Selasa, 20 Maret 2018

LATIHAN 2


TES UJIAN SEKOLAH
TAHUN PELAJARAN 2017 / 2018
Mata Pelajaran                    :  Bahasa Jawa
Hari / Tanggal                     :  
Kelas                                    :  IX (Sembilan)
Jam                                      :  


Petunjuk Umum!
1.     Berdoalah terlebih dahulu
2.     Jumlah soal 50  bentuk pilihan ganda
3.     Bacalah soal dengan teliti laporkan pada pengawas bila ada kesalahan
4.     Tulis nomor ujian pada tempat yang tersedia.
5.     Kerjakan soal yang kau anggap mudah terlebih dahulu
6.     Kerjakan pada lembar jawab yang tersedia
7.     Kerjakan sendiri dengan percaya diri
8.     Bila sudah selesai teliti kembali sebelum dikumpulkan
9.     Selamat mengerjakan
Petunjuk Khusus !

  1. Kawangsulana kanthi milih wangsulan ing aksara a, b, c, utawi d ingkang leres !

Wacan kanggo nomor 1- 7
............................................................................................................................
Miturut Simon Kimoni sosiolog saka Kenya, ngendikaake menawa saiki bangsa-bangsa kudu  banget anggone ngopeni kabudayan dhaerah supaya ora kadheseg budaya manca.  Ngugi Wa Thiong’o uga winasis saka Kenya uga ngandharake menawa dunia barat mligine Amerika Serikat kaya-kaya lagi nguntalake bom budaya tumrap bangsa-bangsa ing saindhenging jagad. Dheweke lagi mbudidaya ngosak-asik budaya pribumi saengga bangsa-bangsa kasebut bingung golek jatidhiri lan identitas negarane.
Bab iku wis kabukti ngenani budaya Jawa kang nyata wis kedheseg budaya manca. Wong Jawa wis arang sing ngulinakake basa Jawa tumrap putra-putrane. Ibu-ibu isin ngulinakake Basa Jawa marang putra-putrine, wiwit lair wis dijak guneman nganggo basa Indonesia. Kamangka ngulinakake basa Jawa padha karo ngulinakake ngajeni wong liya, amarga basa Jawa ngemot etika nengenake unggah-ungguh kang ora diduweni dening basa liyane.  Mula yen bocah ora duwe tatakrama ya aja disalahke banget, amarga pancen ora dikulinakake dening wong tuwane.
Ing pasamuwan akeh wong Jawa kang ora confident migunakake Basa Jawa, banjur ora wani guneman nganggo basane dhewe (Jawa) kuatir salah. Paribasane pasar wis ilang kumandhange, kali wis ilang kedhunge, wong Jawa ilang Jawane. Tuladha liyane kaya kasebut ing ngisor iki :
Basa. Basa kang dienggo ing dokumen-dokumen perbankan, hotel, papan-papan pituduh ing mall, bandara, papan wisata, lan sapanunggalane kabeh nganggo basa manca (Inggris). Malah syarat kanggo ndhaftar ngleboni pagawean uga kudu bisa basa Inggris aktif. Kabeh  mau njalari wong Jawa rumangsa ora kanggo anggone nyinau basa Jawa. Apa maneh wong tuwa wis ora ngulinakake basa Jawa marang putrane. Yen ngono apa suwe-suwe basa Jawa bakal mati ?. Kandhane mahasiswa Jepang kang sinau basa Jawa ing Jurusan Bahasa Daerah ing salah sawijining pawiyatan luhur ing Ngayogyakarta, menawa dheweke duwe ancas sawise lulus bakal ngedegake lembaga basa Jawa ing Jepang. Wah yen ngono basa Jawa kuwi satemene dianggep adiluhung dening wong-wong Jepang. Malah dheweke uga ngandhakake menawa meh saben kampung ing Jepang duwe perangkat gamelan.  Malah ing  wewengkon Jawa dhewe ora saben desa duwe perangkat gamelan, ora saben sekolahan duwe perangkat gamelan,  duwea uga durung mesthi digunakake kanthi becik.
...........................................................................................................................

1.     Saka pawarta ing dhuwur kang kalebu What  kaya ing kacetha ngisor iki yaiku...
A.  Miturut Simon Kimoni sosiolog saka Kenya, saiki bangsa-bangsa kudu  ngopeni kabudayan dhaerah supaya ora kadheseg budaya manca
B.  Basa kang dienggo ing dokumen-dokumen perbankan, hotel, papan-papan pituduh ing mall, bandara, papan wisata, lan sapanunggalane kabeh nganggo basa manca (Inggris).
C. Ing pasamuwan akeh wong Jawa kang ora confident migunakake Basa Jawa.
D.             Kabukti ngenani budaya Jawa kang nyata wis kedheseg budaya manca.

2.     Kang kalebu where saka pawarta ing dhuwur yaiku...
A.            Wewengkon Indonesia
B.            Indonesia mligine Jawa
C.            Ngayogyakarta
D.            Jepang

3.     Ing Paragraf 3 sing  kalebu who saka wacan yaiku...
A.            Masyarakat Jepang
B.            Simon Kimoni
C.            Wong Jawa
D.            Masyarakat

4.     Ukara ing ngisor iki endi kang kalebu opini?
A.    Miturut Simon Kimoni sosiolog saka Kenya, ngendikaake menawa saiki bangsa-bangsa kudu  banget anggone ngopeni kabudayan dhaerah supaya ora kadheseg budaya manca
B.    Paribasane pasar wis ilang kumandhange, kali wis ilang kedhunge, wong Jawa ilang Jawane .
C.    Wah yen ngono basa Jawa kuwi satemene dianggep adiluhung dening wong-wong Jepang.
D.    Pangrembakaning teknologi informasi lan komunikasi njalari owah gingsir kabudayan Jawa.

5.     Ukara ing ngisor iki endi kang kalebu fakta?
A.      Miturut Simon Kimoni sosiolog saka Kenya, ngendikaake menawa saiki bangsa-bangsa kudu  banget anggone ngopeni kabudayan dhaerah supaya ora kadheseg budaya manca
B.      Paribasane pasar wis ilang kumandhange, kali wis ilang kedhunge, wong Jawa ilang Jawane .
C.     Wah yen ngono basa Jawa kuwi satemene dianggep adiluhung dening wong-wong Jepang.
D.     Pangrembakaning teknologi informasi lan komunikasi njalari owah gingsir kabudayan Jawa.

6.     Ukara kang isine prakara bener kang tansah bener  ing sadawane urip   diarani ....
A.    Fakta Umum
B.    Fakta Khusus
C.    Pojok
D.    Opini





7.     Yulius seniman mudha sing sugih prestasi,  judul kasebut  minangka karya jurnalistik kang awujud ....
A.    Opini
B.    Fakta
C.    Feature
D.    Surat Pembaca

Wacan soal nomor 8
Ayo para mudha, wredha lan para sutresna, budaya Jawa kang adiluhung iki aja nganti kesilep ajuning jaman, budaya Jawa kudu bisa tetep kuncara. Pambudidaya lan kupiya iki kudu tetep digrengsengake supaya budaya Jawa bisa urip ngrembaka,  iya mung ing pundhak kita samya.

8.     Ukara ing ngisor iki endi kang trep karo wacan ing dhuwur?
A.    Basa Jawa jaman saiki katon ngrembaka
B.    Generasi mudha jaman saiki padha ora bisa basa Jawa.
C.    Pambudidaya para mudha supaya budaya Jawa bisa urip ngrembaka.
D.    Pambudidaya para kadang wredha nggrengsengake budaya manca bisa urip ngrembaka.
9.     Ature Duryudana, “Dhuh Kanjeng Rama, jejimat kula, pepundhen kula inggih sesembahan kula sakadang ing Ngarcapada. Tembung Ngarcapada tegese...
A.            suwarga
B.            Kayangan
C.            Ngalam donya
D.            saknegara lan bangsane

10.   Puntadewa  iku ngendi negarane ?
A.            Ngamarta
B.            Jodhipati
C.            Wanamarta
D.            Sawo Jajar

11.   Sapa jenenge ibune para Kurawa iku ?
A.            Dewi Sembadra
B.            Dewi Gandari
C.            Dewi Madrim
D.            Dewi Ulupi lan

12.   Ing ngisor iki kang kalebu kurawa yaiku ?
A.            Bima, Karna
B.            Karna, Kresna
C.            Duryudana, Dursasana
D.            Yamawidura, Dursasana

13.   Pandhawa ora nduwe rasa cubriya marang pangandikane sedulur tuwane. Bareng wis siyaga sakabehe, lan nyuwun pamit uwa Prabu Drestarastra.  Tegese tembung uwa yaiku...
A.            Pak Cilik
B.            Simbahe
C.            Sedulure
D.            Pak Gedhe





14.   Ing ngisor iki urutane Pandawa saka sik enom yaiku...
A.            Sadewa,Janaka, Puntadewa, Nakula, Bima
B.            Arjuna, Puntadewa, Bima, Nakula, Sadewa,
C.            Bima, Arjuna, Nakula, Sadewa, Yudistira
D.            Sadewa, Nakula, Arjuna, Bima, Yudistira

Wacan kanggo soal no 15-22

Bambang Sumantri sing disebut uga Raden Sumantri iku putra pembarep saka Bagawan Suwandageni ing pertapan Ardisekar. Raden Sumantri ngabdi ing Negara Maespati Kanthi gelar Patih Suwanda. Sadurunge ngabdi ing negara Maespati Raden Sumantri diparingi pitutur dening Ramane yaiku Bagawan Suwandageni mangkene “ngger Sumantri anakku menawa ngabdi marang raja iku ora gampang, ing atimu kudu manteb, kudu setya lan bekti marang rajamu, ora badhal dhawuh sakabehing prentahe, menawa ngabdi kudu kanthi keikhalasan supaya ora nemoni alangan lair lan batin”. “Tekad  rukun tresna marang sapada-pada bisaa dileksanakake ing panguripan saben dina”. Kuwi mau bisa diarani tekad keslametan, Tekad iku mau kudu dikantheni kasetyan lan kesaguhan nindakake sakabehing pakaryan”. “Kesaguhan iku minangka janji kang ora oleh diblenjani, sanadyan kudu dilakoni kanthi tohing pati. “ Tuduhna kapinteranmu, lan kaprigelanmu nindakake sakabehing pakaryan, muga Gusti tansah njangkung lakumu, kasembadan sakabehing gegayuhanmu.  Patih Suwanda ngabdi marang Prabu Arjunasasrabahu diprentahake supaya nglamar Dewi Citrawati Putri Prabu Citragada ing Negara Magada. Dewi Citrawati gelem digarwa Prabu Arjunasasrabahu menawa Patih Suwanda bisa 1. Nyirnakake Prabu Darmawasesa, raja Widarba sing bakal nggecak perang negara Magada, 2. Kairing putri domas yaiku putri kang akehe 800. Sumantri ngrumangsani menawa syarat iku mau kudu dilaksanakake kanthi toh nyawa marga kudu mungsuh Prabu Darmawasesa sing sekti mandraguna lan ora tedhas saka gegaman, kaping pindho kudu ngalahake raja-raja sing ngepung negara Magada supaya bisa mboyong putri-putri telukan mau. Patih Suwanda nyanggupi syarat Dewi Citrawati lan kasil. Lelabuhane Patih Suwanda iku mau katulis ing tembang macapat ing ngisor iki:

Yogyanira kang para prajurit
Lamun bisa sira anulada
Kadya nguni caritane
Andelira sang prabu
Sasrabahu ing Maespati
Aran patih Suwanda
Lelabuhanipun
Kang ginelung tri prakara
Gunakaya purun ingkang denantepi
Nuhoni trah utama

15.   Bambang Sumantri iku asale saka pertapan ngendi ?
A.   Ardi Sekar
B.  Wukir ratawu
C.  Karang kedempel
D.  Jonggring saloka

16.   Sumantri ing Maespati ngabdi marang prabu sapa?
A.  Darmawasesa
B.  Jonggirupaksa
C. Arjuna wiwaha
D. Arjuna Sasrabahu








17.   Ing ngisor iki sing kalebu pituture Begawan Suwandageni marang Sumantri yaiku....
A.  Kudu manteb, ora mbadhal dhawuh, rukun marang sapadha-padha, ikhlas, setya lan duwe kesaguhan.
B.  Kudu mangu-mangu, mbadhal dhawuh, rukun marang sapadha-padha, ikhlas, setya lan duwe kesaguhan
C. Kudu manteb, ora mbadhal dhawuh, ora rukun marang sapadha-padha, ikhlas, setya lan ora duwe kesaguhan .
D. Kudu ikhlas, ora mbadhal dhawuh, rukun marang sapadha-padha, sregep, setya lan ora duwe kesaguhan.

18.   Sumantri anggone nglamar Dewi citrawati dilandhesi kanthi  unen-unen rawe-rawe rantas malang-malang putung, tegese unen-unen kasebut yaiku....
A.  Alon-alon olehe tumindak nanging kaleksanan sedyane
B.  Kabeh sing ngalang-alangi bakal disingkirake
C.  Kegedhen panjangka karep mokal kelakone
D.  Nglakoni gawean sing ora cocok karo atine

19.   Apa sing bisa dituladha saka Patih Suwanda?
A.  Wong urip ora perlu usaha  tenanan kanggo nggayuh gegayuhaning urip
B.  Wong urip iku kudu bisa nggolek bandha sing akeh supaya ora rekasa
C.  Pinter, mampu lan wani ngadhepi sakabehing pepalang gegayuhane
D.  Wong urip iku bisa nggayuh gegayuhan   kanthi gampang

20.   Budi Pekerti saka wacan ing dhuwur yaiku  menawa ngabdi kudu....
A.  Ikhlas, setya, saguh, ora mbadhal dhawuh, pinter, mampu lan wani ngadhepi pepalang apa wae, ora setya marang sapadha-padha, seneng blenjani janji.
B.  setya, saguh, ikhlas, mbadhal dhawuh, pinter, mampu lan  ora wani ngadhepi pepalang apa wae, setya marang sapadha-padha.
C. Ikhlas, setya, saguh, ora mbadhal dhawuh, pinter, mampu lan wani ngadhepi pepalang apa wae, setya marang sapadha-padha.
D. Ikhlas, setya, saguh, mbadhal dhawuh, pinter, mampu lan ora wani ngadhepi pepalang apa wae, seneng blenjani janji, setya marang sapadha-padha.

21.   Manut wacan ing dhuwur putri dhomas iku cacahe pira ?
A.              2
B.              4
C.              80
D.              800

22.   Tembang kanggo nyritakake lelakone Patih Suwanda iku mau tembang …
A.  mijil
B.  kinanthi
C.  maskumambang
D.  dhandhanggula

23.   Larik utawa baris ing tembang macapat diarani....
A.  Guru wilangan.
B.  Guru lagu.
C.  Guru gatra.
D.  Guru pada

24.   Guru lagu guru wilangan tembang ing dhuwur yaiku ...
A.              10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
B.              10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
C.              10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
D.              10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a








Wacan kanggo soal nomer 25-26
Jirak   pindha munggwing wana,
sayeng  kaga  we  rekta kang muroni,
nyenyambi  kalaning nganggur,
wastra  tumrap mustaka,
pangikete wangsalan kang  sekar  pangkur,
baon  sabin ing nawala,
kinarya langen pribadi.

25.   Miturut Tembang ing ndhuwur apa wangsulan saka wangsalan jirak pindha munggwing wana?
A.  aren
B.  kesambi
C.  nyenyambi
D.  kolang-kaling

26.   Wangsalan tembang wastra tumrap mustaka yaiku....
A.    iket
B.    jilbab
C.   kudung
D.   blangkon

27. menwlmpusi=murupHb=mesQi[nNkufu....
A.    mnDeg\
B.    bbLs\
C.  terusWea
D. mLku

28. r[fnZ[*ai r=gw/$it
Tulisan Jawa kasebut menawa diwaca unine ....
A.  Kanjeng Pangeran Harya Ranggawarsita
B.  Kanjeng Pangeran Gusti Mangkunegara
C.  Raden Hangabehi Ranggawarsita
D.  Raden Ngabehi Ranggawarsita.

29.  Ib]aim\lgisinau
Tulisan Jawa kasebut menawa diwaca unine ....
A.      Ismail maca buku
B.      Ibrahim lagi sinau.
C.      Uswatun lagi maca buku.
D.      Ibrahim lagi maca lan sinau.







    30. Khatimah ndherek bapake.
Ukara mau menawa katulis migunakake aksara Jawa yaiku ….
A. ?k+tima[nD[rkBp[kK..
B. ?k+timha[nD[rkBp[k..
C.?k+timha[nD[rkBp[kK..
D.?k+timh[nD[rkBp[k..

31. Zulkifli tuku sepatu
Ukara ing dhuwur  menawa ditulis migunakake aksara Jawa yaiku...
A.  j+lKii p+Litukuseptu
B.  j+ulKii p+Litukuseptu
C. j+ulKii p+Ltukuseptu
D. j+ulKii p+Litukufeptu

32.?wit\kLpaikumin=ktnF/|rnK=a[khgun[ntum]pKbu 
        tuhanMnu=s. bvukLpbisveghquku[lLkukul\   
        fgi=kLpmenwfiprutBisffisnTenK=bisk=[govnTenNi 
     jzn\, b[qok\kLpbisk=[goa=g[wpirnTi   
     p[wonKytairus\ siwu/,lnLiy[n. 

   Inti paragraf ing dhuwur  yaiku .…
A.       Wit klapa akeh gunane tumrap kabutuhaning manungsa
B.       Wit klapa akeh gunane kanggo industri rumah tangga
C.       Banyu klapa lan bathok akeh gunane
D.       Bathok bisa kanggo piranti pawon
33.  Miturut wacan ing nomer 32 daging klapa bisa kanggo gawe....
A.      lenga
B.      blondho
C.      srundeng
D.      santen jangan






34.   ………… Puji syukur tansah kula panjenengan aturaken wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, awit  kula panjenengan sedaya taksih pinaringan rahmat saha hidayahipun satemah  ing wekdal menika saged kempal kanthi rahayu kalis nir ing sambekala………………..
Ukara ing dhuwur iku perangan teks pranatacara minangka…
A.                    pamuji
B.                    panutup
C.                    pambuka
D.                    pakurmatan

35.   ……..Nuwun, Bapak kepala sekolah ingkang kinurmatan, bapak ibu guru saha staf karyawan ingkang kinurmatan, kaliyan para kanca siswa sedaya ingkang sukabagya. Ukara ing kasebut perangan teks pranatacara minangka…
A.  pamuji
B.  panutup
C.  pambuka
D.  pakurmatan

36.    Atur panutup ing sesorah kang bener yaiku ….
A.                    Bapak-bapak, ibu-ibu ingkang dahat kinurmatan
B.                    Para rawuh kakung sumawana putri ingkang utami ing budi
C.                    Sumangga kita sesarengan ngunjukaken syukur dhumateng Gusti Allah
D. Cekap semanten ingkang saged kula aturaken menawi kathah klenta-klentunipun kula nyuwun pangapunten.

37.   Ing ngisor iki urutaning sesorah kang bener, yaiku ....
A.  isi, wigatining wacana, salam pambuka, purwaka, pangajeng-ajeng, wusana
B.  wusana, isi, wigatining wacana, pangajeng-ajeng, salam pambuka, purwaka
C. salam pembuka, isi, purwaka, pangajeng-ajeng, wigatining wacana, wusana
D. salam pambuka, purwaka, isi, wigatining wacana, pangajeng-ajeng, wusana

38.   Ing ngisor iki endi parikan sing awujud pitutur ?
A.      Manuk emprit nuthul pari, dadi murid sing taberi
B.      Iwak peyek sega jagung, senajan tuwek tetep disanjung
C.      Sega goreng beras abang, menawa nggleleng jelas lanang
D.      Iwak pitik dhadha menthok, lungguh dhingklik ndondomi kathok

39.   Ukara ing ngisor iki kang kalebu parikan yaiku...
 
A.      Waru dhoyong pinggir sumur, gotong royong kareben makmur
B.      Ana adhine, ana kakangne nanging ora ana bapak lan simboke
C.      Dudu berase ditempurake, amarga kanggo ngliwet dhewe
D.      Anake diidak-idak embone dielus-elus



40.   Lut maendhut, yu maerong  batangane cangkriman mau yaiku ….
A.      Pak tani lagi ngluku lendhut, bibite wis padha digotong
B.      Tuane neng candhi mendut, kucinge meong-meong
C.      Welut omahe nglendhut, yuyu omahe ngerong
D.      Simbah mundhut mendut, mantene  diboyong

Wacan kanggo pitakon nomer 41
Bapak pocung,tanpa balung bisa ngacung,
Mapan jero guwa,
Srana kanggo ngudhal warti
Lamun slenco bisa ndadekke memala

41.   Wangsulane  cangkriman ing tembang mau yaiku ….
A.    tangan
B.    irung
C.   driji
D.   ilat

42.     Ing ngisor iki kang kalebu unggah-ungguh kanggo narik kawigatene wong liya yaiku migunakake tembung...
A.      “elok/endah/hebat/edan/pinter tenan/apik tenan”
B.      “Nyuwun Kawigatosan”
C.      “nyuwun idin”
D.      pamit”

43.     Ing ngisor iki kang kalebu unggah-ungguh kanggo ngalem  wong liya yaiku migunakake tembung...
A.      “elok/endah/hebat/edan/pinter tenan/apik tenan”
B.      “Nyuwun Kawigatosan”
C.      “nyuwun idin”
D.      pamit”

44.     Keparenga kula ... badhe budhal rumiyin amargi sampun siang. Ukara kang trep kanggo ngisi titik-titik yaiku...
A.      Nyuwun priksa
B.      Nyuwun pamit
C.      Paring pitutur
D.      Ngrumangsani kleru


wacan kanggo soal 45
Yo prakanca dolanan ing jaba
Padhang bulan padhange kaya rina
Rembulane ne wis ngawe-awe
Ngelingake aja padha turu sore

45.   Piwulang kang bisa dipethik saka tembang kasebut yaiku ….
A.      wong sing sembrana bisa cilaka
B.      seneng dolan mbengi nalika padhang mbulan
C.      ngucap syukur marang Gusti kang paring kaendahan alam
D.      Ngucap syukr merga mbulan padhang bisa dolanan sakarepe


 Wacan kanggo pitakon no 46-47

Kadang Tani

Wiwit pletheking surya ing  bang wetan
Sikil wis jumangkah urut enggoking dalan
Tumuju papan kang wis den gadhang
Nggarap sawah kebak ing rasa
Iki kanggo anak lan keluarga
Rasa adhem ora ginawe rasa
Enering cipta nuwuhake winih
Kang bakal aweh kamulyan
Marang urip ing alam bebrayan
Sangune garu luku lan pacul
Uga rasa kewajiban kang ora ucul
Nglenggana iki kang kudu di budidaya


46.     Geguritan kanthi irah-irahan Kadang tani menika temanipun Pak Tani ….
A.    Pasrah ngadhepi kahanan
B.    Seneng nenandur apa wae
C.    Mempeng nyambut gawe
D.    Urip rekasa

47.   Ing ngisor iki piwulang sajroning geguritan “Kadang Tani” yaiku….
A.    Tansah pasrah ngadhepi kahanan
B.    Nyambut gawe kanthi ora wegahan lan ikhlas
C.    Nyambut gawe kanthi sregep menawa ana bayare wae
D.    Seneng nyambut gawe  nganti lali wektu menawa duwe pepingan wae

48.   Wahyu nalika maca geguritan nggatekake sero, lirih, dhuwur cendheke swara. 
        Mengkono  kuwi tegese Wahyu bisa ngecakake ….
A.     wiraga
B.     wicara
C.     wirama
D.     wirasa

 Wacan kanggo nomer  49 50
...................................................................................................................................
Dheg! Oh Sarpan kok kasar kaya mangkono. Sarpan sing dak kenal seneng ngajeni liyan lan kebak subasita, malik grembyang kayadene kewan wengis kang nyaplok mangsane. Kutha gedhe wis ngowahi adat lan atimu dadi peteng ndhedhet.
……………………………………………………………………………….
Ooo aku saiki ngerti saka ngendi bandha donyane Sarpan. Kabeh mau dituku srana tegel nggebuki lan merjaya liyan. “Apa ya aku kudu mlaku srana carane Sarpan kareben oleh dhuwit akeh ?” pitakonku marang ati cilikku ing tengah wengi.
Isih kelingan wasiyate swargi bapak ibuku. “dadiya wong Jawa sing temen, aja kelangan Jawane, dadi wong Jawa kuwi kudu kebak subasita ing pasrawungan, nduwe trapsila andhap asor, lan kebak rasa ing pangrasa”, ngendikane paring pitutur wicaksana.
Rong dina wis cukup anggonku melu Sarpan. Aku ora kuwat. Atiku kelara-lara. Bengi iki aku tata-tata klambi. Sesuk esuk aku arep mulih ndesa. Kanggo ndandani urip, aku duwe rancangan arep ngolah sawah kanthi luwih sengkut lan nrintis usaha ternak bebek.
Sarpan mempeng golek bandha, nanging Sarpan ora nengenake subasita, murang tata, nerak tatanan. Pungkasane mesthi nampa ganjaran. Mula dadi wong Jawa aja mung pinter nganggo busana Jawa, nanging ati lan tumindake kudu trep karo adat Jawa.

( Kapethik saking Harian Jogja Kaca 21, Kemis Pahing  14 April  2011                        mawa besutan )

49.    Budi pekerti  kang bisa dijupuk saka pethikan cerkak ing dhuwur yaiku ....
A.       trima dadi wong kekurangan.
B.      Sanajan urip kekurangan nanging ora banjur tumindak kang ora bener.
C. Dadi wong Jawa kuwi kudu kebak subasita ing pasrawungan, nduwe trapsila andhap asor, lan kebak rasa ing pangrasa”.
D. Tumindak sa kepenakake anggone nggolek bandha donya bisa kanthi ngapusi, ora duwe tepa slira supaya cepet sugih lan diajeni.

50.   Paraga antagonis  ing pethikan cerkak yaiku ....
A.                                Aku lan ibuku
B.                                wong jawa
C.                               Wong liya
D.                               Sarpan






**************************** Sugeng Makarya **************************



Tidak ada komentar:

Posting Komentar