Selasa, 20 Maret 2018

LATIHAN 3


PAKET
A
 
TES UJIAN SEKOLAH
TAHUN PELAJARAN 2017 / 2018
Mata Pelajaran                    :  Bahasa Jawa
Hari / Tanggal                     :  
Kelas                                    :  IX (Sembilan)
Jam                                      :  


Petunjuk Umum!
1.     Berdoalah terlebih dahulu
2.     Jumlah soal 50  bentuk pilihan ganda
3.     Bacalah soal dengan teliti laporkan pada pengawas bila ada kesalahan
4.     Tulis nomor ujian pada tempat yang tersedia.
5.     Kerjakan soal yang kau anggap mudah terlebih dahulu
6.     Kerjakan pada lembar jawab yang tersedia
7.     Kerjakan sendiri dengan percaya diri
8.     Bila sudah selesai teliti kembali sebelum dikumpulkan
9.     Selamat mengerjakan
Petunjuk Khusus !

  1. Kawangsulana kanthi milih wangsulan ing aksara a, b, c, utawi d ingkang leres !

Wacan kanggo nomor 1- 7
Anane globalisasi wis akeh pangaribawane tumrap bangsa Indonesia, kang uga ndadekake masalah tumrap kalanggengane kabudayan dhaerah. Bab iku wis nyata pengaruhe tumrap kabudayan Jawa. Masyarakat Jawa saya suwe saya luntur tresnane marang kabudayan Jawa. Kabudayan Jawa wis kadheseg karo kabudayan manca sing kanthi gampang lumebu ing wewengkon Indonesia mligine Jawa.
Teknologi, komunikasi,lan transportasi jaman saiki ngrembaka kanthi cepet,miturut pangandikane Roger Moore menawa teknologi iku saben 18 sasi ngalami owah-owahan kang saya apik (canggih). Contone kayata handphone, komputer, lan piranti elektronik  liyane, sedhela-sedhela metu merk utawa modhel anyar tur sangsaya apik. Pangrembakaning teknologi informasi lan komunikasi mau kang njalari owah gingsir kabudayan Jawa.

1.     Saka pawarta ing dhuwur kang kalebu What  kaya ing kacetha ngisor iki yaiku...
A.            Globalisasi akeh pangaribawane tumrap bangsa
B.            Teknologi iku saben 18 sasi ngalami owah-owahan
C.            Contone kaya handphone lan piranti elektronik liyane.
D.            Transportasi jaman saiki saya ngrembaka kanthi cepet

2.     Kang kalebu where saka pawarta ing dhuwur yaiku...
A.            Wewengkon Indonesia
B.            Indonesia mligine Jawa
C.            Kabudayan dhaerah
D.            Kabudayan Jawa

3.     Sing kalebu who saka wacan ing dhuwur yaiku...
A.            Masyarakat Indonesia
B.            Masyarakat Jawa
C.            Masyarakat
D.            Roger Moore

4.     Ukara ing ngisor iki endi kang kalebu opini?
A.     Miturut  Roger Moore, teknologi iku saben 18 sasi ngalami owah-owahan saya canggih.
B.    Teknologi, komunikasi,lan transportasi jaman saiki ngrembaka kanthi cepet.
C.    Masyarakat Jawa saya suwe saya luntur tresnane marang kabudayan Jawa
D.    Globalisasi akeh pangaribawane tumrap  kalanggengane kabudayan dhaerah.

5.     Ukara ing ngisor iki endi kang kalebu fakta?
A.    Miturut  Roger Moore, teknologi iku saben 18 sasi ngalami owah-owahan saya canggih.
B.    Globalisasi akeh pangaribawane tumrap  kalanggengane kabudayan dhaerah.
C.    Anane globalisasi wis akeh pangaribawane tumrap bangsa Indonesia.
D.    Sedhela-sedhela metu merk utawa modhel anyar tur sangsaya apik.

6.     Pamikiran lan gagasane wong sing ahli ing bidhang tartamtu kang ditulis diarani ....
A.    Kabar
B.    Opini
C.    Nyata
D.    Sastra

7.     Jinis ukara opini ana loro, yaiku ....
A.    Opini campuran lan umum
B.    Opini umum lan opini khusus
C.    Opini khusus dan opini campuran
D.    Opini sawijining wong lan opini umum


Wacan soal nomor 8
Basa kang dienggo ing dokumen-dokumen perbankan, hotel, papan-papan pituduh ing mall, bandara, papan wisata, lan sapanunggalane kabeh nganggo basa manca (Inggris). Malah syarat kanggo ndhaftar ngleboni pagawean uga kudu bisa basa Inggris aktif. Kabeh  mau njalari wong Jawa rumangsa ora kanggo anggone nyinau basa Jawa. Apa maneh wong tuwa wis ora ngulinakake basa Jawa marang putrane. Yen ngono apa suwe-suwe basa Jawa bakal mati.

8.     Ukara ing ngisor iki endi kang trep karo wacan ing dhuwur?
A.    Basa Jawa jaman saiki katon ngrembaka
B.    Generasi mudha jaman saiki padha nguri-uri basa Jawa.
C.    Akeh wong Jawa ora paham Basa Jawa.
D.     Kahanan basa Jawa saiki wis mati.
9.     Ature Duryudana, “Dhuh Kanjeng Rama, jejimat kula, pepundhen kula inggih sesembahan kula sakadang ing Ngarcapada. Tembung sakadang tegese...
A.            sasedulur
B.            sakancane
C.            sakmasyarakate
D.            saknegara lan bangsane
10.   Pandhudewanata  iku ngendi negarane ?
A.            Astina
B.            Kunthiboja
C.            Wanamarta
D.            Njonggring Saloka
11.   Sapa jenenge ibune para Pandawa iku ?
A.            Dewi kunthi lan Dewi Sembadra
B.            Dewi kunthi lan Dewi Madrim
C.            Dewi Madrim lan Dewi Ulupi
D.            Dewi Ulupi lan Dewi Gendari
12.   Pandawa marang Resi Bisma iku keprenah apa ?
A.            Pakcilik
B.            Pakdhe
C.            Ponakan
D.            Simbahe
13.   Kanggo samudana, Suyudana utusan abdine kang aran Purocana. Tegese tembung utusan yaiku...
A.            Kongkonan
B.            katindakake
C.            kalungakake
D.            kadhawuhan
14.   Ing ngisor iki urutane Pandawa saka sik tuwa yaiku...
A.            Sadewa,Janaka, Puntadewa, Nakula, Bima
B.            Arjuna, Puntadewa, Bima, Nakula, Sadewa,
C.            Puntadewa, Bima, Arjuna, Nakula, Sadewa
D.            Nakula, Bima, Puntadewa, Arjuna, Sadewa

Wacan kanggo soal no 15-22

PITUTURE MBAH PAWIRA

Dina Minggu wayah jam loro awan  panase sumelet. Mbah Pawira kondur saka sawah ngasta suket sak bongkok banjur diselehake ing kandhang sapine. Simpenan pakan anggone ngarit wingi awan dipakakake, dene suket asile ngarit dina iki disendhekake kanggo jagan pakan dina sesuk. Pamrihe supaya endhog cacing sing katut ana ing oyot suket bisa mati sahengga ora mbebayani tumrap sapine. Amarga mbah Pawira tliti lan gemati mula ora mokal menawa sapine sajodho katon lemu-lemu lan meh saben tahun bisa manak.
Wingi mbah Pawira nembe wae  adol pedhet payu rolas yuta. Dhuwite ditukokake kuningan kena kanggo jagan sawayah-wayah butuh ragad sing akeh. Mula senajan awake katon ireng, kuru, cilik, tur mbekisik nanging mbah Pawira badane sehat penggalihe ayem lan tentrem. Putrane telu wis padha mrenca. Ana sing dadi tentara, ana sing dadi guru lan ana sing dadi bidan.
Kasile putra-putrane mau ora uwal saka lelabuhane mbah Pawira sing tansah urip prasaja ora ngabur-abur bandha. Miturut pemanggihe mbah Pawira, wong urip iku kudu bisa ambeg adil paramarta. Menawa nembe karejeken ora banjur salin srengat mubra-mubru tanpa petung apa-apa dituku, tundhone ora duwe turahan. Menawa patrape urip kaya mengkono iku mesthi ing tembe mung rekasa akhire.
Metu saka kandhang mbah Pawira lenggah ing lincak karo kepet-kepet nganggo capile panjenengane rengeng-rengeng nembang macapat maskumambang mangkene, “Wong tan manut tuture wong tuwa ugi, pan nemu duraka, ing donya tumekeng akhir, tan wurung kasurang-surang.”
Anggone rengeng-rengeng mbah Pawira keprungu dening Harinta lan Wildan sing lagi padha nggarap tugas basa Jawa. Bocah loro pandeng-pandengan karo ngucap, “ Lo..., kok syaire kaya tembang maskumambang sing di paringake dening Bu Asti. Ning kok lagune ora padha? Ayo diparani mbok menawa awake dhewe bisa entuk pituduh.”
Bocah loro banjur mlaku mrepegi papane mbah Pawira sing lagi lenggahan ana ing lincake karo rengeng-rengeng.

Harinta 
:
“Kula nuwun Mbah, nyuwun pangapunten mbok bilih ndamel kejotipun Simbah.”
Mbah Pawira
:
“Ooo.., kene cah bagus, ana apa kok sajak wigati? Ora apa-apa aku ora kaget kok .”
Wildan
:
“Walah simbah niku, tiyang kula ireng lek kulite mbekisik kok di wastani bagus, ampun ngendika ngaten ta Mbah. Marahi isin kula.”
Mbah Pawira
:
“Oo menawa karo wong liya iku kudu ngajeni, senajan karo bocah cilik pisan ya kudu tetep ngajeni, iku lantarane kabul donga lan panuwun.”
Harinta
:
“Nanging rak inggih boten perlu ngendika cah bagus dhateng kula kekalih, cekap nyeluk le ngoten rak sampun cekap.”
Mbah Pawira
:
“Aku nyebut kowe sakloron mangkono iku uga mengku pangajab, supaya kowe tansah bagus sakabehane,ya tumindake, ya rejekine, ya kabegjane.”
Harinta
lan Wildan
:
“Ooo.., mekaten ta Mbah, wah menawi mekaten kula matur nuwun sanget, mugi-mugi puji donganipun simbah saestu saget dados kasunyatan”
Mbah Pawira
:
‘Ya-ya-ya. Banjur ana perlu apa kok kadingaren kowe padha dolan mrene?”
Wildan
:
“Mekaten lo Mbah, niki wau kula kalih Harinta nembe kemawon nggarap tugas Basa Jawi. Kula kekalih dipun dhawuhi supados njlentrehaken isinipun tembang maskumambang dening Bu Asti. Eee..., kok niki wau kula mireng panjenengan rengeng-rengeng. Syaire kados tembang ingkang dipun paringkaken bu guru, nanging lagunipun benten.”
Mbah Pawira
:
“Tak kandhani ya cah bagus, yen ing tembang macapat iku sing dikarepake syair, iku jenenge cakepan, dene yen ing basa Indonesia diarani lagu, iku menawa ing tembang Jawa diarani laras.”
Harinta
lan Wildan
:
“O.., mekaten ta Mbah, lah niki wau simbah anggenipun nembang mawi laras menapa kok benten kaliahan ingkang dipun paringaken bu Asti.”
Mbah Pawira
:
“Sing tak tembangake iki mau jenenge maskumambang layu. Mbok menawa sing diparingake ibu gurumu maskumambang liyane. Marga miturut larase tembang maskumambang iku werna-werna. Ana maskumambang buminata, ana maskumambang layu, maskumambang kembang tiba, maskumambang malatsih, maskumambang rencasih, maskumambang limaran, maskumambang dhadhapan, maskumambang natakusuman lan isih ana liyane simbah ora pati apal
Harinta
:
“Lah estunipun tembang macapat menika menapa kemawon  kok ngendikanipun bu Asti wonten sewelas?”
Mbah Pawira
:
“Lo apa nalika ana ing SD kowe durung tau dituturi bapak utawa ibu gurumu?”
Harinta

:
“Dereng Mbah, wong anggen kula sekolah SD rumiyin rak wonten Jakarta. Dene Wildan menika saking Bandung.
Mbah Pawira
:
“O ya. Yen mengkono dak wenehi cara kanggo ngeling-eling wernane tembang macapat. Yaiku kanthi ngetrapake laku uripe manungsa.”
Wildan
:
“Laku uripe manungsa, kados pundi menika Mbah?”
Mbah Pawira
:
“Laku uripe manungsa iku diwiwiti nalika bayi lahir digambarake mijil. Mangsa nalika isih bocah isih perlu di tuntun ing bab ala becik dening wong tuwane tembange kinanthi. Banjur nalika bocah wis ngancik dewasa wis bisa mbedakake ala lan becik dilambangake sinom, mengko yen wis wiwit duwe rasa seneng antarane wanita lan priya tembange asmaradana.
Wong sing ketaman asmara iku anane mung seneng rasane manis kaya manise gula, mula tembange sing pas dhandhanggula.
Anane rasa asmara iku ora cukup diumbar ngono wae, nanging kudu ana pitakonan marang tujuane urip. Pitakon iku dasanamane tambuh. Saka tambuh banjur tembange diarani gambuh.
Yen wis ngerti marang tujuane banjur sengkud yambut gawe dilambangake tembang durma. Asile nyambut gawe dicelengi kanggo tuku emas saengga tembange maskumambang.
Nanging yen duwe bandha akeh uga kudu eling marang akhirat,  ngungkurake kadonyan pralambang tembange pangkur sahengga menawa mati utawa megatruh, banjur dibuntel mori utawa pocung.
Harinta
:
“Wadhuh..., jebul tembang macapat punika mengku makna ingkang lebet nggih Mbah.”
Mbah Pawira
:
“ Lah iya nanging iku mau mung salah sijine cara kanggo ngeling-eling. Bok menawa ana panemu liya sing urutane ora padha, iku ora apa-apa. Sing penting bisa kanggo srana kanggo ngeling-eling wernane tembang macapat.
Wildan
:
“Lah kenging menapa kok tembang cacah sewelas wau dipun wastani tembang macapat?”
Mbah Pawira
:
“Ana saweneh panemu sing ngandharake jare tembang macapat iku amarga anggone maca sarana dipedhot papat-papat. Tegese anggone ngucapake saben patang wanda mandheg. Nanging ana uga kang nyaritakake yen tembang macapat iku uga diarani tembang cilik, amarga isih ana tembang tengahan lan tembang gedhe. Nah bab tembang gedhe lan tembang tengahan iku becike kok suwunake priksa marang gurumu wae. Iki simbah wis asat kringete. Aku dak adus mengko mundhak ngambon-amboni.
Harinta
lan Wildan
:
“Wah.., matur nuwun sanget Mbah kula sampun dipun paringi pitutur ingkang wigatos tur migunani. Inggih menawi simbah badhe siram kepareng kula kekalih nyuwun pamit.”
Mbah Pawira
:
“ Ya..,wis kana sing ngati-ati muga-muga kowe dadi bocah sing pinter lan migunani.”
Harinta
lan Wildan
:
“Nggih Mbah, sampun matur nuwun.”


15.   Miturut wacan ing dhuwur dina Minggu wayah jam loro awan mbah Pawira saka ngendi ?
A.   Kondur saka kantor
B.  Kondur saka sawah
C.  Saka pasar
D.  Saka dolan

16.   Apa sing ditindakake dening mbah Pawira sabubare metu saka kandhang?
A.  saka sawah banjur kepet-kepet nganggo capinge
B.  saka sawah banjur lenggah leyeh-leyeh ing lincak.
C. saka sawah banjur rengeng-rengeng nembang dhandhanggula.
D. kondur saka sawah ngasta suket sak bongkok banjur diselehake ing kandhang sapine.

17.   Kepiye mbah Pawira anggone ngupakara sapine nganti katon lemu-lemu lan meh saben tahun bisa manak?....
A.  sapine dipakani polar lan suket ijoan
B.  sapine dipakani terus ngetung ora  wektu
C.  sapine tansah diguyang lan kandhange diresiki.
D.   mbah Pawira tliti lan gemati anggone ngrumat sapine.

18.   Sanajan wong tani ananging Mbah Pawira iku putrane sukses kiyambake kagungan putra pira lan kepiye kahanane?
A.  Putrane telu dadi guru, tentara lan bidan
B.  Putane telu dadi guru, dokter lan tentara
C.  Putrane telu dadi polisi, guru lan tentara
D.  Putrane telu dadi guru, polisi lan dokter

19.   Apa sing dadi paugeran uripe mbah Pawira?
A.  Wong urip iku ora perlu numpuk bandha
B.  Wong urip iku kudu bisa ngunthet bandha
C.  Wong urip iku kudu golek bandha sing akeh
D.  Wong urip iku kudu bisa ambeg adil paramarta  

20.   Budi Pekerti saka wacan ing dhuwur yaiku ....
A.  Kudu bisa ngatur anggone nggunakake dhuwit
B.  Seneng-seneng blanja werna-werna.
C.  Mumpung duwe duwit akeh blanja
D.  Ora perlu mikir nabung.

21.   Menawa nembe karejeken ora banjur salin srengat mubra-mubru tanpa petung apa-apa dituku, tundhone ora duwe turahan akhire bakal urip kepiye ?
A.              mulya
B.              Kepenak
C.              Nyenengake
D.              Rekasa uripe

22.   Mbah Pawira lenggah ing lincak karo kepet-kepet nganggo capile panjenengane rengeng-rengeng nembang …
A.  mijil
B.  kinanthi
C.  maskumambang
D.  dhandhanggula

23.   Larik utawa baris ing tembang macapat diarani....
A.  Guru wilangan.
B.  Guru lagu.
C.  Guru gatra.
D.  Guru pada

24.   Guru lagu guru wilangan tembang maskumambang yaiku ...
A.  12i, 6a, 8i, 12a
B.  12a, 6a, 8i, 12a
C.  12i, 6a, 8a, 12a
D.  12a, 6e, 8i, 12a


Wacan kanggo soal nomer 25-26
Pramilane rama ibu den bekteni, 
Kinarya lantaran,
Anane badan puniki,
Wineruhken padhang hawa
Uripira pinter samubarang kardi,
Saking ibu rama
Ing batin saking Hyang Widi
Mulane wajib bektia.
Wong duraka ing guru abot sayekti,
mila den prayitna,
minta sih ing siyang ratri,
ywa nganti suda sihira.
 Pakubuwana IV


25.   Miturut Tembang ing nginggil menapa sebabipun putra kedah bekti dhumateng bapak lan ibunipun?
A.  Awit bapak ibu sampun dados lantaran lahiripun putra
B.  Awit bapak ibu sampun nggulawenthah dhateng putra
C.  Awit bapak ibu sampun nyekapi kabetahanipun putra
D.  Awit bapak ibu sampun ngragadi dhateng putra

26.    Bekti lan ngajeni marang guru iku diwedharake ing tembang dhuwur gatra kaping....
A.    siji
B.    lima
C.    sanga.
D.    sepuluh .

27.   Ing donya tumekeng akhir,
Ukara mau yen katulis Jawa dadine...
A.    ?ai=[fovtu[m[k=ak + i/.
B.    ?ai=[fovtumekai=ak+ i/.
C.   ?ai=[fovtume[k=ak+ i/.
D.  ?ai=[fonYtumeke=ak+ i/.


28. ?p]bufu/yufnrjai=AsTinpurput][n p]buf}sTrt l[nFwi genFri.
Tulisan Jawa kasebut menawa diwaca unine ....
A.      Prabu Duryudana raja Astinapura putrane Prabu Drestarata lan Dewi Gendari.
B.      Prabu Duryudana raja Ngastina putrane Prabu Drestarata lan Dewi Gendari.
C.      Prabu Duryudana raja Astinapura putrane Drestarata lan Dewi Gendari.
D.      Prabu Duryudana raja Astinapura putrane Drestarata lan Dewi Gendari.

29.  ?p]bufu/yufnrjai=AsTinpurput][n p]buf}sTrt l[nFwi genFri. ptih s_kuni atu/ pm][yog  kepi][ y cr[n numPes P r pnDw. k[bh[aoran k=ksil\,
Tulisan Jawa kasebut menawa diwaca unine ....
A.      Prabu Duryudana raja Ngastinapura putrane Prabu Drestarata lan Dewi Gendari. Patih sengkuni atur pamrayoga kepriye carane numpes para Pandhawa. kabeh ora ana kang kasil.
B.      Prabu Duryudana raja Astinapura putrane Prabu Drestarata lan Dewi Gendari. Patih sengkuni atur pamrayoga kepriye carane numpes para Pandhawa. kabeh ora ana kang kasil.
C.      Prabu Duryudana raja Ngastinapura putrane Prabu Drestarata karo Dewi Gendari. Patih sengkuni atur pamrayoga kepriye carane numpes para Pandhawa. Kabeh ora ana kang kasil.
D.      Prabu Duryudana raja Astinapura putrane Prabu Drestarata lan Dewi Gendari. Patih sengkuni atur pamrayoga kepriye carane numpes para Pandhawa. Kabeh bakal ana kang kasil.
    30. ?j+ktHikuwisiFby/k[bh.
Tulisan Jawa iki wacane ….
A.  Jakat iku  dibayar kabeh.
B.  Zakat iku dibayar kabeh.
C. Zakat iku dibayar akeh.
D. Zakat iku wis dibayar kabeh.

31. ?@itb\AlKu/AnLgifiwc.
Wacane ukara ing dhuwur yaiku...
A.  Kitab Alquran lagi diwaca
B.  Kitab Alquran lagi diwacakke
C. Kitab Alquran iku kitab suci
D. Kitab Alquran lagi diwaca bareng


32.?O/gnissi @r=#run..
   Ukara ing dhuwur wacane yaiku .…
A.       Oktober  akeh udan
B.       Organisasi Karang Taruna
C.       Organisasi Karang Tumaritis
D.       Oktober akeh udan lan angin
33.Gunung Merbabu.
Ukara mau yen ditulis Jawa dadine…
A.        ?&unuz\merBbu,
B.         ?&unu=me/bbu,
C.         ?&u!u==mebbu,
D.        ?gu!u=me/bbu,

34.  Pranata adicara ugi saged kasebat MC. Dene ingkang dipunwastani MC menika cekakan saking tembung ...
A.      Master of creative
B.      Master of ceremony
C.      Magister of creative 
D.      Magister of ceremony

35.  Assalamualaikum Wr.Wb
Ingkang kinurmatan bapak kepala sekolah,bapak wakil kepala sekolah,bapak ibu guru,staf ugi karyawan sekolah saha kanca-kanca SMPN Sembada ingkang lenggah wonten ing panggenan menika kanthi leganing manah saha raos bingah. Ingkang sapisan sumangga kita ngaturaken puji syukur kagem Gusti Allah ingkang maha kuwaos, ingkang sampun maringi  kita sedaya awujud kasarasan sahengga kita saged kempal manunggal ing SMP ingkang kita tresnani menika wonten ing salebetipun acara  tanggap warsa sekolah ingkang kaping 27.
Unen-unen kasebut diucapake dening pamedhar sabda nalika :
A.              pambuka acara
B.              arep sumene acara
C.              ing tengah –tengah acara
D.              wis rampung acara
Kanggo soal nomer 36,
Putri     : ”Walah godhong murbei dipangan lawa, Jare arep menehi ora sida.”
Nisa     : ” permen-permen chiki  chiki, biyen-biyen saiki-saiki.”
Eka      :” We lah, ana jaran munggah prau, wong dolanan malah padu.”.
.....................................................................................................
36.   Pacelathon antarane Putri, Nisa lan Eka  iku migunakake ...
A.      parikan
B.      cangkriman
C.      paribasan
D.      bebasan

37.  Tuku kupat janure tuwa,
Menawi  lepat nyuwun pangapura.
 
  Miturut isine parikan mau nelakake....
A.  pitutur
B.  pitakon
C.  pangolok-olok
D.  ngrumangsani  kleru

38.    Yen nyambut gawe turu,nanging yen ora nyambut gawe malah ngadeg. Batangane cangkriman mau yaiku ….
A.       satpam bank
B.        palang sepur
C.        polisi tidur
D.       kreteg

Wacan kanggo pitakon nomer 39
Bapak pocung,dudu watu dudu gunung ,
Dawa kaya ula,
Mencoke ing semen garing
Sapa nyekel bakale entuk bebaya

39.   Wangsulane  cangkriman ing tembang mau yaiku ….
A.    Korek jres
B.    Montor mabur
C.   Kabel listrik
D.   Lampu listrik
40.     “Mbah, nuwun sewu  kula ngrumiyini nggih”. Iku ature lan tatakramane menawa ….
A.      liwat ing ngarepe wong tuwa sing lagi lenggahan
B.      mlaku ing dalan arep nglancangi
C.      arep pamit mulih
D.      arep sowan simbah

41.   “Pakdhe, nuwun sewu  ndherek langkung ngggih”. Iku ature lan tatakramane menawa ….
A.         liwat ing ngarepe wong tuwa sing lagi lenggahan
B.         mlaku ing dalan arep nglancangi
C.         arep pamit mulih
D.         arep sowan simbah

42.  Saben papan, wektu, wong padha nindakake tatakrama. Mung wae kudu eling saben panggonan siji lan sijine, ora padha cak-cakane. Kabeh mau trep karo unen-unen….
A.     Desa mawa cara negara mawa tata,
B.     Sepi ing pamrih rame ing gawe
C.     Jer basuki mawa bea
D.     Becik ketitik ala ketara

43.       Menawi  wonten ing bis, sacelak panjenengan lenggah wonten ibu-ibu ingkang nggendhong putranipun kaliyan ngadeg . Prayoginipun   ….
A.    Ethok -ethok  boten ngertos
B.    Papan palenggahan dipuncaosaken ibu-ibu
C.    Matur kaliyan kernetipun supados madosaken lenggahan
D.    Tetep lenggah amargi taksih tebih anggenipun badhe mandhap

wacan kanggo soal 44
gundhul Pacul
gundhul-gundhul pacul cul gembelengan
nyunggi-nyunggi wakul kul gelelengan
wakul ngglimpang segane dadi sak latar
wakul ngglimpang segane dadi sak latar

44.   Piwulang kang bisa dipethik saka tembang kasebut yaiku ….
A.      wong sing nggelengan nanging bisa nyunggi wakul kanthi slamet
B.      wong sing ora bisa anteng senajan nyunggi wakul
C.      wong sing gembelengan bakale nemu begja
D.      wong sing seneng sembrana bakale cilaka
 Wacan kanggo pitakon no 45-47

GOTONG ROYONG
Dina  minggu wayahe gagat rahina
warga saiyeg saeka kapti reresik desa
nggayuh   karaharjaning  warga
bersih lingkungan kanthi legawa

Gotong royong maju bareng
nyingkirake lingkungan lan pepeteng
supaya tangsah seneng lan regeng
asile  endah kadeleng

Kanggo kasarasaning warga
gotong royong becik  dijaga
amrih  desa tetep tumata
masyarakat urip makmur lan  reja

45.      Geguritan kanthi irah-irahan Gotong Royong  menika nyariosaken ….
A.    Kabar  becik ing dina Minggu  esuk
B.    Gotong royong mumpung kathah tiyang
C.    Kahanan  nalika gotong royong ngresiki dhusun
D.    Nalika gagat rahína para warga ngrembung gotong royong

46.    Sesanti ingkang maknanipun treb kaliyan   tiyang  nindakaken  gotong royong  inggih menika….
A.    Nilar tata krama
B.    Sepi ing pamrih
C.    Rame ing pamrih
D.    Sepi ing gawe

47.   Wahyu nalika maca geguritan nganti nangis.  Eluhe dleweran kagawa sedih isine geguritan.
        Mengkono  kuwi tegese Windy bisa ngecakake ….
A.    wirama
B.     wiraga
C.     wicara
D.     wirasa

 Wacan kanggo nomer  48 50

...................................................................................................................................
Pitung  dina maneh karya wisata ing Jakarta, ananging Fahri durung diwenehi dhuwit karo simboke. “Mbok, kapan simbok arep menehi dhuwit aku?” kancaku wis padha bayar kabeh lho mbok”  celathune Fahri marang simboke.  “Mengko ya le, simbok durung oleh dhuwit seka Bu Rini. Anggonku  buruh ngumbahi ing perumahan durung genep sesasi.” Wangsulane  simboke.
Dina candhake nalika ngaso, Fahri ora metu saka kelas. Kang ana ing pikirane mung mikir kepriye carane cepet entuk dhuwit kanggo bayar karya wisata. Ananging pikiran kuwi ilang bablas nalika Aldi kanca akrabe nabok pundake. “ngaget-ngageti wae kowe, Di” karo mecucu Fahri celathu. “Lho sorry ya Ri, salahe kowe ngalamun, ora apik esuk-esuk kok wis ngalamun mengko kerasukan lho, hehehe....” semaure Aldi. Aldi banjur mlayu amarga ndelok rupane Fahri kang wus abang mbranang, pratandha yen lagi nesu.

48.  Watake Fahri  manut pethikan cerkak ing dhuwur yaiku ....
A.     trima dadi wong kekurangan
B.     seneng  marang wong kekurangan
C.     sabar senajan uripe kekurangan, nanging yen disembranani nesu
D.     ngrasaake  ora kepenak dadi wong kekurangan, mula banjur mbudidaya ngewangi simboke golek dhuwit

49.  Latar papan ing pethikan mau yaiku ....
A.     ana ing omahe Fahri
B.     ana ing omahe Aldi
C.     ana ing omahe Fahri lan ing kelas
D.     ana ing kelas

50.  Latar wektu kang digambarake ing pethikan cerkak mau yaiku ....
A.     bengi
B.     esuk
C.     awan
D.     sore





**************************** Sugeng Makarya **************************



1 komentar:

  1. kunci jawabannya mana? gemana bisa untuk tau benar salah jawaban dr latihanny?

    BalasHapus