kisah inspiratif sawijining paraga.
2). Feature Sejarah, ngandharake apa sing dumadi ing jaman biyen.
3). Feature Petualangan, yaiku kedadean unik kang narik kawigaten salah sawijining paraga, bisa dhewe uga bisa bebarengan.
4). Feature Kiat,tuladhane isi cara-cara kasil ing bisnis
5). Feature Kamanungsan, nyritakake kedadean kang ntrenyuhake lan bisa menehi inspirasi marang wong liya.
6). Feature Mode/tren, yaiku ngandharake kisah gaya urip kang tansah owah salaras karo ajuning jaman.

Kawruh ing babagan Jurnalistik
a.     Koran/ariwarti      : lembaran-lembaran dluwang utawa kertas kang isine warta-warta lan kaperang dadi kolom-kolom (8-9) kolom. Koran iku kababar saben dina. Tembung koran dijupuk saka basa Walanda krant, asline saka basa Perancis courant. Koran kababar saben dina paling akeh ngemot berita lempang (straigh news) yaiku pawarta saka reporter utawa wartawan.
b.     Majalah/kalawarti           : layag kabar kang metune ora saben dina. Bisa mingguan, rong mingguan, wulanan, lsp.
c.      Tajuk                     : pemikiran redaksi marang kawicaksanan prastawa, utawa kadadean tartamtu.
d.     Opini                     : pemikiran wong sing ahli ing babagan kang ditulis ing opini kuwi.
e.     Feature                 : laporan jurnalistik kang katulis kanthi gaya sastra 
f.        Pojok                    : tulisan kang dipapanake ing pojok, sakaca/sakhalaman karo tajuk.
g.      Karikatur               : kolom kang isine gambar sing kadhang uga ngemot crita-crita nyindir marang kedadean kang lagi booming.


KD. 4.2 Menangkap informasi –informasi dalam berita berbahasa Jawa
Jinis-jinis ukara fakta ana loro, yaiku
Fakta Umum yaiku ukara kang isine prakara bener kang tansah bener  ing sadawane urip
Tuladha : Srengenge njedhul  saka sisih wetan.
Fakta Khusus yaiku ukara kang isine prakara bener nanging mungkanggo  sawentara wektu
Tuladha : Budi sekolah ing SMP Negeri  Pandhanwangi

OPINI
Opini : gagasan, pemikiran, wawasan
Opini  yaiku pamikiran wong sing ahli ing bidhang kang ditulis ing opini.
Jinis ukara opini ana loro, yaiku :
Opini sawijining wong  yaiku gagasan kang diwedharake dening salah sijining wong
Tuladha : Mlaku dohe 10 km iku njalari kesel awake.
Opini umum yaiku ukara gagasan kang kabeh uwong nganggep bener.
Tuladha : Adus ing wayah wengi njalari lara Rhematik.
  Nulis opini ateges menehi wawasan, pemikiran marang wong liya

Perangan opini :
a.     Judul
b.     Alinea pambuka
c.      Alinea isi
d.     Alinea Panutup

Tuladha, penulis opini arep nulis bab ilange para mahasiswa kang munggah gunung Merapi.
Luwih dhisik nulis pointer-e kaya ing ngisor iki:
1.     Alinea pambuka
·        Fakta   akehe lapuran wong tuwa kang kelangan anake kang lagi munggah gunung
·        para mahasiswa kancane mbenerake kahanan mau
2.     Alinea isi
·        wis kerep kedadean kaya mangkono
·        data penelitian saka lembaga ing babagan  aktivitas pendakian
·        data saka masyarakat juru kunci Gunung Merapi
·        kepriye  kedadeane, ing ngendi, sapa wae korbane, saka perguruan tinggi ngendi
·        apa kang kudu ditindakake wong tua/lingkungan/perguruan tinggi lspl
·        kang wis ditindakake pemerintah
3.     Alinea panutup (pangajak supaya waspada, netepi paugeran)


Tidak ada komentar:

Posting Komentar