Senin, 05 Maret 2018

PAWARTA

PAWARTA 1

Sugeng siyang pamiyarsa
Kula Ariane Dewi dinten menika badhe maosaken pawarta ing Radio Simfoni Solo.

Evi 15 tahun salah satunggaling siswi SMPN Tangen, Sragen, Rebo (13/4) antawis jam 10.00 tiwas sesampunipun dhawah ing wewengkon air terjun Jumog Jati, Kecamatan Jenawi. Warga dusun Bogu, Kroderan, Grobogan punika dhawah ing air terjun ingkang inggilipun 20 meter sesampunipun kepleset ing watu-watu ingkang wonten nginggil air terjun, satemah piyambakipun nandang tatu awrat perangan sirah lan badanipun.
Manut katrangan ingkang dipun kempalaken saking kepolisisan, kacilakan wau kedadosan nalika lare wau kaliyan kancaipun cacah gangsal tamasya ing air terjun wau.
Sesampunipun ing papan wisata, Evi sesarengan kaliyan kancanipun sami lelenggahan ing pinggir kali urutipun air terjun. Wekdal badhe gantos papan sanesipun ingkang badhe dipun tingali, kanthi nyabrang kali sainggiling air terjun. Ananging Evi lan salah satunggalipun kanca wanita ingkang wekdal mlangah nyabrangi kali sukunipun kepleset. Evi lajeng dhawah dhateng kali ingkang banter ilinipun tur lunyu pisan. Badanipun Evi lajeng kanyut kaliyan air terjun lajeng dhawah ing cocoran air terjun ingkang lebetipun 20 meter, kebak watu-watu lan tiwas sanalika.

PAWARTA 2
Dhalang Bocah 77 andon kawasisan ing TBJT

Dhalang bocah udakara cacah 77 saka sawetara dhaerah andon kawasisan mbabar karya jroning pagelaran Temu Dhalang Cilik Nusantara IV 2011, kang ginelar ing Pendhapa Taman Budaya Jawa Tengah (TBJT) utawa TBS Sala, wiwit senen nganti setu, tanggal 4 – 9 Juli 2011. Nalika adicara iki dibukak, para pamirsane antuk panglipur pagelaran campuran kanthi lakon Gathutkaca Jedhi. Lakon iki dibabar jroning wujud pakeliran lan wayang wong. Kabeh diparagani para bocah. Miturut Pangarsa adicara , Mudjiono, adicara iki sansaya ngrembaka becik lan antuk kawigaten kang luwih dening warga bebrayan. Gunggunge kang ngeloni uga tambah akeh. Diajab, adicara iki saliyane dadi srana nguri-uri seni tradhisi, uga bisa nuwuhake dhalang-dhalang anyar kang mumpuni.
Sumber : Jagad Jawa Sala Pos





PAWARTA 3
UPACARA KADANG TANI ING TANAH JAWI


Kadang Tani mliginipun ing tanah Jawi, menawi badhé wiwit nanem wonten ing sabin tansah nindakaken Adicara Metri Sawah utawi Wiwitan. Upacara menika minangka panyuwunan dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, supados asiling tetanèn ing mangkénipun saged kalis saking ama lan bebendu. Ing jaman modern menika, mbokbilih sampun kathah warga ingkang mboten mangertosi ngèngingi tradhisi menika. Pramila, Masyarakat Tradhisi Bantul ingkang dipunsengkuyung déning Mahasiswa ISI Ngayogyakarta ngadani upacara wiwitan kang dipunrawuhi wakil Bupati Bantul, Sumarno.
Upacara kawiwitan kanthi mendhet winih pantun saking setunggaling sabin kagunganipun warga ing Bulak Pangkah, Sumberagung, Jetis, Bantul. Upacara Wiwitan menika dipunlajengaken wonten ing Lapangan Sumberagung. Pantun winih menika miturut tradhisi rumiyin dipunbagèkaken dhumateng sedaya kadang tani ingkang dipungéndhong déning sesepuhipun Dhusun. Wonten ing Lapangan Sumberagung, upacara Wiwitan dipunlajengaken dhahar tumpeng lan sekul wiwitan. Sekul wiwitan ingkang dipunwungkus ron pisang, saksampunipun dipundongani, lajeng kabagi dhumateng laré-laré. Swasana regeng sanget awit sedaya warga sami rebatan sekul wiwitan ingkang dipunjangkepi sambel Gepeng. Kanggé acara Ruwatan sawah saklajengipun ugi dipungelar ringgit Kancil minangka jangkeping acara merti sawah. Kejawi menika, masyarakat ugi dipunlipur déning manéka warna seni lan paméran kerajinan.






PAWARTA

Pawarta yaiku katrangan kang bisa menehi pangerten ngenani sawijining kahanan.  Perangane pawarta ing basa Inggris iku diarani 5W+1H, yaiku Who What, When, Where, Why, lan How. Pangertene ing basa Jawa yaiku sapa, apa, ing ngendi papane, genea, lan kepriye.
Pawarta minangka prastawa kang diwartakake. Pawarta iku bisa arupa lesan lan tulisan. Lesan ateges pawarta iku bisa diwartakake dening wong liya kanggo pamiyarsa lumantar swara. Lesan biasane digiyarake lumantar radio, TV utawa diwaca lugas. Tulisan pawarta iku lumrahe  kapacak ana ing kalawarti.
Perangan kan nemtokake bobot biji pawarta yaiku:
1.      Aktualitas
2.      Sesambungan karo papan kedadeyan
3.      Sesambungan karo unsur-unsur kang ketut ing sakjrone kedadeyan
4.      Sesambungan karo pegaweyan pamaca/ pamiyarsa.
5.      Ganepe pawarta
Saya akeh gunane pawarta kuwi tumrap pawongan, saya mundhak dhuwur biji pawarta kuwi tumrap dheweke.
Para siswa kang kulina ngrungokake pawarta Jawa mesthine bisa tambah wawasan lan pangertene marang ukara jawa. Kang perlu digatekake nalika ngrungokake pawarta utawa informasi yaiku:
a.       Mangerteni kanthi cetha prakara kang disampekake
b.      Mbedakake informasi kang penting lan ora penting
c.       Nyathet informasi sing bener lan premathi
Sakbubare para siswa ngrungokake pawarta diajab siswa bisa gawe simpulan saka pawarta kang disemak, kesimpulan yaiku rumusan cekak saka loro utawa luwih pernyataan kang nduweni hubungan. Nyimpulke pawarta berarti nanggepi pernyataan-pernyataan ana ing pawarta. Nalika menehi tanggepan bisa ngutarake setuju utawa ora setuju marang pawarta kang nembe dirungokake.










TUGAS DISKUSI/REMBUGAN KELAS 8 KD 3.2 Pawarta :
Who What, When, Where, Why, lan How. Pangertene ing basa Jawa yaiku   sapa, apa, ing ngendi papane, genea, lan kepriye. Naskah pawarta sing sumadia golekana 5 W + 1 H kaya ing ngisor iki !
1.   PAWARTA 1
Who/sapa:
What/apa:
When/kapan:
Where/ing ngendi:
Why/genea:
How/ kepriye:  

2.   PAWARTA 2
Who/sapa:
What/apa:
When/kapan:
Where/ing ngendi:
Why/genea:
How/ kepriye

3.   PAWARTA 3
Who/sapa:
What/apa:
When/kapan:
Where/ing ngendi:
Why/genea:
How/ kepriye

4.   a. Golekana tegese naskah/teks pawarta?
b. Sebutna syarate/sifate pawarta !
c. Sebutna apa wae isine pawarta ?
d. Sebutna unsur-unsur/ perangane pawarta ?





KUNCI BAB KD 3.2 Pawarta :
Who What, When, Where, Why, lan How. Pangertene ing basa Jawa yaiku   sapa, apa, ing ngendi papane, genea, lan kepriye.
PAWARTA 1
Who/sapa: Evi 15 tahun salah satunggaling siswi SMPN Tangen, Sragen
What/apa: Evi 15 tahun salah satunggaling siswi SMPN Tangen, Sragen, Rebo (13/4) antawis jam 10.00 tiwas sesampunipun dhawah ing wewengkon air terjun Jumog Jati, Kecamatan Jenawi
When/kapan: Rebo (13/4) antawis jam 10.00
Where/ing ngendi: ing wewengkon air terjun Jumog Jati, Kecamatan Jenawi
Why/genea: Warga dusun Bogu, Kroderan, Grobogan punika dhawah ing air terjun ingkang inggilipun 20 meter sesampunipun kepleset ing watu-watu ingkang wonten nginggil air terjun, satemah piyambakipun nandang tatu awrat perangan sirah lan badanipun
How/ kepriye: Sesampunipun ing papan wisata, Evi sesarengan kaliyan kancanipun sami lelenggahan ing pinggir kali urutipun air terjun. Wekdal badhe gantos papan sanesipun ingkang badhe dipun tingali, kanthi nyabrang kali sainggiling air terjun. Ananging Evi lan salah satunggalipun kanca wanita ingkang wekdal mlangah nyabrangi kali sukunipun kepleset. Evi lajeng dhawah dhateng kali ingkang banter ilinipun tur lunyu pisan. Badanipun Evi lajeng kanyut kaliyan air terjun lajeng dhawah ing cocoran air terjun ingkang lebetipun 20 meter, kebak watu-watu lan tiwas sanalika.

PAWARTA 2
Who/sapa: Dhalang bocah udakara cacah 77 saka sawetara dhaerah
What/apa: Andon kawasisan mbabar karya jroning pagelaran Temu Dhalang Cilik Nusantara IV 2011
When/kapan: Wiwit senen nganti setu, tanggal 4 – 9 Juli 2011
Where/ing ngendi: Kang ginelar ing Pendhapa Taman Budaya Jawa Tengah (TBJT) utawa TBS Sala,
Why/genea: Diajab, adicara iki saliyane dadi srana nguri-uri seni tradhisi, uga bisa nuwuhake dhalang-dhalang anyar kang mumpuni.

How/ kepriye:  Nalika adicara iki dibukak, para pamirsane antuk panglipur pagelaran campuran kanthi lakon Gathutkaca Jedhi. Lakon iki dibabar jroning wujud pakeliran lan wayang wong. Kabeh diparagani para bocah. Miturut Pangarsa adicara , Mudjiono, adicara iki sansaya ngrembaka becik lan antuk kawigaten kang luwih dening warga bebrayan. Gunggunge kang ngeloni uga tambah akeh.

PAWARTA 3
Who/sapa: 1. Kadang Tani mliginipun ing Tanah Jawi
2. Masyarakat Tradhisi Bantul ingkang dipunsengkuyung déning Mahasiswa ISI Ngayogyakarta ngadani upacara wiwitan kang dipunrawuhi wakil Bupati Bantul, Sumarno.
3. Sesepuh Dusun
What/apa: Adicara metri sawah utawi wiwitan. Upacara menika minangka panyuwunan dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi,
When/kapan: Menawi badhé wiwit nanem wonten ing sabin.
Where/ing ngendi: Setunggaling sabin kagunganipun warga ing Bulak Pangkah, Sumberagung, Jetis, Bantul. Upacara wiwitan menika dipunlajengaken wonten Lapangan Sumberagung.
Why/genea: 1. Supados asiling tetanèn ing mangkénipun saged kalis saking ama lan bebendu.
2. Mbokbilih sampun kathah warga ingkang mboten mangertosi ngèngingi tradhisi menika.
How/ kepriye: Upacara kawiwitan kanthi mendhet winih pantun saking setunggaling sabin kagunganipun warga ing Bulak Pangkah, Sumberagung, Jetis, Bantul. Upacara Wiwitan menika dipunlajengaken wonten ing Lapangan Sumberagung. Pantun winih menika miturut tradhisi rumiyin dipunbagèkaken dhumateng sedaya kadang tani ingkang dipungéndhong déning sesepuhipun Dhusun. Wonten ing Lapangan Sumberagung, upacara Wiwitan dipunlajengaken dhahar tumpeng lan sekul wiwitan. Sekul wiwitan ingkang dipunwungkus ron pisang, saksampunipun dipundongani, lajeng kabagi dhumateng laré-laré. Swasana regeng sanget awit sedaya warga sami rebatan sekul wiwitan ingkang dipunjangkepi sambel Gepeng. Kanggé acara Ruwatan sawah saklajengipun ugi dipungelar ringgit Kancil minangka jangkeping acara merti sawah. Kejawi menika, masyarakat ugi dipunlipur déning manéka warna seni lan paméran kerajinan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar