Senin, 05 Maret 2018

PRANATACARA


KD. 3.2 PRANATACARA
1.    Werdining pranatacara
Pranatacara yaiku paraga utawa kang tinanggenah natacara utawa acara. Pagaweane kang baku yaiku nglantarake lakuning acara utawa adicara ana ing pepanggihan, pasamuwan, utawa upacara kang uwis dirantam.
Kagawa saka owahing jaman, papan sarta kahanan ing upacara siji lan sijine, ayahane pranatacara kerep tambah rowa utawa akeh, umpamane kadhangkala ngaturake wara-wara, uga kerep kajaluk  supaya nyandra, mriksa kang lagi padha nyambut gawe utamane anggone nyambut gawe para panitia ing upacara iku mau. Mula saka ayahan utawa jejibahan kang ditindakake panata acara iku mau banjur diarani panatacara utawa pranatacara.
Minangka pranatacara kudu duwe pribadi kang bisa mrantasi gawe , mumpuni, pantes, luwes lan teges, yaiku duwe pribadi kang seger, sehat jiwa ragane kang dibuktekake saka tindak-tanduke kang bisa migunani tumrap sapadha-sapadha. Mula pranatacara iku kudu bisa pilih tandhing.
Pranatacara bisaa duweni kawruh, ketrampilan, lan duweni tindak kang migunani tumrap kabudayan kang nyakup basa kang komunikatif endah lan bener, kagunan rupa , kagunan beksa, kagunan swara kang antarane tembang, gendhing, karawitan, lan gamelan.
( Kapethik saka Tuntunan kagem para pranatacara tuwin pamedar sabda, Dr. Rama Sudi Yatmana Januari 2005: kaca 1-2 mawa besutan)

2.  Bab kang kudu digatekake pranatacara
a.  ulah swara
      Swara minangka babaring basa kudu disinau supaya kung, dekung, mendat mentul, kepenak dirungokake dening wong liya, mranani lan tumanem ing ati. Gladhen ulah swara nyakup :
                         i.    Kedal
Supaya piranti sajeroning lan sacelaking lesan bisa mapan lan mardika ngetokake    swaraning basa lan basa Jawa iku kang dadi lajer ancering saka basa jawa Kuna/Sansekerta, mula anggone gladhen kedaling lesan kanthi ngeja abjad Jawa Kuna. Mula ayo para siswa gladhen maca abjad Jawa kuna iki bebarengan karo bapak utawa ibu gurumu.
Ka         kha       ga       gha      nga      ( ṅa )
Ca         cha       ja         jha      nya        ( na )
ṭa          ṭha       ḍa      ḍha      ṇa
Ta          tha       da       dha      na
Pa          pha      ba       bha      ma
Ya         ra         la        wa
Ca          ṣa         sa
Ha
                    ii.    Pocapan
Basa Jawa nduwe pocapan dhewe ing bab aksara swara  mligine ing tembung lingga lan tembung andhahan. Tuladha :
1.  Rasa, rasane
2.  Utama, utamane
3.  Rendeng, rendheng
4.  Beya, beyo
5.  Ketel, ketel
6.  Pethel, pethel lsp.
              iii.        Lagu / irama
Lagu / irama nyakup  sora lirih , cendhek dhuwur, sarta dawa cendhaking swara, uga mendhat mentul, rindhik rikat, lan lakuning swara. Basa Jawa lagune diarani dekung . Kudu bisa nglagokake basa Jawa kanthi lagu basa Jawa dudu basa liyane. Minangka pranatacara aja nganti migunakake basa nganti kesleyo, sasar-susur, serak, kemeng lsp ananging kudu tetep wijang / cetha , teteh, titis, tatas ing micara. Intine kudu trep ing kedal, ucapan lan lagu/retorika.
b.Ulah Raga
Pranatacara kudu bisa duwe raga kang seger lan sehat/saras supaya bisa makarya kanthi becik. Supaya bisa duwe awak kang sehat iku kang kudu ditindakake kanthi jaga raga, caraning jaga raga iku werna-werna antarane kanthi mangan panganan kang resik lan ngandhut gizi kang cukup, kanthi senam, jogging, mlaku cepet, mlayu lan olah raga liyane.
Mula saka iku supaya digladhi pribadi, solah bawa  tansah greget nyambut gawe bisa sarwa susila, prasaja, sembada. Tumraping pranatacara becik menawa bisa gladhen saptama. Saptama yaiku :
1)        Magatra
                             Bleger wewujudan, rupa; adi ing awak, apik ing busana; trep, pantes, jangkep.
2)        Malaksana
                                Tindakake sapecak sajangkah tinata runtur; luwes mrabawa; manteb; ora ingah-ingih, ora wigah-wigih.
3)   Maswastha
                            Ngadeg jejeg, ora kendho, ora dhoyong, let antarane sikil kiwa tengen ora keciyuten      lan ora kekamban.
4)   Maraga
Ora rongeh, ora edheg, ora gumeter; anteb anteng, obahing awak, sirah, gulu lumrah madya; obah owahing pasemon nggambar jatining wigati; obahing tangan nambahi pratela cetha.
5)   Malaghawa
Trampil kepara trengginas. Ora remben ngleler, ora angas gas-gasan. Cag-ceg, lancer,  gancar, sembada ing pagaweyan.
6)   Matanggap
Tanggap sakabehing swasana. Bisa mrabu
7)   Mawwat
Anteb, manteb. Tangguh tanggon prapteng ngendon. Ngrampungi pagawean purwa madya wusananing karya.
( Kapethik saka Tuntunan kagem para pranatacara tuwin pamedar sabda, Dr. Rama Sudi Yatmana Januari 2005: kaca 9 mawa besutan)


Gawea kelompok kanggo ngrembug erdining pranatacara  sing wis diwaca mau.
Saben kelompok anggotane 4 siswa, sing dirembug babagan ing ngisor iki !
  1. Apa tegese tembung pranatacara ?
2.     Minangka pranatacara iku kudu duwe pribadi  lan unggah-ungguh kang kepiye ?
3.      Pranatacara iku kudu duwe kawruh apa wae ?
4.      Miturut panemumu kena apa pranatacara iku kudu ngerti tembang, gendhing, karawitan apadene gamelan ?
5.      Manut panemumu kena apa pranatacara kudu bisa basa kang komunikatif  endah lan bener ?
6.        Tembung-tembung ing ngisor iki golekana tegese banjur gawenen ukara !
  1. pribadi                  :…………………………………………………………………………
Ukara                   :………………………………………………………………………….
  1. paraga                 :…………………………………………………………………………
Ukara                   :…………………………………………………………………………
  1. tinanggenah       :………………………………………………………………………
Ukara                   :………………………………………………………………………..
  1. nglantarake        :………………………………………………………………………..
Ukara                   :………………………………………………………………………..
  1. pasamuwan        :………………………………………………………………………..
Ukara                   :………………………………………………………………………..
  1. dirantam              :…………………………………………………………………….......
Ukara                   :……………………………………………………………………......
  1. rowa                     :………………………………………………………………………..
Ukara                   :………………………………………………………………………..
  1. ayahan                 :……………………………………………………………………….
Ukara                   :………………………………………………………………………..
  1. nyandra               :……………………………………………………………………….
Ukara                   :………………………………………………………………………..
  1. mumpuni             :………………………………………………………………………
Ukara                   :………………………………………………………………………..

Cak-cakaning pranatacara
Supaya anggone dadi pranatacara bisa apik, mula kudu nggatekake bab-bab ing ngisor iki:
1.      Pranatacara teka ana ing dhapukan/pembentukan panitia supaya mangerti lajer ancering pagaweyan/acara.
2.      Pranatacara teka ing pertemuan sateruse, supaya ngerti :
a.     Rantaman  umum pagaweyan
b.     Rantaman mligi/khusus pagaweyan
3.      Pranatacara ngerti kepara apal urut-urutaning acara
4.      Pranatacara ngerti peprincene acara, sapa kang tanggung jawab, , sapa kang nindakake, kepiye cak-cakane, ubarampene apa wae, wektu kang ditemtokake.
5.      Pranatacara bisa ngacarani sakabehing acara kanthi apal tanpa teks.
6.      Pranatacara bisa nyebut samubarang kanthi bener tur jangkep/lengkap.
7.      Pranatacara melu ngenut laksananing saben acara.
8.      Pranatacara tumanggap netepi panyuwun kang duwe gawe.
9.      Pranatacara tumanggap netepi tuntunane ketua panitia.
10.   Pranatacara saekapraya bebarengan nyambut gawe karo para kang nyambut gawe ing acara kasebut.
11.   Pranatacara gawe endahing prasada/arena acara.
12.   Pranatacara gawe tumataning ubarampening upacara.
13.   Pranatacara bisa gawe keprananing para tamu.
14.   Pranatacara njumbuhake metune pasugatan ngombe/unjukan, mangan/dhaharan, lan lelangen/kesenian, lan adicara liyane.
15.   Pranatacara bisaa murba swasana.

16.   Pranatacara luwih becik menawa ana pambiyantu anggone ngayahi kewajiban.
a.     monitoring  acara
b.     bisa menehi iguh bab tata laksananing acara
c.      bisa minangka paraga sarabutan

( Kapethik saka Tuntunan kagem para pranatacara tuwin pamedar sabda, Dr. Rama Sudi Yatmana Januari 2005: kaca 13 mawa besutan)
17.   Bab liyane sing kudu digatekake pranatacara.
a.      Solah bawa
Solah bawa kanggone pranatacara yaiku sikep (sikap) sing mantep, teteg, ngadeg jejeg, ngapurancang, anteng (ora kokean obah sing ora perlu ), ora dangak utawa ndhungkluk terus.
b.     Wiramanipun Swara.
Wirama/irama prayogane kepenak dimirengke, ora keseron mbrebegi lan ora lirih banget, cetha, ora groyok, mantep.
c.      Pranatacara kudu nindakake ayahan panitipriksa(ceking).
Ayahan panitipriksa (ceking)  tumrap salwiring ubarampe kang minangka kabutuhaning upacara ing adicara/acara.
d.     Pranatacara kudu bisa ngatur wektu.
Ngatur wetu ing kene pranatacara kudu bisa mbage wektu tuladhane; mangerteni upacara bisa diwiwiti apa durung.
e.      Pranatacara kudu mangerteni babagan gendhing gangsa (gamelan).
Pranatacara kudu mangerteni jinising gendhing lsp.
f.       Pranatacara mujudake “rai” ning sedulur kang duwe gawe.
Kasil/Sukses lan orane sawijining pasamuwan gumantung paraga MC/pranatacara sing ngayahi karya.
Pranatacara uga bisa disebut MC (Master of Ceremony) yaiku pawongan kang ayahane nglantarake cak-cakaning acara sing uwis karantam, mandhegani sarta mranata reh lakuning upacara pahargyan kanthi patitis, kaya jejering sawijining pangarsa utawa pemimpin (master).
Menawa awake dhewe iku minangka pranatacara mula kudu bisa nggatekake bab-bab ana ing ngisor iki :
1.   Urutane Pranatacara
Urutan pranatacara ing ngisor iki menawa ing adicara pasamuwan utawa pahargyan.
a.        Uluk salam/Salam Pambuka
Isine ngucapake salam marang para tamu minangka tandha sapa aruh lan pakurmatan. Kawiwitan tembung nuwun, kula nuwun, utawa salam liyane.
b.       Pamuji
Isine muji syukur lan panuwun marang Gusti kang Maha Agung supaya adicara kang ditindakake bisa lancar, ora ana alangan sawiji apa nganti sarampunge acara.
c.        Isi/Wigatining acara
Isine ngaturake  rantamaning adicara (susunan acara).
d.       Mbuka adicara/pasamuan/miwiti pasamuan.
Isine panyuwun donga  marang Gusti Kang Maha Kuwasa amarga adicara enggal kawiwitan lsp.
e.        Ngaturake tumapaking adicara saka  wiwitan nganti pungkasan.
Isine nglantarake kaleksanane acara siji mbaka siji  saka wiwitan nganti pungkasane acara.
f.         Panutup
Isine nyuwun pangapura menawa ana kaluputan lan kekurangane anggone nglantarake tumapaking adicara.

2.     Pranatacara ana ing acara kesripahan .
a.      Pranatacara bisaa ngetrepake swasana duhkita/susah, mula kudu bisa nengenake rasa, lagu lan solah bawa sing salaras karo swasana duhkita.
b.      Pranatacara kudu bisa gawe swasana khidmad utawa tidhem premanem lan tentrem, kang ngedohake swasana rame kepara malah padha geguyonan.
c.      Tembung-tembung utawa ukara kang digunakake  adoh saka pameksa sastra lan panyendhu.
d.      Pranatacara kudu bisa ngatur wektu aja nganti ngambra-ambra, ngandhar-andhar kang bisa ngurangi swasana khidmad kang pungkasane akeh sing nyaruwe.
e.      Pranatacara kudu mangerteni sapa wae sing bakal menehi atur pangandikan aja nganti akeh-akeh, kepara bisa diringkes. Tuladha urut-urutaning upacara ing kesripahan :
1)      Pambuka
2)      Pambagyaharja saka kulawarga
3)      Atur pambelasungkawa saha panglipur
4)      Atur pamitipun jenazah  lan Atur riwayat sngkat almarhum/almarhumah
5)      Donga
6)      Panutup

3.    Basanipun Pranatacara
Basa menika sarana saha wahananing panggraita (cipta, rasa, karsa). Basa ingkang prayogi inggih menika basa ingkang komunikatif. Basa ingkang komunikatif inggih menika basa ingkang gampil dipuntampi dening tiyang sanes. Basa ingkang rinengga, dakik, nanging boten saged dipuntampi dening tiyang sanes, boten saged dipunmangertosi tiyang sanes ateges basa menika boten komunikatif.
Basa ingkang sae menika ngengeti :
  1. Sinten ingkang gineman
  2. Sinten ingkang tumanggap wawan ginem
  3. Sinten utawi punapa ingkang dipunginem
  4. Kadospundi swasananipun (wekdal, papan, kawontenan)
  5. Adicara/acara  ingkang lumampah
Menawi wonten ing pranatacara basa dipunginakaken kedah trep ing swasana amargi wonten ing pranatacara wonten werni-werni swasana ingkang antawisipun ; wonten ing dhusun, wonten ing kitha, wonten ing pelayatan, pahargyan, parepatan, sarasehan, konferensi, seminar lsp. Pramila basanipun kedah trep kaliyan babagan kasebat, basanipun kedah trep pamilihing tembung, cetha dhapukaning ukara, runtut pangiketing basa, kalebet unggah-ungguh basa. Ejaan kedah leres ngugemi paramasastra.
( Kapethik saka Tuntunan kagem para pranatacara tuwin pamedar sabda, Dr. Rama Sudi Yatmana Januari 2005: kaca 12 mawa besutan)
Njupuk saka andharan ing dhuwur dadi basa sing digunakake pranatacara yaiku basa krama alus/inggil lan uga basa rinengga yaiku basa kang endah sing baku bener lan pener, bener manut tata basa, papan, keperluan  lan pener manut unggah-ungguh basa. Ana uga pranatacara sing migunakake Basa Jawa Kuna, iku mau oleh-oleh wae menawa bisa dimangerteni tegese dening wong liya kang ngrungokake, amarga eman lan muspra menawa basa iku ora bisa dimangerteni, tegese ora komunikatif. Basa sing digunakake saben dina iku luwih gampang dimangerteni lan basa kang wis umum digunakake. 
Tuladha basa sing digunakake saben dina lan basa pranatacara
No
Basa sing digunakake saben dina
Basa Pranatacara
1
dedonga
Manungku puja
2
diwiwiti
dipunpurwakani
3
ora ana alangan/kacilakan
nir ing sambekala
4
wis rampung, wis sumadya
samapta
5
dibarengi, sarta
sinartan
6
rerukunan
patembayatan
7
mbeber lajer , kelakone, lakune
babaring
8
tujuane
ancase
9
tata kramaning pasrawungan
subasita
10
Gunem, tembung, ujar, celathu
wacana
11
dirungokake guneme, omongane
tanggap
12
Swara, gunem, tetembungan
sabda
13
Ngetokake, ngandharake, ngomong
medhar



Tidak ada komentar:

Posting Komentar